Ngrungokake parenthahe bapak ibu guru lagu lan guru wilangan ukara ing dhuwur yaiku

! "# "# # $ # % " & '( #'# ) ) ) & ) ' ) %* " + * , - ) %* " + .#/ !' ) # ) ( #/ 0 ' 1 2 33 ! & :: 99 77 88 - - 66 0 0 22 -- 44 00 44 -- 00 12 67 --17!" # $ %& &! ' & && ! ( 5 '( 6 ! & ( ( #' 7 ( -# 3 ! 8 & 9 ! ! ( *# & 9 ( ) #& !% ! ( ( ' '( ! ' " ( : ' & !: ! '( & 9 ! ! ) ( & 9 ( ' " & ' & ! ( 9 ( " ( ! ' & ' '( & 9 #& !%' ! & " ! 0 ' ' ! ' ' " " & ! ! ' " & ( ; 9 ' ' $ & ( " ( ' : ' ' 1 & #/ 0 ' & ! ' ' ' ! & " " ( ' , ( '( ( ' & 9 & ,# ' & #& !%' ! ; ' ( & ! 9 " ( ( ' ! ' ' & ; ' ( ( ! " & ! & '( ' ! ! ! ( & ! ( " ( ! 1 " && ! ' & ( ' ' #'# ' ( ( ! ) ( " '( ; & #/ 0 ' ) , & .!' '( < ' " -1 3=3 = > 3?= > ?1 ( ) '( * ' !& 0 < / - ) ( " @< A " ( ' & ' < / - ) ( " @< A 1 ' ' ' ( ( + % @ # 0 ! ! # ' ) ! ) 0 B & ! ) @B )A < / - ) ( " @< A & ; ' " ; & ' ! ! ; # ; ( " #/ 0 ' A # ( ( ; ( ! @* A ) & # #&# '( & 9 ' ( ( ' + % , @; 0 # ! ) # #&# 9 0 ! ! # ' ) ! ) 0 B & ! ) B ) < / - ) ( " : < A ; ! & ( 9 ( ( ) '( * ' ( 0 ' ; 9 9 ( '( " 9 ' ' . & ! & ! ! : 9 . & 0 * & " # !: & ' ! ! ( ' . ! & " ( ' ' , , % - ( - ./01 & ! ! ( & ! ( ' & & " & ' & #& !: #& ! & ' 1 ( ( 9 ' ! & & ! ) ;#' * & @);*A ;#' 1 @;1A & ;#' @; A ' ' ) - # & @ )- A :' # ( '( " 9 & 0 ' ( & ( " 0 ! ( & ( " 0 '( & & ) ( " '( ( ( + % 2 ( ( ' + % , @; & ; ' " ; & ' &# ! ! ; & ; ( " #/ 0 ' 8' ( ( 9 " # 9 # 7 1 ! ; # ! ( ! " ' " ( 0 * '( * ) #& ! @ ) A % ! " ! @ 1A & & 9 8% = . & 0 ) % 1 ' & ' & ! ; ) &# ! ! > & & ! 7 ( -# 3 ! 8 *% ' ( - ( - 3 % ' $ 3 , -2 % ,( -* ! &# & @ & !A 9 ' & 9 ( ' ; 9 . & 0 # ) % 1 " ( 9 0 * '( * * '( * " " " . ; ) > ( & & " -# 8 ! > '( ( ( ) ;#' * & @);*A ' ( & ! & 9 ! . ) ;#' * & @);*A & ;#' 1 @;1A & & & ! ' ) - # & @ )- A # ' ( -# C ! > '( & 9 & 7 < ! ' ( & ! & 9 : " : " ! ' ! ! ; ) &# ! ! ! > $ !: ! ' ( ! . & ! & & ! @( ( A # ' ( ! ! ' # & * ' ( 9 ( & & & & " 9 & , # & ) & ( . & ( 0 & & ! # (# ' '( & " . & # & # ' ' '( & ! ' # ' ( ( & ( # # & ( " ' # ( * '( * 9 ( '( " ) % 1 & & & ! ' 0 ; 9 ' & ' & & & . 9 ' ' . & & ! & ! ! : & ( . & 0 & 9 & & ! ( ) , . . & & & ! ' #' '( ( ( @ A . & ( (# ' ! ' 9 ' ( ! ' # @ A . & & & ! ' # ' & ! ( ! ' @>A . & ( & & !, # & (# & # '( ( ' & #&# @8A . & ( & & ! ' ' #& ! ' 0 ! # ( ! & %. # & & # ) , . ( ( ( ' # '( & " ' ' @+( / A " @D # A .#( @$2 ' A & @ #. A #' : @ #' . A & '( 0 9 @- # A # & ! ! # 9 . & ! ! ) & ) )# & ;# , & #'# # '( ( ( * '( * 9 ! ' & ! @& " A & & " ;#' & 1 # ' # & ( & ( 9 ( # " #' ' ' & ! # '( ( ( & & ! & ' ! ! . :. @ A ! '( ;# @ A ! '# & @>A ! '( ' : ' & @8A ! '( ) . ; 9 ' & & ! ( 9 5( 6 & 5 & 6 ! : # : # ( & ( ( ; ! ' 9 ( 9 '( ' . & 9 '( ! " ' '( " ' ! ( ' ' ' ' & ' ! ! . ! " & ( ( ! ! ! ' & " ' # ! : ' ! ' & ( ' :' 7 1 ( ' ! 9 & " " ( ' ' 9 & & . & 0 - ) ( " '( "Daftar isiSamak ngarep ………………………………………………………………….. iSamak njero ……………………………………………………………..…….. iiIdentitas …………………………………………….……………………..…….. iiiKata Pengantar ………………………………….……………………..……... ivAtur Sapala ………………………………………………………………..…….. vAtur Pangiring .....................................……………………..……... viiDaftar Isi .............................................……………………..……... viiiWulangan 1 : Njaga Lestarine Alam ………………………………….. 1Mbabar Wawasan ................................. ……………………..…….. 2Pasinaon 1 Model Teks Pinilih …..………….……………………..…….. 3Gladhen 1 ………………………………………….……………………..…….. 5Gladhen 2 ………………………………………….……………………..…….. 6Gladhen 3 ………………………………………….……………………..…….. 9Pasinaon 2 Nyusun Teks Informasi Bebarengan ………......... 11Gladhen 1 ………………………………………….……………………..…… 11Gladhen 2 ………………………………………….……………………..…….. 12Pasinaon 3 Nyusun Teks Informasi Mandhiri ............………….. 13Gladhen 1 ………………………………………….……………………..…….. 13Gladhen 2 .......................................................................... 14Gladhen Wulangan 1 …………………………..……………………..…….. 15Wulangan 2 : Bhineka Tunggal Ika …………………………………….. 18Mbabar Wawasan ................................. ……………………..…….. 19Pasinaon 1 Modhel Teks Pinilih …………………….……………..…….. 20Gladhen 1 ………………………………………….……………………..…….. 21Gladhen 2 ………………………………………….……………………..…….. 25Kaca viii Tantri Basa klas 6Gladhen 3 ………………………………………….……………………..…….. 25Pasinaon 2 Nggancarake Teks Macapat Bebarengan......... …… 26Gladhen 1 ………………………………………….……………………..….... 27Gladhen 2 ………………………………………….……………………..……. 28Pasinaon 3 Makarya Mandhiri Nulis Teks Tembang Macapat ... 28Gladhen 1 ………………………………………….……………………..…….. 29Gladhen 2 .......................................................................... 30Gladhen Wulangan 2 …………………………..……………………..…….. 31Wulangan 3 : Tokoh lan Panemu 34Mbabar Wawasan .................................……………………..…….. 35Pasinaon 1 : Modhel Teks Pinilih ………….……………………..…….. 38Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 40Gladhen 2 ………………………………………………………………..……... 41Gladhen 3 ………………………………………………………………..……... 43Pasinaon 2 Bebarengan Ngrembug Paribasan ..………..……..… 45Gladhen1 ………………………………………………………………..……... 45Gladhen 2 ………………………………………………………………..……... 50Pasinaon 3 Makarya Mandhiri Ngrakit Ukara ……………...…….. 51Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 52Gladhen 2 ………………………………………………………………………… 53Gladhen 3 ………………………………………………………………………… 54Gladhen Wulangan 3 ………………………………………………………… 55Uji Kompetensi Semester 2 ……………………………………………….. 59Wulangan 4 : Globalisasi 63Mbabar Wawasan ................................ ……………………..…….. 64Pasinaon 1 Modhel Teks Pinilih ……………………………............... 65Gladhen 1 …………………………………………............................... 69Gladhen 2 …………………………………………............................... 69Pasinaon 2 Ayo Makarya Bebarengan …………………………..….. 71Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 71Gladhen 2 ………………………………………………………………..……... 74Pasinaon 3 Makarya Mandhiri Njangkepi Cangkriman ....…….. 75Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 76Kaca ix Tantri Basa klas 6Gladhen 2 ………………………………………………………………..……... 76Gladhen Wulangan 4 ………………………….……………………..……... 77Wulangan 5 : Wira Usaha 79Mbabar Wawasan ................................. ……………………..…….. 80Pasinaon 1 Modhel Teks Pinilih …………………………………..……... 81Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 83Gladhen 2 ………………………………………………………………..……... 83Gladhen 3 ………………………………………………………………..……... 84Pasinaon 2 Makarya Bebarengan …………………………..…….. 85Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 87Gladhen 2 ………………………………………………………………..……... 87Gladhen 3 ………………………………………………………………..……... 89Pasinaon 3 Makarya Mandhiri Ngrakit Teks Pidhato …..……... 90Gladhen 1 ………………………………………………………………..……... 90Gladhen 2 ………………………………………….……………………..……... 91Gladhen 3 ………………………………………………………………..……... 92Gladhen Wulangan 5 ………………………….……………………..……... 93Uji Kompetensi Semester 2 ……………………………………………….. 96Daftar Pustaka ………………………………….……………………..……..... 99Kaca x Tantri Basa klas 6WULANGAN 1 NJAGA LESTARINE ALAMKompetensi Dasar:3.1 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks informasi yang diperoleh dari berbagai media berbahasa daerah secara lisan/tertulis.4.1 Menyampaikan dan menanggapi informasi yang diperoleh dari berbagai media berbahasa daerah secara lisan/tertulis.Indikator:3.1.1 Menjelaskan pengertian teks informasi.3.1.2 Menjelaskan ciri-ciri teks informasi.3.1.3 Mengidentifikasi teks informasi.3.1.4 Membedakan antara teks informasi dengan jenis teks lain.4.1.1 Menuliskan isi teks informasi dengan bahasa sendiri.4.1.2 Menceritakan kembali isi teks informasi yang telah dibaca dengan bahasa lisan.4.1.3 Membandingkan informasi yang diperoleh dari media berbeda untuk menemukan persamaan dan perbedaan.4.1.4 Menanggapi kesimpulan tentang persamaan dan perbedaan informasi.Kaca 1 Tantri Basa klas 6Mbabar Wawasan Merga wis kelas VI, mula Rini sakancane kudu luwih sregepsinau, kanggo ngadhepi ujian akhir sekolah. Saiki, Rini lagi sinaupelajaran IPA ngenani ekosistem. Rini eling pangandikane Ibu Gurumau esuk. Bu Guru ngendika yen salah sijine ekosistem rusak,lingkungane ya rusak. Yen nganti lingkungane rusak sing rugikabeh makhluk sing urip ing sajrone lingkungan mau, utamanemanungsa. Lingkungan rusak tuladhane, yaiku alas sing rusak amargakobong utawa ditegori wit-witane kanthi sembarangan. Alas dadigundhul, yen udan ora bisa nyimpen banyu udan. Banyu udanbablas mili, nggerus lemah, ndadekake longsor lan banjirbandhang. Longsoran lemah lan banjir bandhang ndadekakebencana tumrap manungsa. Omah, dalan, sawah, tegal lansapanunggalane dadi rusak. Bisa uga nuwuhake korban jiwa. Indonesia negara kang endah. Kaendahane alam Indonesiakondhang sadonya. Akeh wong manca sing kasengsem karokaendahane alam Indonesia. Maneka warna tanduran lan kewan,mung mligi ana ing Indonesia. Mula wis dadi kewajibane kabehwong Indonesia njaga lestarine alam. Rini saiki paham bangetngenani wigatine njaga lestarine alam Indonesia. Ing ngisor ikigambar ngenani sawijining kahanan alam.Gambar ing ngisor iki setitekna!1. 2.Tantri Basa kelas 6 kaca 23. 4.Sawise nyetitekake gambar ing dhuwur, coba tulisenpenemumu cukup saparagrap bae! ............................................................................................................................ ............................................................................................................................ ............................................................................................................................ ............................................................................................................................ ............................................................................................................................ ............................................................................................................................ ..................................................................................................................... Pasinaon 1 Modhel Teks PinilihTeks Informasi Teks bisa wujud lisan bisa uga wujud tulisan utawa gambar.Tujuan panulise teks nginformasekake apa bae. Teks informasi bisawujud teks narasi faktual, teks dheskripsi, lan teks persuasi. Teks narasi faktual tuladhane teks pawarta, pengalamanpribadi, lan profil tokoh. Teks dheskripsi yaiku teks kangngandharake samubarang apa anane, bisa lelakon, barang, lanbisa apa bae sing dadi lesan (sesuatu, keadaan, tempat, barang,orang). Dene teks persuasi isi lan andharane ngajak-ajak, narikkawigatene liyan, ngyakinane, lan ndayani.kaca 3 Tantri Basa kelas 6Teks narasi faktual lan teks dheskripsi wis nate disinaonisadurunge kelas enem. Teks informasi sing bakal disinaoni ingpamulangan iki mligi ngenani teks pawarta lan persuasi, slogan, laniklan. Bocah-bocah, ayo bebarengan maca teks ing ngisor iki kanthititi!Teks 1: Pawarta Banjir Bandhang lan Longsor TrenggalekGambar 1 Gambar 2 Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkesmarang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi praharalemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjirbandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek,yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak. Prahara banjir bandhang lan tanah longsor mau kelakon ingdina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB, sawise udan deresmeh sedina sewengi ora leren. Prahara lemah longsor kang nggawakorban jiwa 1 asal desa Senden Kecamatan Kampak, lagi surut lanbisa ditangani ing ing dina Rabu, 17 Agusutus 2016. Prahara banjir bandhang medhotake kreteg ing dalan singngubungake kecamatan Kampak-Munjungan lan Kampak-Gandusariuga ngrendhem ewonan omah. Pedhote kreteg mau nyebabakebantuan kanggo korban prahara banjir bandhang sing diliwatakeBPBD ora bisa dikirim kanthi lancar.Tantri Basa kelas 6 kaca 4Bausastra:sadhengah : sakabehe/ sawernaneprahara : bencanatandhon : simpenantundhone : akhirenegor : ngethok/motongTeks 2: Persuasi Ngopeni Banyu, Sumber Panguripan Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip, orabakal bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhake, banyu singresik. Banyu kang bebas polusi. Nyatane ing jaman saiki angelbanget golek banyu sing resik bebas polusi. Tuk banyu lan kali wisakeh sing asat amarga wit - witan sing nandhon banyu wis entekditegori. Banyu kali ya wis kenek polusi, amarga kanggo buwanganuwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik. Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyangsegara, mulane segara dadi reged (tercemar). Supaya orakekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthinandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampahlan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah,ngopeni banyu minangka sumber panguripan.Bausastra:tuk : sumberditegori : dikethokiuwuh : larahanpomahan : omah-omahe wargagumregah : enggal tumandangGladhen 1: Nyemak Teks InformasiSawise nyetitekake teks ing dhuwur, pitakon-pitakon ikiwangsulana manut prentahe!kaca 5 Tantri Basa kelas 61. Apa bae irah-irahane teks ing dhuwur? 2. Prahara apa sing dumadi nalika wayah rendheng? 3. Apa sing nyebabake anane prahara mau? 4. Sapa sing mbutuhake bantuan? 5. Apa sing diarani teks informasi iku?Gladhen 2: Ngidhentifikasi Titikane Teks Informasi1. Saben jinis teks informasi nduweni ciri-ciri utawa titikan mligi. Bisa katitik saka informasi sing diandharake uga bisa saka basa kang digunakake. Titikane teks Informasi: a. Teks pawarta 1. Ngandharake fakta 2. Kamomot ana ing medhia cetak utawa elektronik 3. Isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat. Tuladhane kaya teks 1 ing dhuwur ”Banjir Bandhang lan Longsor Trenggalek” b. Teks Persuasi Teks persuasif yaiku karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca. Wujud gancaran, isine bisa ngajak, ngelingake, mamerake, nawakake. c. Sesanti/ Slogan Slogan isine ngajak lan ngelingake. Teks 3 : Sesanti/Slogan Negor sauwit, nandur satus bibit!Tantri Basa kelas 6 kaca 6d. Pariwara/Iklan Iklan kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku, lan digunakake. Tuladhane slogan, kayata: visi misi sekolah, visi misi instansi/perusahaan, partai politik, lan sapanunggalane. Iklan, tuladhane kaya: iklan sabun, iklan handpone, iklan panganan, lan sapanunggalane Teks 4: Pariwara/Iklan Sabun deterjen rakyat, ramah lingkungan2. Sakwise bocah-bocah ngerti titikan utawa ciri-cirine teks informasi, wenehana tandha centhang ing papan isen-isen sing cocok karo ciri-ciri teks informasi!No. Pranyatan Pawarta Teks informasi Pariwara Persuasi Sesanti / iklan 1 Isine: prastawa nyata /slogan ajakan pamer ndayani ngelingake 2 Wujude: paragrap- paragrap ukarakaca 7 Tantri Basa kelas 63. Sawise bocah-bocah ngerti bedane teks informasi, wenehana tanda centhang ing papan isen-isen sing cocok!No. Ukara Teks informasi Pariwara Pawarta Persuasi Sesanti/ / iklan1. Sapa nandur bakal slogan ngundhuh.2. Banjir bandhang nrajang, nuwuhake korban jiwa.3 Banyu resik, sumber panguripan, openana!4 Ayo tandang, njaga lestarine alam.4. Saiki goleka tuladha teks informasi. Pilihen! Bisa teks pawarta, teks sesanti utawa teks pariwara/ iklan saka majalah basa Jawa, banjur tulisen ing papan sing wis kasedhiyakake ing ngisor iki!......................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................Tantri Basa kelas 6 kaca 8Gladhen 3: Mbedakake Teks Informasi Bocah-bocah, wacanen teks ing dhuwur lan setitekna manehkaya kang wis dijlentrehake yen jinise teks informasi wujud tekspawarta, teks slogan, lan teks iklan.Teks ing ngisor iki setitekne! Taman Nasional Baluran Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabehwarga negara Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah.Kementerian Kehutanan lan Lingkungan Hidup sing kejibah njagalan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine kanthinetepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/hutanlindung sing dilindhungi undhang-undhang kanggo njaga lestarineekosistem sing asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane. Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawahutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistemsing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana,alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia singpaling misuwur yaiku bantheng. Rini lan Bima wis nate diajak Bapak ibune dolan menyangTaman Nasional Baluran. Bocah loro seneng atine ana TamanNasional Baluran, amarga bisa langsung ngrasakake lan ndelengendahing alame, tanduran, lan kewan-kewane sing wis langka. Rinilan Bima seneng banget bisa weruh wujude bantheng. Mula yen kepingin kaya Rini lan Bima, enggala nggawerencana liburan semester iki saperlu dolan menyang TamanNasional Baluran. Ing kono saliyane dolan-dolan uga bisa nliti lansinau ngenani maneka warnane ekosistem. Regane tiket kanggomlebu kepetung murah. Papane gampang diparani, amargamanggone ana ing sapinggire dalan gedhe Surabaya BanyuwangiKM 18, Arjasa-Situbondo. Taman Baluran mapane ke bawah Ds.Sumberwaru, Kecamatan Banyuputih, Kabupaten Situbondokaca 9 Tantri Basa kelas 6Wangsulana pitakon ing ngisor iki!1. Teks ing dhuwur irah-irahane apa?2. Tembung sing kacithak kandel ing teks dhuwur golekanategese!a. kejibah = .......................................................b. ngupakara = .......................................................c. padhang savana = .......................................................d. alas mangrove = .......................................................e. enggala = .......................................................f. ke bawah = .......................................................3. Gambar ing ngisor iki slogan apa iklan?a. ................................. Aku butuh ibukub. ............................. Pingin ketemu? mrenea! Wisata alam pulau komodoTantri Basa kelas 6 kaca 10Pasinaon 2: Nyusun Teks Informasi Bebarengan Nyusun teks informasi sing paling penting kudu ngerti cirikhase lan jinise teks. Carane nyusun teks informasi:1. Teks pawarta Teks pawarta kuwi sing diandharake kudu nggunakake pedhoman ngenani: apa, sapa, kapan, nyapa (kena apa), nang endi, kepriye.2. Teks persuasi Temtokna data/fakta/fenomena sing arep kokgunakake minangka dhasar kanggo narik kawigaten lan mangaribawani utawa ngajak. Data/fakta/fenomena sing narik kawigaten yaiku data/fakta/ fenomena sing rupa sebab akibat sing bisa migunani utawa ngrugekake tumrap pribadi-pribadi, masyarakat, bangsa, lan negara, malah bisa uga tumrap donya saisine. Nulis jenis teks persuasi sing paling wigati kudu kanthi basa kang gampang dingerteni dening pamaca kabeh. Gladhen 1: Nulis Teks InformasiGambar-gambar ing ngisor iki bisa njlentrehake kanthijangkep teks informasi!1. Nggawea klompok kanthi anggotane dumadi saka 4 bocah.2. Pilihen jenis teks apa sing arep koktulis bebarengan karo klompokmu!3. Saben anggota kudu milih salah siji saka gambar mau. Semaken, banjur nggawea paragrap sing cocok karo gambar!kaca 11 Tantri Basa kelas 64. Asilmu nulis klumpukna karo klompokmu, wacanenbebarengan paragrap-paragrap mau!5. Uruten paragrap-paragrap mau, yen durung nyambungparagrap siji lan sijine, dhiskusekna maneh karo klompokmu.6. Banjur pajangen ing papan kang sumadya.a. b.c. d.Gladhen 2: Nyritakake Isine Teks Informasi Nyritakake isine teks persuasi, kuwi tegese nyritakake isine teksnganggo basane dhewe-dhewe. Paragrap-paragrap kudu bisa dirunut ukara intine. Ingparagrap, ukara inti bisa ing wiwitan paragrap, pungkasanparagrap utawa bisa dirunut ing saben ukara kanthi goleki tembungkunci sing ngubungake ukara karo ukara sateruse ing paragrap.1. Nggoleka teks informasi siji bae, bisa pawarta, persuasi, sesanti/slogan utawa pariwara/iklan saka maneka warna sumber (lingkungan sakiwa tengen, TV, majalah, lsp).2. Dhiskusekna isine teks sing wis kokpilih karo klompokmu, jupuken dudutan (kesimpulan) saka crita mau lan tulisen!3. Sing makili klompok maju nyritakake asile dhiskusi ana ngarep kelas.Tantri Basa kelas 6 kaca 124. Klompok liyane sing ora maju migatekake lan menehi tanggapan kanthi lelandhesan rubrik ngisor iki:No Klompok Aspek Jumlah vokal intonasi ekspresi runtut 1 2 3 4 5Katrangan :Biji 4 yen : pas bangetBiji 3 yen : pasBiji 2 yen : cukup pasBiji 1 yen : kurang pas Pasinaon 3: Nyusun Teks Informasi MandhiriGladhen 1: Nulis Tanggapan Teks InformasiBocah-bocah saben dina mesthi oleh informasi saka ngendi bae.Informasi bisa saka TV, radhio, ariwarti (koran), kalawarti(majalah), utawa langsung saka sumbere. Kanggo tansaya nambahipangertenmu bab teks informasi tindakna pakaryan iki kanthimandhiri: (1) Goleka teks informasi saka kalawarti (majalah) atau ariwarti (koran). (2) Tulisen informasi apa kang kaandharake kanthi pedhoman ngenani: apa, sapa, kapan, nyapa (kena apa), kepriye, nang endi.kaca 13 Tantri Basa kelas 6(3) Wacanen ana ngarep kelas asil garapanmu, dene kanca liyane menehi tanggapan. (4) Dandanana garapanmu, sabanjure kumpulna marang Bapak/Ibu Guru. Gladhen 2: Nulis Teks Informasi Perangan-perangan gambar ing ngisor gathuk–gathuknasupaya runtut, utawa pilihen salah siji. Saka gambar bisa dadi idhekanggo nggawe teks informasi, bisa teks pawarta, persuasi,sesanti/slogan utawa pariwara/iklan.1. Semaken perangan gambar ing ngisor iki, banjur gawea teks informasi sing cocok karo gambar. a. b.c. d.2. Asile tulisanmu mau bandhingna karo teks sajinis sing dimot ing sajrone medhia abasa Jawa.3. Asil tulisanmu jingglengana maneh sing tliti, yen ana sing salah benerna.4. Asil tulisan sing wis kokbenerne banjur pajangen ing papan kang wis sumadya.Tantri Basa kelas 6 kaca 14GLADHEN WULANGAN 1A. Pilihen jawaban sing paling bener!Wacan ing ngisor iki wacanen kanggo mangsuli pitakon no 1 nganti 5!................................... ”Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia” ukara kuwi ing saben-sabendina pengetan Lingkungan Hidup mesthi dikumadhangake saindengedonya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling ambasadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhesadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya. Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusakealas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawenemanungsa. Rusak merga saka bencana alam, umpamne: gunungmbledhos, gempa bumi/lindhu, yen rusake amarga kobong, banjirbandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokal gawene manungsa. Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mungmanungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat, sing bisamrodhuksi oksigen sing resik ya tanduran sing subur. Tanduran bisasubur yen lemahe uga subur. Subure lemah kuwi yen akeh humuse lancukup banyune, humuse sing akeh asale saka godhong-godhong singgogrog nutupi lemah, banyune akeh yen ana oyod-oyode wit gedhe singbisa nandhon banyu sajroning lemah. Mulane ayo dilestarekake alasesupaya tetep bisa dadi paru-parune donya.kaca 15 Tantri Basa kelas 61. Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yen arupa slogan yaiku….. A. Alasku paru-paruku B. Alasku sehat, paru-paruku sehat C. Alasku paru-parune donya D. Lestari alasku, lestari bumiku2. Ukara inti ing paragrap 1 wacan ing dhuwur yaiku…. A. Alase rusak, paru-parune donya rusak. B. Alas Indonesia paru-parune donya C. Alas Indonesia kuwi alas tropis D. Alas tropis prodhusen oksigen.3. Ukara inti ing paragrap 2 wacan ing dhuwur yaiku …. A. Alase Indonesia rusak kabeh. B. Alase Indonesia dirusak menungsa. C. Indonesia bencana gempa bumi. D. Lemahe Indonesia longsor kabeh.4. yen katulis Latine.... A. Alasku bumiku B. Alasku paru-paruku C. Alasku lestari, uripku lestari D.Alasku lestari, uripku murakabi5. Ukara sing dadi cirine teks persuasi wujud pangajak ana ing paragrap …. A. 1 B. 2 C. 3 D. 46. Ukara ing ngisor iki tuladha teks pawarta wujud andharan ngenani kedadeane … A. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya. B. Rusake alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene manungsa. C. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe sadonya. D. Prahara banjir bandhang mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB7. Ing ngisor iki titikane sesanti utawa slogan sing bener yaiku….Tantri Basa kelas 6 kaca 16A. ukarane ngajak-ajak B. ukarane mamerake C. ukarane nyenengake D. ukarane ngujuk-ujuki8. Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku… A. ukarane ngajak-ajak B. ukarane mamerake C. ukarane nyenengake D. ukarane ngujuk-ujuki9. Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise pariwara/iklan yaiku… A. Ngundhuh wohing pakarti. B. Gunakna banyu sacukupe! C. Lemah longsor mendhem ewonan omah. D. Ayo njaga lestarine alam.10. ”Panguripan ing ngendi bae mbutuhake oksigen” , yen diowahi nganggo basa krama sing bener…. A. Pagesangan wonten pundi kemawon mbetahaken oksigen. B. Panguripan ing pundi mawon mbetahaken oksigen C. Pagesangan ing pundi kewawon betah oksigen. D. Panguripan wonten pundi kemawon mbetahaken oksigen.B. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi cekak aos! 1. Apa wae titikane teks pawarta? 2. Apa bedane teks pariwara karo teks sesanti? 3. Kepriye tuladhane teks pariwara? 4. Kepriye tuladhane teks sesanti? 5. Kepriye tuladhane teks pawarta saparagrap? 6. Kepriye panemumu ngenani teks pawarta sajerone kalawarti Jaya Baya lan Panjebar Semangat?kaca 17 Tantri Basa kelas 6WULANGAN 2 BHINEKA TUNGGAL IKAKompetensi Dasar:3.2 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks tembang macapat sesuai dengan kaidah.4.2 Menceritakan isi tembang macapat.Indikator:3.2.1 Menyebutkan contoh tembang macapat.3.2.2 Menjelaskan aturan atau kaidah tembang macapat .3.2.3 Mengidentifikasi jenis tembang macapat.3.2.4 Membedakan tembang pangkur dengan tembang lainnya.3.2.5 Menjelaskan arti kata-kata sulit yang ada pada tembang Pangkur.4.2.1 Menirukan tembang Pangkur yang dicontohkan.4.2.2 Melagukan tembang Pangkur.4.2.3 Memparafrase tembang Pangkur.4.2.4 Menceritakan isi tembang Macapat.Tantri Basa kelas 6 kaca 18Mbabar Wawasan Bhineka Tunggal Ika tegese maneka warna nanging nyawijiing tekad lan karep. Maneka warna suku bangsa, agama, basa, lanbudaya. Bhineka Tunggal Ika semboyan sing nyawijekake bangsaIndonesia. Yen nganti ana wong Indonesia isih ngundhamanaperkara SARA marang wong padha Indonesiane, ora pantes ngakuwong Indonesia apa maneh urip ing bumi Indonesia. Yen oraBhineka Tunggal Ika dudu Indonesia.Gambar ing ngisor iki nuduhake maneka warnane suku bangsa,agama, basa, lan budaya.1. 2.3. 4.Sawise nyetitekake gambar ing dhuwur, coba tulisenpenemumu cukup saparagrap bae, saben gambar!1. ......................................................................................... .........................................................................................2. ......................................................................................... .........................................................................................3. ......................................................................................... .........................................................................................4. ......................................................................................... .........................................................................................kaca 19 Tantri Basa kelas 6Pasinaon 1: Modhel Teks PinilihGambar ing ngisor iki setitekna! Maneka warnane seni lan budayaIndonesia, wiwit Sabang nganti Merauke. Seni lan budaya maumujudake salah siji saka bukti Bhineka Tunggal Ika, bukti kaskayakang gedhe banget ajine, lan bukti jatidhiri bangsa Indonesia. Minangka peranganing generasi mudha Indonesia, kita kudubisa nglestarekake lan ngrembakakake seni lan budaya kuwi. Mligi ing jagading basa, seni, lan budaya Jawa bae, ugamaneka warna. Saben propinsi ing pulo Jawa, saben kutha,kabupaten, kecamatan, lan saben desa nduweni ciri khas dhewe-dhewe. Tuladhane padha wayange tetep ana ciri khase antaranegagrag wayang Jawa Tengahan, Jawa Timuran, lan Yogyakarta. Rini mung bisa nggumun lan ngungun nalika nyetitekakegambar ing dhuwur. Ing sajerone batin nduweni pepinginan bisaamubeng saindenge Indonesia kanggo nyinaoni basa, seni, lanbudaya dhaerahe. Ing pamulangan iki bakal disinau salah siji sakaseni budaya Jawa, kang manjila ing babagan nilai-nilai budi pakartiluhur, yaiku tembang macapat. Nalika isih kelas lima, kowe kabeh wis diwulang ngenanitembang lan nembang Pucung. Saiki sing kudu disinaoni RiniTantri Basa kelas 6 kaca 20sesambungan karo tembang lan nembang Pangkur. Rini minangkawong Jawa pancen kudu nyinaoni luwih dhisik. Pamrihe aja ngantikedhisikan dening wong manca sing luwih mumpuni. Gladhen 1: Nyemak Teks Tembang MacapatSawise nyetitekne tembang Pangkur ing ngisor iki,wangsulana pitakon-pitakone!Teks 1: PangkurNegriku Indonesia,Nut jaman kapungkur tetep nyawiji,Nunggal ingkang den ginayuh,Karaharjaning bangsa,Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,Murah sandhang lawan pangan,Karukunan kang jinagi.Lelandhesan Pancasila,Ya Bhineka Tunggal Ika puniki,Nyata kaesti satuhu,Pranataning agama,Seni, sastra lan budaya adiluhung,Dadi jatidhiri bangsa,Indonesiaku yekti.Bausastra: : ngelok-elokake,ngundhamanakaskaya : bandha donya, kasugihanajine : reganengrembakakake : ngembangake, njembarake mekaresaindenge Indonesia : sa-Indonesia kabehpamrihe : tujuane, karepemumpuni : mrantasi gawenyawiji : dadi sijijinagi : jinagakaesti : ditemeni, dilakoni, diperdisatuhu : temenanadiluhung : nduweni kagunan/mutu sing dhuwurkaca 21 yekti : temenan, saestu Tantri Basa kelas 6nyawiji : dadi sijijinagi : jinagasatuhu : temenanadiluhung : nduweni kagunan/mutu sing dhuwuryekti : temenan, saestuWangsulana pitakon-pitakon gegayutan karo tembangPangkur! 1. Apa irah-irahan kang mathuk kangge tembang Pangkur kasebut? 2. Gatra “Nut jaman kapungkur tetep nyawiji” kepriye guru wilangan lan guru lagune? 3. Karaharjane bangsa ginayuh amarga kahanane Indonesia kepriye? 4. “Karukunan kang jinagi” apa tujuane? 5. Gatra “Seni, sastra lan budaya adiluhung” kepriye guru wilangan lan guru lagune? 6. Apa contone budaya kang adiluhung? 7. Apa lelandhesane negara Indonesia? 8. Apa tegese “Bhineka Tunggal Ika” ? 9. Apa kang dadi jatidhirine bangsa? 10. Apa kang bisa koktindakake supaya basa, sastra, seni, lan budaya Jawa tetep lestari?Katrangan ing ngisor iki wacanen lan setitekna! Tembang macapat mujudake salah sijine jinis lagu dhaerahutawa tradhisional Jawa. Jenise tembang macapat kuwi ana 11,yaiku: Mijil, Kinanthi, Pucung, Sinom, Pangkur, Asmaradana,Dhandhanggula, Durma, Gambuh, Maskumambang, dan Megatruh.Saben tembang macapat nduweni watak, sasmita, lan titikan utawapathokan dhewe-dhewe. Ing ngisor iki diandharake titikan, watak, lan sasmitaningtembang macapat.Tantri Basa kelas 6 kaca 22A. Watak lan sasmitane tembang macapat Watake tembang macapat kuwi gegambaran ngenani cakriking tembang, sing kamot sajerone tembang mau. Carane meruhi wewatakane tembang mau, kanthi ndeleng isine tembang. Tuladhane, yen watake sereng, tegese isine tembang arupa pitutur tegas sing kudu digugu. Sasmitane tembang kuwi tembung tartamtu sajeroning tembang, sing bisa nuduhake jinise tembang. Carane kanthi ndeleng salah siji tetembungan ing jerone tembang. Tuladhane tembang Pangkur, lumrahe ana tembang sing nganggo tembung kur, mangkur, pungkur, utawa kuku.kaca 23 Tantri Basa kelas 6B. Titikane tembang macapat Titikane tembang macapat kuwi manggon ana ing guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra kuwi cacahe larik saben sapada. Guru wilangan kuwi cacahe wanda saben sagatra. Guru lagu kuwi tebane swara ing pungkasaning gatra.Ing ngisor iki carane nggoleki titikane tembang: a) Guru gatra digoleki kanthi ngetung pira cacahe larik saben pada utawa bait. b) Guru wilangan digoleki kanthi ngetung pira cacahe wanda utawa suku kata. c) Guru lagu digoleki lumantar swara utawa vokal ing pungkasaning pada (bait).Tantri Basa kelas 6 kaca 24Gladhen 2 : Njlentrehake Titikane Teks Tembang Macapata. Golekana guru gatra, guru lagune tembang Pangkur ing ngisor iki!Tembang: Pangkur Gatra wilangan Guru laguMingkar mingkuring angkara,Akarana karenan mardi siwi,Sinawung resmining kidung,Sinuba sinukarta,Mrih kertarta pakartining ngelmuluhung,Kang tumrap wong tanah Jawa,Agama ageme aji,b. Golekana sasmitane tembang Pangkur ing dhuwur, tulisen sagatrane/ saukarane! ......................................................................................... .........................................................................................Gladhen 3 : Mbedakake Jinis Teks Tembang Macapat Mbedakake jinise tembang macapat, kanthi cara njingglengipathokan panulisane sing dumadi saka guru gatra lan guru wilangan,utawa sasmita, lan watake tembang macapat. Saben jinis tembangmacapat nduweni pathokan, watak, lan sasmita dhewe-dhewe.Teks tembang macapat ing ngisor iki aranana jinise! Teks 1 : Tembang ……………… Teks 2: Tembang ……………Nuswantara iku bumi klairanku,En Ka Er I nyata, Aja nganti kebanjur,Gemah ripah loh jinawi, Sabarang polah kang nora jujur,Samya asih sinisihan ing sasama. Yen kebanjur sayekti kojur tan becik, Becik ngupayaa iku, Pitutur ingkang sayektos.kaca 25 Tantri Basa kelas 6Pasinaon 2:Nggancarake Teks Tembang Macapat Bebarengan Ing pasinaon 2 bocah-bocah bakal sinau carane nggancaraketeks tembang macapat. Ana rong jejibahan sing kudu ditindakake,yaiku: 1) ngowahi teks tembang macapat dadi gancaran nganggobasa ngoko lan krama, 2) ngganepi cakepane tembang nganggotembung sing pas.a. Carane nggancarake tembang macapat: 1. Yen ana tembung-tembung sing angel golekana tegese nganggo kamus. 2. Yen wis ketemu tegese gathukna maneh karo tembung- tembung sing ana ing tembang. 3. Supaya luwih cetha gancarane, bisa disambung karo tembung tugas, umpamane tembung sesulih, tembung panggandheng, tembung katrangan, lan sapanunggalane.Tuladhane: Tegese Tembang Cakepan Tembang ngatur mobah-mosike hawaMingkar mingkuring angkara, napsuakarana karenan mardisiwi, jalaran kepengin nggula- wenthah para putraSinawung resmining kidung, karakit lumantar endahingSinuba sinukarta, tembangMrih kertarta pakartiningngelmu luhung, direrengga (dihias) larasKang tumrap wong tanah wiramaneJawa, supaya kaleksanan pranata- ne panembah marang Pangeran kanggone wong ing laladan JawaAgama ageming aji. Agama busana sing paling utamaTantri Basa kelas 6 kaca 26Gancarane : Ngatur mobah-mosike hawa napsu, minangka sarana anggone seneng nggulawenthah para putra kabeh, diwujudake lumantar endahe tembang, direrengga (dihias) laras karo wiramane. Supaya kaleksanan sakehe pranatan manembah marang Pangeran. Kanggone wong ing laladan Jawa, sabarang tumindak adhedhasar agama, iku kang paling utama.b. Carane ngganepi cakepane tembang Pangkur: 1. Teges/maknane tembung kang dipilih kudu nyambung karo isine ukara. 2. Tembung kang dipilih kudu manut pathokan guru wilangan lan guru lagu. Tuladhane : Sagung pra rawuh …. (a)  sedaya Mugi pinayungan nugraha …. (i)  yekti Asih tresna Alloh …. (u)  satuhu Tansaha kasarira, Puja-puji syukur saha sembah …. (u)  sujud Konjuk ing ngarsa paduka, Gusti Alloh maha …. (i) suci Gladhen 1 : Nggancarake Teks Tembang Macapat1. Nggawea klompok dhiskusi.2. Bebarengan karo klompokmu, gancarna tembang Pangkur ing ngisor iki.3. Asile dhiskusi klompok, ditulis ana ing kertas lan dikumpulake.kaca 27 Tantri Basa kelas 6Tinakdir ing alam donya, Tinitah ikhtiyar angulir budi, Lakune angudi ilmu, Netepi tatakrama, Samangsane manjing ing tataning srawung, Dimen gesang bagya mulya, Menep lahir uga batin.4. Tembang ing ngisor iki ganepana nganggo tembung sing cocok lan pas karo guru wilangan lan guru lagu. Pawitane para ….. (a), Aja nglalekake maca lan …. (i), Nimbaa sumbere …. (u), Ngugemi tata….(a), Minangka tatacarane ngangsu kawruh, Tawadhu‟ uga tawakal, Mungguh lair uga …. (i).Gladhen 2 : Nyritakne Isine Teks Tembang Macapat 1. Asile anggonmu bebarengan nggancarake tembang macapat ing gladhen 1, owahana dadi basa krama! 2. Salah siji saka anggota klompokmu, majua ing ngarep kelas nyritakake isine tembang pangkur mau! Pasinaon 3 : Makarya Mandhiri: Nulis Teks Tembang Macapat Gladhen nulis teks tembang macapat, sing paling wigatikudu migatekake panganggone pathokan guru gatra, guruTantri Basa kelas 6 kaca 28wilangan, lan guru lagu. Watak lan sasmitane saben-sabentembang, kaya dene tembang pangkur mau, uga kudu tetepdigatekake Gladhen 1: Nulis Teks Tembang MacapatCarane nulis tembang Pangkur :1. Pilihen temane! a. toleransi b. gotong royong c. rukun d. sopan santun2. Nulise ukara sing ana sesambungane karo tema sing kokpilih saakeh-akehe.3. Pilihen ukara sing koktulis mau, endi sing cocok lan nyambung antarane siji lan sijine.4. Owahana tembung-tembung ing ukara sing kokpilih mau, laras karo cacahe wilangane tetembungan (suku kata) saben larik utawa gatrane.5. Golekana dasanamane tembung-tembung sajerone ukara sing wis kokpilih lan kokowahi, banjur larasna karo guru lagune (swara vokal sing paling mburi). Yen kangelan golekana nganggo bausastra/kamus.6. Sawise pakaryan 1 nganti tekan 5 mau rampung, tulisen maneh kanthi jangkep. Asile salinen ana kertas bufalo. Pajangen ing papan kang sumadya.Gatra Tembang: Pangkur Guru Guru wilangan lagu 1 ................................................... 