Asil utawa orane pakaryan kang dilakoni bebarengan ing sajerone klompok tontonan gumantung marang

Please wait until the download start.

DOWNLOAD PDF BY VIEWER

30 seconds download finish.

This is a non-benefit site to share the information. To keep up this site, we need your assistance.
A little gift will help us alot.

Asil utawa orane pakaryan kang dilakoni bebarengan ing sajerone klompok tontonan gumantung marang
DOWNLOAD PDF (Mirror Link)

Formats for download

DOWNLOAD WORD DOWNLOAD POWERPOINT

SANDHIWARA TRADHISIONALA. Tontonan Ludruk1. Asal Usul Ludruk. Ludruk mujudake kesenian khas JawaTimur, sawijining teater rakyat kang ngrembakasaka kesenian dalanan utawa mbarang (ngamen).Cikal bakal ludruk yaiku kesenian lerok. Nalikatahun 1907, Pak Santik, Pak Pono, lan Pak Amir,mbarang ngamen saka desa-ngadesa ing tlatahJombang, kanthi nembang lan diiringi tetabuhankang prasaja. Pak Pono, paes saemper wongwadon, wedhakan mbelog-mbelog lan pasuryanedioret-oret supaya katon lucu. Mula penontonbanjur ngarani ”wong lorek”. Tembung wong Besut versi 2010lorek wusanane owah dadi ”lerok”. Sumber foto: Sawise lerok muncul besutan, kang riskycandraa.blogspot.dipandhegani dening Bapak Suma. Pagelaranbesutan diwiwiti kanthi tokoh Besut kang nganggo jubah putih lan kethu/peci abangkhas Arab, ngunandika (monolog) lan nembang, banjur nimbali pamane kangasmane Jamino. Pawongan sakloron banjur nembang kanthi saut-sautan languneman (antawacana/dhialog) kang isine penerangan, panyaruwe (kritik), lanhiburan. Besut nduweni garwa, asmane Rusmini (diparagani wong lanang kangmacak/paes wadon).Awit owah gingsiring zaman, besutan mekar dadi ludruk bandhan lanpungkasane digelar ing panggung kanthi sebutan sandhiwara ludruk kang nduwenipakem (paugeran/ tata aturan) kaya saiki.2. Struktur Tontonan Ludruk Miturut pakeme (struktur baku), tontonan ludruk kabukak kanthi tari remo.Ujaring kandha, amarga sajrone nglakoni kuwajibane, sirahe penari remo tansahgela-gelo lan sikile tansah gedrak-gedruk, mula tononan iki kasebut ludruk(cekakan saking gela-gelo lan gedrak-gedruk). Tari remo nggambarake siagane parapahlawan kang lagi nglawan para penjajah. Sabubare tari remo, banjur kasusul bedhayan. Yaiku sajian tembang-tembangkang diaturake dening para travesty (wong lanang kang dipaesi wadon) minangkaatur pambagya. Sajian katelu arupa dhagelan, yaiku adegan lawak kang diwiwiti kanthinembangake parikan kang kaprah kasebut kidungan jula-juli. Sejarahe ludruk orabisa diuwalake saka sejarah perjuangane bangsa Indonesia. Awit rikala zamankolonial Walanda lan Jepang (Nipon), ludruk dadi medhia penyalur kritik sosial(sarana propagandha nglawan penjajah). Buktine salah sawijining tokoh ludrukyaiku Cak Durasim, mati ditembak dening Jepang (Nipon), awit saka kidungane90 Sastri Basa /Kelas 12“Pagupon omahe dara, melok Nipon tambah sengsara”. Mula, kanggo ngelingilelabuhane, asma Cak Durasim katetepakeminangka jenenge gedhung kesenian ing Surabaya. Dene intine crita mujudake sajian kang kapingpapat (sajian pungkasan). Crita ludruk akeh-akehenggambarake kahanane kawula cilik (masyarakatsentries). Crita ludruk kang kaloka, yaiku: BrandhalLokajaya, Sogol Pendekar Sumur Gemuling, SaripTambakyasa, Jaka Sambang, Sakerah, lan liya-liyane. Luwih cethane, struktur tontonan ludruk Tari remo dadi icon Jawa Timurkagambarake ing ngisor iki! Sumber Foto: ayukitamenari.blogspot.STRUKTUR TONTONAN LUDRUK TARI REMO BEDHAYAN DHAGELAN CRITA INTIB. Tontonan Kethoprak1. Asal Usul KethoprakSawise panen, para among taniing karang padesan kang kepenginsuka parisuka lan gegojegan ingwayah padhang bulan anggone nutupari (menumbuk padi) digawewirama. Ketemune alu (alatpenumbuk padi) mungsuh lesung(tempat/wadah menumbuk padi)nuwuhake irama kang kepenak Para mudha kang bakal ngrembakakakedirungokake. Suwe-suwe, ditambahi kethoprak. Sumber foto :kendhang lan suling kang nambahi penyanggabudaya.blogspot.comendahe swara. Banjur ditambahi beksan lan crita kanggo ngetokake uneg-uneg lanpangrasa. B.Sastri Basa /Kelas 12 91Kethoprak wiwit kagelar kanthi jangkep minangka tontonan kang ditanggap (profesional) wiwit tahun 1909. Nalika semana diwiwiti dening sanggar kethoprak Wreksatama pimpinan Ki Wisangkara, kanthi sakabehe paragane wong lanang. Crita kang kagelar, yaiku: Warsa-warsi, Kendana-kendini, Darma-darmi, lan liya-liyane. Sawise iku, pagelaran kethoprak tansaya ngrembaka, apik, lan dadi klangenane bebrayan Jawa. Wong Jawa kang nduweni kajat mantu utawa nyunatake putrane durung rumangsa marem menawa durung nanggap kethoprak. Kethoprak tobong, yaiku kethoprak sing manggung kanthi pindhah-pindhah panggonan bisa diprangguli ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Timur. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran lumantar karcis/tiket. Tumrap para pamaraga (pemain) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi pegawean tetep. Teknik pagelaran digawe luwih apik lan disengkuyung kanthi tata rias, tata panggung, lan sound system kang modern. Critane uga luwih maneka warna kapethik saka crita rakyat, dongeng, babad, legendha, sejarah, lan adhaptasi saka nagara manca (tuladhanipun karya Shakespeare: Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay). Kang dadi ciri wancine kethoprak, yaiku: para pamaraga/pemain kudu bisa nembang, jalaran meh sakabehe suwasana ana tembange. Sedhih, seneng, sengsem, srengen sekabehane kalairake kanthi nembang. Mlebu-metune para pamaraga diiringi gamelan lan ditintingi (komandho) nganggo swarane keprak, kang dithuthuk sutradara. Miturut etimologi, saka swarane kethuk lan keprak, mula tontonan iki diarani kethoprak.2. Struktur Tontonan Kethoprak Pagelaran tontonan kethoprak kawiwiti kanthi gendhing lan lelagon pangayubagya, dening para wiyaga (penabuh gamelan) dan sindhen (penyanyi). Sabanjure, isih kanthi kairingi gendhing, pambiwara maca cengkorongan crita lan nepungake para pamaraga kang arep nyuguhake tontonan. Kasusul beksan gamyong, yaiku beksan kang katujokake kanggo mangayubagya (nyambut) para penonton. Pasugatan kang nomer loro, yaiku intine crita. Umume crita ing kethoprak nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka: 1) Jejer, yaiku perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, suwasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure. Adegan jejer, biasane mapan ing pendhapa kraton utawa kadhipaten. 2) Pasulayan, yaiku dumadine prakara kang kudu diadhepi dening para tokoh/ paraga. Adegan pasulayan, bisaane mapan ing taman sari, kasatriyan, padhepokan, utawa karang padesan. 3) Dhagelan, yaiku selingan guyonan, jejogedan, lan tetembangan sing ditindakake para emban lan abdi kanggo nglipur bendarane kang nandhang prakara. 4) Perang, yaiku puncake pasulayan antarane tokoh protagonis lan antagonis. Adegan perang biasane mapan ing alun-alun utawa pinggir kali utawa alas. 5) Wasana, yaiku pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah. Biasane tokoh protagonis (watak becik) menang, lan tokoh antagonis (watak jahat) kalah. 92 Sastri Basa /Kelas 12Penari gambyong ngaturake sugeng rawuh marang para pamiarsa Sumber foto: gudangtari.blogspot.comLuwih cethane, struktur tontonan kethoprak kagambarake ing ngisor iki!Pasinaon 1 : Modhel Teks Pinilih Teks Sandhiwara Ludruk Sajrone pasinaon iki para siswa bakal kaajak tepungan lan mahami tekssandhiwara ludruk. Kanggo mahami teks sandhiwara ludruk iku, para siswa bakalnggarap maneka warna ayahan. Garapan 1 magepokan karo maca teks sandhiwaraludruk, garapan 2 gegandhengan karo ngonceki panganggone basa sakjerone tekssandhiwara ludruk.Sastri Basa /Kelas 12 93Garapan 1: Maca lan Mangsuli Pitakonan Teks Sandhiwara Ludruk Sajrone garapan 1, para siswa bakal sinau babagan teks sandhiwara ludruk.Kanggo sarana sinau, para siswa kaajak mbedhah teks sandhiwara ludruk kanthi irah-irahan “Pohon Keramat”. Para pemain ludruk profesional, bisaane tampil tanpa naskah. Tata laksana(pengelolaan) tontonan kaatur kanthi longgar lan spontan. Kurang luwih sakjamsadurunge tampil, sutradara ngumpulake para pamaraga sing ana, banjurnjlentrehake cerita sing arep ditampilake. Sabanjure, sutradhara netepake casting(milih pamaraga/aktor/aktris) lan menehi andharan bab acting lan antawacana singkudu dimainake pamaraga kasebut. Beda maneh yen ludruk amatir (kasebut amatir, jalaran para pendhukunge oraandadekake ludruk minangka sumber pengasilan), amarga bisaane pendhukungeludruk durung kulina main, mula anggone tampil isih perlu katuntun naskah minangkapaugeran pagelaran tontonan ludruk. Salah siji tuladhane yaiku ludruk Marsudi Larasing Surabaya, ludruk kang anggotane para pelajar, mahasiswa lan intelektual mudhaiki sanajan asipat amatir lan katuntun naskah, ananging anggone tampil ora kalahapik karo ludruk profesional. Apamaneh, ludruk amatir bisaane malah kasengkuyungdening tata pentas sandhiwara modern. Saiki para siswa kaajak tetepungan karo salah siji naskah sandhiwara ludrukkanthi irah-irahan “Pohon Keramat” ing ngisor iki. Wacanen kanthi setiti! “POHON KRAMAT” (Kaanggit Dening : Agung Kasas)INTRODUKSISWARANE TEMBOK RUNTUH KENA GUSURAN PATING GEMLEGAR. PARA DHEMITMLAYU BENGOK-BENGOK NJALUK TULUNG.IBU WALIKOTA NIMBALI ASISTENNE KANGGO MRIKSA ASIL PAKARYANEBU WALI : Toya... toya...ASISTEN : Inggih bu...BU WALI : Yo’ apa, apa omah-omahASISTEN sing ngganggu proyek pemerintah iku, wis konBU WALI beresi kabeh?ASISTEN : Sampun beres sedaya bu.BU WALI Teng dhaerah WiyungASISTEN empun kula sukani arta ganti rugi.94 : Bagus! :Teng dhaerah Banyurip Dhagelan ludruk Marsudi Laras. Parikan jula-juline up to date. empun kula gusur sedaya. Sumber foto: marsudilaras.com : Bagus! : Malahan teng jalan Jimerto empun kula ratakna kalih lemah. Sastri Basa /Kelas 12BU WALI : Dalan Jimerto?ASISTEN : Inggih bu!BU WALIASISTEN : Apane masjid Muhajirin?BU WALIASISTEN : Sebelahe bu!BU WALI : Iku kantorku goblok!ASISTENBU WALI : Maksud kula niku bu, sing kula ratakna niku embonge. Kan aspaleASISTEN mpun kathah sing ngglodhogi bu.BU WALIASISTEN : Pokoke, aku gak gelem onok sing menghambat program kerjaku. : Tapi nyuwun ngapunten bu, niki wonten masalah kedhik.BU WALIASISTEN : Masalahne apa? : Masalah pembebasan lahan engge pembangunan Fly Over tengBU WALI jalan Diponegoro bu, niku kan tanahe PJKA bu.ASISTENBU WALI : Kan bisa dinegosiasi. : Saran kula, luwih apike proyek iku dilereni bu, dari pada ibuASISTEN entuk protes keras saka Wakil Rakyat koyok wulan wingi bu!BU WALI Ibu bisa didhukna teka jabatan.ASISTEN : Sing protes kan Wakil Rakyat, sing mudhun ya Wakil Walikota. HlaBU WALI lek sing protes rakyate dhewe, baru walikotane sing mudhun.ASISTEN : Tapi bu, rakyat ya akeh sing nuntut proyek iku ndang dilereni.BU WALI Rakyat berbondhong-bondhong kanggo ndhemo Bu Wali, onok sing nggawa spandhuk, onok sing ngobong ban bekas, lan kabeh padha orasi ... : yo’ apa orasine? : Yang kanan siap.. Yang kiri siap.... Mau digoyang? : Masih bersama Palapa... Semangka.. koen iku ngawur ae, kate dhemo ta nonton orkes! Masalahe iku apa, kok sampek rakyat padha dhemo kabeh? Kita kan tidak menggusur rumah mereka? : Inggih bu, tapi teng mrika enten taman sing katene kenek gusur. Hla teng taman niku wonten wit- witan sing dikeramatna dening pendhudhuk utawi warga mriku. Warga mboten purun, lek sampek pohon keramat niku kenging gusur. : Ohhhhh.. dadi masalahe iku pohon keramat? Terus solusine yo’ apa? : Tenang saja bu, jangan kuatir. Toya asisten yang smart dan Wara-wara : seksi ini, sudah punya solusinya. Ludruk ora bakal ambruk ! Sumber foto: marsudilaras.com : Yo’ apa solusine? : Lek warga mboten purun pohon keramat niku digusur, yo’ apa kalo pohon itu kita pindah di tempat yang lebih aman dan layak. : Kira-kira nok endi?Sastri Basa /Kelas 12 95ASISTEN : Kados pundi, menawi teng ruang tamune bu wali? Kan bisa dibuatBU WALI hiasan bu. Gimana...? Brilliant kan...? Brilliant kan...?ASISTEN : Brillian bathukmu iku.. lek wite cilik ga’ papa, lha lek wite gedhe.BU WALI Koen pikir omahku iku kebon bibit ta....!! Ngawur ae, nekekASISTEN tanduran iku ojok sembarangan! Harus mencari tempat yangBU WALI sesuai kondisi tanaman..ASISTENBU WALI : Kinten-kinten diseleh pundi bu? : Yo’ apa lek ditaruh nang kulkase Bu Wali, cek seger... : Padhane gubis ae bu. : Wis pokoke aku gak ngurus, isa gak isa proyek iku kudu dilanjutno. Lek perlu pohon keramat iku kudu ditebang! : Tapi bu pohon keramat iku angker bu akeh penunggue! : Toya.. Toya.. iki ngono taun 2015, koen jek percaya ae karo sing koyok ngono. Iku ngono tahayul. Awake dhewe iki kan masyarakat modern, masyarakat intelektual, dadi awake dhewe gak perlu percaya karo sing ngono.(WEKTU BU WALI LAGI NGENDIKAN, SAKA MBURI PARA DHEMIT NYULIK ASISTEN.MULA BU WALI BINGUNG NDOLEKI ASISTEN SING UJUG-UJUG ILANG)BU WALI : Toya.... toya... toya..!!BLACK OUT.PARA DHEMIT GRUDUGAN NUJU OMAHNE BOS DHEMIT, KANGGO NGLAPURNATINGKAHE MENUNGSA SING WIS BRUTAL NGANCURNA OMAHNE. SUSTER KERAMASSING KARI DITINGGAL ROMBONGAN LANGSUNG MORING-MORING.S.KERAMAS : (Teknik muncul - muncul mencuri fokus) Adhuuuhh.... adhuuuuhhh... adhuuuhhh... Aku kok ditinggal sehhh...KABEH DHEMIT : Lho koen iku sapa?S.KERAMAS : Yo’ apa seh, kok lali karo aku. Aku iki Suster Keramas.DHEMIT 1 : Oh dadi awakmu iku Suster Keramas... Pantesan nok endi-endi nggawa shower (karo nggoceki lambe).S.KERAMAS : Husss... husss.. ngawur ae.. iki ngono duduk shower!KABEH DHEMIT : Lha apa lho?S.KERAMAS : Wastafel!DHEMIT 2 : Lho koen iki ya setan ta..?S.KERAMAS : Lho yo’ apa seh, wajahku jek kurang sangar ta?DHEMIT 3 : Ya gak ngonone, umume iku setan iku pakaiane koyok awake dhewe ngene lapo pakaianmu koyok ngono iku?S.KERAMAS : Ya justru koen iku sing keliru, lapo setan pakaian ireng-ireng iku padhane murid’e Harwi ae... lek koen pengin pakaian ireng-ireng nango SMK 9 jurusan teater. Satu-satunya sekolah seni pertunjukan di Jawa Timur. Hidup SMK 9...!!KABEH DHEMIT : Hiduupp...!!!!S.KERAMAS : Hidup SMK 9....KABEH DHEMIT : Hiduuupp...!!!S.KERAMAS : Apakah SMK 9 masih hidup?DHEMIT 4 : Heee... heeee ngawur ae, awake dhewe iki pentas ludruk remaja duduk makili SMK 9, lha lapo koen promosi SMK 9 iku!DHEMIT 5 : Wiss... wiisss.. ayo’ saiki awake dhewe laporan nok bos, sebab96 Sastri Basa /Kelas 12kelakuane jalma manungsa tambah suwe tambah brutal.DHEMIT 1 : Iya bener, lek perlu awake dhewe kudu dhemo.DHEMIT 2 : Engkok lek aku dhemo, aku bengok-bengok karo mbakar ban bekas.DHEMIT 3 : Aku ya iya, aku bengok-bengok karo mbakar mobil.S.KERAMAS : Aku ya gak gelem kalah, aku maju nang ngarep dhewe, bengok- bengok karo mbakar!KABEH DHEMIT : Mbakar apa?S.KERAMAS : Mbakar nafsu! Ahhhh... ahhhh... ahhhhDHEMIT 1 : Wis.. ayo, bos ndang diceluk, ojok kesuwen engkok lek kesuwen tingkah polahne manungsa tambah beringas.DHEMIT 2 : Iya lek bos gak ngreken, awake dhewe kudu langsung ambil tindakanKABEH DHEMIT : Setuju!!S.KERAMAS : Hee hee.. engkok dhisik..KABEH DHEMIT : Lapo..?S.KERAMAS : Bertindak ya bertindak tapi ojok sampek anarkis. Lek sampek awake dhewe anarkis, wong sing gak salah isok dadi korban.DHEMIT 3 : Lha terus karepmu yo’ apa?S.KERAMAS : Contohen Cak Durasim iku lho, Cak Durasim iku menentang pemerintahan Jepang lewat kidungan. Dadi gak perlu anarkis.DHEMIT 4 : Terus kira-kira sapa sing isok ngidung?S.KERAMAS : Lek atase ngidung ae, aku lak ya isok.DHEMIT 5 : Ya wis, lek ngono ndang ngidunga!(S. KERAMAS NGIDUNG DIIRINGI PARA DHEMIT KARO NJOGET)S. KERAMAS : Bondowoso kidule kutha Malang, pabrik sepatu Magetan panggonane. Kowe menungso ojok sewenang-wenang, Lek dhemit bersatu gak bisa dikalahne. Lamongan kutha soto lan perikanan Pabrik kasur sing terkenal ndhok Krian Pembangunan pancen tuntutan zaman Tapi ojok nggusur tanpa ganti kerugianDHEMIT : Wisss... wisss... mandheg.. mandheg.. lek Cak Durasim ngidung gak papa swarane enak, lha wong swaramu koyok knalpot bedhelan ngono kok ngidung.(UJUG-UJUG BOS DHEMIT SURYA TEKALANGSUNG DHEHEM)SURYA : Ehheemmm... ehemmm...!!!! Ludruk in actionDEHMIT 2 : Ssssstttt... hee.. hee.. iku lho Sumber foto: marsudilaras.comSURYA bos wis teka...S.KERAMAS : Ehhheemmm... eheeemm..!! (luwih seru) : Oalllahh.. Bos Dhemit iku iki ta?Sastri Basa /Kelas 12 97DHEMIT 3 : Iya.. apa’a?S.KERAMAS : Kok, koyok kucing mengi ngene!DHEMIT 4 : Kepadha bos Dhemit memberi salam!KABEH DHEMIT : Huuu... huu.. huu.. hu..SURYA : Salam dhemit. onok apa iki, kok kabeh padha ngelumbruk nok kene.S.KERAMAS : Kok ngelumbruk seh bos.. bos.. Ngelumpuk!SURYA : Hee..! Bekecot..! Lek bos ngomong salah, harap dimaklumi!S.KERAMAS : Lha lek aku sing salah bos?SURYA : Inallilahi..!!DHEMIT 5 : Ngene lho bos, tingkah polahe jalma manungsa saiki wis gak isa di jarna.DHEMIT 1 : Jalma manungsa wis ngerusak keseimbangan alam bos.DHEMIT 2 : Iya bos, omahku dirusak bos!DHEMIT 3 : Omahku ya dirusak bos!DHEMIT 4 : Omahku ya dirusak bos!S.KERAMAS : Aku ya iya bos...!SURYA : Lek koen aku wis eroh. Pasti utekmu sing dirusak!S.KERAMAS : Hee.. heee bos..! Utekku iki gak mungkin rusak bos!SURYA : Lho kok isok?S.KERAMAS : Lha wong aku gak duwe utek!DHEMIT 1 : Lha terus iki isine apa? (nuding sirahe s. Keramas)S.KERAMAS : (MORING) Telek Wedhus !!! Puasss... puasss...!!!SURYA : Lha terus karepmu kabeh apa?DHEMIT 2 : Awake dhewe kudu perang karo jalma manungsa..!DHEMIT 3 : Bener bos, awake dhewe kudu melakukan operasi bersenjata!S.KERAMAS : Lek perlu bos, awake dhewe kudu berjuang sampek titik habis pendarahan!SURYA : Heeee...!!!! Titik Darah Penghabisan...!!S.KERAMAS : Lha iya bos... lek dharahe habis iku jenenge pendarahan.SURYA : Koen iku salah methentheng...S.KERAMAS : Lho... sapa sing meteng iku...!!!SURYA : Mbohhh... mbohhh.... repot ngomong karo Kamto iki!S.KERAMAS : Hee...!! hee...!! Kok Kamto seh bos?SURYA : Lha jenengmu sapa lho?S.KERAMAS : Yesssi... Yess... Yess.. YesssiiiiSURYA : Iku lak lekk bengi... lek sore..?S.KERAMAS : Desi bosss...DHEMIT 1 : Boss... gawat.. gawat bos.. ndelok ambune ketokane bakal onok jalma manungsa sing mara mrene bos.SURYA : Ojok kuatir, minggira kabeh tak ataasane..!!(BU WALI KARO SESEPUH DESA TEKA NGGAWA SESAJI)BU WALI : Cepetan mbah, aku yakin asistenku pasti diculik karo jin penunggu pohon keramat iki mbah.MBAH : Mangke riyin, mbah tak semedi dhisik!DHEMIT 1 : Bos, Jalma manungsa nggawa sajen bos, pesta bos!SURYA : Ojok kuatir koen kabeh bakal tak bageni.DHEMIT 2 : Lek seumpamane nggawa pitik bos?98 Sastri Basa /Kelas 12SURYA : Bagianku brutune, dhadha, pupu, karo ndhase, dumen wong lima.S.KERAMAS : Lha bagianku bos?SURYA : Koen tak bageni, ulune!S.KERAMAS : Lek ngeke’i ulu tulungSURYA sakarung bos! : Lho digawe apa?S.KERAMAS : Tak gawe sulak!SURYA : Gawe apa sulak? Basa ing ludruk: Lugas cerdas.S.KERAMAS : Gawe nyulaki raimu! Sumber foto: marsudilaras.comDHEMIT 3 : Bos diceluk bos...(SURYA NYEDHAKI MBAH)MBAH : Heee... penunggu pohon keramat.. teka’a mrene... teka’a...SURYA : Heee... Mbah dhukun... mripatmu kera ta...? Aku nok ngarepmu goblog!MBAH : Jin penunggu pohon keramat, aku njaluk tulung barek awakmu, pindhaha teka kene. Sebab nok kene iki katene dibangun jembatanSURYA layang, terus tulung balekna asistene bu wali sing mbok culik. : Aku isok nuruti karepmu, tapi kabeh iku mau onok syarate.MBAH : (Ngomong nang bu wali) Bu, poro dhemit purun nuruti karepe awake dhewe tapi wonten syarate.BU WALI : Ngomongo mbah, kabeh syarate bakal tak turuti!MBAH : (ngomong nang Surya) Kabeh syaratmu bakal tak turuti.SURYA : Sing nomer siji, aku njaluk golekna ganti omahku karo omahe anak buahku!MBAH : Ohhh... iku gampang..! Yo’ apa lek omahmu tak pindah nok sebelahe gedung DPRD?SURYA : Emooooohhh... nok kono wis akeh dhemite..MBAH : Ya’ apa lek tak pindah nok Dolly?SURYA : Emooooohhh... nok kono malah Dhemit kabeh..MBAH : Terus awakmu njaluk dipindah nok endi..?SURYA : Tunjungan Plaza, ben isok shoping..MBAH : Terus syarate opo maneh?SURYA : Aku njaluk ditanggapna Ludruk. Sebab Bu Wali wis suwe gak nanggap Ludruk.MBAH : Ojok kuatir engkok tak tanggapno Cak Momon, Cak Hengky, karo Cak Kukuh..SURYA : Emoooooohhh... wong telu iku wis tuwek, wayahe pensiun. Aku njaluk ditanggapna ludruke arek nom-noman.MBAH : Bu poro dhemit njaluk ditanggapno ludruke arek nom-noman.BU WALI : Ya wis, lek ngono mapan kebeneran. Ayo saiki budhal nang taman budaya. Sebab dina iki onok pentas Ludruk remaja sing ngadhakna Dinas Kebudayaan dan Pariwisata kota Surabaya. TAMAT(Kaundhuh saka http://www.ludruk-marsudilaras.com, kanthi owah-owahansaperlune)Sastri Basa /Kelas 12 99Kanggo njajagi jerone pangertenmu ing babagan isining teks sandhiwara ludrukkanthi irah-irahan ”Pohon Keramat” ing ndhuwur, wangsulana pitakon-pitakon ingngisor iki kanthi jangkep lan bener! 1) Sapa wae tokoh ing teks sandhiwara ludruk kanthi irah-irahan ”Pohon Keramat”? 2) Crita kasebut dumadi ing ngendi? 3) Apa prakara kang muncul ing teks sandhiwara ludruk kasebut? 4) Kepriye urutan kedadeane crita? 