Adicara kang mralambangake antarane anak lan mantu kuwi padha yaiku


Upacara Penganten Adat Jawa

       Upacara penganten adat jawa iku sawijine Upacara sakral adat jawa kang duwe urut-urutaning upacara lan tata cara kang wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangake pertemuan antarane penganten putri lan penganten kakung ing swasana kang mligi lan di lambangake dadi pasangan raja lan ratu.

       Rangkeyan inti upacara umume diselenggarakake ing daleme penganten putri, kang dadi penyelenggaraan utawa tuwan omah yaiku wong tuwa utawa kulawarga penganten putri. Nanging, tetep dibiyantu kulawarga penganten kakung. Rangkeyan upacara pengantenan adat jawa iku seje – seje miturut dhaerah uga diselenggarakake salaras kahanan ekonomi sosial kaluwargane.

Rerangkening upacara pengantenan nglimput 16 Upacara, Yaiku :

1.         LAMARAN

Upacara lamaran yaiku upacara kanggo nrima kulawarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tandha menawa wong tuwa utawa kaluwarga manten putri sarujuk yen putrine di dadekake pasangan kaleh manten kakung. Ing acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nentokake dino utawa tanggal penyelenggaraane rerangkeyan upacara liyane.

2.         SIRAMAN

Acara Siraman yaiku upacara kang sejtine dadi pralambang kanggo ngresekake jiwane calon penganten. Upacara iki diselenggarakake sedina sadurunge ijab kabul lan dilakokake ing omah masing – masing calon manten.

3.         MIDODARENI

Tembung Midodareni asale saka basa jawa yaiku Widodara utawa Bidadari ing basa Indonesia. Oleh menika Midodareni yaiku upacara kang ngandhung makna menawa bengi sadurunge acara pengantenan iku, kabeh widodari mudhun saka suwarga aweh pangestu uga penganten putri bakal dadi ayu kaya widodari. Ing acara iki penganten putri ora oleh metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sadulur – sadulure putrine.

4.         SRAH – SRAHAN

Srah-srahan iku diarani  uga “asok tukon” yaiku pehak kakung nyerahkake ubarampe lan beaya kang bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan.

5.         IJAB KABUL

Ijab Kabul yaiku sawijine rerangkening pengantenan kang nuduhake menawa penganten kakung kuwi ngucapkake janji ing ngendi kuwi didelok karo wong akeh kanggo saksi menawa nikahipun sampun sah.

6.         UPACARA PANGGIH

Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan dilehkake ing prapatan cedhak omah kang tujuwane kanggo gusir roh jahat. Upacara Panggih dhewe yaiku tetemune penganten putri lan penganten kakung saperlu nerusakake upacara balng suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar kucur, dhahar klimah, mertui, lan sungkeman.

7.         UPACARA BALANG SURUH

Upacara balang suruh yaiuku upacara kang dadi pralambangan sih katresanan lan kasetiaan ing antarane penganten kakung lan putri.

8.         UPACARA WIJI DADI

Upacara Wiji Dadi yaiku uapacara mingangka penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikile penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki uga dadi pralambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mrig kulawarga.

9.         PUPUK

Upacara Pupuk yaiku upacara dene ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung lan menehi ngombe minangka tandha eklas nampa dadi bageane kulawarga.

10.     SINDURAN

Upacara Sinduran yaiku Lumampah alon-alon penganten kakung lan penganten putri kanthi nyampirake kain sindur kang ditarik kalih bapake penganten putri minangka tandha penganten sakloro wis di tinampa dadi kulawarga.

11.     TIMBANG

Upacara Timbang yaiku minangka penganten kakung lan putri lungguh ing pangkone bapake penganten putri kang dadi pralambangan sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantune saha besan.

12.     KACAR-KUCUR

Kacar-kucur yaiku Upacara kang migunakake awujud dhuwit receh, beras, lan ubarampe liyane kang dikucurake ana pangkone penganten putri minangka pralambang aweh nafkah.

13.     DHAHAR KLIMAH

Dhahar Klimah yaiku upacara kang dilakoni kanti cara penganten kakung lan penganten putri dhahar dulang dulangan minangka kang dadi pralambang penganten kakung lan putri bisa urip seneng lan susah kanthi bebarengan.

14.     SUNGKEMAN

Sungkeman yaiku Penganten kakung lan penganten putri sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

15.     MERTUI

Mertui yaiku upacara kang dilakoni kanthi cara wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak ing acara resepsi.

16.     KENDUREN/RESEPSI

Keduren utawa resepsi yaiku puncake acara pengantenan kang duweni makna upacara slametan, slamet amarga acarane inti ijab kabul wis sampun diselenggarakake, lan biyasane ing acara iki pasangan penganten nrima ucapan slamet saka kerabat, kanca, uaga kabeh sing hadir ing acara pengantenan.

Kembali ke Upacara Penganten Part 1

Video yang berhubungan

Bài mới nhất

Chủ Đề