2 ................................................... 8 a 3 ................................................... 11 i 4 ................................................... 8 u 5 ................................................... 7 a 6 ................................................... 12 u 7 ................................................... 8 a 8 ikaca 29 Tantri Basa kelas 6Gladhen 2: Nglagokake Tembang MacapatIng wulangan sadurunge bocah-bocah wis nyinaoni tembang lannglagokake tembang Pangkur. Supaya kancamu ngerti asilekaranganmu, lagokna ana ngarepe kancamu saklas tembangPangkur sing wis kokkarang!Tantri Basa kelas 6 kaca 30GLADHEN WULANGAN 2A. Pilihen jawaban sing paling bener! Wacan ing ngisor iki wacanen, kanggo mangsuli pitakon no 1 nganti 5! Bocah-bocah dha sekolah, Wiwit biyen nalika isih cilik, Sregepa anggolek ilmu, Wayah esuk lan awan, Ngrungokake parentahe para guru, Lan bisa ngerti agama, Agama ngarsaning Gusti. 1. Tembang ing dhuwur arane tembang ..... A. Pucung B. Asmaradana C. Kinanthi D. Pangkur 2. Guru lagu lan guru wilangane tembang ing dhuwur yaiku .... A. 8a – 8i – 8u – 8e – 7a – 8i – 8i B. 8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8i C. 8h – 11k – 8u – 7n – 12u – 8a – 8i D. 8a – 11i – 10u – 7a – 12u – 8i – 8a 3. Unine swara saben pungkasaning gatra tembang macapat, diarani …. A. guru lagu B. guru wilangan C. guru swara D. guru gatra 4. Dene cacahe wanda saben gatra diarani …. A. guru lagu B. guru wilangan C. guru swara D. guru gatrakaca 31 Tantri Basa kelas 65. Sing ora kalebu pitutur kang ana sajeroning tembang, yaiku…. A. Bocah-bocah kudu sregep sekolah B. Kudu tansah mirengake prentahe guru C. Wiwit cilik sregep golek ilmu D. Aja gelem ngudi kawruh agamaKanggo soal nomer 6 nganti 10, gatekna tembang ingngisor iki! Bapak pucung, saben dina tansah bingung, badanira panjang, tutukira pan pesagi, saben dina pucung nguntal buntutira.6. Tembang ing dhuwur jenenge tembang …. A. Gambuh B. Pucung C. Sinom D. Mijil7. Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu ing tembang dhuwur yaiku … A. 7i B. 8i C. 9i D. 10i8. Tembang ing dhuwur satemene cangkriman. Batangane … A. tali B. kalung C. sabuk D. ula9. ”Nut jaman kapungkur tetep nyawiji”, ukara iki mujudake sasmitane tembang …. A. Pucung B. Pangkur C. Sinom D. Gambuh10. ”Badanira panjang” yen katulis nganggo aksara Jawa sing paling bener ….Tantri Basa kelas 6 kaca 32B. Wacanen tembang ing ngisor iki! Sagung pra rawuh sedaya, Mugi pinayungan nugraha yekti, Asih tresna Alloh satuhu, Tansaha kasarira, Puja-puji syukur saha sembah sujud, Konjuk ing ngarsa paduka, Gusti Alloh maha suci.Wangsulana pitakon ing ngisor iki! 1. Tembang ing dhuwur kalebu tembang apa? 2. Golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune! 3. Apa isine tembang mau? 4. ”Mugi pinayungan nugraha yekti”, apa tegese ukara kasebut? 5. Tembang ing dhuwur gancarna nganggo basamu dhewe!kaca 33 Tantri Basa kelas 6WULANGAN 3 TOKOH LAN PENEMUKompetensi Dasar:3.3 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks lisan dan tulis berbahasa daerah (tentang tokoh dan penemu) yang memuat ungkapan tradhisional.4.3 Menanggapi teks lisan maupun tulis yang memuat ungkapan tradhisional Jawa (paribasan, bebasan. dan saloka).Indikator:3.3.1 Menjelaskan pengertian paribasan, bebasan, dan saloka.3.3.2 Membedakan paribasan, bebasan, dan saloka.3.3.3 Mengartikan ungkapan paribasan, bebasan, dan saloka.4.3.1 Menuliskan tanggapan terhadap teks yang memuat4.3.2 ungkapan tradhisional Jawa.4.3.3 Membuat kalimat menggunakan ungkapan tradhisional Jawa.Tantri Basa kelas 6 kaca 34Mbabar Wawasan Wulangan iki ngrembug bab unen-unen (ungkapan) Jawaawujud paribasan, bebasan, lan saloka. Unen-unen mau dedunungsajerone teks profil tokoh nasional sing duwe pisumbang tumrapurip lan panguripaning kabudayan, bangsa, lan negara. Pasinaon iki,diajab bisa nuwuhake rasa syukur, nasionalisme, lan saguh ngajenilelabuhane para paraga mau.Coba setitekna gambar-gambar ing ngisor iki! Gambar 1 Gambar 2Yen wis cetha lan kokweruhi gambar-gambar mau gambare sapa,semaken uga geguritan ing iki.kaca 35 Tantri Basa kelas 6Sunan Kalijagaiki crita salah sijine Wali sangamiturut tembang rawat-rawat bakul sinambiwaraRaden Mas Said, putra Adipati WilatiktaLokajaya, kondhange nalika dadi brandhal linuwihseneng ngrampas bandhane wong sugihwong cethil sing suthik dedana mbebagi asihBandha rampasan ora dipek dhewenanging didum-dumakemarang wong sing ora duwelan ora digatekakesisane kleyang kabur kanginan pepindhaneIng sawiji dinaLokajaya ketemu wong tuwakaton memelas ing tengah alas“He wong tuwa, dak jaluk bandhamu apa nyawamu?!”wong tuwa iku mesem grapyak sumanak“Lokajaya, delengen kolang-kaling kae”sakala kolang-kaling gumebyar rupa emasLokajaya kaget kepatilir tinubruk mong luput pindha nirbudiLokajaya, yen ing donya ikikang kok uber mung bandha donyakubebasane uripmu bakal peteng tanpa lampuOoo,...jebul kang dakrampog iki wong sektising pantes dakdadekake guru pribadipepadhane lir sumur lumaku tinimba yektiLokajaya meguru sakehing ngelmiIng pungkase, Lokajaya njangkepi Wali Sangasalin jeneng dadi Sunan Kalijaganyiptakake wayang kalawan gamelankanggo dakwah ing madyaning panguripan Surabaya, 26 Mei 2016 (Widodo Basuki)Tantri Basa kelas 6 kaca 36Sawise bebarengan nyemak gambar lan geguritan mau, kitabakal meruhi, cetha yen kabeh mau ana sesambungane karogegambaran tartamtu. Gegambaran ngenani tokoh utawa paragakang kawentar ing jagading sejarah nasional Indonesia.Saiki coba wangsulana pitakon-pitakon iki: 1. Apa tegese tetembungan Wali Sanga? 2. Sapa wae tokoh sajerone gambar Wali Sanga ? 3. Sapa salah sijine tokoh Wali mau kaya kang dijlentrehake sajerone geguritan? 4. Apa wae sing wis ditindakake dening para wali mau? 5. Sapa wae sing kacetha sajerone gambar 2 ing dhuwur? 6. Apa bedane Wali Sanga karo tokoh-tokoh ing gambar 2? 7. Piye kalungguhan lan lelabuhane (peranan) tokoh-tokoh kang kacetha ing gambar 2?Yen wis kokwangsuli kabeh pitakon mau, catheten kabeh, sajeronebukumu. Catheten uga katrangan iki: Teks mau awujud guritan (puisi). Apa kowe kabeh wis ngerti, apa ta guritan iku? Guritan kuwi perangan saka reriptan sastra. Basane kaiket nganggo paugeran tartamtu. Kejaba kudu endah, basane guritan kudu manut paugerane wirama, matra, rima, lan carane nyusun pada (bait) lan larik. Jinise guritan Jawa ana loro: guritan tradhisional (kaya tembang macapat, singir, lan sapanunggalane) lan guritan modern (wujude geguritan). Sajerone puisi Jawa modern kang katelah geguritan, bisa diweruhi panggunane basa kang ora sabaene. Tegese, kaiket karo rerengganing basa utawa „perhiasan bahasa, kalebu basa pinathok. Tuladhane kaya unen- unen, kang wujude kaya paribasan, bebasan, lan saloka.kaca 37 Tantri Basa kelas 6Pasinaon 1 Modhel Teks PinilihNyemak Teks Profil Tokoh Tartamtu Raden Ngabehi Rangga Warsita Iki gambare sapa? Raden Ngabehi Ranggawarsita kang asma timure BagusBurhan, iku tedhak turune Sultan Hadiwijaya saka Pajang. Kanjengibune tedhak turune Sultan Trenggana, sultan kang nate jumenengnata ing kraton Demak Bintara. Dadi Raden Ngabehi Ranggawarsitapancen trahing kusuma, rembesing madu. Eyang buyute kangajejuluk Yasadipura I, kuwi uga mujudake pujangga Surakarta kangkawentar. Sauntara, kanjeng eyange uga pujangga kang misuwur,kang ajejuluk Yasadipura II. Nalika nom-nomane, Bagus Burhan kadhawuhan ngenger lansinau marang Kyai Imam Besari pemimpin Pesantren GebangTantri Basa kelas 6 kaca 38Tinatar, ing tlatah Ponorogo. Ing tembe, Bagus Burhan dadipawongan alim kang pinter ngaji. Sarampunge mondhok nengGerbang Tinatar, Bagus Burhan mulih menyang Surakarta. BagusBurhan banjur sinengkakake ngaluhur, kaangkat dadi putra wayah,dening Panembahan Buminoto (rayi dalem Sunan Pakubuwana IV).Panjenengane banjur winisuda dadi Carik Kadipaten Anom, ajejulukMas Pajanganom. Bagus Burhan krama karo Raden Ayu Gombak lan banjurndherek bapa marasepuhe, asmane Adipati Cakradiningrat kangnglenggahi Kadipaten Kediri. Jatu kramane paraga sakloron, lirtumbu oleh tutup, merga saka cocok lan pantese. Ing tembe,bebarengan karo Ki Tanujoyo, Bagus Burhan ngulandara lanmaguru menyang Bali. Ana kana, panjenengane kelakon njajahdesa milang kori, nyinau sakehing naskah kabudhan, kagungane KiAjar Sidalaku. Bagus Burhan diwisuda minangka Panewu Carik KadipatenAnom ajejuluk Raden Ngabei Ranggawarsita, nggantenikalungguhane kanjeng eyange, Kyai Yasadipura II. Ora watarasuwe, Ranggawarsita diwisuda maneh minangka pujanggaKasunanan Surakarta dening Kanjeng Sunan Pakubuwana VII. Raden Ngabehi Ranggawarsita nyerat maneka warna reriptansastra. Panjenengane misuwur minangka juru nujum, kanthi tulussawernaning guna kasantikan. Ewasemana, senajan nduwenikalungguhan luhur, panjenengane kawentar cedhak karo kawulaalit. Malah caket uga karo golongane wong pidak pedarakan. Ingbabagan iki, Raden Ngabehi Ranggawarsita bisa nglanggatiwicaraning sato kewan. Reriptane Ranggawarsita akeh banget. Jinising reriptane, lirngreronce sekar sumawur, maneka warna jinise, kaya ta: dongeng,babad, primbon, lakon wayang, reriptan ngenani basa lankasusastraan, serat-serat wulang, pranatacara, filsafat, ramalan,nganti “ngelmu kasampurnan „ajaran-ajaran mistik-religius Jawa”.Kejaba kuwi, bebarengan karo sarjana sujana Walanda anamaWinter, Ranggawarsita uga kasil nyusun sawijining Bausastra(Kamus) Kawi-Jawi. Kamus mau banget olehe migunani, ngantitekan jaman saiki.kaca 39 Tantri Basa kelas 6Bausastra:asma timur : jeneng nalika nom-nomanetedhak turune : keturunanjumeneng nata : madeg ratu, dadi rajatrahing kusuma, (bebasan) turunane raja,rembesing madu : tedhak turune ratu, bangsawanajejuluk : jeneng (gelar)-e, asma pakurmatanpujangga : pengarang/ pangripta agung,winisuda : diwisuda, diresmekake, diangkatngulandara : ngumbarakalungguhan : jabatankawentar : misuwur („terkenal‟)reriptan : karangan, tulisan Gladhen 1: Unen-unen Jawa Sajrone Teks Saka sajerone teks naratif, kita perlu nyemak lelakon wigatising tau dialami tokoh mau. Semono uga kabeh tumindak sartapamikir sing bisa didadekake tuladha. Kejaba kuwi, saka wacanpara siswa diajak migatekake perangan unen-unen (ungkapan)kang digunakake sajrone teks (katulis miring). Unen-unen mau,awujud paribasan, bebasan, lan saloka. Patung R.Ng. Ranggawarsita kaca 40Tantri Basa kelas 6Unen-unen sajerone teks wacan mau, mangkene: Unen-unen TegeseTrahing kusuma rembesing Tedhak turuning ratumaduSinengkakake ngaluhur Dimulyakake kanthi kalungguhanTulus sawernane guna Pinter sakehing ilmukasantikanPidak pedarakan Wong cilik, fakir miskinNgreronce sekar sumawur Nyerat sawernane kawruhSawise kowe kabeh maca kanthi titi, pitakon ing ngisor ikiwangsulana kanthi cekak aos!1. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur? ...........................................................................................2. Unen-unen sajerone teks, nggambarake sapa? ...........................................................................................3. Sapa asma timure Raden Ngabei Ranggawarsita? ...........................................................................................4. Kepriye wewatake Raden Ngabei Ranggawarsita nalika timur? ...........................................................................................5. Apa wae reriptane Raden Ngabei Ranggawarsita? ...........................................................................................6. Piye patrape Raden Ngabei Ranggawarsita marang wong cilik? ........................................................................................... Gladhen 2: Unen-unen Sajrone WacanWacanen maneh teks ing dhuwur, kanthi migatekake tegese unen-unen sing gumayut. Yen wis rampung, banjur katrangan ing ngisoriki wacanen kanthi titi lan tliti!