5) Apa kang dirasakake dening para tokoh ing teks sandhiwara kasebut? 6) Tulisen bakune rembug utawa idhe pokok kang dadi punjering crita! 7) Tulis perangan teks kang mujudake pambukaning crita! 8) Tuduhake perangan teks kang mujudake intine crita, yaiku perangan kang nggambarake dumadine konflik utawa pasulayan! 9) Pasulayan ing crita kasebut karampungi kanthi cara kepriye? 10) Pesen utawa wejangan apa kang pengin diandharake dening panulis naskah?Garapan 2: Ngonceki Titikane Basa lan Sastra ing Teks Sandhiwara LudrukMinangka teater rakyat, sandhiwara ludruk mekar lan ngrembaka bebarengankaro kahanane masyarakat pendhukunge. Mula, basa lan sastra sajrone sandhiwaraludruk salaras karo masyarakat Jawa Timur utamane Surabaya, Malang, Pasuruan,Mojokerto, Jombang, Gresik, lan Sidoarjominangka papan tuwuh lan ngrembakaneludruk.Minangka teater rakyat, sandhiwaraludruk mekar lan ngrembaka bebarengankaro kahanane masyarakat pendhukunge.Mula, basa lan sastra sajrone sandhiwaraludruk salaras karo masyarakat Jawa Timurutamane Surabaya, Malang, Pasuruan,Mojokerto, Jombang, Gresik, lan Sidoarjo Sarip Tambak Oso. Pahlawan Rakyat.minangka papan tuwuh lan Sumber foto: http://joss.todayngrembakane ludruk.Titikane basa lan sastra ludruk, uga padha karo titikane masyarakat Jawa Timurkang nduweni sipat: 1) egaliter ‘padha/saderajat’, mula saka iku crita ludruk sumberesaka masyarakat biasa kang nduweni drajat kang padha (masyarakat sentris), 2)migunakake dhialek basa Jawa Timuran (arekan), 3) seneng guyonan lan lelagon,mula ing ludruk mesthi ana kidungan jula-juli/ parikan, lan 4) tinarbuka lan apa anane(ceplas-ceplos), mula guneman ing ludruk dadi spontan lan prasaja.Pakaryan kang kudu diayahi: Supaya bisa nemokake lan nganalisis titikane basa lan sastra ing tekssandhiwara ludruk ganepana tabel ing ngisor iki!100 Sastri Basa /Kelas 12No. Titikane Basa lan Tuladha Kutipan Teks AnalisisSastra1 Critane asipatmasyarakat sentris ................................ ................................ ................................ ................................ ............................... ................................ ................................ ................................2 Migunakake BasaJawa dhialek arekan ................................ ................................ ................................ ................................ ............................... ................................ ................................ ................................3 Ana ................................ ................................ kidungan/parikan ................................ ................................ ............................... ................................ ................................ ................................4 Basane spontan lanprasaja ................................ ................................ ................................ ................................ ............................... ................................ ................................ ................................Garapan 3 : Maca lan Maragakake Teks Sandhiwara Kethoprak Para siswa ing garapan 3 bakal kaajak tepungan lan mahami teks sandhiwarakethoprak. Kanggo mahami teks sandhiwara kethoprak iku, para siswa bakal nggarapmaneka warna ayahan, kaya ta maca lan maragakake teks sandhiwara kethoprak, lanngonceki panganggone basa sakjrone teks sandhiwara kethoprak.Teks Sandhiwara kethoprak kanthi irah-irahan ”Harya Penangsang Mbalela” ing ngisoriki wacanen sing setiti! “HARYA PENANGSANG MBALELA” (Kaanggit Dening: Auliya Akbar)Paraga:1) Adhipati Harya PenangSang, 2) Prameswari, 3) Putri Ayu, 4) Patih Mentaun, 5)Pangeran Timur, 6) Soreng Rono, 7) Soreng Rangkut, 8) Sunan KudusSastri Basa /Kelas 12 101Kawontenan:Ing pasewakan agung Kadipaten Jipang, Adhipati Harya PenangSang kasandhinggarwa prameswari lan putrinipun nampi sowanipun para nayaka praja (Patih Mentaun,Pangeran Timur, lan para prajurit sarta emban)BABAK IAntawacana:Harya P : Paman Patih Mentaun!P. Mentaun : (mendel mawon, ngantuk) : Paman Patih Mentaun! (duka)Harya PP. Mentaun : Wonten dhawuh katimbalan kanjeng adipati (cekoh, gurawalan)Harya P : Kepriye kahananmu Paman? Harya Penangsang: ”Aku Mung Nagih Waris” Sumber foto: astroboyz.wordpress.comP. Mentaun : Awit berkah pangestu panjenengan, anggen kula sowan tansahHarya P pinaringan karaharjan, mboten kantun sembah pangabekti kulaP. Mentaun konjuk, Gusti! (nyembah)Prameswari : Ya, daktampa, ora liwat puja pangestuku tampanana Paman. : Sanget anggen kula mundhi Gusti!Harya P : Semanten ugi kula kakangmas adipati, kula ugi ngaturaken sembah Pangabekti mugi konjuk, Kangmas. (nyembah)Prameswari : ya … ya … atur pangabektimu sun tampa, ara liwat puja pangestukuP. Timur tampanana, lan diprayogakake anggonmu lungguh, prameswari! : Ngestokaken dhawuh Kangmas.Harya P : Mboten kantun, kula ugi ngaturaken sembah pangabekt, Kangmas.P. Timur (nyembah) : Dak tampa pangabektimu, banjur kepriye pakaryanmu? : Awit ndherek pitedah Panjenengan, mila pakaryan kula lumampah kanthi sae. Para soreng, para prajurit sampun kula gladhi olah kanuragan. Pusaka lan sedaya ubarampening perang sampun102 Sastri Basa /Kelas 12cumawis. Menawi sawanci-wanci Panjenengan ngersakaken sedaya sampun sumadya.Harya P : Pancen yen dak pirsani, sakabehing para nayaka praja ora ana singPutri AyuHarya P nglirwakake jejibahanne, ora ana sing wani ninggalake pasowanan,Prameswari ora ana sing wani nerak tatananing praja. Yen pancen isih anaHarya P nayaka praja sing wani nerak marang tatanan, sira sing dakparingiP. Mentaun panguasa, paringana pidana marang nayaka praja iku.Harya P : (nyembah) Kanjeng rama adipati, kula ugi ngaturaken sembah pangabekti. Lan kula ugi badhe matur bilih sadaya jejibahan kulaP. TimurHarya P sampun rampung. Anggen kula gladhen olah beksan sampun rampung. Kula sampun saged beksan bedhayan, gambyong, lan sanesipun. : Pinter lan ayu tenan kowe Putriku, ya patrap sing kaya ngono iku kang sun gegadhang rina lan wengi. Minangka putri adhipati, kowe kudu bisa dadi tepa tuladha para wanita sakadipaten Jipang. Jeneng kita kudu bisa nglestarekake kabudayan kang edi peni, ben ora kakikis karo kabudayan manca kang ora karu-karuan wewujudane. : Mboten namung menika lho kangmas, Putri Ayu menika pranyata ugi wasis menthang jemparing. Piyambakipun wasis olah kaprajuritan. : Banget bombong rasane penggalihingsun, yaiki putrane Harya Penangsang (nebah dhadha gemujeng) Ha…ha…ha…Kowe kudu ngerti sedhela maneh kanjeng ramamu iki bakal dadi ratu ing tanah Jawa. Ngertia kowe kabeh dakjarwani, yen anggonku mbalela marang Pajang iku sejatine ora kok linambaran rasa meri, drengki, srei, ananging Panjenengan ingsun iki nagih waris. Sejatine, Ya Panjenengan ingsun iki sing anduweni hak dadi raja ing Demak, awit Panjenengan ingsun iki putra wayah Raden Patah sing ngedekake negara Demak Bintara. : Inggih leres, Panjenengan leres, mila kula tansah ndherek kersa Panjenengan Gusti. : Yen ing wingi aku wis mateni sedulur misanku dhewe sing aran Prawata … raja ing Demak, …ya jalaran Prawata iku sing mateni kanjeng Inggih leres, Panjenengan leres Sumber foto: yooying.com ramaku ya Pangeran Surawiyata, ya putra mbarep kanjeng eyang Raden Patah. : Prawata merjaya Kanjeng Rama, awit eguh pertikelipun paman Trenggana ingkang kagungan melik dados raja ing Demak. : Iya bener, Paman Trenggana kagungan putra papat, sing mbarep aran Prawata raja ing Demak, banjur Ratu Kalinyamat bojone Hadiri ing Jepara, sing nomer telu Ratu Mas Cempaka bojone Hadiwijaya ing Pajang, sing pungkasan Rangga Jumena ing Mediun.Sastri Basa /Kelas 12 103P. Mentaun : Demak, Jepara, lan Pajang samenika manunggal mengsahiHarya P Panjenengan Gusti. Malah dening Hadiwijaya punjering kratonP. Mentaun Demak sampun dipun liyer ing Pajang.P. TimurHarya P : Ora dadi apa, Arya Penangsang ora bakal ulap, awit kanggoneP. Timur panjenengan ingsun… numpes putrane paman Trenggana ikiHarya PP. Timur mujudake kewajiban ingsun… sing sepisan males patine kanjeng Rama Surawiyata... kaping pindho mbalekake kajayaning Demak,Harya PP. Timur sing saiki dirampas Hadiwijaya ing Pajang.Harya P : Prawata sampun pejah, Hadiri bojone Kalinyamat sampun pejah,P. Timur sekedap malih kantun Hadiwijaya ing Pajang ingkang badhe nyusul.Prameswari : Punten ndalem sewu Kang Mas.Harya P : Iya, kepriye Timur?P. Timur : Menawi kepareng, kula badhe caos atur…ananging mbok menawi atur kula menika mboten mranani dhateng penggalih Panjenengan. : Ora dadi apa, enggal matura! : Padudon ing antawis trahipun Kanjeng Rama Surawiyata lan trahipun Kanjeng Paman Trenggana menika sampun dangu, lan sampun kathah bantenipun. Sampun kathah prabeya, nyawa, wekdal, lan tenaga ingkang kabucal kangge nglabuhi padudon menika. : Kanggone Harya Penangsang… ndonya sakisine bakal dak korbanake, sauger anak turune paman Trenggana kelakon tumpes kelor. : Ananging menika…menapa mboten nama ”rebut balung tanpa isi”! : (jumeneng) Yen dakrasak-rasakna…omonganmu kok kaya ora sarujuk… lamun Jipang padudon karo Pajang! Apa kowe wedi karo Hadiwijaya? : Mboten kok kula ajrih dhumateng Sultan Hadiwijaya, ananging menawi kula pikir… padudon menika mboten badhe wonten karampunganipun. Mesakaken para kawula ingkang sejatosipun mboten ngertos kendhang kempulipun prekawis ananging ndherek kenging awunipun. : Kula kinten, leres aturipun yayi Timur menika Kangmas, jalaran… wiwit Panjenengan ngedekaken gendera perang lumawan Pajang…ati kula tansah kraos was sumelang mikiraken kasugengan Panjenengan Kangmas. : (duka) Yayi prameswari!...Kowe ora usah melu cawe-cawe ing bab iki, iki urusane wong lanang! Yayi Timur!!! : Nuwun inggih Iki darmaku minangka satriya Kangmas. Sumber foto: ketoprakJawa.wordpress104 Sastri Basa /Kelas 12Harya P : Kena dak paribasakake ”cincing-cincing klebus, ambyur pisan”, ora maelu nganti sepira gedhene korbane…sing baku Hadiwijaya kuduP. Timur mati. Iki darmaku minangka satriya… saiki endi darmamu marangHarya P wong tuwamu ya Kanjeng Rama Surawiyata?P. TimurHarya P : Tumpraping kula, taksih kathah margi kangge ngetingalaken darmaning putra dhumateng tiyang sepuh. : Cukup!!! … Kowe ora pantes dadi wong lanang, ora pantes dadi adhine Harya Penangsang! Yen kowe ora sarujuk karo Harya Penangsang… minggata, …minggata saka kene!! : Mboten usah panjenengan tundhung kula badhe kesah saking Jipang (jumeneng), mboten wonten paedahipun kula ngawula ndherek Panjenengan! : Minggata…mingggata!!! (majeng badhe ngrabasa P.Timur)(Pangeran Timur mlajeng, Prameswari nyandhet Harya Penangsang)Prameswari : (njerit) Kangmas!!! Kula aturi emut kangmas!!! Pangeran Timur menika rayi Panjenengan Kangmas!!! Mangga kula dherekaken lenggah kangmas.Harya P : (lenggah) Tujune iki mau kokpenggak! Yen ora…sida ajur ndhase Timur iki mau.Prameswari : Duka nggih duka, ananging menawi badhe tumindak mbok dipenggalih rumiyin! : (napas landhung) Adhem rasane penggalih ingsun, angger krunguHarya P aturmu yayi. Putriku! (noleh dhumateng Putri Ayu) Mbesuk yen kowe wis diwengku dening priya, kowe uga kudu bisa nuladha kanjeng ibumu.Putri Ayu : Inggih Kanjeng Rama, nanging sinten ta rama ingkang purun kalih kula? Kula menika rak tasik alit.Prameswari : (nyela) Ya akeh ta ndhuk, bocah ayu tur manis kaya awakmu iku mesthi akeh sing ngarepna!Harya P : Beja-bejane wong lanang kang klakon dadi jodhomu.P. Mentaun : Inggih leres, Putra Panjenengan menika “kirang ing candra, kathahen rupa”. (godheg-godheg) Ck…ck…ck … bocah kok ayune sundhul langit. Menawi kula taksih enem kula inggih purun kok njenengan pendhet mantu.Prameswari : Wow, bandhot tuwa ora nyebut! Wis mambu lemah kok ya isihHarya P weruh wong ayu! : Ha…ha…ha…wis…wis..wis Mentaun, ... saiki ingsun kepengin ngerti kepriye asile Soreng Rana lan Soreng Rangkut anggone nindakake kewajiban merjaya Hadiwijaya ing Pajang. Yen ora kleru iki wis ana limang dina saka anggone budhal, nanging nganti saiki kok durung bali.P. Mentaun : Ampun kuwatos Gusti, Soreng Rana lan Soreng Rangkut mesthi kasil,… awit sasanesipun piyambakipun mbeta pusaka Panjenengan ingkang nami Brongot Setan Kober ingkang ampuhipun kagila-gila, bidhalipun inggih sampun kula petung … Kula tata kanthi jlimet. Bidhalipun ing dinten Jemah Kliwon mlebet saking sisih kidul. Jemah menika Sanga… Kliwon enem … dados dhawah gangsal welas.Harya P : Dadi mesthi kasil?Sastri Basa /Kelas 12 105P. Mentaun : Miturut etangan kula mesthi kasil, etangan kula mboten nate mleset!Harya P : Nanging ya gene, nganti seprene kok durung ana kawusananePrameswari …atiku krasa ora kepenak. : Kula suwun ingkang sabar kangmas! Ing njawi kok kapireng swanten rame, ketingalipun wonten ingkang badhe sowan.(Soreng Rono lan Soreng Rangkut mlebet, saking keri mbeta bungkusanbebana)S.Rono+Rangkut : Kula ingkang sowan Gusti!Harya P : Ha…ha…ha…kene…kene…rada maju. Lagi wae dakrasani….hla kok kowe sakloron wis teka. Kepriye asile pakaryanmu?S.Rono+Rangkut : (sesarengan) Saderengipun kula matur, kula ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk Kanjeng Adhipati!Harya P : Ya…daktampa sembah pangabekti, saiki enggal matura…selak ora sabar aku!S. Rono : Dinten Setu Legi …kula lan adhi kula sampun kalampahan dumugi ing Pajang, sasampunipun cekap anggen kula ningali kawontenan, dalunipun kula mlebet ing gapura supit urang. Adhi kula Rangkut ngrapalaken aji sirepipun.S. Rangkut : Inggih, kenging aji sirep kula…para prajurit ingkang jagi sami ndlosor … tilem ing jogan.Harya P : Haa..ha..ha…pinter kowe! He…prajurit liyane! Yen kowe pengin mulya…tirunen Rono lan Rangkut ! Banjur?S. Rangkut : Kula lan kangmas Soreng Rono mlebet ing tilam padununganipun Sultan Hadiwijaya, kula lajeng ngunus pusaka Panjenengan…Kyai Brongot Setan Kober…S. Rono : Kadadak wonten sardula kembar ingkang nyamber dhateng kula lanHarya P adhi kula. : Kuwi pangapite Hadiwijaya!S. Rangkut : Kula tamani Brongot Setan Kober….dhes !Harya P : Mati Sardulane?S. Rono : Ajur sawalang-walang…Gusti!Harya P : Haa…ha...ha…banjur!S. Rono : Ajuripun sardula nyarengi medalipun bajul kawan dasa..Gusti!Harya P : Kuwi tunggangane Hadiwijaya!S. Rangkut : Kula tamani Brongot Setan Kober….dhes !Harya P : Mati bajule?S. Rono : Ical wewujudanipun bajul kawan dasa.Harya P : Haa…ha…ha…Brongot Setan Kober pancen ampuh tenan, sabanjure?S. Rono : Kula mbukak slambu, ing mriku ketingal Sultan Hadiwijaya Sare kanthi kemulan jarit sutra.S. Rangkut : Kula tamani Brongot Setan Kober….dhes !Harya P : Mati Hadiwijaya?S. Rono : Dereng Gusti, awit wonten lesus ingkang nyamber kula lan adhi kula?Harya P : Kuwi aji lembu sekilan! Banjur?S. Rangkut : Kula ambali malih, kula tamani Brongot Setan Kober….dhes !Harya P : Modar Hadiwijaya?106 Sastri Basa /Kelas 12S. Rono : Dereng Gusti, awit nyarengi Sultan Hadiwijaya Wungu…malah kulaHarya P kesampluk kenging pucuk slimutipun ngantos kula dhawah lutakS. Rangkut ludira Gusti!Harya PS. Rono : Ora maelu kowe mutah getih apa ora, sing wigati Hadiwijaya mati apa ora? (duka)Harya P : Dereng Gusti, ngantos samenika taksih sugeng.S. Rangkut : Banjur saiki kepriye?Harya P : Sultan Hadiwijaya menika priyayi luhur Gusti…ing atasipun kulaS. RangkutHarya P menika pandung ingkang badhe nyidra nyawanipun…kula mboten dipun pidana … malah dipun ganjar bandha donya (nedahaken bebananipun). Menika nedahaken bilih panjenenganipun menika priyayi ingkang berbudi bawa leksana (ulatipun semringah) : Guoblok…bodho…pinter kebo kowe! (jumeneng) Hadiwijaya…iku mono ngina marang Harya Penangsang (lenggah malih). Saiki endi… endi Kyai Brongot Setan Kober! Aku dhewe sing bakal mateni Hadiwijaya! : Samenika Kyai Brongot Setan Kober kaasta dening Sultan Hadiwijaya. : Kyai Brongot Setan Kober kaasta dening Sultan Hadiwijaya? (muntab) : Inggih, ngendikanipun Kyai Brongot Setan Kober kaampil…badhe kangge iris-iris brambang…mangke sasampunipun rampung badhe kawangsulaken. : (jumeneng nyaketi Soreng) Soreng-soreng cubluk … mung nggedheke wadhuk…!(Harya PenangSang ngajar Soreng Rono lan Rangkut, katungka rawuhipunSunan Kudus saking keri lajeng nyandhet dukanipun Harya Penangsang)S. Kudus : Sabar…sabar…sabar, Soreng ... kowe mundura!S.Rono+Rangkut: (sesarengan) Inggih Kanjeng Sunan, kula nyuwun pangayoman (ngrerepa)S. Kudus : Dakaturi sing sabar …Jebeng Harya Penangsang. Lenggah … apa- apa iku kudu dirampungi kanthi petung.Harya P : Nanging para Soreng menika sampun tumindak lepat…mila kedah kula ajar!S. Kudus : Innallaha ma’ashobirin, Allah tansah sesandhingan karo wong-wong kang sabar! Lenggah ya Jebeng…mengko dakrewangi mrantasi reruwet iki! : (Lenggah) Inggih, kula manut.Harya P : Sejatine para soreng iku ora luput, sing luput iku malah JebengS. KudusHarya P Harya Penangsang! : Hlo… kok kula ingkang lepat?S. Kudus : Saiki aku dak takon, …para Soreng iki bandhing apa ora…karoHarya P Sultan Hadiwijaya? : Menawi kasandhingaken kadosdene timun mengsah duren,…Soreng menika timun… Hadiwijaya durenipun.Sastri Basa /Kelas 12 107S. Kudus : Ya ing kono iku lupute Jebeng Harya Penangsang…wis ngerti timun kok ditandhingake karo duren. Duren iku tandhingane ya kudu karoHarya P duren.S. Kudus : Duren tandhingane kudu duren?…(Jumeneng) Mentaun!!! SiagaknaHarya P titihanku si gagak rimang! …Ingsun dhewe sing arep ngadhepiS. Kudus Hadiwijaya! (njangkah majeng)Harya PS. Kudus : (jumeneng) Panjenengan badhe tindak Pajang? Panjenengan sanguHarya P menapa?S. Kudus : Pusaka piandel paringane panjenengan, Kyai Brongot Setan Kober!Harya P : Saiki endi barange? : (nggrayang geger) Ooo inggih…Kyai Brongot Setan Kober dipunS. Kudus kantunaken munyuk-munyuk kalih menika! (nuding soreng)Harya P : Kendel kudu nduwe piandel. Bener kudu dilambari pinter, supayaS. Kudus tumindake pener.Harya P : Menawi mekaten kula kedah tumindak menapa? : Jebeng Harya Penangsang! Saiki aku daktakon…sepira gedheneS. Kudus tekade Jebeng Harya Penangsang kepengin males ukum marangHarya P patine wong tuwamu…ya Pangeran Surawiyata lan sepira gedheneS. Kudus tekadmu mbalekake kajayaning Demak Bintara?P. Mentaun : Dhuh…Kanjeng Sunan Kudus…inggih Kanjeng Rama Ja’far Shodiq…S. Rono Sampun gilig tekad kula… Kanggening kula…langkung sae kulaP. Mentaun pejah mbrodhol usus kula…tinimbang kula mboten saged males pejahipun tiyang sepuh kula, lan mboten saged mangsulaken108 kajayaning Demak Bintara. : (ngendikan manteb) Niyat suci iku kudu linambaran rasa ikhlas trusing batin, jalaran … yen ora, mengko pakertimu mung nurutake hardaning hawa nepsu. Kamangka nepsu iku ajakane syetan… syetan iku ngajak marang karusakan. : Inggih ing bab menika, kula ingkang rumaos kirang. : Jebeng Harya Penangsang! Ngene ya, sadurunge aku masrahake Brongot Setan Kober. Aku lak wis meling. Yen Brongot Setan Kober iku anduweni sipat panas. Kamangka panas iku bisa ngobong apa wae, kalebu ngobong ati kang suci. Mula kalamun Brongot Setan Kober wis bali ing astane Jebeng Harya Penangsang... Jebeng Harya Penangsang kudu bisa meper hawa nepsu. : Inggih kula emut, rumiyin nalika kula ndhepe-ndhepe nyuwun Kyai Brongot Setan Kober dhumateng Panjenengan kula sampun janji ing bab menika. : Hadiwijaya…ing mengkone yen mbalekake Brongot Setan Kober ... iku mengko mesthi lumantar Kudus. Mula … yen sliramu kepengin ketemu ijen padha ijen karo Hadiwijaya tumekaa ing Kudus. : Mekaten Kanjeng Sunan! Inggih kedadosan menika ingkang kula tengga! : Dakkira cukup semene, aku enggal bali ing Kudus. Mentaun! : (ngantuk, mendel mawon) : (njawil mentaun) Ndara… Ndara Patih Mentaun ditimbali Kanjeng Sunan. : Wonten dhawuh katimbalan Kanjeng Sunan (cekoh, gurawalan). Ngapunten kula ngantuk awit saben dalu tansah wungon. Sastri Basa /Kelas 12S. Kudus : Sing ati-ati anggonmu ndherekake bendaramu. Lan marang kowe Ni mas Prameswari sing sabar lan aja pegat anggonmu tirakat ya!PrameswariS. Kudus : Ngestokaken dhawuh Kanjeng lan ndherekaken sugeng tindak.Harya P : (medal) : Soreng! Supaya ora kedhisikan Hadiwijaya… sesuk sakdurunge srengenge mlethek … siagakna jaran tungganganku si gagak rimang. Yayi Prameswari! Samektaake sakabehe ubarampe… Panjenengan ingsun ngersakake budhal ing Kudus. Mentaun! Pasewakan kabubarake.