kaca 41 Tantri Basa kelas 6



Page 2

Nyinau Unen-unen Jawa Unen-unen (ungkapan ing basa Indonesia) yaiku tetembungankanthi teges kang mligi (khusus). Umume dijupuk saka reriptansastra, nanging wis lumrah digunakake ing basa padinan. Wujudeana telu, yaiku paribasan, bebasan, lan saloka. Bebasan lan salokasejatine ya paribasan, mung ana bedane sawetara. Titikane unen-unen arupa paribasan, bebasan lan saloka:1) carane nyusun tembung, wis gumathok (tetep, ora owah),2) ana kang nduweni teges entar (kiasan), ana uga kang ateges wantah.3) wujude ukara utawa kumpulane tembung (frase).4) kalebu basa pinathok sajrone kasusastran Jawa.5) surasa utawa karepe paribasan uga gumathok, sesambungan karo isining ukara, lumrahe arupa kumpulaning tembung: tetandhingan (perbandingan), pepindhan (perumpamaan), utawa pepiridan (saemper pasemon „samaran‟).Tuladhane unen-unen sajroning puisi modern utawa geguritankanthi irah-irahan Sunan Kalijaga, ing dhuwur: Unen-unen Tegese lugu Karepe Tembang rawat- Lamat-lamat swara Pawarta kang rawat, bakul tembange wong sumebar keprungu sinambewara bebakulan tekan ngendi-endi martakake papan Gumebyar rupa sawijining bab mas sinangling Mencorong kaya Banget narik mas disepuh kawigaten merga Tinubruk mong endah lan cahyane luput Ditubruk macan Kaget banget Urip peteng tanpa ning ora kena lampu Kecingkrangan, Uripe sarwa nandhang reribetTantri Basa kelas 6 bingung tanpa pepadhang kaca 42Sumur lumaku Tuke banyu Wong pinter singtinimba sumberan lumaku dadi jujugane wong dadi paran golek maguru banyu (ngangsu)Sawise nyemak katrangan mau, wangsulana pitakon-pitakon iki!1) Kepriye panyusune tetembungan sajerone unen-unen? ...................................................................................2) Apa kang dikarepake tetembungan ateges entar? ...................................................................................3) Kepriye wewujudane paribasan sajerone unen-unen? ...................................................................................4) Kena apa panyusune tembung ana unen-unen ora bisa diowah- owahi? ...................................................................................5) Surasane tetembungan jroning unen-unen ana pira? Coba sebutna sisi lan sijine! ...................................................................................Gladhen 3: Unen-unen Sajrone Tetembangan Pranyata, unen-unen kaya dene paribasan mau, ugadigunakake ana sajrone tembang (macapat, lan sapanunggalane)lan tetembangan (tembang dolanan) Ngisor iki, tuladha anane unen-unen sajerone tembangdolanan. Lir-ilir Lir-ilir, lir ilir, tandure wis sumilir, tak ijo royo-royo, tak sengguh temanten anyar, Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi, lunyu-lunyu peneken,kaca 43 Tantri Basa kelas 6kanggo masuh dodotira.Dodotira, dodotira,kumitir bedhah ing pinggir,dondomana jlumatana,kanggo seba mengko sore,Mumpung padhang rembulane,mumpung jembar kalangane,yok suraka, surak hiya....Bausastra: : krasa seger katerak angin sumilir : tak kira tak sengguh : ngumbah dodot (jinising masuh dodot ageman), kain kumitir : muter seser jlumatana : jaiten, tambalen seba : ngadhep ratu/ pangageng, Pangeran Piye, apa kowe kabeh wis tau krungu tembang dolanan Lir-ilir kuwi? Mesthine wis, ya. Jalaran tembang iki misuwur banget anaing sadhengah papan, sadhengah jaman. Wiramane apik, isine yapancen becik. Akeh-akehe malah wis padha apal karo cakepan(lirik) tembang iki. Iya apa ora? Mbok manawa akeh uga singseneng nembangake. Ujaring kandha, tembang iki uga yasaneKanjeng Sunan Kalijaga. Kejaba enak dirungu lan ditembangake, isine pancen yabecik banget. Panganggone basa pas, ora angel, ning ya oragampang-gampang banget. Sing narik kawigaten yen kita semak,sajerone tembang iki jebul akeh panganggone unen-unen.1) Coba golekana unen-unen mau!2) Terangna tegese saben unen-unen kang koktemokake.3) Rakiten unen-unen mau sajerone ukaramu dhewe. Sawise rampung anggonmu nggarap gladhen iki, cathetenana buku cathetanmu kanggo pangeling-eling. Bubar kuwi,Tantri Basa kelas 6 kaca 44semaken katrangan sajerone gladhen ngisor iki, kanggo ngertenipanganggone paribasan. Pasinaon 2 Bebarengan Ngrembug Paribasan Ing pasinaon iki para siswa kaajak nggatekake teks wacandheskriptif ngenani unen-unen Jawa. Kaajab kowe kabeh bisanyumurupi apa bedane unen-unen siji lan sijine. Bebarengan karokancamu sajerone klompok, bisaa negesi lan mbedakakeparibasan, bebasan, lan saloka kaya kang ana sajerone wacan. Gladhen 1: Negesi Unen-unen Sajrone WacanSawise kowe kabeh bisa nyumurupi bab unen-unen, jinislan titikane, semaken katrangan ngisor iki kanggo ngerteniteges lan panganggone paribasan! Kanggo ngerteni teges lan panganggone paribasan, semakentuladhane paribasan ngisor iki, kepriye tegese, lan kapanpanganggone. Katrangan ngenani bab mau bisa dijupuk sakasaripatine crita utawa dedongengan ngisor iki.Kapisan:Upamane bab paribasan Kacang mangsa ninggala lanjaran.Paribasan iki sambung karo critane simbahe Bima lan Rini, minggukepungkur: Ana wong sugih, dolan-dolan menyang desa, kepethuk karobocah cilik siji, isih wuda mlaku ijen. Wong sugih mau banjur takonmarang si bocah, tembunge: “Thole, kowe anake sapa?”Wangsulane, ora weruh jenenge bapakne, awit wong tuwane karopisan, wus lawas anggone mati, sarta ora ana kang gelem ngopenidheweke.kaca 45 Tantri Basa kelas 6Wong sugih welas marang bocah mau, tumuli digawa mulih.Si bocah digulawenthah, dijenengake Dite, merga olehe nemu ingdina Minggu. Sabanjure dipasrahake marang guru, kareben sinau.Suwe-suwe kanggep kapinterane, banjur diangkat dadipanggedhening desa. Antara limang taun anggone dadipanggedhening desa, Si Dite digugat dening wong sadesa, jalaranolehe sawenang-wenang marang darbeking liyan. Wusanane Si Ditekabuwang sarta kacopot saka kalungguhane. Satemene Si Dite iku anake maling. Maling mau mati margaditumbak dening wong desa. Saking alaning kalakuwane, nganti oraana kang sudi ngopeni anak-turune, ya si Dite mau. Mulane benerujaring paribasan: kacang mangsa ninggala lanjaran. Dite, si anak,diupamakake kacang, kang ora bakal beda kelakuwane karobapake. Bapake, kang dhemen maling mau, diupamakake lanjaran,papan winih, prambatane kacang panjang.Kaloro:Bab paribasan : Kakehan gludhug kurang udan, dijupuk saka bukucrita ngenani sawijining bocah desa kang seneng mblenjani janji. Ana bocah kang aran Si Thukul, senenge sok ngumbarkasaguhan marang kanca-kancane. Nanging kasaguhan mau oratau temen, mung waton muni wae. Ing wayah sore Si Thukul dolaning alun-alun karo bocah akeh. Ing kono metu kasaguhane maneh,tembunge: “Heh kanca, mengko bengi menyanga omahku,dakwenehi buku wacan siji-siji”. Bareng bengi kanca-kancane tekatemenan. Nanging Si Thukul digoleki ora ana, ndhelik ing buriomah. Dheweke sumelang yen ditagih janjine, awit satemene oraduwe buku wacan. Kanca-kancane muring-muring, banjur padhabali karo clathu: “Si Thukul kuwi ora sapisan iki wae olehe ngumbarjanjine. Kabeh ora dituhoni. Dhasar bocah kakehan gludhugkurang udan. Kuwi gambaran kanthi unen-unen tumrap patrapeThukul. (Serat Paribasan, Dening Aryasutirta, 1931 : 788)Tantri Basa kelas 6 kaca 46Unen-unen “kakehan gludhug kurang udan” sajerone teksmau, tegese: kakehan omong nanging ora ana bukti nyatane.Omongan, janji, dipindhakake gludhug sing banter swarane.Kurang udan mindhakake bukti nyata saka janjine mau. Saka cathetan utawa katrangan mau bisa dingerteni yenparibasan iku mujudake perangan basa (wujude ukara utawatetembungan) sajrone teks, arupa basa pinathok, panganggonetetep, lan digunakake kanggo nambah endahe teks wacan, utawambangetake surasane kahanan, wewatakan, utawa tumindakeparaga. Sawise nyemak katrangan mau, rembugen bareng kancamusaklompok. Pitakon-pitakon iki sesambungan karo tegese paribasaniki. Wangsulan kaya dene contone! Unen-unen Tegese 1. Mburu uceng kelangan Ngoyak bab sing cilik, kelangan bab sing gedhe ajine dheleg Ngalami kapitunan sawetara 2. Tuna satak bathi sanak nalika dedagangan, nanging nenambah paseduluran. 3. Sandhing kebo gupak ........................................... 4. Sapa ngalah luhur wekasane ........................................... 5. Ciri wanci lali ginawa mati ........................................... 6. Ngalasake negara ........................................... 7. Kenes ora ethes ........................................... 8. Obah ngarep kobet mburi ........................................... 9. Jer basuki mawa beya ........................................... 10. Mbeburu kidang lumayu ........................................... ...........................................kaca 47 ........................................... ........................................... ........................................... ........................................... ........................................... ........................................... ........................................... Tantri Basa kelas 611. Tinggal glanggang colong ........................................... playu ........................................... Iki gambar apa? Kaya kang wis diandharake sadurunge, kejaba paribasan,jinise unen-unen ana kang karan bebasan lan saloka. Diaranibebasan yen tegese paribasan mau sesambungan karo watak,kahanan, utawa tumindake manungsa. Diarani saloka menawa:tegese ukara utawa tetembungan, magepokan karo bab-bab kangdigambarake kanthi pasemon utawa pepindhan mau. Unen-unen Jawa arupa paribasan, bebasan, lan saloka maukerep banget digunakake ana sajerone pagelaran wayang purwa,mligine perangan “gara-gara”, kang sesambungan karo metuneparaga punakawan kaya gambar ing dhuwur.Bebarengan mbedakake paribasan, bebasan, lan saloka. Paribasan Bebasan SalokaAjeg panganggone Ajeg panganggone Ajeg penganggoneTegese lumrahe Tegese entar (kias) Tegese entarwantah, „lugas‟Ora nganggo Nganggo Nganggo gegambarangegambaran (tanpa gegambaran arupa arupa barang utawakiasan) kahanan kewanTantri Basa kelas 6 kaca 48Tanpa jejer (subjek) Tanpa jejer (subjek) Lumrahe ana jejereTetembungane ora Tetembungane ora Tetembungane orakena diwolak-walik kena diwolak-walik kena diwolak-walik Saka andharan mau, cetha yen bebasan lan saloka saemperkaro paribasan. Bab iki nyata saka empere wujude, peranganingukara utawa tetembungan tetep, ajeg, ora kena diowahi utawadiwolak-walik. Sing mbedakake bab ana lan orane perangan jejerlan wewatakaning tembung. Paribasan tembunge salumrahetembung, dene bebasan lan saloka tembunge duwe teges entar.Ing ngisor iki, tuladhane: Jinis Tuladha TegeseParibasan Ing ngarsa asung tuladha Sipate pemimpin bisa dadi tuladha andhahane. Becik ketitik, ala ketara Sembarang tumindak ala utawa becik wusanane bakal konanganBebasan Lambe satumang kari Dituturi bola-bali meksa samerang ora digugu Mikul dhuwur mendhem Bisa njunjung drajate jero wong tuwa Mubra-mubru mblabur Wong sing sarwa kecu- madu Pitik trondhol diumbar ing kupan uripe padaringanSaloka Wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek- entekikaca 49 Tantri Basa kelas 6Unen-unen kuwi mujudake kumpulaning tetembungansajerone ukara. Panganggone sajerone ukara mau orapadha karo tetembungan liyane. Rerakitan utawacarane nyusun tetembungan mau, kudu adhedhasarpranatan tartamtu. Tetembungane ana sing lumrah,wantah utawa lugas. Kadhangkala asipat entar, kias.Unen-unen pancen mujudake panganggone basa kangkhusus, mligi, laras karo karepe. Unen-unen rada bedakaro basa salumrahe. Kejaba anane teges entar mau,pigunane unen-unen kang njalari endahe ukara,mbangetake karep, mbutuhake tembung mligi (khusus).Mula-bukane pancen kanggo ing jagade kasusastran,reriptan lawas, utawa sajerone jagading pewayangan.Suwe-suwe digunakake ing basa pedinan, reriptanumum, lan geguritan.Gladhen 2: Nerangake Bedane Paribasan, Bebasan, lan Saloka Bebarengan karo kanca-kancamu saklompok, garapenlatihan carane mbedakake paribasan, bebasan, lan saloka lumantarisen-isenan ngisor iki. Semaken wujuding ukara, cocogna karojinising unen-unen lan katrangan sakburine. Isinen aksara B yenkatrangan mau pancen bener, nanging tulisen S, yen katrangansakburine mau salah. No Ukara Jinise A/B 1. Ora ana kukus tanpa geni Bebasan S 2. Lumpuh ngideri jagad Paribasan B 3. Nabok nyilih tangan Saloka ..... 4. Ngalasake negara Saloka ..... 5. Palang mangan tandur Bebasan ..... 6. Kebo nusu gudel Saloka .....Tantri Basa kelas 6 kaca 507. Kere munggah bale Bebasan .....8. Sirah gundhul dikepeti Paribasan .....Katrangan : 1. Unen-unen tumrap ukara “ ...Ora ana kukus tanpa geni.....” Yen digatekake titikane dudu bebasan, yaiku: a. Unen-unen kang ajeg penganggone, iki bener mergane perangane ora kena diowahi. b. Duwe teges entar, kamangka kukus lan geni, pancen nyata, pirembugane bab kukus pancen duwe teges lumrah, sanyatane. c. Nduweni jejer, yaiku kukus (kang tanpa geni). d. Mawa gegambaran, kang digambarake kahanan. Mula saka iku, wangsulan tumrap nomer iki: pancen S utawa salah, jalaran sing bener paribasan.2. Unen-unen tumrap ukara “ ...lumpuh ngideri jagad.....”, diwangsuli kanthi B utawa bener. Wangsulan iki pancen bener, jalaran unen-unen mau nduweni titikane paribasan, yaiku: a. Unen unen kang ajeg panganggone. b. Duwe teges wantah ( lumrah ). c. Ora nganggo gegambaran (kiasan).Rembug lan garapen bebarengan soal-soal dhuwur mau,kanthi katrangan kaya tuladhane! Pasinaon 3 Makarya Mandhiri: Ngrakit Ukara Ing pasinaon iki para siswa kaajak gawe utawa ngrakit ukararingkes, kang ngandut unen-unen Jawa. Diajab siswa kabeh bisanulis kanthi kabisane dhewe-dhewe.kaca 51 Tantri Basa kelas 6Gladhen 1: Ngrakit Ukara Kanthi Unen-Unen JawaIng pasinaon iki bocah-bocah kabeh bakal diajak sinau ngrakitukara kanthi nganggo unen-unen basa Jawa. Ana kene,pangetrapane paribasan, bebasan, lan saloka ana ing ukara.Kanggo ngrakit ukara mawa unen-unen Jawa, ana bab sing kududigatekake, yaiku kudu mangerteni tegese unen-unen (ungkapan)kasebut luwih dhisik. Pangrakite ukara nganggo unen-unen Jawa,ditindakake miturut golongane sing wis ditata.Gawea ukara nganggo unen-unen arupa paribasan kangwis cumepak!No. Paribasan Teges /karepe1 Njajah desa, milang Mideri panggonan nganti tekan kori ngendi-endi2 Abang-abang lambe Guneme mung lamis3 Wani ngalah, luhur Wong kang ngalah bakal nemu wekasane kabegjan ing tembe burine4 Kenes ora ethes Wong sing sugih nanging ora disenengi5 Durung becus Seneng umuk nanging ora mrantasi kaselak besus karya (sembada)6 Sabaya pati, sabaya Bungah lan susah bakal dilakoni mukti bebarengan.Ukarane:1) ........................................................................................ ........................................................................................2) ........................................................................................ ........................................................................................3) ........................................................................................ ........................................................................................4) ........................................................................................ ........................................................................................Tantri Basa kelas 6 kaca 525) ........................................................................................ ........................................................................................6) ........................................................................................ ........................................................................................Gladhen 2: Ngrakit Ukara Nganggo BebasanGawea ukara nganggo tetembungan arupa unen-unen kangwis cumepak!No. Bebasan Teges/karepe1 Ungak-ungak pager Duwe melik (pengin marang) arang bandhane liyan.2 Yitna yuwana, lena Sing ngati-ati bakal slamet, sing kena sembrana cilaka.3 Cincing-cincing meksa Karepe ngirit, nanging malah klebus entek akeh.4 Udan tangis Akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana.5 Sepi ing pamrih rame Nindakake pagawean kanthi ora ing gawe duwe kamelikan apa-apa.6 Sadawa-dawane lurung Kabar iku mesthi sumebar adoh, isih dawa gurung lan adoh karo kanyatane.Ukarane:1) .......................................................................................... ..........................................................................................2) .......................................................................................... ..........................................................................................3) .......................................................................................... ..........................................................................................4) .......................................................................................... ..........................................................................................5) .......................................................................................... ..........................................................................................kaca 53 Tantri Basa kelas 66) .......................................................................................... ..........................................................................................Gladhen 3: Ngrakit Ukara Nganggo SalokaGawea ukara nganggo tetembungan arupa unen-unen kangwis cumepak!No. Saloka Teges /karepe Wong becik dianggep wong ala.1 Kuntul diunekake dhandhang Wong kang nganggo sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayani.2 Kutuk nggendhong Wong duwe kekarepan sing mokal kemiri kalakone. Wong ngrekasa uripe marga3 Kodhok nguntal kabotan butuh, kakehan anak. gajah Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.4 Kebo kabotan Wong kang uripe memelas. sungu5 Kebo nusu gudel6 Jamur tuwuh ing selaUkarane:1) ............................................................................................. .............................................................................................2) ............................................................................................. .............................................................................................3) ............................................................................................. .............................................................................................4) ............................................................................................. .............................................................................................5) ............................................................................................. .............................................................................................6) ............................................................................................. .............................................................................................Tantri Basa kelas 6 kaca 54GLADHEN WULANGAN 3A. Semaken teks wacan ngisor iki kanthi setiti! Nututi Layangan Pedhot Ing wayah bengi Pak Suta kelangan kandhi isi kacang ijo,esuke lapur marang Kyai Bekel (yen jaman saiki: lurah). SanalikaKyai Bekel kongkonan anggoleki sakiwa-tengening desa, sartaanggledhahi omahe wong ing desane dhewe, nanging ora ketemu. Sarehne Kyai Bekel sumelang yen diluputake parentah(pimpinan), mulane banjur kongkonan maneh wong telu, diopahinyaringgit. Enggone nggoleki wus oleh salapan dina, durung olehtitik, malah-malah Kyai Bekel isih kelangan dhuwit maneh kanggongopah-opahi. Gunggunge dhuwit kang kagawe golek katrangan, wus tikelsapuluh karo ajine kacang mau, nanging meksa durung bisa olehkaterangan. Kawuwuhan bareng priyayi Dhistrik (jaman saiki:kecamatan) ngrungu, yen ing desa kono ana wong kemalingan,bekele ora tumuli lapur, Kyai Bekel banjur katimbalan sarta didukaniakeh-akeh. (Serat Paribasan, Dening Aryasutirta, 1931 : 788)B. Wangsulana pitakon-pitakon iki :1) Apa irah-irahane wacan mau? ....................................................................................2) Crita mau paragane sapa wae? ....................................................................................3) Apa wae sing dirembug sajerone crita? ....................................................................................kaca 55 Tantri Basa kelas 64) Kepriye sesambungane irah-irahan kelawan isining crita? .................................................................................... 5) Tetembungan sajerone irah-irahan nduweni teges kang lumrah (lugas), apa entar (kiasan)? Paringana katrangan kang cetha!! .................................................................................... 6) Apa tegese irah-irahan mau sesambungan karo teks wacan? .................................................................................... 7) Irah-irahan mau kalebu jinising unen-unen apa? .................................................................................... 8) Mathuk apa ora manut panemumu unen-unen sing digunakake kanggo irah-irahan? ....................................................................................C. Wangsulana pitakon iki kanthi milih salah siji saka patang wangsulan sing cumepak (a,b, c, utawa d)! 1) Unen-unen Jawa, tegese .... A. tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang ora nduweni titikan tartamtu. B. tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang nduweni titikan lan piguna tartamtu. C. tetembungan tartamtu kang endah. D. tetembungan sajerone ukara, kang kasusun miturut adat. 2) Unen-unen sajerone basa lan kasusastran Jawa cacahe ana.... A. lima B. papat C. telu D. loro 3) Sing kalebu unen-unen Jawa, yaiku.... A. bebasan, paribasan, saloka B. bebasan, saloka, pepindhan, C. saloka, paribasan, pepindhan D. saloka, baradha, pepindhanTantri Basa kelas 6 kaca 564) Sing padha antarane paribasan, bebasan, lan saloka yaiku .... A. tetembungane tetep, cacahe ganep B. tetembungane tetep, isine owah C. tetembungane tetep, ora owah D. tetembungane tetep, ganep, bisa owah5) Sing mbedakake antarane paribasan kalawan bebasan lan saloka .... A. Tembunge lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge entar. B. Tembunge lumrah, bebasan lan saloka tembunge endah. C. Tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lugu. D. Tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lumrah.6) Tegese paribasan nututi layangan pedhot .... A. Nindakake pakaryan kang angel kelakone. B. Nindakake pakaryan kang gampang kelakone. C. Nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane. D. Nindakake pakaryan kang gampang oleh-olehane.7) Tegese bebasan kebo kabotan sungu .... A. Wong kang kesrakat uripe merga dhemen apus-apus. B. Wong kang kesrakat uripe merga dhemen mangan turu. C. Wong kang kesrakat uripe merga kakehen anake. D. Wong kang kesrakat uripe merga kakehen pakaryane.8) Tegese saloka jer basuki mawa beya .... A. Amrih bisa mulya, butuh pangurbanan. B. Amrih bisa sugih, butuh utangan. C. Amrih bisa pinter, butuh sekolah dhuwur. D. Amrih bisa seneng, butuh msngsn enak.D. Gawea ukara nganggo unen-unen ngisor iki! 1. Rawe-rawe rantas malang-malang putung Ukarane: ......................................................................................... .........................................................................................kaca 57 Tantri Basa kelas 62. Si Cebol nggayuh lintang Ukarane: ......................................................................................... ......................................................................................... 3. Udan tangis Ukarane: ......................................................................................... ......................................................................................... 4. Kumenthus ora besus Ukarane: ......................................................................................... ......................................................................................... 5. Abang-abang lambe Ukarane: ......................................................................................... .........................................................................................E. Kepriye panemumu ngenani panganggone unen-unen ana sajerone ukara? ............................................................................................ ............................................................................................ ............................................................................................Tantri Basa kelas 6 kaca 58UJI KOMPETENSI SEMESTER 1A. Pilihen jawaban sing paling bener! Wacan ing ngisor iki wacanen kanggo mangsuli pitakon no 1 nganti 5! UWUH Uwuh utawa sampah tambah dina ora suda nanging tansaya tambah nganti matikel-tikel. Kahanan mau bisa didelok ana sakiwa-tengene awake dhewe. Uwuh mumbruk ing ngendi-endi nyepeti mripat ambune nduleg irung, amis campur basin. Uwuh plastik pating kleler ing sadhengah papan. Bisa dibayangake piye kahanan bumi iki mbesuke, yen uwuh ora dikelola kanthi becik. Kudu ana kesadaran saka awake dhewe kanggo miwiti, saka tumindak sing paling sepele lan gampang dilakoni yaiku buwang uwuh ana panggonane. Yen nganti ora sumadya panggonan kanggo mbuwang uwuh ing sakiwa tengenmu, gawanen dhisik uwuh mau nganti nemokake panggonan mbuwang uwuh sing samesthine. Diajab ana kesadharan pribadi-pribadi kanggo mbuwang uwuh kanthi bener. Iku bakal bisa nulari wong-wong ing sakiwa-tengene pribadi-pribadi mau. 1. Teks ing dhuwur manut jinise kalebu teks …. A. teks pawarta B. teks persuasi C. teks sesanti D. teks pariwara 2. Ukara ing ngisor iki mujudake ukara inti saka paragrap 1 yaiku …. A. Uwuh mumbruk ing sadhengah papan. B. Uwuh ora dikelola kanthi becik. C. Uwuh plastik kleler ing sadhengah papan. D. Uwuh ambune amis campur basin.kaca 59 Tantri Basa kelas 63. Ukara sing wujud ukara pangajak ana ing paragrap …. A. 1 B. 2 C. 3 D. 44. Uwuh utawa sampah tambah dina ora suda nanging tansaya tambah nganti matikel-tikel. Matikel-tikel tegese…. A. tambah akeh B. tambah numpuk C. tambah sithik D. tambah mumbruk5. Diajab ana kesadaran pribadi kanggo mbuwang uwuh kanthi bener. Diajab tegese …. A. dijaluk B. dienteni C. dikongkon D. diarep-arepWacan ing ngisor iki wacanen kanggo mangsuli pitakon no 6nganti 10!Negriku Indonesia,Nut jaman kapungkur tetep nyawiji,Nunggal ingkang den ginayuh,Karaharjaning bangsa,Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,Murah sandhang lawan pangan,Karukunan kang jinagi.6. Tembang ing dhuwur kalebu tembang …. A. Durma B. Gambuh C. Pangkur D. Pucung7. Cacahe guru gatrane tembang ing dhuwur …. A. 7 B. 8 C. 9 D. 108. Guru wilangan lan guru lagune gatra kaloro ing tembang dhuwur ….Tantri Basa kelas 6 kaca 60A. 9i B. 10i C. 11i D. 12i 9. Andharan ing ngisor iki sing cocok karo gancarane gatra katelu yaiku …. A. ya mung siji sing dicita-citane B. cita-citane kabeh padha C. rukun wiwit jaman biyen D. alam subur, urip kabeh sing ditandur 10.Sasmitane tembang ing dhuwur manggon ing gatra ke …. A. 1 B. 2 C. 3 D. 4 11.”Asu belang kalung wang” Saloka iki yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener yaiku…. 12. Unen-unen kang ngemu teges wantah diarani …. A. paribasan B. saloka C. sanepa D. bebasan 13. Ing ngisor iki tuladha paribasan .... A. Bathok bolu isi madu B. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung C. Cebol nggayuh lintang D. Nabok nyilih tangan 14. Njagakake endhoge si blorok. Unen-unen kasebut tegese ….. A. Wong kang pagaweyane ngingu pitik. B. Saben dina mangan lawuhan endhog. C. Ngarep-arep barang sing durung mesthi. D. Wong pinter kang muspra nanging ora dianggo.kaca 61 Tantri Basa kelas 615. Ungkapan ing ngisor iki kalebu jinise saloka .... A. Blilu tau, pinter durung nglakoni B. Tutwuri handayani C. Kerot ora duwe untu D. Kebo nusu gudelB. Wangsulan pitakon ing ngisor iki! 1. Apa bae sing kalebu teks informasi? sebutna! 2. Apa bae cirine teks persuasi? Sebutna! 3. Apa sing dimakasud karo guru gatra, guru wilangan lan guru lagu? Jelasna! 4. Apa sing diarani paribasan! Jelasna! 5. ” Becik ketitik, ala ketara”. Paribasan iki tegese apa?C. Tindakna manut prentahe! 1. Nggawea teks slogan bebas kanthi tema lingkungan! 2. Tembang ing ngisor iki ganepana nganggo tembung sing laras tegese, guru wilangan lan guru lagune! Pawitane para ….. (a) Aja nglalekake maca lan nulis Nimbaa sumbere …. (u) Ngugemi tata….