(Harya Penangsang medal tumuju kanan panggung kadherekaken garwaputra, Mentaun, lan para soreng nyembah lajeng medal tumuju keripanggung)BABAK IIParaga:1) Sultan Hadiwijaya, 2) Pemanahan, 3) Sutawijaya, 4) Sunan Kalijaga, 5) KeboKluyur, 6) Setan Mendem.Kawontenan:Ing margi rombongan Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya kacandhetdening begal utawi rampok (Kebo Kluyur lan Setan Mendem).Antawacana:Kebo Kluyur : Wis limang dina lawase, awak dhewe mbegal kok durung ana asile?Setan Mendem : Mbegal iku mesthine ya didhelok-delok … ora angger nyegat ngono wae.Kebo Kluyur : Wingi ana wong nggawa bungkusan guedhe, takcegat…takpateni … bareng takbukak hla kok isine rosokan.Setan Mendem : Ha..ha…hah… beda karo aku.Kebo Kluyur : Yen kowe kepriye kang?Setan Mendem : Ana rombongan …yen mlaku sajak gita-gita… saka kadohan tak delok… wah iki … sing papat mikul jodhang … yen ora panganan mesthi barang srah-srahan.Kebo Kluyur : Donya brana kang?Setan Mendem : Bener…mesthi iki mas picis raja brana… sawise takbegal … wonge mlayu kabeh … jodhang ditinggal … alon-alon takbukak … jebule isine mayit.Kebo Kluyur : Dadi sing mbok begal mau pendhosa… dudu jodhang. Mulane dina iki awak dhewe kudu ati-ati, aja nganti kleru maneh. Awek dhewe kudu dadi prampok sukses.Setan Mendem : Sayange… jaman saiki durung usum korupsi… dadi awak dhewe cukup trima dadi begal utawa rampok wae. Suk yen tanah kene wis maju, generasine awak-awak dhewe … anak turune para begal lan rampok sing nerusna dadi koruptor.Kebo Kluyur : Ora bisa kang… senajan saiki aku dadi rampok, nanging sabisa-bisa anakku aja dadi rampok. Sing dakpuji, muga-muga anakku dadi pejabat sing kinurmat.Sastri Basa /Kelas 12 109Setan Mendem : Halah… gayamu wae kaya uwong. Kowe ngerti apa ora, ing antarane pejabat karo penjahat iku mung beda-beda tipis. Bedane, yen penjahat iku ora bisa dadi pejabat, nanging akeh pejabat sing pungkasane dadi penjahat.Kebo Kluyur : Yen takpikir bener kowe kang. …Maune dadi pejabat kepala daerah terus dadi penjahat… mlebu penjara merga korupsi.Setan Mendem : Wis! Cukup! Waspadhakna sapa kae! Kae ana iring-iringan saka kidul!Kebo Kluyur : Yen ndelok sandhang panganggone, ketoke dudu wong sembarangan. Ati-ati kang! (mundur ing sisih kanan panggung)(Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya mlebet saking kanan,Sultan ing ngajeng piyambak ngadhepi begal)Setan Mendem : Awak yen lagi beja… ketoke iki rombangan Pejabat Kepala Daerah.Kebo Kluyur : Kowe kok ngerti kang?Setan Mendem : Kae jaranne ana plat nomere Pa 1. Kendaraan plat nomer siji, ikubiasane Kepala Daerah.S. Hadiwijaya : Bener aku pancen Pajang siji, aranku Sultan Hadiwijaya.Setan Mendem : Sultan Hadiwijaya? Haa…ha…ha… iki tiwas kebeneran. Wis suwe akupengin ketemu. Aku pengin njajal sepira antebe tanganmu.Kebo Kluyur : Iya kang. Jaka Tingkir … Karebet… (nuding dhateng S. Hadiwijaya)saiki kowe dadi sultan ganti jeneng dadi Hadiwijaya. Sak jane, kowekaro aku iki padha wae. Padha rampoke… aku rampok…penjahatdonya brana…S. Hadiwijaya : (duka) Kurang ajar temen kowe…sapa jenengmu?…supaya mengkoora mati tanpa aran. Ngakua, supaya bathangmu bisa dakkirimmarang ahli warismu!Kebo Kluyur : Ha…ha..ha…bareng kawiyak wadine…dadi nesu. Yaa…ditepungake…aku begal sing kondhang… jenengku Kebo Kluyur. Aku dijuluki KeboKluyur… jalaran Kebo kenatanganku pisan wae pecahndhase ngluyur gembunge.Setan Mendem : Aku Setan Mendem. Mergayen mendem, polahku kayasetan. Ha...ha...haa…Pemanahan : (majeng) Kula kintenmboten perlu panjenenganingkang majeng, cekap kulalan anak kula Sutawijayaingkang ngrampungi begal-begal bongkeng menika.Sutawijaya : Inggih kanjeng Sultan…mangga panjenengan lan Kula badhe njajal aji waringin sungSangRama Pemanahan kula aturi Sumber foto: upkd-solo.blogspotaso salira. Kula badhe njajalaji waringin sungsang, ingkang nembe dipunajaraken kanjeng SunanKalijaga.110 Sastri Basa /Kelas 12( S. Hadiwijaya lan Pemanahan medal ing kanan panggung, Sutawijayamajeng ngadhepi begal )Setan Mendem : Bocah lagi dhek wingi sore…balunge isih empuk hla kok dikongkon ngadhepi awak dhewe.Kebo Kluyur : Kene kang taknggone dolanan.(Kedadosan prang tandhing, Sutawijaya mimpang lan para begal mlajeng.Sultan Hadiwijaya lan Pemanahan mlebet malih sareng rawuhipun SunanKalijaga. Sunan Kalijaga ngucap salam, kawangsuli dening SultanHadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya lajeng sedayanipun sungkemkanthi ngaras astanipun Sunan Kalijaga)S. Kalijaga : Pada basuki sira kabeh?S. Hadiwijaya : Awit berkah pangestu panjenengan, sedaya sami wilujeng Kanjeng Sunan.Pemanahan : Kanjeng Sunan Kalijaga nglodhangaken wekdal manggihi Sultan Hadiwijaya, kula, lan yoga kula tamtu wonten bab ingkang wigati.S. Kalijaga : Marang sira kabeh aku mitungkas, “Ati-ati … yen sira diaturi apa wae kang katone rada meksa aja pisan-pisan sira tampa!”S. Hadiwijaya : Banget anggen kula mundhi kanjeng Sunan Kali.S. Kalijaga : Sabali sira saka Kudus mampira ing gunung Danaraja pethukana sedulurmu wadon … Ratu Kalinyamat…sing lagi mertapa ing Danaraja. Cukup semene, karia slamet sakabehane. Assalamualaikum.(medal)(Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya sesarengan mangsulisalam)Pemanahan : Syukur Alhamdulillah Kanjeng Sultan, ketingalipun kanjeng Sunan Kalijaga paring pangestu dhumateng kita sedaya.S. Hadiwijaya : Kanthi mangkene, Panjenengan ingsun ora bakal tidha-tidha maneh. Mumpung isih padhang, Ayo dibanjurake tindak tumuju panti Kudus.Sutawijaya : Mangga kula dherekaken.(Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya medal) ............................Kanggo ngaweruhi pangertenmu ing babagan isining teks sandhiwara kethoprakkanthi irah-irahan ”Harya PenangSang Mbalela” ing ndhuwur, awakmu bisa mangsulipitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi jangkep lan bener.1) Sapa wae tokoh ing teks sandhiwara kethoprak kanthi irah-irahan ”Harya Penangsang Mbalela”?2) Crita kasebut dumadi ing ngendi?3) Apa prakara kang muncul ing teks sandhiwara kethoprak kasebut?4) Kepriye urutan kedadeane crita?5) Apa kang dirasakake dening para tokoh ing teks sandhiwara kasebut?6) Tulisen bakune rembug utawa idhe pokok kang dadi punjering crita!7) Tulis perangan teks kang mujudake pambukane crita!8) Tuduhna perangan teks kang mujudake intine crita, yaiku perangan kang nggambarake dumadine konflik utawa pasulayan!Sastri Basa /Kelas 12 1119) Pasulayan ing crita kasebut karampungi kanthi cara kepriye?10) Pesen utawa wejangan apa kang pengin diandharake dening panulis naskah?Garapan 4 : Nemokake Mupangate Teks Sandhiwara Kethoprak Minangka asil cipta sastra, teks sandhiwara nduweni mupangat tumrapbebrayan, yaiku mupangat: 1) Hedonik, yaiku mupangat kang bisa dirasakake langsung dening panyemak. Mupangat iki wujude arupa rasa seneng nalika nyemak teks sandhiwara. 2) Artistik, yaiku mupangat kang arupa wewarah bab seni utawa kaendahan kang bisa ditiru dening panyemak. 3) Kultural, yaiku mupangat kang arupa wewarah bab pranatan lan kabudayan ing bebrayan. 4) Etis, moral, lan agama, yaiku mupangat kang arupa wewarah bab tata krama, budi pakerti, lan agama. 5) Praktis, yaiku mupangat kang arupa piwulang bab ketrampilan praktis kang bisa ditrepake ing bebrayan.Tindakna pakaryan iki:Kanggo nemokake lan nganalisis mupangate teks sandhiwara kethoprak kanthi irah-irahan ”Harya Penangsang Mbalela” ganepana tabel ing ngisor iki!No. Mupangat Teks Tuladha Perangan AnalisisSandhiwara Teks ................................. .................................1 Hedonik ............................. .............................2 Artistik ............................. ................................. ............................. .................................3 Kultural ............................. ................................. ............................. .................................4 Etis, Moral, lanAgama ............................. ................................. ............................. .................................5 Praktis ............................. ................................. ............................. .................................112 Sastri Basa /Kelas 12Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Nyiapake lan Nggelar Tontonan Sandhiwara Tradhisional Sawise mbedhah teks sandhiwara ludruk lan kethoprak, ana ing pasinaon 2 parasiswa bakal kaadhepake karo pakaryan kang luwih praktis, yaiku nata tontonan lannggelar tontonan sandhiwara ludruk utawa kethoprak. Para siswa kaajab kanthigreget, disiplin, lan pracaya marang kabisane pribadi makarya bebarengan karo kancaing klompok mentasake sandhiwara tradhisional.Garapan 1 : Nyiapake lan Mranata Tontonan Sandhiwara Tradhisional Kasil utawa orane pakaryan kang dilakoni bebarengan ing sajrone klompoknyiapake dan nggelar tontonan gumantung marang kepriye anggone nata(manajemen) tontonan ing klompok iku. Manajemen tontonan yaiku proses ngrancanglan netepake keputusan, ngorganisir, mimpin, lan ngendhaleni utawa ngatursakabehing sumber daya manungsa, prabeya, perkakas, lan informasi kang anasesambungane karo tontonan supaya tontonan bisa kalaksanan kanthi gangsar lantumata. Kanthi pangerten iku, manajemen tontonan nduweni peranan, yaiku:1) Netepake rancangan Sajrone netepake rancangan iki, sepisanan kang kudu dilakoni yaiku netepake sasaran banjur milih tata cara sing arep ditindakake kanggo tumuju marang sasaran mau.2) Ngorganisir Sajrone proses iki diadani (dianakake) andum gawe, nyusun jadwal nyambut gawe, lan koordinasi antarane unit-unit sajrone kepanitiaan.3) Ngendhaleni Ngendhaleni, ing proses iki ditegesi nandhingake antarane rancangan karo realisasi. Banjur nindakake koreksi lan ndandani asil pakaryan kang nyebal saka rancangan.Tindakna pakaryan iki:Saiki para siswa kaajak nyiapake lan mranata tontonan sandhiwara tradhisional.Supaya pagelaran bisa gangsar lan apik, tindakna sakabehe tataran sadurungenggelar sandhiwara tradhisional ing ngisor iki:1) Nggawe klompok Sajrone tataran iki, kapilih ketua klompok (ketua panitia), sekretaris, bendhahara, lan anggota.2) Netepake jinis tontonan Karekadaya supaya ing sajrone kelas, jinis tontonan ora padha (ana sing ludruk, lan ana sing kethoprak).3) Netepake irah-rahan tontonan Bisa migunakake teks sandhiwara ing buku iki, utawa teks liyane.Sastri Basa /Kelas 12 1134) Andum gawe Ketua klompok/panitia ing sabanjure kasebut prodhuser, netepake sutradhara, panata rias, panata panggung/property, lan liya-liyane.5) Casting Sutradhara milih lan netepake para pamaraga (aktor/aktris).6) Ndhudhah naskah Sutradara nafsirake naskah, lan njlentrehake babagan acting lan antawacana sing kudu diparagakake dening aktor/aktris.7) Gladhen Kanthi dipimpin sutradhara, para pamaraga nindakake gladhen maca teks, gladhen tingkah, gladhen jangkep, gladhen alusan, lan sing pungkasan gladhen resik. Gladhen sadurunge pentas sandhiwara kethoprak Sumber foto: pemudabusuran.blogspot.comGarapan 2: Nggelar Tontonan Sandhiwara Tradhisional Lan Ngunggah ing Internet Sawise jangkep anggone padha tata-tata lan wis teka wektu sing ditemtokake,saiki wektune para siswa nuduhake sakabehe karosan, kawasisan lan kaprigelan kangwis kasiapake kanthi jlimet , titi, lan tutug kanggo nggelar sandhiwara tradhisional.Sutradara lan para pamaraga ing pagelaran, kanthi saiyeg saeka kapti makaryabebarengan nggelar lakon kanthi bombong lan bungah. Kurang luwih sakjam sadurunge pentas kawiwiti, sutradara minangkapenanggung Jawab pagelaran, nliti sakabehane perangan wiwit aktor/aktris, tatapentas, tata rias, tata busana, tata artistik lan liya-liyane. Pamrihe manawa nemokakekekurangan, sutradara bisa cepet-cepet netepake tindakan kang kaanggep trep lanperlu. Sabanjure kanthi dipimpin sutradara, sakabehing pawongan kang kaSangkut ingpagelaran ndedonga marang Gusti Allah Kang Maha Kawasa, nyenyuwun muga-mugadiparingi pituduh lan kekuatan kanggo nggelar tontonan sandhiwara tradhisional. Saikikanthi madhep lan manteb pagelaran sandhiwara tradhisional kawiwiti, intro lan kelirbanjur kabuka. Minangka kenang-kenangan, apik banget yen pentas sandhiwara tradhisionalkang diadani para siswa difoto utawa direkam vidio minangka dokumen. Lan supaya114 Sastri Basa /Kelas 12asil ciptane para siswa bisa dirasakake dening masyarakat, para siswa kaajab bisanggunggah rekaman sandhiwara tradhisional ing internet lumantar you tube, websitesekolah utawa blog pribadi. Kanthi rasa bombong, para siswa kasil nggelar tontonan tradhisional ing adicara Ujian Praktik Sekolah Sumber foto: SMP Negeri 1 Parengan-TubanPasinaon 3 : Pakaryan Mandhiri Babagan Tontonan Sandhiwara Tradhisional Kanggo nuwuh lan ngrembakakake jiwa mandhiri lan daya cipta para siswa, anaing pasinaon 3 para siswa bakal kaadhepake karo pakaryan mandhiri. Pakaryan kangkudu ditindakake yaiku menehi tanggapan marang pagelaran sandhiwara tradhisionalkang digelar klompok liya, lan nulis Aksara Jawa babagan tontonan sandhiwaratradhisional.Garapan 1: Menehi Tanggapan Tontonan Sandhiwara Tradhisional Para siswa kaajab kanthi mandhiri, tanpa ngarep-arep pitulungane liyan, sartakanthi tinarbuka lan jujur menehi tanggapan arupa pambiji, panemu, lan panyaruwemarang klompok liya kang lagi nggelar pentas sandhiwara tradhisional. Bab kang perlu digatekake nalika menehi pambiji, panemu, lan panyaruwe,yaiku: 1) solah bawa, 2) polatan (ekspresi), lan 3)swara. Minangka sarana nindakakenayahan, nggawea tabel kaya tuladha ing ngisor iki.Lembar Ayahan Menehi Pambiji, Panemu, lan Panyaruwe TontonanSandhiwaraJeneng : …………………………….Kelas/No. Absen: …………………………….Sastri Basa /Kelas 12 115No. Jeneng Peran Solah Polatan Swara Dudutan Siswa Bawa1 Darul Anam Harya Penangsang grogi ampang lirih actinge seru ala2 Jubaidah Mentaun kurang kurang seru kurang3 GeSang Sultan Hadiwijaya obah lucu cukup kendel Sunan Kudus trep kasar ......... actinge Indra apik4 Sukardi meneng tanpa perlu ekspresi gladhen5 ............. Sunan Kalijaga ............ ............ ...............6 ............. Pemanahan ............ ............ ......... ...............7 ............. ............. ............ ............ ......... ...............8 ............. ............. ............ ............ ......... ...............9 ............. ............. ............ ............ ......... ...............10 ............... ............... ............ ............ ......... ...............11 Lan ............... ............ ............ ......... ............... sateruse Lembar ayahan kang wis diisi, katempel ing papan kang gampang kawaca. Parasiswa kanthi tertib gentenan maca lembar ayahan iku mau, minangka kaca benggalakanggo nyampurnakake yen ing wektu lan papan liya nggelar sandhiwara tradhisionalmaneh.Garapan 2: Nulis Aksara Jawa Babagan Tontonan Sandhiwara Tradhisional Saiki para siswa wis manggon ing papan kang pungkasan saka bangkupamulangan, awit sedhela maneh para siswa bakal ngayahi Ujian Akhir Sekolah. Mula,ngiras pantes kanggo gladhen ngadhepi Ujian Akhir Sekolah, cuplikan andharan babtontonan sandhiwara tradhisional ing ngisor iki, owahana saka teks aksara Latin daditeks aksara Jawa! Asil garapan para siswa bakal kakumpulake minangka portofolio.Tulisen nganggo aksara Jawa! (1) Ludruk mujudake kesenian khas Jawa Timur, sawijining teater rakyat kang ngrembaka saka kesenian jalanan utawa mbarang (ngamen). Cikal bakal ludruk yaiku kesenian lerok. Nalika tahun 1907, Pak Santik, Pak Pono, lan Pak Amir, mbarang ngamen saka desa ngadesa116 Sastri Basa /Kelas 12ing tlatah Jombang, kanthi nembang lan diiringi tetabuhan kang prasaja.(2) Kethoprak wiwit kagelar kanthi jangkep minangka tontonan kang ditanggap (profesional) wiwit tahun 1909. Nalika semana diwiwiti dening sanggar kethoprak Wreksatama pimpinan Ki Wisangkara, kanthi sekabehe paragane wong lanang. Crita kang kagelar yaiku: Warsa-warsi, Kendana-kendini, Darma-darmi, lan liya-liyane.Sastri Basa /Kelas 12 117GLADHEN WULANGAN VI. Pilih wangsulan sing paling bener!1. Cikal bakal ludruk yaiku kesenian .... a. lerok b. lorek c. remo d. besutan e. bandhan2. Tari pambuka ing pagelaran ludruk yaiku …. a. tari srimpi b. tari merak c. tari remo d. tari gambyong e. tari kreasi3. Para dhagelan ludruk biasane miwiti lawakane kanthi …. a. lagu dolanan b. tembang macapat c. tembang kenangan d. tembang campursari e. ngidung jula-juli4. Ludruk ora bisa diuwalake saka perjuangan bangsa Indonesia, awit …. a. ora bisa ditlesih wektu lahire lan sapa kang nyipta. b. ludruk minangka sarana propagandha nglawan penjajah. c. para nayaga ludruk wong lanang kabeh kang seneng berjuang. d. para pejuang seneng nonton pagelaran ludruk. e. sumber ceritane saka sejarah perjuangan nglawan penjajah.5. Tokoh ludruk kang dipateni Jepang, yaiku …. a. Cak Kartolo b. Cak Kirun c. Cak Durasim d. Cak Supali e. Cak Agus Kuprit6. Titikane crita ludruk yaiku …. a. Critane nggambarake kahanane masyarakat Jawa Timur. b. Critane nggambarake siagane para pahlawan nglawan penjajah. c. Critane nggambaraken panandhanging kawula cilik. d. Critane kapethik saka babad tanah Jawa. e. Critane kapethik saka epos Ramayana lan Mahabharata.118 Sastri Basa /Kelas 127. Kethoprak sing manggung kanthi pindhah-pindhah panggonan yaiku …. a. kethoprak jangkep b. kethoprak lesung c. kethoprak pendhapa d. kethoprak gejog e. kethoprak tobong8. Crita kethoprak biasane njupuk saka crita babad, tegese …. a. nggambarake panandhanging kawula alit b. crita kang ngandhut unsur sejarah c. crita bab asal-usul panggonan d. crita saka manca negara e. Crita carangan9. Kang dadi ciri wancine kethoprak, yaiku .... a. para pamaraga/pemain kudu bisa nembang b. para pamaraga/pemain kudu bisa nari c. para pamaraga/pemain kudu bisa bela dhiri d. para pamaraga/pemain kudu bisa nabuh gamelan e. para pamaraga/pemain kudu bisa dadi sutradhara10. Umume cerita ing kethoprak nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka .... a. dhagelan, jejer, pasulayan, perang, lan wasana b. dhagelan, jejer, perang, pasulayan, lan wasana c. jejer, pasulayan, dhagelan, perang, lan wasana d. jejer, dhagelan, pasulayan, perang, lan wasana e. jejer, perang, dhagelan, pasulayan, lan wasana11. Para pemain ludruk profesional, bisaane tampil tanpa naskah, ananging ... . a. tata laksana (pengelolaan) tontonan kaatur kanthi longgar lan spontan. b. sutradhara sing netepake casting (milih pamaraga) lan menehi andharan. c. pendhukunge ora andadekake ludruk minangka sumber pengasilan. d. pendhukunge ludruk durung kulina main, mula tampilane ora perlu naskah. e. isih perlu katuntun minangka paugeran pagelaran tontonan ludruk.12. Titikane basa lan sastra ludruk, uga padha karo titikane masyarakat Jawa Timur kang nduweni sipat tinarbuka lan apa anane (ceplas-ceplos), mula guneman ing ludruk .... a. migunakake basa kang lungit b. migunakake lelewaning basa c. dadi spontan lan prasaja d. dadi kaku kebak tatanan e. tansah cengengesan13. Asil utawa orane pakaryan kang dilakoni bebarengan ing sajerone kelompok tontonan, gumantung marang .... a. sutradhara lan sing nanggap tontonan.Sastri Basa /Kelas 12 119b. sutradhara, pemain, lan prodhuser. c. kepriye anggone sutradhara ngatur paraga. d. kepriye promosi lan tanggapane penonton. e. kepriye manajemen tontonan ing kelompok iku.14. Manajemen tontonan ndhuweni peranan, yaiku: a. netepake rancangan, ngorganisir, lan nandhingake b. netepake rancangan, ngoreksi, lan ngendhaleni c. netepake rancangan, ngorganisir, lan ngendhaleni d. netepake koordinasi, ngorganisir, lan ngendhaleni e. netepake jadwal, ngorganisir, lan ngendhaleni15. Minangka asil cipta sastra, teks sandhiwara nduweni mupangat Kultural, yaiku .... a. mupangat kang bisa dirasakake langsung dening panyemak. b. mupangat kang arupa wewarah bab seni utawa kaendahan kang bisa ditiru dening panyemak. c. mupangat kang arupa wewarah bab pranatan lan kabudayan ing bebrayan. d. mupangat kang arupa wewarah bab tata krama, budi pakerti, lan agama. e. mupangat kang arupa piwulang bab ketrampilan praktis kang bisa ditrepake ing bebrayan.II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki! a. Apa ciri-cirine basa lan sastra ing tontonan ludruk? b. Jlentrehna asal-usule tontonan Kethoparak! c. Wejangan/pesen ing crita ludruk lan kethoprak iku apa isih relevan yen ditrepake ing zaman saiki? Jlentrehna! d. Apa jalarane ludruk lan kethoprak kok tansah ngalami owah-owahan? e. Para paraga profesional ing sandhiwara tradhisional biasane luwih nengenake improvisasi tinimbang katuntun naskah. Apa jalarane? Jlentrehna!120 Sastri Basa /Kelas 12UJI KOMPETENSI SEMESTER GENAPI. Pilih wangsulan kang paling bener!1. Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku.... a. gancaran ‘prosa’, cerkak ‘cerpen’, lan sandhiwara ‘drama’ b. gancaran ‘prosa’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ c. tembang ‘nyanyian’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ d. pertunjukan ‘tontonan’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ e. babad ‘cerita sejarah’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’2. Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake.... a. uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk. b. uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan. c. uripe manungsa lumantar crita ing ndhuwur panggung. d. uripe manungsa lumantar kesenian tradisional. e. uripe manungsa lumantar sutradhara.3. Bobot ajining teks sandhiwara gumantung marang.... a. jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. b. pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. c. pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. d. basa rinengga (gaya bahasa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. e. dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.4. Wujud pasulayan ‘konflik’ yaiku.... a. psychological conflict, yaiku pasulayan ing antarane pawongan siji lan pawongan liyane. b. social conflict, pasulayan ing sanjerone batin sawijining pawongan. c. social conflict lan psychological conflict . d. antarane perangkat desa karo institusi Dewan Perwakilan Desa. e. amarga rebutan warisan.5. Sapa pawongan sing menang sajerone pasulayan, .... 121 a. bakal terus melu mubeng cakra manggilingan b. bakal manggon ing papan sing ngisor (mlarat, ina, utawa asor) c. bakal menang maneh ing pasulayan sabanjure d. bakal ora bisa dikalahake ing pasulayan sabanjureSastri Basa /Kelas 12e. bakal manggon ing papan sing dhuwur (sugih, pangkat, utawa drajat)6. Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani …. a. jejer (orientasi) b. pasulayan (komplikasi) c. pangudhare prakara (resolusi) d. pungkasaning crita (koda) e. owahing crita (revolusi)7. Umume, sandhiwara migunakake alur.... a. maju b. flash back c. campuran d. mundur e. wolak-walik8. Teks sandhiwara radhio ora mbutuhake pituduh laku, ananging mbutuhake .... a. kramagung b. pituduh akting c. pituduh pocapan d. pituduh bloking e. pituh gladhen9. Amarga antawacana ing teks sandhiwara radhio iku mujudake teks tulis kang arep diucapake kanthi lesan, mula .... a. bisaane migunakake basa baku b. basane kecampuran tembung ora baku c. basane trep karo unggah-ungguh basa d. ukarane dawa lan jangkep e. basane standar kaya basa Jogja-Solo10. Maneka jinis asil cipta sastra (utamane gancaran), bisa diowahi (dikonversi/alih wahana) dadi teks sandhiwara radhio. Carane, yaiku .... a. ngowahi gancaran dadi prosa b. ngowahi guneman dadi dhialog c. ngowahi guneman dadi antawacana d. ngowahi janturan dadi antawacana e. ngowahi antawacana dadi janturan11. Jalaran mung disemak kanthi dirungokake, mula pamaraga/pemain sandhiwara radhio kudu temen-temen nduweni swara ... a. kang bisa kaprungu endhek-dhuwur dening panyemak.122 Sastri Basa /Kelas 12b. kang bisa nggambarake figur/karakter tokoh kang diparagani. c. kang bisa kaprungu kanthi jelas dening panyemak. d. kang bisa diatur intensitas, intonasi, lan artikulasine. e. kang bisa kepenak dirungokake kaya swarane waranggana.12. Tumrap adegan lan kahanan kang ora bisa utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa), bisa diceritakakae dening .... a. sutradara b. pamaraga c. penulis naskah d. narator e. editor13. Tari pambuka ing pagelaran ludruk yaiku …. a. tari srimpi b. tari merak c. tari remo d. tari gambyong e. tari kreasi14. Para dhagelan ludruk biasane miwiti lawakane kanthi …. a. lagu dolanan b. tembang macapat c. tembang kenangan d. tembang campursari e. ngidung jula-juli15. Ludruk ora bisa diuwalake saka perjuangan bangsa Indonesia, awit …. a. ora bisa ditlesih wektu lahire lan sapa kang nyipta. b. ludruk minangka sarana propagandha nglawan penjajah. c. para nayaga ludruk wong lanang kabeh kang seneng berjuang. d. para pejuang seneng nonton pagelaran ludruk. e. sumber critane saka sejarah perjuangan nglawan penjajah.16.Tokoh ludruk kang dipateni Jepang, yaiku …. a. Cak Kartolo b. Cak Kirun c. Cak Durasim d. Cak Supali e. Cak Agus Kuprit17.Titikane crita ludruk yaiku …. a. Critane nggambarake kahanane masyarakat Jawa Timur.Sastri Basa /Kelas 12 123b. Critane nggambarake siagane para pahlawan nglawan penjajah. c. Critane nggambaraken panandhanging kawula cilik. d. Critane kapethik saka babad tanah Jawa. e. Critane kapethik saka epos Ramayana lan Mahabharata.18.Kethoprak sing manggung kanthi pindhah-pindhah panggonan yaiku …. a. kethoprak jangkep b. kethoprak lesung c. kethoprak pendhapa d. kethoprak gejog e. kethoprak tobong19.Crita kethoprak bisaane njupuk saka crita babad, tegese …. a. nggambarake panandhanging kawula alit b. crita kang ngandhut unsur sejarah c. crita bab asal-usul panggonan d. crita saka manca negara e. Crita carangan20.Kang dadi ciri wancine kethoprak, yaiku .... a. para pamaraga/pemain kudu bisa nembang b. para pamaraga/pemain kudu bisa nari c. para pamaraga/pemain kudu bisa bela dhiri d. para pamaraga/pemain kudu bisa nabuh gamelan e. para pamaraga/pemain kudu bisa dadi sutradhara21.Umume crita ing kethoprak nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka .... a. dhagelan, jejer, pasulayan, perang, lan wasana b. dhagelan, jejer, perang, pasulayan, lan wasana c. jejer, pasulayan, dhagelan, perang, lan wasana d. jejer, dhagelan, pasulayan, perang, lan wasana e. jejer, perang, dhagelan, pasulayan, lan wasana22. Para pemain ludruk profesional, bisaane tampil tanpa naskah, ananging ... . a. tata laksana (pengelolaan) tontonan kaatur kanthi longgar lan spontan. b. sutradhara sing netepake casting (milih pamaraga) lan menehi andharan. c. pendhukunge ora andadekake ludruk minangka sumber pengasilan. d. pendhukunge ludruk durung kulina main, mula tampilane ora perlu naskah. e. isih perlu katuntun minangka paugeran pagelaran tontonan ludruk.23. Titikane basa lan sastra ludruk, uga padha karo titikane masyarakat Jawa Timur kang nduweni sipat tinarbuka lan apa anane (ceplas-ceplos), mula guneman ing ludruk ....124 Sastri Basa /Kelas 12a. migunakake basa kang lungit b. migunakake lelewaning basa c. dadi spontan lan prasaja d. dadi kaku kebak tatanan e. tansah cengengesan24. Asil utawa orane pakaryan kang dilakoni bebarengan ing sajerone klompok tontonan, gumantung marang .... a. sutradhara lan sing nanggap tontonan b. sutradhara, pemain, lan prodhuser c. kepriye anggone sutradhara ngatur paraga d. kepriye promosi lan tanggapane penonton e. kepriye manajemen tontonan ing kelompok iku25. Minangka asil cipta sastra, teks sandhiwara nduweni mupangat Kultural, yaiku .... a. mupangat kang bisa dirasakake langsung dening panyemak. b. mupangat kang arupa wewarah bab seni utawa kaendahan kang bisa ditiru dening panyemak. c. mupangat kang arupa wewarah bab pranatan lan kabudayan ing bebrayan. d. mupangat kang arupa wewarah bab tata krama, budi pakerti, lan agama. e. mupangat kang arupa piwulang bab ketrampilan praktis kang bisa ditrepake ing bebrayan.II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener! 1. Apa gunane nyemak sandhiwara radhio? 2. Apa kang kudu ditindakake dening manungsa nalika manggon ing papan ngisor ing cakra manggilingan? 3. Kepriye carane ngonversi teks gancaran dadi teks sandhiwara radhio? 4. Apa wae kang kudu ditindakake sadurunge proses prodhuksi sandhiwara radhio? 5. Bab apa kang kudu digatekake sutradhara nalika milih lan netepake pamaraga/pemain ing sandhiwara radhio? Jlentrehna! 6. Apa ciri-cirine basa lan sastra ing tontonan ludruk? 7. Jlentrehna asal-usule tontonan kethoprak! 8. Wejangan/pesen ing crita ludruk lan kethoprak iku apa isih relevan yen ditrepake ing zaman saiki? Jlentrehna! 9. Apa jalarane ludruk lan kethoprak kok tansah ngalami owah-owahan? 10.Para paraga profesional ing sandhiwara tradhisional biasane luwih nengenake improvisasi tinimbang katuntun naskah. Apa jalarane? Jlentrehna!Sastri Basa /Kelas 12 125KAPUSTAKANBasuki, Widodo. 2004. Medhitasi Alang-alang. Kumpulan Geguritan. Sidoarjo : Sanggar Zuhra GupitaHarijono, Davit. 2011. Gurit Panuwuning urip. Antologi Geguritan. Malang : UM PressKamandaka, Arim. Dkk. 2011. Antologi Crita Cekak lan Geguritan. Pasewakan. Yogyakarta : Elmatera PublishingSayuti, Suminto A. 1983. Seri Pengetahuan dan Apresiasi Sastra. Berkenalan dengan Puisi. Yogyakarta : Penerbit “Sendiri”http://berbahasa-bersastra.blogspot.com/2011/11/teori-dan-langkah-langkah- pembacaan.htmlhttp://bonarine.blogspot.com/2008/03/moch-nursyahid-purnomo-sastra- pinangka.htmlhttp://coretan-pena-pemula.blogspot.com/2013/07/unsur-unsur-puisi-struktur-fisik- dan.htmlhttp://hedisasrawan.blogspot.com/2012/12/unsur-intrinsik-dan-ekstrinsik-puisi.htmlhttp://jv.wikipedia.org/wiki/Geguritanhttp://othmanhapidzuin.blogspot.com/pemakaian-tanda-baca-dalam-puisi.htmlSumber GambarKoleksi Pribadi www.pitoyosusanto.blogspot.com

126 Sastri Basa /Kelas 12



Page 2

No. Karakteristik Teks Anekdot Karakteristik Teks Humor1 Guyonane ngandhut pasemon, Guyonane lugu/ wantah. wewarah, lan utawa wejangan. Isine nyritakake lelakone paraga/2 Isine nyritakake lelakone paraga/ wong biasa. Mupangate minangka sarana lelipur wong penting. utawa hiburan.3 Mupangate minangka sarana kritik sosial lan hiburan. Tabel 3.1 : Bedane teks anekdot lan teks humor. Sabanjure, supaya para siswa luwih paham ngenani bedane teks anekdot karoteks humor. Wacanen teks ing ngisor iki kanthi patitis, banjur wangsulana pitakon-pitakone.Teks 1: GARA-GARA TEGESAN ROKOK Sapa sing ngira yen Bandhot (jenengsinglon/samaran) iku bisa dadi anggota DPR sakapartai EDST (Esuk Dhele Sore Tempe)? Nalika isihcilik uripe ketula-tula ketali, mula budhal sakakampung biyen, Bandhot mung modhal ijasah SMP.Ananging mbuh kanthi cara piye, sing nyata saikijenenge Bandhot malih dadi dawa yaiku DR.Bandhot, MM, M.Si. Kanthi kedhok nindakake studi bandhing, asubelang kalung wang iku blanja lan seneng-senenging Singapura. Dhasar Bandhot, senajan saiki wis dadi anggota DPR nanging tindak-tanduke kerep ora ngatonake sikap minangka anggota DPR kang kinurmatan. Orasadhar yen tingkah polahe kelacak kepathak dening petugas, Bandhot kebal-kebulngrokok karo lungguh ing bangku pojok taman. Nalika rokoke wis entek, tegesanedibuwang mak prung ceblok ing sisih tengen sikile. Sabanjure, petugas karo mendelik nakoni Bandhot, “Apa sampeyan ora sadharyen nglanggar aturan? “Aturan apa sing taklanggar?”, Bandhot balik takon karo malang kerik. “Sampeyan mbuwang sampah sembarangan, mbuwang tegesan iku dhendhanegedhe, sampeyan bisa ditahan!”, petugas mangsuli karo nesu. Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok singdibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, “Ooo .... sepurane,rokokku ceblok”.“Ati-ati aja nganti ceblok maneh!”, jawabe petugas karo ngukur sirahe sing oragatel.40 Sastri Basa /Kelas 12Teks 2: GARA-GARA ORA BISA TURU Nalika lagi ngawas Ujian Kenaikan Kelas, guru nggatekake salah siji murid sing mripate katon abang lan bola-bali angop merga ngantuk. Lembar jawaban ing meja murid iku isih katon resik durung ditulisi apa-apa, kejaba jeneng lan nomer ujiane. Guru banjur nyedhak karo takon, “Sirahmu kok theklak-thekluk, ngantuk ya?” “Ngapunten pak, wau dalu kula mboten saged tilem,” jawabe murid tanpa tidha-tidha. “Yen mengkono, ujianmu diundur minggu ngarep wae!” Pak guru duka karo mentheleng. Mak gragap, murid iku kaget jalaran ora nyangka yen pak guru bakal ngendika mengkono. Kanthi diwanek-wanekake murid nyuwun pirsa marang guru, “Kenging menapa kok mekaten? “Hla ... yen turu sing ora mbutuhake pikiran wae kowe ora bisa, apamaneh nggarap ujian? Mesthi tambah ora bisa!” “Ha...???”, murid iku mlongo ora bisa ngomong apa-apa.Bausastra : : sering, sok, kerepasring : diblakakake, diwalehake, dilairakediwedharake : lumereg, ora lugu, ora wantahentar : ngandharake sipate paraga utawa kahananjanturan : topengkedhok : kalung dhuwit, sugih dhuwitkalung wang : pinter, gatekanlantip : alasanpawadan : rangu-rangu, samar, ora terangtidha-tidha : paugeran, pranatanwewatonYen diwaca sakeplasan teks ing dhuwur katone padha lucune, nanging yen digatekakekanthi temen pranyata teks loro iku ana bedane. Kanggo nemokake bedane,jangkepana tabel lan wangsulana pitakonan ing ngisor iki!1. Jangkepana tabel karakteristik teks kanthi irah-irahan ”Gara-gara Tegesan Rokok” iki!Sastri Basa /Kelas 12 41No. Karakteristik Teks Bukti Kutipan Teks/Keterangan1. .......................... ........................................................ ........................... ........................................................1. .......................... ........................................................ ........................... ........................................................1. .......................... ........................................................ ........................... ........................................................2. Kanthi mangkono, teks kanthi irah-irahan ”Gara-gara Tegesan Rokok” kalebu teks apa?3. Jangkepana tabel karakteristik teks kanthi irah-irahan “Gara-gara Ora Bisa Turu” iki! No. Karakteristik Teks Bukti Kutipan Teks/Keterangan1. .......................... ............................................ ........................... ............................................2. .......................... ............................................ ........................... ............................................3. .......................... ............................................ ........................... ............................................ 4. Kanthi mangkono, teks kanthi irah-irahan ”Gara-gara Ora bisa turu ” kalebu teks apa?Garapan 2 : Ndhudhah Struktur Teks Anekdot Teks anekdot kang jangkep lan apik nduweni struktur utawa wangunan kangdumadi saka: a) janturan, yaiku andharan umum kang nggambarake mula bukaningcrita, b) pawadan, yaiku perangan kang ngandharake pawadaning (latar belakang)crita, c) prakara, yaiku perangan crita kang nggambarake kahanan kang gawat, aeng‘aneh’, utawa janggal ‘ora lumrah’ d) tanggapan, yaiku panemune paraga marangkahanan kang dumadi, lan d) wasana, kahanan pungkasaning crita.42 Sastri Basa /Kelas 12Sawise maca kanthi titi teks anekdot basa Jawa kanthi irah-irahan ”Gara-garaTegesan Rokok” kasebut, tindakna pakaryan-pakaryan ing ngisor iki:a. Gatekna tabel struktur teks iki!No. Struktur Teks Kutipan Teks Sapa sing ngira yen Bandhot (jeneng singlon/samaran) iku bisa dadi anggota DPR saka partai EDST (Esuk Dhele Sore Tempe)? Nalika isih1 Janturan cilik uripe ketula-ketula ketali, mula budhal saka kampung biyen, Bandhot mung modhal ijasah SMP. Ananging mbuh kanthi cara piye, sing nyata saiki jenenge Bandhot malih dadi dawa yaiku DR. Bandhot, MM, M.Si. Kanthi kedhok nindakake studi bandhing, asu belang kalung wang iku blanja lan seneng-seneng ing Singapura. Dhasar Bandhot, senajan saiki wis dadi anggota DPR nanging tindak-tanduke kerep2 Pawadan ora ngatonake sikap minangka anggota DPR kang kinurmatan. Ora sadhar yen tingkah polahe kelacak kepathak dening petugas, Bandhot kebal-kebul ngrokok karo lungguh ing bangku pojok taman. Nalika rokoke wis entek, tegesane dibuwang mak prung ceblok ing sisih tengen sikile. Sabanjure, petugas karo mendelik nakoni Bandhot, “Apa sampeyan ora sadhar yen nglanggar aturan?3 Prakara ”Aturan apa sing taklanggar?”, Bandhot balik takon karo malang kerik. ”Sampeyan mbuwang sampah sembarangan, mbuwang tegesan iku dhendhane gedhe, sampeyan bisa ditahan!”, petugas mangsuli karo nesu. Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal4 Tanggapan buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, ”Ooo .... sepurane, rokokku ceblok”.5 Wasana ”Ati-ati aja nganti ceblok maneh!”, jawabe petugas karo ngukur sirahe sing ora gatel.b. Coba tlitinen apa kutipan teks ing dhuwur wis trep karo struktur teks kang ana? Yen kaanggep durung trep, apa alasane? Perangan endi saka kutipan teks kang kaanggep kurang utawa luwih?Sastri Basa /Kelas 12 43c. Sawise para siswa niteni struktur teks anekdot basa Jawa mawa irah-irahan ”Gara- gara Tegesan Rokok” kanthi premati, coba critakna maneh teks anekdot kasebut ing ngarep kelas! Njaluka pitulungan kanca-kancamu supaya nyemak teks lesan kang kocritakake, lan jaluka uga panemune! Rembugen lumantar dhiskusi kelas!Garapan 3 : Ngidhentifikasi Titikan Basa Teks Anekdot Teks anekdot dimanfaatake dening masyarakat, minangka sarana kanggonyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang politik, sosial, lan lingkungan.Pasemon utawa kritikan yen dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumbonilelewaning basa kang trep, bisa dadi sarana kritik sosial kang dulce et utile ’nyenengake lan migunani’. Akeh kang kandha yen wong saiki ora mudheng yen disemoni, polahe malah sangsaya ndadra. Panemu kang mangkono ora kabeh bener, ananging mbok menawa carane nyemoni kang durung trep, wantah banget. Mula supaya pasemon bisa nuju prana, teks anekdot kang apik kudu migunakake lelewaning basa kang trep.Lelewane basa ing basa Indonesia diarani gaya bahasa, dene ing basa Inggris diaranilanguage style. Minangka teks kang tujuane kanggo nyemoni utawa nyindir, teksanekdot basa Jawa nduweni titikan yaiku kerep migunakake lelewaning basa kangarupa paribasan, bebasan, lan saloka. S. Padmosoekotjo ing bukune kang asesirah Ngengrengan Kasusastran DJawajilid I ngendikakake ngenani: 1) paribasan, yaiku unen-unen kang ajegpanganggone, duwe teges entar, nanging ora ngemu surasa pepindhan, 2) bebasan,unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan, lankang dipindhakake kahanan utawa sipate manungsa, lan 3) saloka, unen-unen kangajeg panganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan nanging kangdipindhakake manungsane. Paribasan, bebasan, lan saloka, padha-padha mujudake unen-unen kang ajegpanganggone lan nduweni teges entar, kang mbedakake yaiku bab surasapepindhane; ing paribasan surasane tanpa pepindhan, ing bebasan surasane mawapepindhan babagan kahanan utawa sipate manungsa, lan ing saloka surasane mawapepindhan babagan manungsane. Kanggo ngundhakake kaweruhing para siswa babagan titikane basa ing teksanekdot basa Jawa, tindakna ayahan iki:1) Temokake titikane basa ing teks anekdot basa Jawa kanthi irah-irahan ”Gara- gara Tegesan Rokok” , kanthi lumantar njangkepi tabel ing ngisor iki!44 Sastri Basa /Kelas 12No. Titikan Basa Kutipan Saka Teks Tegese1 Paribasan2 Bebasan ............................ ................................3 Saloka ............................ ................................. ............................ ................................. ............................ ................................ ............................ ................................. ............................ ................................. ............................ ................................ ............................ ................................. ............................ .................................2) Paribasan, bebasan, lan saloka kang wis kasil kotemokake, sabanjure mekarna kanthi nggawe dadi paragrap anyar kang apik lan bener!Garapan 4 : Mbabar Isine Teks Anekdot Minangka teks sastra, teks anekdot nduweni ajaran moral kang diwedharakepengarang lumantar tingkah polahe para paraga ing crita. Ajaran moral sajeoning teksmujudake wejangan utawa wewarah kang nduweni sipat praktis, jalaran pituduh ikubisa ditrepake ing bebrayan kanthi ndadekake pocapan, polatan, lan tumindake paraparaga ing teks minangka kaca benggala. Teks anekdot isine pasemon utawa sindiran, mula dimanfaatake deningmasyarakat minangka sarana kanggo nyemoni tingkah polah para pemimpin (pejabat/wong penting) kang kudune menehi layanan marang masyarakat. Lumantar teksanekdot, masyarakat pengin para pejabat nduweni moral kang apik, bener, lan penerjumbuh karo norma-norma kang diakoni masyarakat. Isine teks anekdot bisa kadudutsaka lelewaning basa (paribasan, bebasan, saloka, lan pasemon/sindiran liyane) kangdigunakake sajroning teks. Kanggo mbabar isine teks anekdot basa Jawa kanthi irah-irahan ”Gara-garaTegesan Rokok”, tindakna ayahan lan wangsulana pitakon iki:1) Jangkepana tabel pasemon ing ngisor iki!No. Teks Pasemon Tegese Isi Pasemon1 Bandhot Wedhus lanang2 Ketula-tula ketali Tansah nandang Nyemoni oknum anggota reribed DPR kang nduweni watak asor. .................................... ....................................Sastri Basa /Kelas 12 453 jenenge Bandhot malih ......................... Nyemoni wong kang dadi dawa yaiku DR. ......................... padha duwe ijazah palsu. Bandhot, MM, M.Si.4 Kedhok ......................... .................................... ......................... .................................... .............................. ......................... ....................................5 .............................. ......................... ....................................2) Kanthi dhasar pasemon ing tabel ndhuwur, jlentrehake isine teks anekdot basa Jawa kanthi irah-irahan ”Gara-gara Tegesan Rokok”!Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Babagan Teks Anekdot Sawise mahami karakteristik, struktur, titikane basa, lan isine teks anekdot basaJawa, ana ing pasinaon 2 para siswa bakal kaadhepake karo pakaryan kang asipatprodhuktif, yaiku nulis lan mbiwarakake sawijining teks anekdot basa Jawa. Parasiswa kaajab kanthi greget, dhisiplin, lan pracaya marang kabisane pribadhi makaryabebarengan karo kanca ing kelompok, nulis lan mbiwarakake sawijining teks anekdot.Garapan 1 : Nulis Teks Anekdot Miturut andharan ing ngarep, pandhapuke teks anekdot kudu adhedhasarprastawa lan kedadean kang nyata minangka sumber idhe utawa gagasan. Prastawalan kedadean kang nyata diolah minangka bahan pokok teks anekdot, banjurdibumboni maneka warna lelewaning basa (paribasan, bebasan, saloka, lanpasemon/sindiran liyane) lan ukara lucu minangka panyedheping rasa basa. Supaya dhapukan teks anekdot ora nguciwani, tataran utawa trap-trapan ikibecik yen katindakake:1) Milih prastawa utawa kedadean kang nyata minangka sumber idhe utawa gagasan. Sumber idhe utawa gagasan bisa kajupuk saka pengalaman pribadi utawa pawarta babagan tingkah polahe para priyayi (wong penting/pejabat/tokoh masyarakat) ing ariwarti, kalawarti, radhio, televisi, internet, lan medhia massa liyane. Milih sumber anekdot kudu ati-ati, aja milih bab-bab kang kaanggep sakral dening masyarakat, sabab bisa njalari dumadine cecongkrahan (suku, agama, ras, lan antar golongan). Aja ndhapuk anekdot kang saru (lekoh), jalaran cengkah karo norma lan budaya bangsa kita. Eling, yen salah siji tujuane teks anekdot yaiku ngajak tumindak becik lumantar pasemon. Supaya luwih aman, apike jenenge paraga lan papan dumadine prakara kasamarake.46 Sastri Basa /Kelas 122) Ndhapuk cengkorongan teks anekdkot. Supaya teks anekdot kang kasusun bisa apik lan runtut, mula cengkorongan teks anekdot kudu katulis kanthi urut miturut strukture, yaiku janturan, pawadan, prakara, tanggapan, lan wasana. Mupangate cengkorongan, yaiku kanggo nuntun panulis supaya dhapukane teks ora nyebal saka tema lan ora ndadekake wor- suhing ‘campur-bawur’ bab kang dirembug.3) Mekarake cengkorongan dadi teks anekdot kang utuh. Saliyane dibumboni maneka warna lelewaning basa (paribasan, bebasan, saloka, lan pasemon/sindiran liyane), teks anekdot bakal luwih ndudut ati yen kabukak kanthi ukara pitakon retoris (ukara pitakon kang ora mbutuhake wangsulan). Kanthi ukara pitakon iki, pandhapuk wis ngajak srawung wong kang nyemak teks anekdot. Tuladha: (1) Sapa wonge sing ora nggumun weruh tingkah-polahe bupati iki? (2) Apa tumon, pejabat kok tumindake kaya bocah cilik? Kagetna panyemak anekdot, tegese aja ndeleh lelucon ing awal teks (perangan janturan utawa pawadan)! Aja menehi pituduh marang panyemak, yen dheweke arep nyemak prakara kang lucu! Jarna utawa umbaren panyemak nemokna lelucon iku dhewe! Ing perangan lelucon, gunakna tembung-tembung kang cekak aos, prasaja, lan gampang dimangerteni liyan!4) Nyunting teks anekdot. Sawise teks anekdot rampung kadhapuk, supaya apik lan lucu teks kudu kasunting luwih dhisik. Nyunting tegese ndandani utawa moles isi, tata basa, lan tata tulis. Kaya dene watu akik, teks kudu diampelas lan dipoles kanthi nastiti lan ati-ati. Tembung-tembunge yen karasa kurang trep bisa kaganti, ukarane yen mbingungake bisa kadandani, lan yen ana kang kurang utawa luwih bisa kasampurnakake.Tindakna pakaryan iki:Kanthi pawitan sakabehing kaweruh kang wis kotampa, saiki para siswa kajalukmakarya bebarengan karo kanca ing sajroning klompok, nulis teks anekdot kang lucu,apik, lan bener adhedhasar pilihan pawarta ing ngisor iki!Pilihan Teks Pawarta 1: GAGAL DADI CALEG, BANTUAN DITARIK indosiar.com, - Tingkah polahe para caleg kang gagal lolos seleksi pemilu legislatif akeh kang nganeh-anehi. Saperangan bantuan kang sempat dibagi marang masyarakat ditarik balik maneh. Ing sawijining kabupaten kang kalebuSastri Basa /Kelas 12 47tlatah Jawa Timur, ana mantan caleg narik balik sumbangan material kanggo pembangunan mushola. Pembangunan mushola ing RT 2 RW 2 Desa Merem Kecamatan Melek iku bakal kandheg. Jalaran material bantuan saka Sodron, pawongan mantan caleg Partai Bajul Buntung dijaluk maneh. Gara-gara Sodron kuciwa meruhi oleh-olehane swara ing pemilu legislatif 9 April wingenane ora kaya kang dikarepake. Miturut Bedhor Ketua RT ing kono, material kang arupa bata cacah 2000, semen 10 sak, lan pasir rong truk pancen diwenehake dening Sodron kanggo pembangunan mushola nalika ngepasi mangsa kampanye wingenane lumantar salah siji tim suksese. Nanging Sodron njaluk maneh bantuane, jalaran ing papan iki dheweke mung oleh swara cacahe 29. (Danu Sukendro/Dony Okto Yudha/Sup)Pilihan Teks Pawarta 2: WALIKOTA NGAMUK Liputan 6.com – Suwasana andum es krim gratis Wall’s ing Taman Bukul ndadak dadi tegang. Udakara jam 10.30 WIB, Walikota Surabaya, Tri Rismaharini rawuh lan langsung ngamuk, jalaran weruh taman kota rusak. Risma langsung mrentahake Bagian Hukum Pemkot Surabaya nggugat panitia kanthi pidana dan perdhata. "Iya, ibu duka banget, jalaran panitia ora nggatekake resikone acara, taman sadawaning dalan kiwa-tengene Taman Bungkul kang tumata asri nganti prapatan Al-Falah rusak kabeh, wong kang melu acara iku ana atusan ewu," ujare Kabag Humas Pemkot Surabaya M Fikser, Minggu (11/5). "Nggawe taman iki ora gampang, biayane ya ora sithik, iki mono dhuwite rakyat. Aku arep nuntut panitia!”, ngendikane Bu Risma karo nuding- nuding panitia. Panitia mung manthuk-manthuk lan ora bisa kumecap apa-apa. Sabanjure ketua panitia janji arep ndandani sakabehe taman lan wangunan kang rusak.48 Sastri Basa /Kelas 12Pilihan Teks Pawarta 3: CAK KANDAR, NGLUKIS KARO WONG GENDHENG Apa sesambungane pelukis karo pasien rumah sakit jiwa? Mbokmanawa sabrebetan pancen ora ana. Mung wae, ana panemu kang ndeleng saka sudut ilmu psikologi, ”seni” bisa digunakake minangka salah sijine ”terapi penyembuhan”. Kanggo mbuktekake iki, ing dina Senen 12 Mei 2006, Cak Kandar, salah sijining pelukis kondhang Surabaya sing wis hijrah menyang Jakarta, blusukan ing Rumah Sakit Jiwa (RSJ) Menur, Surabaya, saperlu ngajari nglukis pasien ing kana. ”Sing gendheng kuwi sejatine ora mung wong sing ana rumah sakit jiwa wae. Koruptor, penyelundup, kang nindakake illegal logging, lan pelaku tindak kriminal sing gedhe-gedhe kae iya kalebu wong gendheng. Wong-wong kuwi gendhenge luwih nemen sebab ngrugekake wong akeh tur mbebayani banget,” kandhane dhiplomatis. Ora nggumunake nalika acara nglukis bareng ing RSJ Menur iku suwasanane malih regeng. Rata-rata para pasien katon seneng, ana sing nggambar kembang, ana sing nggambar abstrak. Apa maneh nalika diwenehi biji 80, senenge ora jamak, malah ana sing jingkrak-jingkrak kaya bocah cilik. Nanggapi gagasan program nglukis tumrap pasien rumah sakit jiwa iki, dr. Nugroho ES SpKJ, direktur RSJ Menur, nganggep positif lan mbiji yen narik kawigaten banget. ”Iki positif banget lan gedhe banget manfaate tumrap pasien. Dakajab program iki bisa diterusake,” ngendikane. Ature: Endang Irowati/Widodo B JB 43/LX, 25 Juni-1 Juli 2006Garapan 2 : Mbiwarakake Teks Anekdot Sawise sakabehe proses nulis teks anekdot rampung, supaya asil karyane parasiswa bisa dirasakake dening wong akeh, para siswa kaajab bisa macak/ majang tekskasebut ing Mading (majalah dinding) sekolah, lan utawa nggunggah ing internetlumantar website sekolah utawa blog pribadi. Supaya narik kawigaten, apik bangetyen teks anekdot kang kadhapuk kawuwuhi gambar karikatur kang lucu lan warna-warni.Kanggo pakaryanmu:Pajangen tulisan anekdot karyamu ana Mading utawa unggahen menyang internetlumantar web sekolah utawa blog pribadimu!Sastri Basa /Kelas 12 49Pasinaon 3: Makarya Kanthi Mandhiri Babagan Teks Anekdot Suwasana guyup rukun, pranyata bisa karasakake nalika makarya kanthibebarengan kanca ing klompok. Saiki kanggo nuwuhake lan ngrembakakake jiwamandhiri para siswa, ana ing pasinaon 3 para siswa bakal kaadhepake karo ayahanmandhiri, yaiku maca endah lan nulis teks anekdot kanthi aksara Jawa.Garapan 1 : Maca Endah Teks Anekdot Saben wong mesthi tau maca. Maca warta, maca buku cerita, maca komik, macabuku wulangan, maca kitab suci, lan liya-liyane. Beda kang diwaca, beda ugatatacarane maca. Maca teks anekdot beda karo maca tulesan biasa. Nalika maca teksanekdot, apa maneh maca teks ing ngarepe wong akeh (ing panggung) mesthinekudu migunakake tata cara (teknik) tartamtu. Supaya bisa maca kanthi endah, pamaca kudu bener lan pener anggonengucapake lafal, nadha, intonasi, ekspresi, lan gestur jumbuh karo isine teks anekdot.a. Lafal utawa vokal ateges pocapan, yaiku upaya kanggo nuturake tembung utawa ukara kang ndhapuk teks anekdot kanthi pener, jumbuh karo lambang-lambang fonetis basa kang kagunakake. Tuladhane fonem /d/ kudu dilafalake kanthi pener, ora oleh dilafalake kanthi fonem /dh/ utawi /t/.b. Nadha, yaiku endhek-dhuwure swara kang dipocapake pamaca teks anekdot jumbuh karo isine teks. Tembung utawa ukara tartamtu kang perlu oleh kawigaten, perlu diucapake kanthi nadha dhuwur. Kosok baline, tembung utawa ukara biasa kang ora perlu oleh kawigaten, cukup diucapake kanthi nadha biasa (lumrah). Dalasan, kanggo paragrap utawa ukara ing pungkasane teks, apike diucapake kanthi nadha endhek banget.c. Intonasi ing sajrone maca teks anekdot ateges wiramane ukara, yaiku rendhet- cepet lan agal-aluse pocapane pamaca nalika nuturake tembung lan ukara sajrone teks.d. Ekspresi, yaiku polatane rai kang ngatonake rasa batin. Pamaca teks anekdot kudu ngatonake ekspresi jumbuh karo kandhutane isi teks kang kawaca. Yen teks anekdot iku nduweni nadha susah, mula ekspresi pamaca teks uga kudu ngatonake ekspresi kasusahan. Kosok baline, yen teks anekdot iku nduweni nadha sumringah, mula ekspresi pamaca tesk uga kudu ngatonake ekspresi sumringah.e. Gestur mujudake solah bawa utawa tingkah polahe pamaca jumbuh karo isine teks. Obahe tangan lan sikil ing dhuwur panggung kudu trep karo panjaluke teks.Tindakna pakaryan iki:Sadurunge ngayahi pakaryan iki, becike para siswa gladhen luwih dhisik ing omahutawa papan liya, awit guru arep mbiji babagan lafal, nadha, intonasi, ekspresi, langestur para siswa nalika maca teks. Kanthi linambaran pangreten kasebut, pilihensalah siji teks anekdot ing ngisor iki, banjur wacanen ing ngarep kelas!50 Sastri Basa /Kelas 12Teks Anekdot 1: KETHEK BULE Sapa kang durung tau weruh Tunjungan? Iku lho pusat bisnis lan gedhung tua ing Surabaya. Dina Minggu esuk, Budi karo Wiji arep mlaku-mlaku ngumbah mata ing Tunjungan. Supaya bisa nyawang menjaba kanthi cetha, bocah loro mau anggone numpak angkot saka terminal Bungurasih milih lungguh cedhak lawang. Sajrone angkot wis ana penumpange, kalebu bule (wong barat) loro, katone bos karo anak buahe. Sadawaning dalan, bule iku tansah cas-cis-cus ngomentari sakabehing sesawangan kang dilewati. Budi lan Wiji mripate bola-bali nglirik marang bule iku mau, batine nggrundhel, “Ngomong apa ... bule iki!”. Tekan Wanakrama, bulene arep mudhun. Budi nendhang sikile Wiji karo mbengok, “Minggir Ji, ana kethek loro arep liwat !”. Sakbanjure bule sing arep mudhun mau karo mesem ngomong marang Budi lan Wiji, “Nuwun sewu Mas, kethekipun badhe mandhap.” Budi lan Wiji ketenggengen karo nyawang bule loro mau. Ora nganti semenit penumpang angkot liyane padha ngguyu kepingkel-pingkel. ”Giri lusi janma tan kena ingina, bule sing tua iku Konjen Amerika, wis suwe dines ing Surabaya. Piyayine sabar njawani, seneng blusukan, lan kerep numpak angkot,” ujare sopir angkot karo noleh mburi. Krungu omongane sopir, bocah loro cep klakep kaya orong-orong kepidak. Sateruse bocah loro mung pandeng-pandengan.Teks Anekdot 2: MOBIL MURAH Sapa wonge sing pengin duwe 51 urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales, awak yen lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi. Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”.Sastri Basa /Kelas 12”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kapeksa dibungkukake. ”Nuwun sewu, sugeng enjing,” Kangsa uluk salam. ”Ooo...inggih, Pak Kangsa...mangga lenggah, wonten kersa menapa,” Pak Jaksa mbagekake tamune. ”Saderengipun kula matur, kula nyadhong duka mbok menawi kula klentu ing atur,” Kangsa miwiti rembug kanthi alus. Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.” ”Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane. ”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nuding mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.” ”mBoten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges. ”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusake ngendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!” ”Ooo...inggih...inggih..., kula nyuwun pamit.” Kangsa mlaku ngloyor kaya Baladewa ilang gapite.Garapan 2 : Nulis Teks Anekdot Kanthi Aksara Jawa Para siswa kaajab kanthi titi lan tatas, bisa ngowahi (alih wahana) cuplikan teksanekdot ing ngisor iki saka teks aksara Latin dadi teks aksara Jawa. Asil pakaryanpara siswa bakal kakumpulake minangka portofolio. Gatekna panganggone pada ingteks!52 Sastri Basa /Kelas 12Tulisen nganggo aksara Jawa! Tekan Wanakrama, bulene arep mudhun. Budi nendhang sikile Wiji karo mbengok, “Minggir Ji, ana kethek loro arep liwat !”. Sakbanjure bule sing arep mudhun mau karo mesem ngomong marang Budi lan Wiji, “Nuwun sewu Mas, kethekipun badhe mandhap.” Budi lan Wiji ketenggengen karo nyawang bule loro mau. Ora nganti semenit penumpang angkot liyane padha ngguyu kepingkel-pingkel.Sastri Basa /Kelas 12 53GLADHEN WULANGAN IIII. Pilih wangsulan kang paling bener!1. Saiki ing layar televisi asring ditayangake acara Stand-up comedy ‘dhagelan ngadeg’, yaiku acara lawak kang .... a. pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg dhewekan tanpa kanca. b. pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg karo group lan kanca. c. pamaraga dhagelan utawa pelawak muncul ing pangggung kanthi improvisasi. d. pamaraga dhagelan utawa pelawak muncul ing pangggung kanthi ngapalake naskah. e. pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg lan ngapalake naskah.2. Sajrone pasrawungan, wong kang pinter crita biasane akeh kancane, jalaran .... a. critane bisa agawe guyu b. sing diajak jagongan mesthi krasan c. wektu sak jam krasa mung sedhela d. ketrampilan agawe guyu dibutuhake e. pakaryane ngomong ing ngarepe wong akeh3. Guyon yen kebablasen sok-sok malih dadi tangisan, jalaran .... a. yen guyon kudu nganggo wewaton b. bebrayan Jawa nduweni paugeran c. guyon iki kerep kasebut guyon maton d. gawe lara atine liyan pungkasane dadi tukar padu e. bab guyon, mesthi ana wewatone4. Guyon maton mujudake adat kebiasan masyarakat Jawa kanggo.... a. nerak norma-norma ing masyarakat b. mulangake wejangan utawa ilmu pengetahuan c. ndudut ati lan ora mboseni katampa kanthi ikhlas jalaran ora ngguroni, d. ngguroni masyarakat Jawa babagan norma-norma e. pralambang kang nglatih lantiping pikir.5. Para pamicara kerep migunakake teks anekdot sajrone nindakake ayahane, kanggo .... a. nabet ing atine para panyemak b. nyemoni para priyayi c. guyon karo para panyemak d. guyon karo wong penting/pejabat publik e. sarana guyon maton54 Sastri Basa /Kelas 126. Teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks utawa guyonane wong pinter, jalaran .... a. akeh sing ngarani yen teks anekdot iku padha wae karo teks humor. b. sejatine teks anekdot iku beda karo teks humor. c. teks anekdot drajate luwih dhuwur yen katandhing karo teks humor. d. teks anekdot drajate pada wae yen kabandhing karo teks humor. e. teks anekdot nduweni isi, lelewaning basa, lan tujuan kang gumathok.7. Bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku .... a. Teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut pasemon, wewarah, lan utawa wejangan. b. Teks anekdot isine nyritakake lelakone wong penting, yen teks humor isine nyritakake lelakone wong biasa. c. Teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen teks humor mupangate minangka sarana kritik sosial. d. Teks anekdot kadhapuk adhedhasar khayalan utawa imajinasi, yen teks humor kadhapuk adhedhasar prastawa kang nyata. e. Teks anekdot guyonan ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor guyonane migunakake lelewaning basa.8. Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, “Ooo .... sepurane, rokokku ceblok”. Punggelan teks kasebut miturut struktur teks anekdot kalebu perangan …. a. janturan b. pawadan c. prakara d. tanggapan e. wasana9. Teks anekdot dimanfaatake dening masyarakat, minangka sarana kanggo .... a. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang pertahanan lan keamanan. b. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang kesenian, budaya, lan hiburan. c. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang politik, sosial, lan lingkungan. d. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ilmu pengetahuan lan tekhnologi. e. nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ekonomi, agama lan kepercayaan.10. Ajaran moral sajeroning teks anekdot mujudake wejangan utawa wewarah kang nduweni sipat praktis, jalaran.... a. diwedharake pengarang lumantar para paraga. b. pituduh iku bisa ditrepake ing bebrayan.Sastri Basa /Kelas 12 55c. minangka kaca benggala. d. kanggo nyemoni tingkah polah para pemimpin. e. masyarakat pengin para pejabat nduweni moral kang apik.11. Minangka teks kang tujuane kanggo nyemoni utawa nyindir, teks anekdot basa Jawa nduweni titikan yaiku .... a. migunakake basa baku utawa standar. b. migunakake basa campuran baku lan ora baku. c. migunakake basa kang trep karo unggah-ungguh basa. d. migunakake paribasan, bebasan, lan saloka. e. migunakake basa standar kaya Jogja-Solo.12. Supaya bisa dadi sarana kritik sosial kang dulce et utile ‘nyenengake lan migunani’, teks anekdot kudu .... a. dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumboni lelewaning basa kang trep. b. dibungkus kanthi crita horor kang medeni lan dibumboni lelewaning basa kang trep. c. dibungkus kanthi crita kang up to date lan dibumboni lelewaning basa kang trep. d. dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni gambar-gambar kang endah. e. dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni prenesan maneka warna.13. Milih sumber teks anekdot kudu ati-ati, kudu nyiriki …. a. pengalaman pribadi utawa pawarta babagan tingkah polahe para priyayi. b. ariwarti, kalawarti, radhio, televisi, internet, lan media massa liyane. c. bab-bab kang kaanggep sakral dening masyarakat. d. ngajak tumindak becik lumantar pasemon. e. jenenge paraga lan papan dumadine prakara.14. Tuladha ukara pitakon retoris kang trep kanggo mbukak teks anekdot, yaiku .... a. Sapa jenenge tokoh kang paling kok tresnani? b. Sapa kang durung kenal karo tokoh iki? c. Sapa tokoh kang paling gedhe lelabuhane? d. Sapa arane tokoh kang dikecrek polisi? e. Sapa asmane tokoh kang paling cedhak karo masyarakat?15. Tembung utawa ukara tinamtu kang perlu oleh kawigaten, nalika maca teks anekdot perlu diucapake kanthi .... a. nadha kang dhuwur b. nadha kang bisaa c. nadha endhek banget d. kang bisa nrenyuhake e. kang kepenak dirungokake56 Sastri Basa /Kelas 12II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener! 1. Jlentrehna bedane teks anekdot karo teks humor! 2. Supaya teks anekdot bisa apik lan bener, basa kang dipigunakake kudu kepriye? 3. Apa wae mupangate teks anekdot tumrap masyarakat? 4. Ayahan apa wae kang kudu ditindakake sadurunge nulis teks anekdot? Jlentrehna! 5. Apa jalarane, wong maca teks anekdot kudu nuduhake polatan (ekspresi) kang trep?Sastri Basa /Kelas 12 57UJI KOMPETENSI SEMESTER GASALI. Pilih wangsulan kang paling bener!1. Minangka pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran .... a. ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae. b. panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu. c. bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae. d. para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae. e. beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa.2. Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku ... . a. basa kang digunakake kanggo rembugan ing adicara kaluarga. b. basa kang digunakake kanggo ing adicara pahargyan adat. a. basa kang digunakake kanggo medharake rasa pangrasa. b. basa kang digunakake kanggo medharake saweneh kawruh. c. basa kang digunakake kanggo guneman ing pasrawungan.3. Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku... . a. ragam ngoko alus lan ragam krama inggil b. ragam ngoko lan ragam krama c. ragam krama lugu lan ragam karma inggil d. ragam ngoko lan krama inggil e. ragam krama alus lan krama inggil4. Basa ngoko yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa... . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama d. krama lugu e. krama inggil5. Yen katandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih ... . a. kasar lan rumaket b. luwih gampang cak-cakane c. alus lan nduweni surasa luwih ngajeni d. lugu lan kurang ngajeni liyan e. endhek tataran undha usuke58 Sastri Basa /Kelas 126. Ibu : Bapak wis dhahar?Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku … .a. ngoko lugub. ngoko alusc. krama lugud. krama aluse. ngoko lan krama7. Wong yen lagi nesu, lumrahe migunakake basa ... . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama8. Wong/bocah nom kang nduweni pangkat kang luwih dhuwur marang wong tuwa kang dadi andhahane migunakake basa ... . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama9. Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk. Wangsulan kang trep yaiku ... a. Ya ngger, daktampa, ora liwat pamujiku tampanana. b. Ki sanak menika sinten lan saking pundi? c. Pancen bener kaya ngono kuwi kuwajibane duta. d. Ana wigati apa kowe sowan mrene? e. Pakaryan kang becik kudu kalestarekake!10. Sapa sing bisa aweh sandhang, yen wadon dipek sedulur, yen lanang arep disuwitani utawa gelem didadekne bojo. Ukara ing dhuwur mujudake unine ... . a. wara-wara b. sayembara c. reklame/iklan d. layang e. lelayu11. Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ... . 59 a. panguripan sabendinaSastri Basa /Kelas 12b. epos Ramayana-Mahabarata c. prastawa sejarah d. kedadeyan sajerone kraton e. kedadeyan apa anane12. Kanggo nguripake crita, pengarang cerkak migunakake ... . a. basa baku b. basa standar c. dhialek lan idhiolek d. lelewaning basa e. basa padinan13. Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi ... . a. coda, orientasi, komplikasi, lan resolusi b. resolusi, coda, orientasi, lan komplikasi c. komplikasi, resolusi, coda, lan orientasi d. orientasi, komplikasi, resolusi, lan coda e. orientasi, komplikasi, coda, lan resolusi14. Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks cerkak diarani …. a. resolusi b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks15.Panintinge dudutan dening para pamaca, ing struktur teks cerkak diarani …. a. resolusi b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks16.Tuwuh pengarep-arep. Ora wedi ngadhepi pacobaning urip. Ing struktur teks cerkak kalebu …. a. resolusi b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks60 Sastri Basa /Kelas 1217.Bedane basa kang digunakake ing teks cerkak lan teks crita wayang, yaiku basa ing cerkak iku nggunakake basa padinan, dene basa ing crita wayang ... . a. sinanggit mawa tetembungan basa Kawi b. akeh migunakake basa ngoko a. kacampuran dialek lan idhiolek b. migunakake basa baku utawa standar c. migunakake basa Jogja-Solo18. Sajrone pasrawungan, wong kang pinter crita bisaane akeh kancane, jalaran .... a. critane bisa agawe guyu b. sing diajak jagongan mesthi krasan c. wektu sak jam krasa mung sedhela d. ketrampilan agawe guyu dibutuhake e. pakaryane ngomong ing ngarepe wong akeh19. Guyon maton mujudake adat kebiasan masyarakat Jawa kanggo.... a. nerak norma-norma ing masyarakat b. mulangake wejangan utawa ilmu pengetahuan c. ndudut ati lan ora mboseni katampa kanthi ikhlas jalaran ora ngguroni, d. ngguroni masyarakat Jawa babagan norma-norma e. pralambang kang nglatih lantiping pikir.20. Para pamicara kerep migunakake teks anekdot sajerone nindakake ayahane, kanggo .... a. nabet ing atine para panyemak b. nyemoni para priyayi c. guyon karo para panyemak d. guyon karo wong penting/pejabat publik e. sarana guyon maton21. Teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks utawa guyonane wong pinter, jalaran .... a. akeh sing ngarani yen teks anekdot iku padha wae karo teks humor. b. sejatine teks anekdot iku beda karo teks humor. c. teks anekdot drajate luwih dhuwur yen katandhing karo teks humor. d. teks anekdot drajate pada wae yen katandhing karo teks humor. e. teks anekdot nduweni isi, lelewaning basa, lan tujuan kang gumathok.22. Bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku .... a. Teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut pasemon, wewarah, lan utawa wejangan. b. Teks anekdot isine nyritakake lelakone wong penting, yen teks humor isine nyritakake lelakone wong biasa.Sastri Basa /Kelas 12 61c. Teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen teks humor mupangate minangka sarana kritik sosial. d. Teks anekdot kadhapuk adhedhasar khayalan utawa imajinasi, yen teks humor kadhapuk adhedhasar prastawa kang nyata. e. Teks anekdot guyonan ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor guyonane migunakake lelewaning basa.23. miturut Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, ”Ooo .... sepurane, rokokku ceblok”. Punggelan teks kasebut struktur teks anekdot kalebu perangan …. a. janturan b. pawadan c. prakara d. tanggapan e. wasana24. Ajaran moral sajeroning teks anekdot mujudake wejangan utawa wewarah kang nduweni sipat praktis, jalaran.... a. diwedharake pengarang lumantar para paraga. b. pituduh iku bisa ditrepake ing bebrayan. c. minangka kaca benggala. d. kanggo nyemoni tingkah polah para pemimpin. e. masyarakat pengin para pejabat nduweni moral kang apik.25. Supaya bisa dadi sarana kritik sosial kang dulce et utile ‘nyenengake lan migunani’, teks anekdot kudu .... a. dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumboni lelewaning basa kang trep. b. dibungkus kanthi crita horor kang medeni lan dibumboni lelewaning basa kang trep. c. dibungkus kanthi crita kang up to date lan dibumboni lelewaning basa kang trep. d. dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni gambar-gambar kang endah. e. dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni prenesan maneka warna.II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener! 1. Jlentrehna pangetrapane (cak-cakane) unggah-ungguh basa! 2. Apa tujuane kabudayan Jawa nyipta (nganakake) unggah-ungguh basa? 3. Gawea teks pacelathon kang diparagani dening bapak camat lan ibu lurah kanthi tema ’Pahargyan dinten kamardikan’! 4. Jlentrehna bedane teks anekdot karo teks humor!62 Sastri Basa /Kelas 125. Supaya teks anekdot bisa apik lan bener, basa kang dipigunakake kudu kepriye?6. Ayahan apa wae kang kudu ditindakake sadurunge nulis teks anekdot? Jlentrehna!7. Apa jalarane, wong maca teks anekdot kudu nuduhake polatan (ekspresi) kang trep?8. Apa bedane cerkak karo geguritan?9. Ukara kang digunakake ing cerkak bisa awujud ukara langsung lan ukara ora langsung. Apa bedane? Kepriye tuladhane?10. Pethikan teks iki tulisen nganggo aksara Jawa kang trep: ”Nggawe taman iki ora gampang, biayane ya ora sithik, iki mono dhuwite rakyat. Aku arep nuntut panitia!”, ngendikane Bu Risma karo nuding- nuding panitia. Panitia mung manthuk-manthuk lan ora bisa kumecap apa- apa. Sabanjure ketua panitia janji arep ndandani sakabehe taman lan wangunan kang rusak.Sastri Basa /Kelas 12 63WULANGAN 4 CAKRA MANGGILINGAN Kompetensi Dasar dan Indikator: 3.4. Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis karya fiksi dan nonfiksi secara lesan dan tulis. 3.4.1 Mengidentifikasi struktur teks drama. 3.4.2 Menganalisis unsur kebahasaan dalam teks drama. 3.4.3 Memahami langkah-langkah konversi (alihwahana) teks naratif menjadi teks drama. 4.4. Memprodhuksi dan mempublikasikan karya fiksi (naskah drama, cerita pendek, karya terjemahan). 4.4.1 Mengonversi teks naratif menjadi teks drama. 4.4.2 Memperagakan teks drama. 4.4.3 Mengunggah teks drama ke internet. 4.4.4 Menulis aksara Jawa. Sawise sinau wulangan 4 iki, para siswa kaajab bisa: niti struktur teks sandhiwara, ngonceki panganggone basa sakjerone teks sandhiwara, lan mahami tata cara ngowahi teks naratif dadi teks sandhiwara. Sabanjure, para siswa uga kaajab bisa: nulis teks sandhiwara kanthi babon teks naratif, nggelar sandhiwara, lan ngunggah teks sandhiwara ing internet. Saliyane iku, paraMbsaisbwaar uWgaawbaissaamn igunakake tuladha tumindak spiritual lan sosial sing ana ing wulangan iki minangka kacabenggala (cermin) ing satengahe masyarakat.Mbabar Wawasan Pentas sandhiwara kanthi irah-irahan "Kanjeng Ratu" kaya kacetha inggambar, nyritakake lelakone sawijining ibu sing tau sukses dadi pengusaha. Amargasugihe lan panguwasane ora ana sing nandhingi, mula panjenengane rumangsa kayadene Kanjeng Ratu. Ananging, amarga urip iku kaya dene ’cakra manggilingan, rodhasing muter’, saiki kahanane Kanjeng Ratu dadi memelas. Sanajan saiki dadi wongmlarat amarga usahane bangkrut, solah bawane isih tetep kaya ’Kanjeng Ratu’(seneng prentah, seneng nyalahake, lan seneng pamer), mula tindak-tanduke kerepnuwuhake prakara tumrape liyan.64 Sastri Basa /Kelas 12Pentas sandhiwara kanthi irah-irahan ”Kanjeng Ratu” (Sumber foto: WWW.CHIC.ID.COM)Saka nggatekake gambar lan maca andharan ing ndhuwur banjur tuwuh pitakonan.Coba, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1) Apa ana pawongan ing bebrayan ’masyarakat’ sing sipate kaya ’Kanjeng Ratu’? 2) Kepriye panemumu tumrap wong sing nduweni sipat kaya ’Kanjeng Ratu’? 3) Apa lelakon kaya dene sing dialami dening ’Kanjeng Ratu’ isih cocog yen kaangkat minangka tema sandhiwara ing zaman saiki? Jlentrehna! 4) Apa jalarane sandhiwara asring ngangkat prastawa ing masyarakat minangka tema? 5) Apa tegese cakra manggilingan? Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku gancaran ’prosa’,guritan ’puisi’, lan sandhiwara ’drama’. Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil ciptasastra sing nggambarake uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk.Sandhiwara nggambarake kasunyatan ing masyarakat, watak, sarta tindak tandukmanungsa lumantar paraga lan antawacana ’guneman’ ing pentas. Bobot ajining teks sandhiwara gumantung marang pasulayan ‘‘konflik’ sing bisandudut ati lan nguras emosi utawa pangrasane sing nonton. Pasulayan ’konflik’ bisawujud social conflict ’pasulayan ing antarane pawongan siji lan pawongan liyane’ , lanpsychological conflict ’pasulayan ing sanjerone batin’ sawijining pawongan. Pasulayanbisa dumadi ing ngendi-endi, ana ing desa pasulayan antarane perangkat desa karoinstitusi Dewan Perwakilan Desa, ing kutha ana pasulayan ing antarane pengusahakaro buruh. Kejaba saka iku, ana maneh pasulayan amarga rebutan warisan lan isihakeh maneh jinise pasulayan. Minangka akibat saka pasulayan iku mau, Gusti Allah kang Murbeng Dumadibanjur nitahake owah-owahan nasibe manungsa. Bab iki sing ndadekake mlakunecakra manggilingan ’rodha sing muter’. Sapa pawongan sing menang sajronepasulayan, bakal manggon ing papan sing dhuwur (sugih, pangkat, utawa drajat), lanpawongan sing kalah manggon ing papan sing ngisor (mlarat, ina,utawa asor). Mulayen lagi pinuju ana ing papan sing dhuwur kudu bisa ngedohi sipat adigang, adigung,lan adiguna, jalaran cakra manggilingan bakal terus muter, mbarengi pungkasanepasulayan sing terus dumadi.Sastri Basa /Kelas 12 65Cakra ditegesi kaya dene cakram (rodha). Manggilingan asale saka tembunggiling (muter/nggerus). Cakra manggilingan gambaran saka cakram/roda sing muter.Ing jagad wayang, cakra manggilingan utawa cakra sing muter dikenal minangkasanjata pamungkase Bathara Kresna. Pasulayan ’konflik’ lan owah-owahan nasibe menungsa sing kaya cakramanggilingan, bakal terus dadi sumbere crita sandhiwara sing ora bakal asat utawaentek.Pasinaon 1: Model Teks Pinilih Teks Sandhiwara Sajrone pasinaon 1 para siswa bakal kaajak tepungan lan mahami tekssandhiwara sing isine nyritakake lelakone manungsa sing ngalami owah-owahan nasibmubenge kaya cakra manggilingan. Kanggo mahami teks sandhiwara iku, para siswabakal nggarap maneka warna ayahan. Garapan 1 magepokan karo maca tekssandhiwara, garapan 2 sesambungan karo niti struktur teks sandhiwara, lan garapan3 gegandhengan karo ngonceki panganggone basa sajrone teks sandhiwara.Garapan 1: Maca lan Mangsuli Pitakonan Teks Sandhiwara Amarga ing kelas XI para siswa wis cukup anggone sinau bab drama utawasandhiwara panggung, mula saiki para siswa bakal ditepungake karo jinise sandhiwaraliyane, yaiku sandhiwara radhio. Sandiwara radhio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthimigunakake indra pangrungu (audio), dadi sandhiwara iki mung murni ngendelakepamer antawacana (dhialog), musik, lan efek swara. Kanggo mahami teks sandhiwararadhio, ing ngisor iki kapacak teks sandhiwara radhio sing arep koksinaoni.Wacanen teks iki kanthi titi! KEWIRANGAN (Dening Soemardjono) Sumber: http://www.kawuryan.com.Adegan IGending: ketawang ’Sundari’ (genderan) pelog pathet 5 (saya lirih)(swara kumleseding sandhal: saka adoh, saya cedhak)Bu Sulis : (ngundang) Par! Parinem! Mrene, Par!Parinem: (nyedhak) Dalem, Bu.Bu Sulis : Kowe sowana Pak Kusuma ya, Par!Parinem: Kok kerep dipunutus sowan Pak Kusuma?Bu Sulis : Waah, aku dhewe ya kepeksa kok, Par.Parinem: Nyaosaken arta malih menapa?BuSulis : Lha, iki mau aku mentas tampa layang meneh, jare si Andri kuwi butuh kanggo … ngrakit gelange. Jare Andri gelange njaluk ditretes. Berliyane ana,66 Sastri Basa /Kelas 12ming ongkos ndandakke ora ana.Parinem: Kala emben menika jamipun! Wah, lha kok kaping-kaping nggih, Bu?Bu Sulis : Ning kowe ora perlu matur karo Agung lho, Par. Wis kanggo awake dhewe wae. Meneng wae, ya! Gambar proses rekaman sandiwara radhio ing sawijining studio Sumber foto: http://bizcomm.co.idParinem: Ha, nanging Bu Sulis menawi kelajeng-lajeng nggih remuk mangke.Bu Sulis : Pancen. Coba ta. Lagi pirang dina nggone tukar cincin si Agung karo Andri, wis pirang ewu dhuwitku bablas.Parinem: Lho, menika Pak Kusuma piyambak menapa Den Andri ingkang mbetahaken, Bu?Bu Sulis : Yen layange kuwi saka Mas Kusuma, nanging jarene si Andri sin mbutuhake.Parinem: Den Andri ki kok ya piye ngono, wong lagi pepacangan kok wis njaluk kuwi njaluk iki, butuh sithik-sithik nyuwun panjenengan nggih, Bu.Bu Sulis : Aku ya gumun lan ngungun kok, Par. Lagi saiki wae wis jalukane sing werna-werna, mengko yen wis dadi garwane terus kepriye.Parinem: Wah, nggih cetha ngereti niku, Bu.Bu Sulis : Mangka yen ndeleng bocahe ki rak ya . .. alus, lomah-lameh, kaya ora duwe maksud apa-apa. Lan apa-apa ming ‘nggih’, hiya, ta?!Parinem: Wah, menawi kaliyan Den Andri menika, kula kemawon ingkang lare setri perlip kok, Bu!Bu Sulis : Ah! Sssss! Kowe ki sing ora perlip wae apa!Parinem: Lho, inggih kok, Bu. Ayu, alus, lomah-lameh. Wah jan, nggregetke. Kula sok kepengin njiwit pipine.Bu Sulis : Hus! Kok omonganmu terus kaya ngono!Parinem: Inggih. Wah jan, Den Rara Andri niku pun … ! Ha ning kok saiki terus main arta nggih, Bu. Durung dadi garwane wis njaluk iki njaluk kuwi. Niku ingkang mboten nocogi.Bu Sulis : Lha aku sing kojur yen Agung ngerti, Par. Sebab, Andri rak pilihanku. Aku sing mernahke. Lha Agung ki rumangsa yen kudu manut aku. Ya ming ’nggah-nggih’, ha ning yen Andri kaya ngono aku sing cilaka, Par.Parinem: Mangka ngaten nggih, Bu. Nanging menapa menika namung kabar ngayawara menapa mboten kula piyambak mboten mangertos. PakSastri Basa /Kelas 12 67Kusuma menika kacriyos penjudi ageng!Bu Sulis : Haaa? Ah, kowe krungu saka ngendi, Par? Wong dheweke ki isih priyayi, isih kalangan ningrat lho, Par.Parinem: Ingkang criyos menika nggih batur sami batur, lajeng dhateng batur malih, lajeng kula mirengipun saking Mbakyu Marta, rencang sebelah, nalika Den Agung tukar cincin ugi mbantu kula. Kacriyos menawi main menika atusan ewon kok, Bu.Bu Sulis : Ah, aku kok lagi krungu saiki, biyen-biyen ya ora, wong dheweke ki rak isih ningrat.Parinem: Ah, ning nggih kathah kok, kalangan ningrat ingkang sami ngaten kok, Bu. Malah sok langkung ageng, ming ora ketara, nggih ta? Lan, cobi, Bu, nalika tindak mriki dalu-dalu sepisanan kaliyan den Andri menika nitih mobil, ta? Sakmenika rak sampun mboten kagungan mobil.Bu Sulis : Lha, mobile ana ngendi kabare?Parinem: Telas, telas kangge main. Woo, kacriyos menawi main, atusan ewon sampun. Nanging menawi pinuju sasap, wah nggih ketingal mentereng, nanging menawi pinuju kawon, dalemipun menika kemawon rak sampun nate dipungadhekaken ta, Bu.Bu Sulis : Ah mongsok!Parinem: Lho, menika nggih namung dongenganipun mbakyu Marta, rencang griya sebelah riku.Bu Sulis : Lha kowe kok ora kandha wingi-wingi, Par?Parinem: Mireng kula inggih nembe kemawon kok, Bu. Namung saking rencang sami rencang. Gumun kula menika nalika rawuh kaliyan Den Rara Andriana menika, rak taksih nitih mobil, kok sakmenika sampun mboten kagungan.Bu Sulis : Wah, mengko terus nurun menyang Andriana ya, Par. Lha wong saiki wae wis kaya ngono. Lan gumunku ya, Jeng Kusuma kuwi kok ya arang-arang sanjan-sinanjan, malah kaya arang ana ndalem.Parinem: Lho, Bu Sulis menika kados pundi ta? Ingkang putri menika mainipun rak nggih, wah, kiyat sanget!Bu Sulis : Kiyat piye ta, omongmu kuwi?Parinem: Lho, tegesipun botoh ageng.Bu Sulis : Hiya ta? Dadi ora mung sing kakung, ta?Parinem: Malah ingkang asring dados raosan rencang-rencang menika malah ingkang putri kok, Bu.Bu Sulis : Wah, yen ngono rewang-rewang kuwi luwih ngerti wewadining tangga- tangga, ya?Parinem: Woo, rencang-rencang menika langkung mat wewadosan setunggal- setunggalipun lho, Bu. Mila sampun gemampil menawi kaliyan rencang- rencang! Panjenengan badhe priksa kiwa tengen mriki, sampun kecathet sedaya.Bu Sulis : (meneng sedhela) … Terus kepriye nggonku mangsuli bab layange mas Kusuma iki. Aku kuwatir yen keterus-terus.Parinem: Utawi ngaten kemawon, Bu. Panjenengan nyerati dhateng Den Rara Andriana. Lha, isinipun sumangga, menapa badhe dipunserayani, menapa badhe dipunparingi.Bu Sulis : He-eh ya, Par. He-eh, aku tak nulis layang menyang Andriana. Mengko kowe sowan mrana lan kudu kok-wenehke Andriana lan tunggonana, kepriye68 Sastri Basa /Kelas 12jawabane. Syukur yen Mas Kusuma pinuju ora ana ndalem.Parinem: Inggih, sakmenika kemawon.Bu Sulis : Ya wis, taknulis layang dhisikGending: ‘Gambir Sawit’ pelog patet 5 (nganti entek).Adegan II[swara tumapaking sandhal lan sikil: saka kadohan, saya cedhak]Kusuma : Andri, perhiasan kuwi rak wis dipasrahke aku, lan kanggo peningset ta,Andri. Lha, malah dibalekke, kepriye karepmu?Andri : Mbenjing kemawon menawi sampun nikah, Pak.Kusuma : Weh … kowe ki wis ngerti sing jenenge peningset durung, Andri?Andri : Menawi kula cekap mawi cincin menika rumiyin, Pak.Kusuma : Sababe?Andri : Sabab kula rumaos dereng nggadhahi hak ngangge perhiasan ingkangsaking Mas Agung.Kusuma : Kuwi wis dadi tata cara, malah yen penganggon kuwi kokenggo, kuwi tegesekowe ngatonake katresnanmu.Andri : Katresnan mboten perlu dipunpamer-pameraken, Pak.[swara kursi digeret]Kusuma : (muntab) Aaah, kok kaya ngono jawabanmu, Andri. Kuwi wis dadirembugane wong tuwa, ya bapak-ibumu lan tante Sulis. Saiki barang-barang malah kok-balekke, kuwi mengko dikira kowe arep gawe pokal singora-ora. Apa kowe ora seneng karo Masmu Agung?Andri : Inggih, remen.Kusuma : Naaah, kena apa barang-barang peningset kokbalekake? Mengko dikirakowe arep medhot pepacangan iki, Andri.Andri : Kula mboten saged nyimpen barang-barang ingkang dereng hak kula, Pak.Kusuma : Hiya wis bisa, yen ora gelem nganggo rak bisa koktitipake menyang akuutawa ibumu.Andri : Kadospundi anggen kula nitipaken, menawi bapak ibu tansah mbotenwonten ndalem. Lan, kula kaliyan Mas Agung badhe murnekaken katresnan.Kusuma : Apa katresnanmu ora murni saiki?Andri : Awit, kula kaliyan Mas Agung menikanamung dipunpanggihaken deningtiyang sepuh. Mila katresnan menika,kula kinten mboten saged dangu,menawi kula kaliyan mas Agungpiyambak mboten madosi katresnaningkang murni.Kusuma : Terus, carane murnekake katresnan?Andri : Mila perhiasan menika kula wangsulaken,upacara-upacara menika kita anggepmboten wonten.Ingkang wonten namungAgung kaliyan Andriana, cobi kanthi Kanggo ngatonake karaktere, paragamekaten menapa saged. Menawi saged ing sandhiwara radhio ora perlumenika ateges kula kaliyan Mas Agung dipaesi, cukup ngolah swarane.saged manggihaken katresnan ingkang Sumber foto: nufusart.blogspot.murni.Sastri Basa /Kelas 12 69Kusuma : Aaah. kuwi mung apa, Andri!Andri : Panci mboten wonten tegesipun, ketingalipun, nanging tumrap kula kanthi semeleh saged nampi katresnan, Pak.Kusuma : Ha ning lucu kowe! Barang wis ana tangan kok dibalekke mung alesan sing ora ketemu nalar. Apa ta alesan kaya ngono kuwi, rak mung alesan ah … golek-golek, Andri!Andri : Tumrap bapak mbokmenawi mekaten, nanging tumrap kula wonten kesanipun ingkang langkung lebet, Pak.Kusuma : Ha ning rak dikira sing ora-ora, Terus dikira aku, ibumu, kowe, nyulayani rembug dening tante Sulis. Apa gela, apa arep medot tunangan …Andri : Menawi dipunkinten kemawon mboten menapa-menapa, Pak. Uger saknyatanipun mboten. Menawi kula sampun saged manggihaken katresnan ingkang murni kula nembe marem.Kusuma : Kowe kudu ngelingi ya, Ndhuk, yen wong tuwamu kuwi duwe panjangka sing mulya, kowe bisa entuk jodho sing bisa gawe mulyamu, mulyaku, lan mulyane famili-famili Kusuma. Saiki wis entuk pancadan kaya dene karo Masmu Agung. Wis ora perlu sing neka-neka!Andri : Matur nuwun, pak.Kusuma : Ming kari nglanggengake katresnane Masmu Agung, katresnane tante Sulis lan katresnane wong tuwamu, lan katresnanmu dhewe.Andri : Lajeng kadospundi anggen kula saged damel amrih katresnan menika langgeng sedaya?Kusuma : Yen saiki wis gampang. Kowe ora susah kakehan reka, ora susah. kakehan pikiran!Andri : Dados kula kedah nampi menapa kemawon, inggih saking mas Agung, saking tante Sulis lan ugi saking bapak ibu?Kusuma : Kudu mengkono kuwi amrih langgenge katresnan!Andri : (unjal napas) … Awrat tumraping kula, Pak.Kusuma : Awrat sing kepriye?Andri : Lajeng kula minangka wayang, nampi menapa kemawon ingkang kedah kula tindakaken! Ngantos mangke saklami-laminipun kula kedah tansah kendel, nampi menapa ingkang tumanduk wonten dhiri kula pribadi?Kusuma : Kuwi kuwajibanmu, Andri! (meneng sedhela) ,.. Lan saiki mumpung durung kebacut, matura Mas Agung yen perhiasan kuwi arep kokenggo!Andri : Kedah kula suwun malih?Kusuma : Amrih ora nimbulake pandakwa sing ora-ora. Apa maneh yen tante Sulis krungu, mundhak ora seneng. Jaluken barang-barang kuwi. Yen kowe ora seneng nyimpen, aku sing nyimpen.Andri : Menapa kedah mekaten?Kusuma : Kudu, Andri.Andri : Nanging barang-barang menika sampun ngantosKusuma : Ngantos apa?Andri : (sajak wedi) … sampun … ngantos … kados dene nasibipun mobil kagunganipun bapak, utawi dalem menika ingkang sampun nate dipuncepengaken gadhen …Kusuma : Ora, Andri. Aku ngerti yen barang-barang kuwi kudu dirukti sing apik-apik.Andri : Benjing-enjing kula badhe matur Mas Agung.Kusuma : Nhaaa … dadi aja nganti nimbulake pasulayan sing ora apik tumrapku lan tumrape tante Sulis! Wis ya, aku tindakan dhisik. (lunga)70 Sastri Basa /Kelas 12(Gending ‘Gambir Sawit’ pelog patet 5)(Meneng sedhela)Parinem: (adoh) Kula nuwuuun … !Andri : (seru) Ooo, ayo, Par … mlebua wae, Par … wis, terus mlebu … !Parinem: (nyedhak) Kok sepen ndalem, Den Andri!Andri : He-eh! Lagi padha tindakan bapak ibu. Kono, lingguh kono! … Hus, lingguhndhuwur wae! Kok terus arep lingguh ngisor. Wis, lingguh ndhuwur, Par!Parinem: Ah, sampun mriki kemawon.Andri : Wong bapak ibu ora ana ndalem kok, Par. Wis, lingguh nduwur wae!