(a) Minangka tatacarane ngangsu ….(u) Tawadhu‟ uga tawakal Mungguh lair uga …. (i) 3. Nulisa saloka loro bae sategese!Tantri Basa kelas 6 kaca 62WULANGAN 4 GLOBALISASIKompetensi Dasar:3.4 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks lisan dan tulis berbahasa daerah yang memuat cangkriman.4.4 Bermain tebakan dengan cangkriman.Indikator: bermain tebak-3.4.1 Menjelaskan pengertian cangkriman.3.4.2 Menyebutkan ciri-ciri cangkriman.3.4.3 Menafsirkan isi cangkriman.4.4.1 Membuat cangkriman.4.4.2 Menggunakan cangkriman dalam tebakan.kaca 63 Tantri Basa kelas 6Mbabar Wawasan Sawise sinau wulangan 4 iki, kaajab bocah-bocah bisa:ngarani pangertene cangkriman, njlentrehake titikane cangkriman,lan bisa mbatang isine cangkriman. Sabanjure, bocah-bocah ugakaajab bisa gawe utawa nulis cangkriman, sarta nggunakakecangkriman mau kanggo badhekan karo kanca-kancane.Lagokna tembang ing ngisor iki bebarengan karo kancamu! Sumber:http://nurdwi-rizkiana.blogspot.sgBapak pucung buntut dawa sirah gembung,Mbanterake swara,Lamun urip nganggo listrik,Munggah panggung saben ana adicara.Sawise nembang bebarengan, coba wangsulana pitakon ingngisor iki! 1. Tembang ing dhuwur diarani tembang apa? 2. Isine tembang ing dhuwur satemene mujudake cangkriman. Apa batangane? 3. Coba goleka tembang liyane sing uga ngandhut cangkriman. Rembugen karo klompokmu!Tantri Basa kelas 6 kaca 64Pasinaon 1 Modhel Teks Pinilih Ana ngarep bocah-bocah wis nglagokake tembang Pucungkang isine cangkriman. Ing pasinaon 1 iki bakal dirembug babcangkriman sajrone teks kanthi tema “Globalisasi”. Bocah-bocahkudu nggatekake apa sing dingendikakake Bapak utawa Ibu Guru,gelem utawa wani nyuwun pirsa menawa ana bab sing durungdimangerteni.Semaken gambar ing ngisor iki!Gawea ukara pitakon sing mathuk karo isine gambar ing dhuwur,banjur ijolna karo kancamu! Wangsulana ukara pitakone kancamuadhedhasar isine gambar!kaca 65 Tantri Basa kelas 6Ukara pitakonku:.................................................................................................................................................................................................Wangsulane kancaku:.................................................................................................................................................................................................Wacanen sing tliti! Globalisasi Saiki jamane wis maju. Samubarang gawe wis nggunakakepiranti sing sarwa modheren. Kabeh ngarani iki jaman globalisasi.Yen jaman biyen, kenthongan digunakake kanggo tandha ananebebaya, umpamane titir terus-terusan tandhane ana banjir gedhe.Mula para warga kudu enggal metu saka omah lan ngungsi golekpapan sing aman. Saiki kenthongan mau wis diganti nganggopiranti canggih kaya dene sirine sing otomatis bakal muni menawaana banjir utawa tsunami. Semono uga menawa ana gunungmbledhos, angin gedhe, lan liya-liyane. Nalika ana dulur adoh sing arep kirim kabar, ora kudungenteni surat sing tekane bisa pirang-pirang dina. Cukup nganggotelepon utawa handphone, sakala kabar mau wis bisa teka marangwong sing dituju. Perusahaan sing duwe cabang ing ngendi-endi, upamanenganti ana manca negara, bisa nganakake rapat bebarengan tanpakudu padha lungguh sapejagong. Ngono mau adate wong sing lagirapat. Saiki patemone wong sing beda panggonan, bisa kaleksanankanthi sarana teknologi canggih. Ya patemon ngono kuwi singdiarani teleconference. Ana kene digunakake audio conference lanvideo conference. Yen audio conference mung nggunakake swara,nanging video conference, saliyane krungu swarane, uga bisandeleng gambare wong sing lagi padha melu rapat. Biyen wong dol-tinuku iku kudu ana pasar, toko, utawapanggonan saemper liyane. Saiki ana pasar modheren singnggunakake majune teknologi. Umpamane: dodolan sarana online.Olehe nawakake barang cukup nganggo internet. Semono uga singTantri Basa kelas 6 kaca 66tuku, ora usah mara nanging uga cukup nganggo internet,telephon, WhatsApp, sms, lan liya-liyane. Kabeh dadi sarwagampang, cepet, lan kepara malah bisa luwih murah regane.Kanyatan kuwi mau kang bisa diweruhi ing era globalisasi saiki. Banjur, apa satemene globalisasi iku? Globalisasi asal sakatembung “globe”, „bola dunia‟ banjur dadi global, sing tegesemendunia. Salah sijine ahli kang asma Kenichi Ohmaemratelakake menawa globalisasi iku bisa digambarake menawadonya iki tanpa wates, amarga saka majune ilmu pengetahuan lanteknologi, mligine teknologi informasi. Globalisasi bisa ditengeri saka:1) Tipise wates antar negara, tegese kedadean ing sawijining negara gampang banget diweruhi dening wong ing negara liyane. Kanggo nyumurupi kadadean ing sawijining negara, wong ora perlu lunga menyang negara kasebut. Kanthi mangkono, kaya-kaya negara-negara sadonya dadi siji tanpa wewatesan.2) Pawarta saindenging jagad, cepet banget sumebare. Iki kabeh saka tansaya canggihe sistem komunikasi kaya dene TV, HP, internet, lan liya-liyane.3) Saya majune dol-tinuku utawa perdagangan antarane negara siji lan sijine. Globalisasi gedhe banget pangaribawane tumrap sawijiningnegara. Ana dhampak sing positip (apik, nguntungake), nanginguga ana sing negatip (ala, ngrugekake, nggawa kapitunan).Dhampak positif globalisasi, yaiku:1) Masyarakat tansaya maju,2) Tekade wong kanggo nyambut gawe tansaya gedhe,3) Komunikasi tansaya gampang, amarga kabukake ruwang sosial,4) Anane pasar global,5) Mlebune kabudayan asing sing bisa nyengkuyung budaya nasional. Globalisasi pancen akeh mupangate (dampak positif)nanging uga bisa ndadekake masalah (dampak negatif).Dhampak negatip globalisasi, yaiku:1) Negara sing maju nduweni kuwasa sing luwih gedhe,kaca 67 Tantri Basa kelas 62) Nuwuhake sipat konsumtip lan boros,3) Barang gaweane luwar negri bisa ngalahake barang gaweane jrone negri,4) Lunture rasa nasionalisme,5) Lapangan kerja tansaya sethithik amarga indhustri nggunakake mesin modheren,6) Rusake lingkungan,7) Lunture kabudayan lan nilai-nilai luhur bangsa, uga8) Lunture sipat kakulawargan lan gotong royong. Mula saka iku, bocah-bocah kabeh, sing ing tembe bakal dadisaka gurune bangsa, kudu bisa nyaring pangaribawa saka mancanegara mau. Pamrihe supaya bangsa Indonesia mbesuke ora bakalkelangan jati dhiri. Ora kelangan budaya kang nyata adiluhung.Kepara malah kudu bisa mbudidaya amrih lestari lan ngrembakanebudaya bangsa. Salah sijine yaiku budaya Jawa sing nyataadiluhung, kang awujud cangkriman. Wong Jawa iku sugih banget unen-unen sing kasebutcangkriman. Tuladhane: pitik walik saba kebon (batangane: nanas),dikethok malah mundhak dhuwur (batangane: clana), lansapanunggalane.Bausastra:samubarang gawe= sakrenane penggaweanpiranti = alat, sarana, prangkatbebaya = bahaya, bencanatitir = wiramane kenthong sing dithuthuki terusenggal-enggal = age-age, cepet-cepet „segera‟tsunami = gelombang pasang sing gedhepanggonan = tlatah, tempatdol tinuku = dedagangan, jual belimratelakake = nerangake, ngandharakenyumurupi = mangerteni, meruhipawarta = informasi, beritamupangate = manfaate, gunaneTantri Basa kelas 6 kaca 68Gladhen 1: Mangsuli Pitakon Bab GlobalisasiWangsulana pitakon ing ngisor iki adhedhasar wacan ingngarep!1. Apa tegese globalisasi? Coba jlentrehna!2. Apa sing nyebabake pawarta saindenging jagad raya iki cepet banget sumebare?3. Apa pengaruhe globalisasi tumrap seni lan budaya bangsa?4. Sapa sing kudu nglestarekake lan ngrembakakake kabudayan Indonesia?5. Apa sing kudu ditindakake supaya bangsa Indonesia ora kelangan jati dhirine? Gladhen 2: Mengerteni Bab CangkrimanA. Wacanen sing tliti! Arya durung gelem leren anggone ndeleng TV, najan wektuwis nuduhake jam sanga bengi. Ibune bola-bali ndhawuhi supayaArya leren olehe ndeleng TV. Arya kudu nerusake olehe sinau lannata buku, supaya sesuk ora ana buku sing keri kaya adate. Karo rada mbesengut, Arya mateni TV banjur mlebu kamar.Sadurunge mlebu kamar, dheweke sing kober nyaut HPnembakyune sing gemlethak ana meja cedhak lawang kamare. Orasinau lan nata buku, Arya malah mbukak game ana HP. Ora krasaolehe dolanan nganti bengi. Pungkasane Arya malah keturon. Tangine kawanen, sawise bola-bali ibune nimbali saka pawon.Arya age-age mlayu adus, banjur budhal sekolah. Ora kobersarapan amarga wis kawanen. Tekan sekolahan wis sepi. Lawang kelase wis ditutup. Karorada keweden, Arya ndhodhog lawang lan uluk salam. Bu Yunibanjur mbukak lawang lan ngutus Arya mlebu kelas. Arya isin lanbingung banget nalika kanca-kancane padha ngguyu kemekelen.Apa maneh kancane sing jenenge Bintang banjur alok banter.kaca 69 Tantri Basa kelas 6“Arya...kowe lali ora nggawa sega sakepel dirubung tinggi ya? Truspiye iki? Sida batal olehe arep praktik gawe manisan.” Arya sing kadhung bingung tansaya bingung. Ora ngerti apakarepe Bintang. Dheweke banjur semaur,” Ngapa kok seganedirubung tinggi?” Krungu sumaure Arya, bocah sakelas ora bisangempet olehe ngguyu, nganti kepingkel-pingkel. Bu Yuni mula banjur ngutus bocah-bocah supaya menengamarga mesakake mirsani Arya sing telat lan digawe bingungkanca-kancane. Arya nembe kelingan, dina iki ana pelajaran basa Jawa. Singdisinaoni bab cangkriman. Yen eling kedadeyan kuwi, Arya malihkudu ngguyu. Wiwit dina iku dheweke ora tau ndelok TV landolanan nganti bengi. Arya ora kepingin kisinan maneh. Arya banjur kelingan nalika ndherek ibu lan bapak sowandaleme simbah, menyang Tulungagung. Simbah sing pancen wasisnembang, banjur muruki Arya nembang. Ngene tembange: Nyata kowe wasis-sis Batangen sing gelis, lis lis lis Cangkriman telu iki Pitik ndhase telu, batangane apa Jangkrik sungut slawe, batangane apa Bapak demang klambi abang, bang bang bang Disuduk manthuk manthuk. Dhawuhe simbah isine tembang iku uga cangkriman. “Wah...ngerti aku saiki....”, ngono guneme Arya.Bocah-bocah, apa cangkriman iku? Ayo bebarengan padhanyemak piwulang ing ngisor iki!B. Mangerteni Cangkriman Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawadibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman uga diaranibedhekan utawa batangan. Cangkriman iku wujude ana 4, yaiku: 1. cangkriman sing wujude wancahan (cekakan), 2. cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),Tantri Basa kelas 6 kaca 703. cangkriman sing wujude plesetan, lan 4. cangkriman sing sinawung ing tembang.C. Wangsulana pitakon ing ngisor iki! 1. Apa cangkriman kuwi? .................................................................................... 2. Apa titikane cangkriman? .................................................................................... 3. Jinise cangkriman kuwi ana pira? Coba aranana! .................................................................................... 4. Tulisen tuladane cangkriman manut jinise! .................................................................................... Pasinaon 2: Ayo Makarya Bebarengan Bocah-bocah, ing pasinaon 2 iki ayo padha sinau bab isinecangkriman. Supaya luwih gampang lan nyenengake olehe sinau,mula lakonana bebarengan karo klompokmu! Gladhen 1 : Nyumurupi Isine CangkrimanSemaken andharan ing ngisor iki, banjur tindakna manutprentahe!1. Cangkriman sing wujude wancahan (cekakan) Tuladhane: a. Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake, batangane uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.kaca 71 Tantri Basa kelas 6b. Pakbo letus, batangane tipak kebo lelene satus.Bedheken cangkriman sing wujude wancahan (cekakan) ingngisor iki kaya tuladhane! Rembugen dhisik bebarengan karoklompokmu! Golekana wangsulane ana ing sisih ngisore!1. burnas kopen = bubur panas kokopen2. buta buri =3. gerbong tulis =4. karla dheren =5. pakbomba, paklawa, pakpiut =6. rangsinyu, muksitu =7. segara beldhes =8. tulus kerda =9. tuwok rawan =10. wit thoyung =Pilihan Bedhekan 1 Pager kobong, watune mendhelis 2 Untuk krowok larane ora karu-karuan 3 Mbakar tela sumendhe keren 4 Bubur panas kokopen 5 Jurang isi banyu, gumuk isi watu 6 Watu alas disengker walanda 7 Tebu ditata mlebu lori 8 Yen dijiwit atho biyung 9 Segane pera sambele pedhes10 Tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut2. Cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban) Tuladhane: a. Sega sakepel dirubung tinggi, batangane salak b. Gajah nguntal sangkrah, batangane pawonan Bedheken cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban) ing ngisor iki bebarengan karo klompokmu!Tantri Basa kelas 6 kaca 72No. Cangkriman Badhekane 1 Bosok malah enak ................................ 2 Mboke dilus-elus anake diidak- ................................ idak 3 Emboke wuda anake tapihan ................................ 4 Kayu mati ginubet ula mati ................................ 5 Pitik walik saba kebon ................................ 6 Tibane ngisor, digoleki ndhuwur ................................ 7 Wit adhikih woh adhakah ................................ 8 Dikethok malah mundhak dhuwur ................................ 9 Dilebokne malah metu ................................10 Bocor malah kebak ................................3. Cangkriman sing wujude plesetan Tuladhane: a. Wong wudunen iku sugih pari. Pari apa? Paringisan. b. Ana gajah numpak becak, ketok apane? Ketok mbujuke.Bedheken cangkriman sing wujude plesetan ing ngisor ikibebarengan karo klompokmu!No. Cangkriman Badhekane 1 Ana tulisan arab, macane saka ................................ ngendi? 2 Wong adol krambil dikepruki. ................................ 3 Lawa lima kalong telu dadi pira? ................................ 4 Urang sapikul matane pira? ................................ 