(meneng sedhela) … Ana apa, diutus tanteapa Mas Agung?Parinem: Dipunutus Bu Sulis. Menawi kula sowan mrikikok pinuju sami tindakan, ta?Andri : (meneng, unjal napas sedhih) … Ah, ya …Diutus apa, Par?Parinem: Inggih namung nyaosaken serat. Lha DenAndriana dipunajeng-ajeng kok awis-awisrawuh.Andri : Lha kowe ya ngerti dhewe ta, Par, wong akukudu tunggu omah, kejaba sekolah. Mas Amarga bapa polah, Agung ora ngarep- arep aku? putra nandang wirang.Parinem: Waaah, menawi Den Agung menika sampun, Sumber foto: detik.commenapa malih sasampunipun dados dhoktersasat mboten nate lenggah wonten ndalem. Rawuh dhog, dhahar, tindakanmalih.Andri : Lha, mengko … aku mrana Mas Agung ya ora ana ndalem. Lan Mas Agungdhewe ya wis ngendika, tempone ming malem Minggu. Serat kanggo sapa,Par?Parinem: Kagem panjenengan, Den. Nanging menawi malem Minggu Den Agung raktindak mriki, ta?Andri : (ngguyu) Oo … ya mesthi!Parinem: Lho, tegesipun menawi sampun dipunatur mekaten nggih sae kemawon!Lha, nanging mbok nggih panjenengan menika sowan keng tante, senadyanmboten pinanggih Den Agung.Andri : Aku ya kepengin sowan tante, nanging angger ana ngomah aku terustunggu omah, bapak ibu mesthi tindakan.Parinem: Tindakan dhateng pundi kemawon, ta?Andri : Ah, ya embuh, Par. Endi layange tante Sulis?Parinem: (meneng sedela) … Nanging ngaten, Den Andri, kula dipunngendikani kengtante … wah priye ya, nggonku matur …Andri : Layang apa ta? Kok nganti kaya sajak penting! Wis ta, ulungna ta, Par!Parinem: (meneng) … Keng tante ngendika, menawi … wah arep takaturake kok sajakmalah meden-medeni, ning yen ora … (meneng) … Ngaten inggih, DenAndri, keng tante namung meling, ditampa lan diwaca kaya dene macalayange tantene dhewe. Mangga, sampun!Andri : (karo mbukak layang) Kok sajak penting banget! (terus meneng) … (kaget)… Tante Sulis??? Aneh! Ah aku ora nate … ah mongsok . .. ! Par, koweSastri Basa /Kelas 12 71ngerti isine layang iki?Parinem: Babar-pisan mboten, Den Andri.Andri : Babar-pisan ora tenan? Nanging aneh, Par! Aku ora nate … ah, aku ora nate … ah, isin aku karo Tante Sulis! Kowe ora nate dijak rasanan bab aku karo tante?Parinem: Raosan kados pundi? Mboten nate!Andri : (susah) Adhuh! (lunga) Pak! Bapak! Bapak!Parinem: Ngendikanipun keng bapak tindakan!?Andri : (adoh) He-eh, nanging mau tindak metu wingking … (nyedhak) … Tante Sulis ora ngendika apa-apa nalika kowe arep diutus?Parinem: Inggih namung menika wau welinganipun menawi panjenengan nampi serat menika amrih dipunanggep kados dene maos seratipun ingkeng tante piyambak!Andri : (nirokake) … Kaya dene layange saka tante dhewe? Pancen aku nganggep kaya dene tanteku dhewe, nanging ora bisa takanggep kaya ngono, Par! Iki soal sing gawat, sing nyangkut jenengku, asmane bapak, lan ibu, Par! (menggeh-menggeh) ...soal dhuwit… Aku ora nate …, ora nate matur bapak, lan aku ora nate nyuwun supaya bapak kersa matur marang Tante Sulis. (meneng) … Ah, aneh kahanan iki, Par! (sajak wedi lan bingung) . . . Ah mesthi Tante Sulis ndakwa aku sing ora-ora, dikira aku mbungahi.Parinem: (nyabarake) … Sabar! Sabar ta, Den Andri! Keng tante mboten ndakwa mekaten, namung nedha keterangan, menapa leres, Lan kula kinten menawi leres mekaten, ah malah Bu Sulis remen, sabab panjenengan sampun nganggep kados dene ibu piyambak.Andri : Apa yen nganggep kaya dene ibu dhewe, kuwi mesti kudu njaluk apa-apa, njaluk dhuwit?Parinem: Inggih mboten, nanging kanthi nglairaken pepenginanipun menika rak sampun nganggep tiyang sepuh piyambak.Andri : Ah, kanggone aku ora bener, Par. Salah yen kaya ngono. Apa maneh aku iki lagi pacangan, ora duwe hak tumindak kaya ngono.Parinem: Lajeng kados pundi nggih?Andri : (saya lirih seriyus) . . . Apa bapakku?Parinem: Menawi seratipun menika kacriyos saking keng bapak . .. Kula inggih dipunbektani serat-seratipun ingkang sampun nate dipuntampi bu Sulis.Andri : Coba! .. . Kokgawa?Parinem: . . . Inggih … menika!Andri : (mbukak layang, meneng) . .. Adhuh! (nangis) . .. Tenan … tenan, Par. Iki serate bapak. Adhuh, bapak tegel karo putrane . . . ! Isin aku … wirang aku, Par! Bapak . .. kok dadi tegel nulis layang kaya ngene! Aku sing kanggo kudhung . . . Oouh tegel panjenengan, Pak! Keaangeten panjenengan, Pak! (nangis sesenggrukan)Parinem: Den rara Andri, sampun muwun ta .. . sampun ngaten ta, kendel ta!Andri : Yooh!… Nanging aku saiki didol jenengku, Par . . . ! Aku ora nate kepengin gelang tretes. Aku ora nate ndandakke jam tangan sing larang regane … ! (terus mingseg-mingseg)Parinem: Menawi mekaten panjenengan kedah nerangaken dhateng Bu Sulis, Den Andri! Temtu mboten menapa-menapa! Woo, Bu Sulis menika longgar penggalihanipun kok, Den Rara.Andri : … Nanging raiku takselehake ana ngendi, Par!72 Sastri Basa /Kelas 12Parinem: Lho, menawi panjenengan rak mboten menapa-menapa, ta!Andri : Nanging, aku putrane bapakku, putrane ibuku, Par.Parinem: Lha inggih, nanging Panjenengan piyambak rak mboten menapa-menapa!Andri : Kowe ora ngerti perasaanku, Par. Aku yen sowan Bu Sulis tegese akunggawa jenenge wong tuwaku, martabat kehormatan keluwarga Kusuma.Nanging yen kaya ngene iki, apa teges martabat lan kehormatan keluwargaKusuma sing wis rusak, ancur anangarepe Tante Sulis! (mingseg-mingseg)Parinem: (meneng) .. . Lajeng kados pundi?Menapa panjenengan atur balesan?Andri : (isih nangis ora mangsuli)Parinem: Saenipun panjenengan nyerat, ngendikamenapa wontenipun, Den Andri.Andri : … Nyerat, balesan, bab kuwi gampangtaktindakake kanthi sepuluh menitrampung. Nanging soal iki ora mungcukup sepuluh menit rampung, Par. Soaliki dawa gandheng-cenenge. Ora, akuora arep nulis layang balesan katur Tante Sulis! Aku mung golek tresna kangParinem: Lajeng kados pundi? sejati.Andri : Yen perlu aku pedhot karo Mas Agung. Sumber foto: pinterest.comParinem: (kaget) Den Rara Andri! Ah sampunngaten!Andri : Wis, muliha, Par! Balia, Par … muliha … !Parinem: Ah sampun lajeng ngaten ta, Den Rara Andri!Andri : (rada nggetak sithik) Wis ta, balia, muliha! Aku bingung, aku durung bisamatur apa-apa! Nanging soal iki kudu beres!Parinem: Beres ingkang kados pundi! Lajeng kados pundi atur kula?Andri : Kowe ora susah matur apa-apa. Aturna kahananku kaya ngene!Parinem: Menawi dipunpundhuti priksa keng tante?Andri : Matura aku ora bisa atur balesan!Parinem: Nanging kula temtu dipunpundhuti priksa.Andri : Aturna kahananku, atiku ajur, rasaku wirang! Aku ora . . . (terus nangissesenggrukan)Parinem: (ngerih-erih) Sampun ta! Menawi mboten leres nggih mangke matur BuSulis! … Sampun lajeng ngaten! (arep melu nangis) . .. Sampun dipun galihingkang lebet! Mangke kula matur, Den Andri!Andri : Ora, Par! Ora! Iki sawijining pukulan sing hebat tumrapku, Par. Aku wirangbanget. Aku isin banget, Par. Jenengku didol dening wong tuwaku dhewe…! Aku wis manut didhawuhi apa wae. Pacangan karo Mas Agung ... Yooh!Tukar cincin...yooh! Aku ora bisa apa-apa. Matura! Wis, balia!Parinem: Ah mbok sampun kagalih mekaten ta!Andri : (ngusir-usir) Wis balia, balia! Matura saksenengmu dhewe! Wis muliha,muliha, Par!Parinem: (gela) Ooo, nggih sampun … pareng … pareng!(Gending: ‘Wirangrong’ pelog patet nem — Suwuk)Sastri Basa /Kelas 12 73Kanggo njajagi jerone pangertenmu ing babagan isining teks sandhiwara kanthi irah-irahan ”Kewirangan” kasebut, bocah-bocah bisa mangsuli pitakon-pitakon ing ngisoriki kanthi jangkep lan bener. 1) Kepriye watake para tokoh ing teks sandhiwara kanthi irah-irahan ”Kewirangan”? 2) Kepriye status sosiale para tokoh ing crita kasebut? 3) Kepriye urutan kedadeane crita? 4) Apa kang dirasakake dening para tokoh ing teks sandhiwara kasebut? 5) Kepriye pungkasane crita kasebut?Garapan 2: Niti Stuktur Teks Sandhiwara Struktur teks sandhiwara panggung utawa sandhiwara radhio iku pada waekaro strukture teks lakon kaya sing wis para siswa sinaoni ing kelas X, yaiku dumadisaka: a) jejer (orientasi), b) pasulayan (konflik/komplikasi), lan c) pangudhareprakara (resolusi). Amarga pasulayan/konflik mujudake intisarine drama, mula babpasulayan ing teks sandhiwara bakal karembug maneh kanthi luwih jembar. Adegan sandhiwara dumadi saka sawenehe kedadean kang padha sesambunganlan rinonce minangka larah-larahing crita kang diarani alur utawa plot. Kedadean singsiji dadi sabab utawa akibat tumrap kedadean liyane. Umume, sandhiwaramigunakake alur maju (kronologis/alamiah) diwiwiti kanthi jejer (orientasi), yaikuadegan metune tokoh-tokoh penting jangkep ciri wancine. Kasusul pasulayan, yaikutimbule prakara jalaran saka bedane panemu ing antarane para tokoh. Yen pasulayaniku ora bisa dirampungi, bakal mrembet-mrembet, ngombyawara lan tansaya ruwetpangudhare. Puncake pasulayan/konflik diarani klimaks, yaiku perangan crita singpaling agawe dheg-dhegan lan biasane paling ditunggu dening penonton. Crita sajrone sandhiwara ora bakal bisa mlaku, yen sakabehe tokoh nduweniwatak, sikep, panemu, lan pepenginan sing padha. Crita bisa mlaku jalaran ananepasulayan sing ditimbulake amarga bedane watak, sikep, panemu lan pepenginan.Pasulayan bisa wujud eksternal utawa kasebut uga social conflict, yaiku padudon ingantarane tokoh siji lan tokoh liyane ( tokoh protagonis ’awatak apik’ lumawan tokohantagonis ‘‘awatak ala’). Bisa uga wujud internal utawa kasebut uga psychologicalconflict, yaiku pasulayan jroning batin sawijining tokoh sing biasane bisa ndadekakeowahe tindak-tanduke tokoh.Kanggo gladhenmu, tindakna pakaryan iki:a. Supaya bisa nemokake lan nganalisis pasulayan utawa konflik ing teks sandhiwara kanthi irah-irahan ”Kewirangan”, jangkepana tabel ing ngisor iki!74 Sastri Basa /Kelas 12No. Jinis Pasulayan/ Bukti Kutipan Teks Analisis Konflik .................................. ..................................1 Eksternal utawa .................................. ................................... social conflict .................................. ................................... .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. ................................... ...................................2 Internal utawa .................................. .................................. psychological .................................. conflict .................................. .................................. ................................b. Pasulayan utawa konflik njalari mubenge cakra manggilingan. Jangkepana tabel ing ing ngisor iki kanggo mangerteni mubenge cakra manggilingan ing teks sandhiwara kanthi irah-irahan ”Kewirangan”!No. Tokoh Sing Ngalami Owah- Bukti Kutipan Teks Analisis owahan Nasib ..................................1. .................................. .................................. ................................... ................... .................................. ................................... .................................. .................................. .................................. .................................. ...................................2. .................................. ................................... ................... .................................. .................................. .................................. .................................. .................................. ...................................3. .................................. ................................... ................... .................................. .................................. ..................................Lst.Garapan 3: Nganalisis Unsur Basa Sajrone Teks Sandhiwara Teks sandhiwara radhio dudu teks sing arep dipentasake ing sandhuwurepanggung, ananging cukup kababar ing studio radhio utawa rekaman. Para pemainsandhiwara radhio, ora kudu bisa akting, bloking, utawa prinsip sandhiwara panggungliyane. Mula saka iku, teks sandhiwara radhio ora mbutuhake pituduh laku utawakramagung, ananging mbutuhake pituduh pocapan. Unsur musik lan swara tirunanSastri Basa /Kelas 12 75(tiron) perlu katulis ing sajrone teks, tuladhane swara jaran, lawang kang dibukak,piring ceblok, lan liya-liyane. Sumber foto: sammy-summer.blogspot.comTindakna pakaryan iki:a. Kanggo nemokake lan nganalisis keterangan ucap sing dadi titikane sandhiwara radhio, jangkepana tabel ing ngisor iki!No. Titikane Teks Bukti Kutipan Teks Analisis Sandhiwara Radhio .................................. .................................. ................................. ..................................1 Anane Pituduh Pocapan .................................. .................................. ................................. ..................................2 Anane Unsur Musik .................................. .................................. ................................. ..................................3 Anane Swara Tirunan Sutradhara (ngungkurake kamera) lagi mandhegani rekaman lan teknisi makarya kanthi lungguh ing ngisor Sumber foto: http://armando-abdullah.blogspot.com76 Sastri Basa /Kelas 12Amarga antawacana ing teks sandhiwara radhio iku mujudake teks tulis kangarep diucapake kanthi lesan, mula biasane basa sing digunakake ing teks sandhiwararadhio uga basa lesan. Salah siji titikane basa lesan, yaiku akeh migunakake tembungsing ora standar utawa ora baku lan akeh kecampuran dhialek ’pocapan basa singbeda ing saben panggonan’.b. Saiki para siswa kaajab bisa nemokake tembung sing ora baku lan dhialek ing teks sandhiwara ”Kewirangan” kanthi njangkepi tabel ing ngisor iki!No. Tembung Ora Tembung Baku Bukti Teks Kutipan Baku Utawa Utawa Standar Dhialek .................................. ..................................1 ...................... .................................. .................................. ...................... .................................. ................................... ..................... .................................. ..................................2 ...................... .................................. .................................. ...................... .................................. ................................... .....................3 ...................... .................................. .................................. ...................... .................................. .................................. ...................... .................................. ...................................4 ...................... .................................. .................................. ...................... .................................. .................................. ...................... .................................. ...................................5 ...................... .................................. .................................. ...................... .................................. .................................. ...................... .................................. ...................................Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Kanthi Nulis, Mrodhuksi, lan Nyiarake Teks Sandhiwara Sawise mbedhah sawijining teks sandhiwara radhio, ana ing pasinaon 2 parasiswa bakal kaadhepake karo pakaryan kang luwih praktis, yaiku nulis lan nyiarakesawijining teks sandhiwara. Para siswa kaajab kanthi greget, disiplin, lan pracayamarang kabisane pribadhi makarya bebarengan karo kanca ing klompok nulis,mrodhuksi, lan nyiarake sawijining teks sandhiwara.Sastri Basa /Kelas 12 77Garapan 1: Ngonversi (Alih Wahana) Teks Gancaran Dadi Teks Sandhiwara Radhio Maneka warna jinis asil cipta sastra (utamane gancaran), bisa diowahi(dikonversi/alih wahana) dadi teks sandhiwara radhio. Carane gampang, gancaran(prosa) kang wujud formale didhominasi dening janturan (kisah), diowahi dadi tekssandhiwara radhio kang wujud formale didhominasi dening antawacana(dhialog/guneman). Amarga saka iku, ukarane uga kudu diowahi dadi luwihlugas/prasaja lan cekak kaya lumrahe ukarane wong guneman. Supaya anggone ngonversi ora nguciwani, tataran utawa trap-trapan iki kududitindakake:1) Pahami tema utawa idhe pokok cerkak kang arep dikonversi.2) Bagenen cerkak miturut urutan wektu lan papan kedadean, banjur owahi dadi babak/ adegan.3) Owahana janturan pasulayan/konflik antarane para tokoh dadi antawacana.4) Rancangen pituduh pocapan (kramagung) kang ngandharake tatacarane maca (alus/kasar, seru/lirih, cepet/alon), unsur musik, lan tirunan swara.Tindakna pakaryan iki: Kanthi pawitan sakabehing kaweruh sing wis koktampa, saiki para siswa kajaluk ngowahi teks cerkak ”Topeng” ing ngisor iki dadi teks sandhiwara radhio kang jangkep, apik, lan bener! TOPENG (Anggitane: Djajus Pete) (Kepacak ing majalah Panyebar Semangat, No.25, tanggal 22 Juni 1996) Pasar rakyat digusur minggir saka tengah kutha. Sawetara bakul-bakul mogok, emoh ngalih menyang pasar anyar sing isih sepi. Sing mogok iku racake bakul-bakul cilik, padha nggelar dagangane kanthi lesehan ing sadawane trotoar ngarep tilase Pasar Rakyat. "Pasar wis apik-apik reja ing kene kok dielih menyang pinggir sawah, nduwe karangan kok ra mathuk blas. Wong cilik wis angel golek pangan, kok malah disingkirake," mBah Dilah bakul dhawet kresah-kresuh. "Alah, ben, kok nggagas wong ngecemes nganggo corongan. Ngko nek meniren rak meneng karepe dhewe mBah," semaute Tanem bakul gethuk ing sandhinge.78 Sastri Basa /Kelas 12Sing disebut ngecemes iku ora liya Pareres, Dansatpol PP (KomandhanSatuan Pamong Praja). Pareres saka luar Jawa sing ora bisa basa Jawa iku isihterus ngrembugi bakul-bakul nganggo corongan. "Sekali lagi, patuhilah peraturan. Segeralah ke pasar baru. Dan lagi,sampah di tempat ini mengganggu program kebersihan lingkungan untukmempertahankan Adipura. Ini peringatan terakhir. Jangan membuat jengkelpetugas. Jangan sampai petugas menggunakan kekerasan." "Eh, gak enak buntute," grenenge So Kamin,tukang patri sing lagi nambal panci borot. "Disadhukana ya gak wedi, kang So. Ya isihwedi nek anake kaliren," semaute Sri bakulbuwah sing dodolan apel, jeruk, lan salak. Pareres sing nggawa mobil kijang brundhulisih terus wira-wiri karo ngrembag-ngrembugibakul. Sateruse, megaphon diulungake marangKamto, andhahane genti sing omong. Mubeng-minger rembuge Kamto ora beda kaya sing uwis-uwis, awit wisping telu Satpol PP ngudhuni pasar trotoar iku. Anane Pareres kepeksagedandapan melu mudhun, esuk iku, jalaran mentas dibel bupati supayaenggal nertibake bakul-bakul sing disebut gawe rusuhing tengah kutha. Nanging bakul-bakul iku isih tetep muwel ing kono saben esuk, wiwit jamsetengah pitu tekan jam sepuluhan. Selagine bakul cilik sing wis gelem ngalihmenyang pasar anyar wiwit dina boyongane pasar, anane mung padhangresula jalaran ora ana sing ngambus dagangane. Satemah ora sithik kangmbalik menyang tengah kutha, melu umpel-umpelan ing trotoar. Ing konopancen laris enggone dodolan, dadi jujugane wong-wong blanja sing wegahyen kudu mbecak menyang pasar anyar kang adoh ing pinggir kutha. Weruh cacahe bakul saya wuwuh, Pareres misuh-misuh. Kita usir merekadengan kekerasan, ngono prentahe Pareres jroning rapat ing kantore. Nangingstaf Satpol PP cacah sepuluh sing dituding supaya ngobrak-abrik pasar trotoar,akeh sing muni kabotan. Alasane, kabeh padha duwe tangga sing dodolan anaing kono. "Rasanya nggak enaklah, Pak, jika misalnya, kami masih diundang kendurioleh tetangga yang pernah kami obrak-abrik dagangannya," tembunge Sahlan. "Jika sungkan, bisa disiasati pakai topeng," usule Kamto. "Ah, nggak perlu. Seperti mau ngrampok saja." panulake Pareres. "Dalambertugas, tinggalkan urusan pribadi. Rikuh hanya mengganggu tugas saja." "Tapi rikuh dengan berbagai alasan, telah menjadi bagian dari cara hidupkita, Pak. Jika kita jujur terhadap kenyataan, penggusuran Pasar Rakyat itu kanjuga karena rikuh saja," semambunge Kamto njalari kanca-kancanegumrenggeng, mbenerake. Pareres katon nggragap. Kamto mbacutake rembuge. "Maaf, Pak.Bukannya kami menolak tugas itu. Kami akan melakukannya, tapi tidak denganwajah asli kami. Kami perlu topeng itu saja." Pareres nyawangi staf-stafe, kaya kepengin ngerti, apa kabeh setuju?Kabeh staf manthuk. Pareres manut. "Baiklah jika topeng itu menjadi utama untuk kelancaran tugas. Yangpenting, kasus pasar liar itu tuntas."Sastri Basa /Kelas 12 79Kantor kepeksa cucul wragad kanggo tuku kain lan ongkos kanggo njahitake topeng sing diwangun kaya kanthongan. Kejaba topeng kanthong gampang dienggo, uga ora gampang ucul lan bisa brukut nutup sirah engga ora gampang dititeni dening tanggane. Jam wolu esuk, ketel-ketel pasar trotoar, petugas topengan sing nganggo helm dinas sing ana tulisane SATPOL PP, tumandang ngobrak-abrik. Bakul- bakul padha njelih pating jlerit karo ngukuti dagangane. Wong-wong blanja ambyar, bubar. Gegering pasar gawe maceting dalan sacedhake. Sakehing kendharaan padha mandheg, wong-wong sing ana njero-njero toko padha metu, kabeh kepengin weruh ana apa? Butuhe mung kepengin nonton. Nonton bingunge wong mlayu, nonton wong nangis. Bakul pitik nangisi pitik-pitike sing mati kepidak-pidak polahe wong. Akeh jajan pasar sing numplak keterak-terak, mblasah ora ngukup worsuh karo sawernane dagangan sing ancur. "Sesuk takgawakake traktor! Takgiles kabeh! Uh! Uh!" Kamto nyadhuki dagangan rinjing, tampah, tumbu lan kukusan. "Iki barang kulakan! Nganggo dhuwit! Kok dienggo bal-balan!" Bakule muntab, Kamto dikabruk rinjing pas kena raine. Mengkono njalari Kamto peteng pandelenge, ketotoran nganti nerak dhawet dagangane mbah Dilah. Dhawet sapengaron nggoling, juruh salodhong katut kutah. Mangkok-mangkoke pating klenthing tatapan. mBah Dilah njerit," Oalah Gustiiiii...! Kok dha siya-siya nyang wong cilik ta yaaaaa?! Dha gak slamet uripmu!" "Pasotmu gak mandi, mBah! Bakul-bakul iki sing nyepelekna petugas. Wis dielikake ora direken!" semaute saweneh Satpol PP weruh Kamto glenthangan. Clanane Kamto teles kutahan dhawet. Atine mbah Dilah kaya dirajang, nangis kamisesegen, eluhe pijer diulapi nganggo pucuk slendhang. Tanem bakul gethuk wis ngethithir nyingkrih, parute ceblok ora dipaelu. So Kamin tukang patri ibut nglebok-nglebokake pirantine menyang njero pethi. Ana apel siji gumlethak ing cedhak pethine. Sawuse rampung ngringkesi pirantine, So Kamin nyelehake apel iku menyang dhasarane Sri buah sing mawut. "Gawanen kanggo anakmu, kang So," tembung Sri kekembeng mripate karo isih clilengan nggoleki dagangane sing ambyar. So Kamin gedheg. Senajan ing sateruse Sri ngulungake apel iku, ditambah salak rong iji, So Kamin emoh nampani." Apik dolen ae Sri. Kena kanggo nyuda karugenmu. Nanging aja kokedol maneh ing kene. Tengah kutha iki wis dudu papane wong cilik golek pangan. Wiwit sesuk aku arep midher kampung- kampung," wangsulane So Kamin kang wis mikul pethi abot isi pirantine nyambut gawe. So Kamin weruh para petugas topengan lunga numpak kijang brundhul plat abang. Nanging So Kamin lan bakul-bakul sing digurak iku padha ora weruh yen atine para petugas iku sejatine perih dene kepeksa nindakake ayahan kasar. Mula sawuse tekan kantore, topeng-topeng dibuwang sebrung. Kamto nguncalake topenge menyang kranjang sampah karo kumecap," Sabenere,80 Sastri Basa /Kelas 12raine awake dhewe iki isih luwih apik katimbang topeng-topeng iki. Kepeksanganggo, dipeksa dening kahanan." "Ya, aku ngerti tegese topeng sing kokkarepake. Ora mung kanggo nutuprasa rikuh marang tangga, nanging luwih saka iku," tumanggape Sahlan. "Yen mung disawang perkasus, pasar liar iku pancen kleru, perluditertibake. Nanging yen ditlusur, pasar liar iku ora bakal ana yen Bupati tegas,wani nulak konglomerat sing ngincer lokasi Pasar Rakyat kanggo adegsupermarket iku," semaute kanca liyane, nggepok tuk-sumbering kaluputan. Bupati rikuh, ora wani nulak awit konglomerat iku isih kulit dagingePejabat Pusat. Bupati kepeksa samudana kaya kang ditulis wartawan ing koran-koran. Ora ana wartawan sing wani nulis sing sabenere. Samudanane Bupati,Pasar Rakyat wis dianggep rupak saka ajuning jaman ,perlu dijembarake ingpapan liya ngiras kanggo pelebaran tata kota, alasane. "Urip ing jaman sing semrawut iki, akeh prakara sing kwalik-kwalik. Wongarep ngatonake rupane dhewe sing apik, malah ora kebeneran jalaran oracocog karo kejeming lingkungan sing nguwasani. Senajan cengkah karo batine,raine dhewe sing apik kepeksa dioret-oret. Ya ngene iki, kepeksa nganggotopeng sing ala, embuh kanggo kepentingane sapa," semambunge Sahlan. Kanca-kanca liyane ora ana sing nrambul gunem. Padha thenger-thengerkaya isih nggagas enggone mentas ngobrak-abrik bangsane dhewe. Ingsateruse lagi ana sing kumecap, grenang-greneng kaya menyang awakedhewe. Tembunge," Karuwan mungsuh Landa utawa Jepang. Utawa ing Timtimkana, mungsuh Fretilin. Yen menang kondhang, yen mati dadi pahlawan.Menang kok mungsuh wong-wong wadon, bakul gethuk, bakul dhawet." Tembung iku njalari Kamto unjal ambegan awit pancen ana rasa ngganjeling atine, enggone ora sengaja nerak dhawete mbah Dilah, tanggane. Kamtomalah ora ngerti yen dheweke ana ing sacedhake mbah Dilah, randha tuwasetengah wungkuk sing uripe kesrakat. Senajan ketutup topeng, ora kaweruhan rupane, nanging atine Kamtosawarna manungsa uga dadi kisruh. Ana karep kepengin nglironi karugenekanggo nyuthik rasa kang ora kepenak sing ngganjel ing atine. Nanging Kamtouga dadi gojag-gajeg awit kang mengkono iku ateges miyak wewadine dhewe.Ing mangka dheweke emoh yen enggone kejem ngobrak-abrik dadi pocapanetangga-teparo. Molak-maliking pikiran mengkono iku njalari Kamto klisikanenggone turu. Nganti esuke, tekan kantore, Kamto isih ewuh aya, durung mutusake. Endising dipilih? Kalane Kamto isih mikir-mikir prakara iku, dheweke diundangPareres, diakon nyekel stir jalaran sopir kantore ora mlebu. Pareres kepengin weruh asile. Yen bakul-bakul isih muwel, langkahsabanjure, bakul-bakul arep digaruk, diangkut menyang kantor lan diwenehipengarahan. Weruh wis ora ana bakul siji-sijia, Pareres ayem atine. "Mereka ke pasar baru juga, akhirnya," ujare Pareres tanpa mudhun sakamobil kang diendhegake Kamto ing tilase pasar trotoar. "Ya, mungkin saja ke sana, atau ke tempat lain yang lebih menjanjikansesuap nasi. Atau bisa jadi masih nganggur di rumah, merenungi modalnyayang mawut," tembunge Kamto, wewayangane mbah Dilah kumlebat ingangen-angene. "Itu salah mereka. Kita kan sudah mengingatkan baik-baik dan sudahkunyalakan lampu merah, peringatan terakhir. Kitalah yang susah, ditegurSastri Basa /Kelas 12 81Bupati, dianggapnya kita tak mampu kerja." Pareres nyulet rokok. sawuse asep dikebulake, Pareres sumambung," Tugas kita sebagai penegak ketertiban makin banyak saja. Berhadapan langsung dengan masyarakat yang komplek. Menertibkan ini, menertibkan itu, belum menertibkan yang lain, dan yang lainnya lagi. Tukang becak pun liar, mbandel ditertibkan parkirnya." "Jika hanya menertibkan orang kecil saja, tak sulit, meski mereka mbandel pada mulanya. Orang kecil saja, dengan ditendang sudah pada takut dan mulai tertib. Ada satu hal yang paling sulit ditertibkan." "Apa?" "Untung bukan tugas Satpol PP." "Apa itu?" "Menertibkan moral untuk tidak menggusur kepentingan rakyat." Pareres sing rokokan isih terus rokokan, tanpa reaksi, kaya ora kepengin nanggapi rembuge Kamto. Saka waliking kaca mobil, Kamto nyawangi kios-kios tilasing Pasar Rakyat sing wiwit digempur dening kuli-kuli bangunan. ***Garapan 2: Mrodhuksi lan Nyiarake Sandhiwara Radhio Saiki wektune para siswa ngatonake sakabehe kawasisan lan kaprigelanmroduksi sandhiwara radhio kanthi bombong lan bungah. Para siswa kudu bisa saiyegsaeka kapti makarya bebarengan mroduksi sandhiwara radhio “Topeng” adhedhasarteks kang wis kagarap kanthi jlimet , titi, lan tutug. Prodhuksi sandhiwara radhio bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen sekabehepawongan kang kasangkut ing sajrone proses prodhuksi bisa makarya bebarengankanthi linambaran rasa seneng lan tanggung Jawab. Proses prodhuksi sandhiwararadhio ngliwati telung tataran. Sepisan, tataran pra prodhuksi, yaiku golek lanngumpulake gagasan, teks/naskah, lan paraga (sutradara, pemain, lan teknisi).Kaloro, tataran prodhuksi, yaiku proses rekaman nggarap sandhiwara radhio. Katelu,tataran pasca prodhuksi yaiku proses editing lan publishing. Dhalang/sutradara sandhiwara radhio kudu ngelingi, yen panyemak sandhiwaramung migunakake indra pangrungu (kuping/audio) kang nduweni sipat imajinatif(gampang/seneng khayalan) lan ora migunakake mripat kang nduweni sipatkritis/rasional kanggo nikmati ‘ngrasakake’ asil ciptane. Mula, prodhuksi sandhiwararadhio uga kudu kaarahake kanggo nggugah daya khayal panyemak.Supaya asil prodhuksi sandhiwara radhio bisa nduweni kuwalitas sing apik, babaganing ngisor iki kudu oleh kawigaten kang mirunggan.(1) Teks/ Naskah Antawacana ing teks kudu cekak aos, terang, lan padhet. Sabisa-bisane kudu ninggalake/nginggati tembung sing ora umum (istilah asing), ukara kang kedawan lan mbulet supaya panyemak sandhiwara ora bingung lan cepet bosen.(2) Paraga Jalaran mung kanggo dirungu, mula pamaraga/pemain kudu temen-temen nduweni swara kang bisa nggambarake figur/karakter tokoh kang diparagani.82 Sastri Basa /Kelas 12Cacahing pamaraga/pemain paling akeh wong lima, awit yen pamaragane kakehan bakal mbingungake panyemak.(3) Ilustrasi Musik Ilustrasi musik lan sound effect kudu trep karo kahanan kang dikarepake naskah, supaya bisa nguripake suwasana lan mbiyantu panyemak sajrone ngembangake imajinasi/daya khayale.(4) Narator Narator kudu bisa migunakake ukara kang trep kanggo nggambarake suwasana kang dumadi, utamane tumrap adegan lan kahanan kang ora bisa utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa, lan liya-liyane).(5) Proses editing Sawise rekaman rampung, teknisi kanthi titi lan titis dituntun sutradhara ndandani asil rekaman. Sajrone proses editing, teknisi bisa ngurangi, ngilangi, utawa ngimbuhi perangan-perangan kang kaanggep kurang trep. Saiyeg saeka kapti makarya bebarengan. Sumber foto: duniaradhio.blogspot.comPakaryan kanggo siswa: Sawise sakabehe proses prodhuksi rampung, supaya asil ciptane utawa karyane para siswa bisa dirasakake dening masyarakat, para siswa kaajab bisa nggunggah sandhiwara radhio asil prodhuksine ing internet lumantar website sekolah utawa blog pribadi.Pasinaon 3: Pakaryan Mandhiri Nulis Pasulayan Sajrone Teks Sandhiwara Kanthi Aksara Jawa Makarya kanthi bebarengan pranyata bisa nuwuhake suwasana guyub rukun.Saiki kanggo nuwuh lan ngrembakakake jiwa mandhiri lan daya ciptane, ana ingpasinaon 3 para siswa bakal kaadhepake karo pakaryan mandhiri. Para siswa kaajabkanthi mandhiri, tanpa ngarep-arep pitulungane liyan bisa nulis nganggo aksara latinlan aksara Jawa sing apik lan bener.Sastri Basa /Kelas 12 83Kawruh babagan tata tulis aksara Jawa wis disinaoni wiwit isih sekolah ing SDnganti saiki, wiwit aksara legena nganti aksara murda wis nate diwulangakeBapak/Ibu Guru. Mula saiki wektune kanggo njajagi jerone kawruh lan katrampilannulis aksara Jawa mau. Sethithik minangka pepeling, yen salah siji gunane aksaramurda yaiku kanggo nulis jeneng, tuladhane: (1) %][bo[wo$ubiy[nTo (2)[jo[@owi[fo[fo (3) $ulTnH$nufin / (4) sun [n µo n=, lan parasiswa uga kudu eling yen aksara murda ora oleh dipasangi, yen dipasangi bali dadiaksara biasa.Pakaryan kanggo para siswa: Para siswa kaajab kanthi titi lan tatas, bisa ngowahi (alih wahana) cuplikan teks pasulayan ing sandhiwara radhio saka teks aksara Latin dadi teks aksara Jawa ing ngisor iki. Asil pakaryanmu kakumpulake minangka tugas portofolio! Supaya bisa diwaca, tulesan kudu apik lan bener Sumber foto:andrianakawaiimoeta.blogspot.comTulisen nganggo aksara Jawa!Andri : Kula mboten saged nyimpen barang-barang ingkang dereng hak kula, Pak.Kusuma : Hiya wis bisa, yen ora gelem nganggo rak bisa koktitipake menyang akuAndri utawa ibumu.Kusuma : Kadospundi anggen kula nitipaken, menawi bapak ibu tansah mbotenAndri wonten ndalem. Lan, kula kaliyan Mas Agung badhe murnekaken katresnan. : Apa katresnanmu ora murni saiki? : Awit, kula kaliyan Mas Agung menika namung dipunpanggihaken dening tiyang sepuh. Mila. Katresnan menika, kula kinten mboten saged dangu, menawi kula kaliyan mas Agung piyambak mboten madosi katresnan ingkang murni.84 Sastri Basa /Kelas 12GLADHEN WULANGAN IVI. Pilih wangsulan sing paling bener!1. Asil cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku.... a. gancaran ’prosa’, cerkak ’cerpen’, lan sandhiwara ’drama’ b. gancaran ’‘prosa’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ c. tembang ‘nyanyian’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ d. pertunjukan ‘tontonan’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’ e. babad ‘cerita sejarah’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’2. Sandhiwara mujudake genre (jinis) asil cipta sastra sing nggambarake.... a. uripe manungsa lumantar solah bawa utawa tindak tanduk. b. uripe manungsa lumantar guyonan lan hiburan c. uripe manungsa lumantar crita ing ndhuwur panggung d. uripe manungsa lumantar kesenian tradhisional e. uripe manungsa lumantar sutradhara3. Bobot ajining teks sandhiwara gumantung marang.... a. jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. b. pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. c. pangudhare prakara (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. d. basa rinengga (gaya bahasa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton. e. dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.4. Wujud pasulayan ‘konflik’ yaiku.... a. psychological conflict, yaiku pasulayan ing antarane pawongan siji lan pawongan liyane. b. social conflict, pasulayan ing sanjerone batin sawijining pawongan. c. social conflict lan psychological conflict. d. antarane perangkat desa karo institusi Dewan Perwakilan Desa. e. amarga rebutan warisan.5. Sapa pawongan sing menang sajrone pasulayan, .... a. bakal terus melu mubeng cakra manggilingan. b. bakal manggon ing papan sing ngisor (mlarat, ina, utawa asor). c. bakal menang maneh ing pasulayan sabanjure. d. bakal ora bisa dikalahake ing pasulayan sabanjure. e. bakal manggon ing papan sing dhuwur (sugih, pangkat, utawa drajat).Sastri Basa /Kelas 12 856. Mula yen lagi pinuju ana ing papan sing dhuwur (menang pasulayan) kudu bisa ngedohi sipat .... a. suradira jayaningrat lebur dening pangastuti b. amemayu hayuning bawana c. sadumuk bathuk sanyari bumi d. adigang, adigung, lan adiguna e. rawe-rawe rantas malang-malang putung7. Sandiwara radhio yaiku jinise sandhiwara sing mung bisa kasemak kanthi migunakake .... a. antawacana (dhialog) b. indra pangecap utawa pangrasa c. indra pangrungu (audhio) d. audhio visual elektronik e. perkakas kang canggih 8. Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani …. a. jejer (orientasi) b. pasulayan (komplikasi) c. pangudhare prakara (resolusi) d. pungkasaning crita (kodha) e. owahing crita (revolusi) 9. Umume, sandhiwara migunakake alur.... a. maju b. flash back c. campuran d. mundur e. wolak-walik 10. Teks sandhiwara radhio ora mbutuhake pituduh laku, ananging mbutuhake.... a. kramagung b. pituduh akting c. pituduh pocapan d. pituduh bloking e. pituduh gladhen 11. Amarga antawacana ing teks sandhiwara radhio iku mujudake teks tulis kang arep diucapake kanthi lesan, mula .... a. biasane migunakake basa baku b. basane kecampuran tembung ora baku c. basane trep karo unggah-ungguh basa d. ukarane dawa lan jangkep e. basane standar kaya basa Jogja-Solo 86 Sastri Basa /Kelas 1212. Maneka warna jinis asil cipta sastra (utamane gancaran), bisa diowahi (dikonversi/alih wahana) dadi teks sandhiwara radhio. Carane, yaiku .... a. ngowahi gancaran dadi prosa b. ngowahi guneman dadi dhialog c. ngowahi guneman dadi antawacana d. ngowahi janturan dadi antawacana e. ngowahi antawacana dadi janturan13. Prodhuksi sandhiwara radhio bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen …. a. sekabehe pawongan kasangkut ing proses prodhuksi kanthi linambaran rasa seneng. b. sekabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi linambaran rasa seneng. c. sekabehe pawongan makarya kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab. d. sekabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi linambaran rasa seneng. e. sekabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.14. Jalaran mung disemak kanthi dirungokake, mula pamaraga/pemain sandhiwara radhio kudu temen-temen nduweni swara ... a. kang bisa kaprungu endhek-dhuwur dening panyemak. b. kang bisa nggambarake figur/karakter tokoh kang diparagani. c. kang bisa kaprungu kanthi jelas dening panyemak. d. kang bisa diatur intensitas, intonasi, lan artikulasine. e. kang bisa kepenak dirungokake kaya swarane waranggana.15. Tumrap adegan lan kahanan kang ora bisa utawa angel diswarakake (umpamane kobongan, banjir, rasa, rupa), bisa dicritakakae dening .... a. sutradhara b. pamaraga c. penulis naskah d. narator e. edhitorII. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener! 1. Apa gunane nyemak sandhiwara radhio? 2. Apa kang kudu ditindakake dening manungsa nalika manggon ing papan ngisor ing cakra manggilingan? 3. Kepriye carane ngonversi teks gancaran dadi teks sandhiwara radhio? 4. Apa wae kang kudu ditindakake sadurunge proses prodhuksi sandhiwara radhio? 5. Bab apa kang kudu digatekake sutradara nalika milih lan netepake pamaraga/pemain ing sandhiwara radhio? Jlentrehna!Sastri Basa /Kelas 12 87WULANGAN 5 KRIDHANING BUDAYA Kompetensi Dasar dan Indikator: 3.5 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis seni pertunjukan. 3.5.1 Menjelaskan asal-usul seni pertunjukkan. 3.5.2 Menjelaskan struktur seni pertunjukkan. 3.5.3 Menjelaskan pesan moral dalam seni pertunjukkan. 4.4 Menyajikan seni pertunjukan (musikalisasi puisi, dramatisasi karya sastra, si’ir, lawak, musik dan lagu, dongeng). 4.4.1 Melakukan penataan pentas seni pertunjukkan. 4.4.2 Mengelola pementaskan seni pertunjukkan. 4.4.3 Mementaskan seni pertunjukan tradisional. 4.4.4 Menanggapi pementasan seni pertunjukan tradisional. 4.5.5 Mengunggah pementasan seni pertunjukkan ke internet. Sawise sinau wulangan 5 iki, para siswa kaajab bisa: ngarani jinis-jinise tontonan, njlentrehake titikan (ciri-ciri) tontonan, ngandharake struktur tontonan, lan ngandharake pesen moral sajrone tontonan. Sabanjure, para siswa uga kaajab bisa: nata pentas tontonan, ngatur pentas tontonan, nggelar pentas tontonan, nanggapi pagelaran tontonan lan ngunggah pagelaran tontonan ing internet. Saliyane iku, para siswa uga bisa migunakake tuladha tumindak spiritual lan sosial sing ana ing wulangan iki minangka kacabenggala (cermin) ing satengahe masyarakat.Mbabar Wawasan Bebrayan Jawa wiwit biyen wis kondhang minangka bebrayan sing gedhe,sugih, lan anduweni kabudayan kang adiluhung. Buktine akeh warisan utawatinggalan kang sumebar saindhenging pulo Jawa kang awujud: sastra, wewangunan(candhi, kraton), beksan, gamelan, tontonan, lan liya-liyane. Kaya kacetha inggambar-gambar ing kaca sabanjure, maneka warna tontonan kang migunakake basaJawa minangka sumber lan babon olah-kridhane, wiwit wayang, kethoprak, ludruk,kentrung, sandhur, lan liya-liyane sumebar angrenggani adicara miturut dhaerahedhewe-dhewe.88 Sastri Basa /Kelas 12Gatekna gambar-gambar iki! Kabudayan Jawa sugih maneka warna tontonan. (Sumber Foto: Maneka warna laman ing internet) Sawise nggatekake gambar lan maca andharan ing ndhuwur banjur tuwuhpitakonan kang kudu dijawab, yaiku: 1) Tontonan ing gambar ing ndhuwur tuwuh lan ngrembaka ing tlatah utawa dhaerah endi? 2) Tontonan apa sing paling akeh disenengi uwong? 3) Tontonan-tontonan iku pantese kagelar ing adicara apa? 4) Kepriye asal-usule utawa bibit kawite muncul tontonan-tontonan mau? 5) Kepriye tata carane nglestarekake tontonan-tontonan mau? Sajrone Wulangan 5 iki para siswa bakal sinau babagan tontonan kangmigunakake basa Jawa minangka sumber lan babon olah kridhane. Ing subtema 1para siswa bakal sinau bab tontonan ludruk, ing subtema 2 para siswa bakal sinaubab tontonan kethoprak, lan ing subtema 3 para siswa bakal sinau nggelar tontonansandhiwara tradhisional.

Sastri Basa /Kelas 12 89