5 Sing endhek didhudhuk, sing dhuwur diurug ................................4. Cangkriman sing sinawung ing tembang Tantri Basa kelas 6 Tuladhane: Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Yen lumaku si pucung ngumbar swara. Badhekane: sepurkaca 73Bedheken cangkriman sing sinawung ing tembang ana ngisoriki bebarengan karo klompokmu!1. Bapak pucung endi elor endi kidul, Laku tapa brata, Mung kepingin bisa malih, Dadi kupu si pucung wedaring tapa. Badhekane: .....................................................................2. Bapak pucung amung sirah lawan gembung, Padha kinunjara, Mati sajroning ngaurip, Mijil baka si pucung dadi dahana. Bedhekane: ....................................................................Gladhen 2: Nggunakake Cangkriman Ing ngarep bocah-bocah wis sinau bab isine cangkriman.Satemene gampang lho ngapalne cangkriman iku. Sing pentingkudu sering digunakake utawa diucapake. Apa maneh yen dianggodolanan karo kanca-kancamu saben dina, mesthi gampang bisa lanapal. Ora mung ngerti lan apal, kepara mengko bocah-bocah bakalbisa gawe dhewe cangkriman anyar sing luwih apik lan cocog karojamane saiki. Sing penting gelem sinau, blajar, mesthi bakal bisa. Supaya luwih gamblang bab cangkriman, ayo semaken, banjurparagakna sawijining teks pacelaton sing isine cangkriman kaya ingngisor iki! Paragakna bebarengan karo klompokmu!Arya : Nif, ayo bedhek-bedhekan.Hanif : Ayo, karo ngapalne cangkriman ya...dhawuhe Bu Guru minggu ngarep ulangan bab cangkriman.Arya : Aku dhisik ya...Hanif : Iya, wis.Arya : Kebo picak matane pira hayo?Hanif : Halah ya gampang. Lek ora picak kebo iku matane loro.Tantri Basa kelas 6 kaca 74Merga picak...ya mesthi wae matane kari siji. Bener ta...Arya : Ya, salah Nif. Kebo picak kuwi...kebo, sapi, karo cecak.Hanif : Hehehe... ngerti aku. Ya enem lek ngono.Arya : Nah...bener kuwi. Ayo genten kowe Nif sing mbadheki.Hanif : Ok... tamu kok mung disuguhi opak angin. ApaArya : badhekane?Hanif : Gampang kuwi. Opak angin rak sing digoreng wedhi kae.Arya : Hahaha...salah... Aku ngerti kok. Disuguhi opak angin tegese ora disuguhiHanif : Apa-apa. Iya ta?Arya : Wah, pinter kowe Arya. Saiki giliranmu!Hanif : Sega sakepel dirubung tinggi apa?Arya : Gampang ... badhekane salak ta...Hanif : Pinter-pinter...Ibu : Adhuh...seru banget olehe dolanan cangkriman.Arya : Inggih Bu, minggu ngajeng badhe ulangan bab cangkriman.Arya : Kersanipun gampil apal Bu...mboten kraos dolanan kalih sinau.Ibu : Pancen bocah pinter kok. Wis kae ibu nggoreng gedhang. : Mumpung isih anget, ndang dimaemHanif : Inggih, bu.Arya : Matur nuwun Bu... Pasinaon 3 Makarya Mandhiri: Njangkepi Cangkriman Ing pasinaon 2 bocah-bocah wis sinau akeh banget babcangkriman. Wis makarya bebarengan karo kanca-kancane, ugamaragakake pacelathon sing isine cangkriman. Sabanjure ayosinau kanthi mandhiri.kaca 75 Tantri Basa kelas 6Gladhen 1: Njangkepi Cangkriman Ing pasinaon telu iki bocah-bocah bakal diajak ajar gawecangkriman dhewe. Supaya gampang, carane sinau diwiwiti sakaajar njangkepi cangkriman.Semaken, banjur garapen!1. Surles ......... ,batangane: susur teles pepenen.2. “... kopen‟ ,batangane: bubur panas kokopen.3. Dikethok malah ..... ,batangane: clana.4. Bocor malah .... ,batangane: prau bocor.5. Adoh-adoh diparani, .... , batangane: lawang. Gladhen 2: Gawe Cangkriman Akeh bab utawa kahanan ing kiwa tengen sing bisa kanggobahan gawe cangkriman. Sing penting wani lan gelem nyoba. Bocah-bocah, saiki tugasmu gawe cangkriman. Tulisen singapik, yen perlu wenehana gambar sing mathuk. Klumpuknaminangka tugas pungkasaning wulangan. Aturna Bapak utawa IbuGurumu!Tantri Basa kelas 6 kaca 76GLADHEN WULANGAN 4A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara A, B, C, utawa D, minangka wangsulan sing bener!1. Tembung globalisasi iku asale saka tembung “globe” sing tegese .... A. bal bunder C. mendunia B. donya D. di dunia2. Ing ngisor iki sing kalebu dhampak positipe globalisasi yaiku .... A. ilange budaya asli B. majune teknologi C. komunikasi saya angel D. ilange pakulinan gotong royong3. Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur, batangane A. andha C. gendheng bocor B. prau bocor D. benik4. Batangane “ontong gedhang”. Cangkrimane, pak demang klambi abang .... A. disuduk manthuk-manthuk B. disawang malah ilang C. rupamu kaya kranjang D. penggaweane saba blumbang5. Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung, Tangan papanira, Nuduhake rina wengi, Lamun mati bingung wektu sang bendara. Badhekane yaiku .... A. Tasbih C. gelang jam B. ali-ali D. binggel6. Pitik walik saba meja, batangane ....kaca 77 Tantri Basa kelas 6A. nanas C. sulakB. nangka D. sapu7. Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi ....A. enem C. papatB. lima D. telu8. Kebo picak kalebu .... A. cangkriman awujud pepindhan B. cangkriman awujud blenderan C. cangkriman sinawung ing tembang D. cangkriman awujud wancahan9. Dikethok malah dhuwur kalebu .... A. cangkriman awujud pepindhan B. cangkriman awujud blenderan C. cangkriman sinawung ing tembang D. cangkriman awujud wancahan10. Sing klebu cangkriman plesetan yaiku .... A. Bocor malah enak. B. Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan diliwati. C. Segara beldhes. D. Sega sakepel dirubung tinggi.B. Gawea cangkriman sing awujud tembang! Tulisen ing papan ngisor iki!.............................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................Tantri Basa kelas 6 kaca 78WULANGAN 5 WIRA USAHAKompetensi Dasar:3.5 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks pidato, bercerita, dan lainnya sesuai dengan kaidah.4.5 Menulis dan memperagakan teks pidato, bercerita, dan lainnya sesuai dengan kaidah.Indikator:3.5.1 Menjelaskan pengertian pidato.3.5.2 Menjelaskan struktur pidato.3.5.3 Membedakan ciri bahasa pidato resmi dan tidak resmi.4.5.1 Membuat kerangka pidato.4.5.2 Menulis teks pidato dari kerangka yang dibuat.4.5.3 Memperagakan teks pidato yang telah ditulis.kaca 79 Tantri Basa kelas 6Mbabar WawasanWacanen sing patitis! Kunjungan Industri SD Sukamaju kalebu sekolahan sing maju. Kanggo nambahi kawruh marang para siswa sekolah duwe ada- ada nganakake kegiatan kunjungan menyang salah sijine indhustri pangan sing manggone cedhak sekolahan. Dina Setu bocah-bocah kelas 6 sida budhal kunjungan indhustri menyang pabrik tahu “Prasaja” kagungane pak Brata. Rini lan kanca-kancane seneng banget atine. Bocah-bocah kepengin ngerti carane gawe tahu lan kepriye carane masarake. Ing pabrik tahu “Prasaja” bocah bocah katampa kanthi becik dening pak Brata, priyayi sing kagungan pabrik. Sadurunge ndeleng proses panggawene tahu bocah-bocah diklumpukake ing sawijining ruwangan. Ing kono bocah-bocah nampa sesorah saka pak Brata. Isine antara liya tetepungan lan kepriye usaha gawe tahu bisa sukses. Kegiatan sabanjure bocah-bocah dijak ndeleng proses prodhuksi tahu. Bocah-bocah migatekake kanthi premati, dheweke seneng, amarga oleh kawruh anyar sing bakal didadekake pengalaman kanggo dina tembe. Sapa ngerti mbesuk bisa dadi pengusaha sing sukses kaya pak Brata.Tantri Basa kelas 6 kaca 80Pasinaon 1 Modhel Teks Pinilih Bocah-bocah, ing pasinaon iki kowe kabeh bakal dijaknyinaoni babagan sesorah. Sesorah tegese padha karo pidhatoutawa pamedhar sabda. Kanggo sesorah/ pidhato/ medhar sabdaperlu disiapake naskah luwih dhisik, supaya nalika sesorah/pidhato/ medhar sabda bisa rancag lan ora nglantur.Ayo saiki bebarengan nyemak tuladha teks pidhato ngisor iki!Assalamualaikum Wr. Wb. Nuwun Bapak Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamuundhangan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati,para siswa tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkangMaha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringanrahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthipinaringan karahayon. Kula remen sanget dene ing kalodhangan menika kulaminangka wali siswa dipunparingi wekdal kangge sesorah ingsekolahan mriki. Atur panuwun ingkang tanpa upami dhumatengBapak Ibu Guru saha Bapak Kepala Sekolah ingkang sampunmaringi wekdal tumrap kula kangge nularaken kawruh ing babaganusaha damel rengginang tengiri. Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmat,para siswa ingkang kula tresnani, perlu kawuningan bilih anggenkula nindakaken usaha rengginang tengiri menika sampunlumampah 17 taun. Nanging usaha kula menika mboten langsunglancar lan maju kados samenika. Kathah pepalang ingkang kulaadhepi. Kanthi bandha tekad, ulet, lan semangat ingkang makantar-kantar sekedhik mbaka sekedhik usaha kula saged lancar.Samenika rengginang tengiri prodhuk kula sampun dados jujugantiyang damel oleh-oleh khas saking dhaerah mriki. Bab menikakaca 81 Tantri Basa kelas 6saged ningkataken ekonomi kulawarga kula. Kejawi menika kulasaged mbikak lapangan kerja kangge tanggi tepalih. Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, ingkalodhangan menika kula namung saged paring panjurung mugi-mugi para siswa mangke sageda gadhah krenteg kangge nindakakewira usaha. Amargi kanthi wira usaha saged ningkataken ekonomikulawarga. Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, sepisanmalih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat sahabarokahing Gusti Allah. Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten lepatipunatur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kulanyuwun agunging samodra pangaksami.Wassalamualaikum Wr. Wb.Bausastra:rencang = kancakonjuk = diaturakeawit = sebabsesorah = pidhatokawruh = ilmukawuningan = diweruhi lumampah = lumakuvf paring = menehipanjurung = dhorongankrenteg = pepinginanwasana = akhirekalepatan = kesalahanatur = omongsolah bawa = tingkah lakumranani = nyenengakeagunging samodra pangaksami = gedhene pangapuraTantri Basa kelas 6 kaca 82Gladhen 1: Mangsuli PitakonKanggo mangerteni isine wacan coba wangsulana pitakonngisor iki! 1. Apa isine paragrap 1? ................................................................................... 2. Apa isine paragrap 2? ................................................................................... 3. Apa isine paragrap 3? .................................................................................. 4. Apa tema pidhato ing dhuwur? .................................................................................. 5. Sapa sing sesorah manut teks ing dhuwur? ..................................................................................Gladhen 2: Nerangake Pangertene Pidhato Bocah-bocah, nyinaoni bab pidhato padha karo nyinaonikepriye carane omong ing sangarepe wong akeh kanggongandharake gagasan utawa ngandharake sawenehe bab. Bab singkudu dimangerteni, upamane bab etika, panguwasanetetembungan, lan liya-liyane. Miturut swasanane, pidhato utawa sesorah kaperang dadipidhato resmi lan ora resmi. Delengen bedane ing ngisor iki! Pidhato Resmi Pidhato Ora ResmiPidhato resmi yaiku pidhato Pidhato ora resmi yaiku pidhatosing diwedharake ing sing diwedharake ing pasamuanpasamuan resmi/ formal. ora resmi/ semi resmi.Tuladhane: pidhato Tuladhane: pidhato manten,kenegaraan, pidhato pidhato ing Karang TarunaHardiknaskaca 83 Tantri Basa kelas 6Basa sing dianggo ya ana bedane. Delengen tabel ngisor iki! Basa ing Pidhato Resmi Basa ing Pidhato ora Resmi1. Digunakake ing kahanan 1. Digunakake ing kahanan resmi. ora resmi.2. Intonasi dhatar. 2. Intonasi swara munggah-3. Ukarane ukara jangkep. mudhun. 3. Kerep nganggo ukara ora4. Migunakake tembung baku. jangkep. 4. Tembunge ora baku.Ukara ing ngisor iki aranana endi sing kalebu ukara jangkep utawaukara ora jangkep sarana menehi tandha centhang (√)!No. Ukara Jangkep Ora jangkep1 Pak Brata ngedegake pabrik tahu.2 Bakso!3 Ping loro!4 Para warga rawuh sedaya.5 Dhek wingi Rini tuku buku.Gladhen 3: Struktur Teks PidhatoBocah-bocah, sepisan maneh wacanen teks pidhato ing dhuwur!Supaya luwih gampang mangerteni teks pidhato ayo nyinaonistruktur teks pidhato. Struktur teks pidhato kaya kagambarake ingbagan ngisor iki: Teks PidhatoPambuka Isi PanutupTantri Basa kelas 6 kaca 84Pambuka : perangan teks pidhato kang miwiti andharan, isine wujud salam pambuka, pakurmatan, lan puji syukur.Isi : perangan teks pidhato kang ngandharake wosing andharan utawa inti sarine andharan.Panutup : perangan teks minangka panutuping andharan, isine dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam panutup. Kanggo mangerteni struktur teks kang luwih cetha, ayowacanen sepisan maneh teks pidhato ing dhuwur. Bebarengan karokancamu idhentifikasinen bagean-bagean teks pidhato/ sesorahmanut struktur teks pidhato.Struktur Teks Gagasan Baku Ukarane Pidhato .................... ...........................................Pambuka .................... ........................................... .................... ........................................... .................... ........................................... .................... ...........................................Isi .................... ........................................... .................... ........................................... .................... ........................................... .................... ........................................... .................... ..........................................Panutup .................... ........................................... .................... ........................................... .................... ........................................... .................... ........................................... .................... ...........................................kaca 85 Tantri Basa kelas 6Pasinaon 2 Makarya Bebarengan Ing pasinaon 1 wis dirembug kanthi cetha babagan tekspidhato. Bocah-bocah mesthi wis mangerteni kepriye wujude tekspidhato. Supaya luwih cetha lan wasis bab teks pidhato ingpasinaon iki bocah-bocah dijak sinau bebarengan karo kanca-kancane nyusun teks pidhato. Sadurunge gladhen nyusun tekspidhato, ayo bebarengan nyemak tuladha teks pidhato ngisor iki!Assalamualaikum Wr. Wb. Bapak-bapak, Ibu-ibu warga dhusun Sukamaju ingkang dahatkinurmatan, para kanca anggota Karang Taruna ingkang kulatresnani. Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang MahaAgung, jalaran kita tansah pinaringan rahmad, taufik, sahahidayahipun saengga kita saged pepanggihan ing kawontenansehat walafiat lan rahayu wilujeng. Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kanca Karang Taruna ingkangkinurmat, bombong raosing manah kula dene ing adicara rapatkoordinasi kangge nyiapaken kegiatan pameran Usaha KecilMenengah (UKM) menika panjenengan saged rawuh sedaya. Mugi-mugi menapa ingkang kita rancang sesarengan mlampah kanthilancar. Bapak-bapak, Ibu-ibu saha para kanca anggota KarangTaruna, ancas tujuan pepanggihan menika kangge ngrancangadicara pameran. Mangga sesarengan kita ngrancang jadwalipun.Lajeng prodhuk unggulan menapa ingkang badhe dipunpameraken.Ingkang baku prodhuk unggulan kedah ingkang dados ciri khasdhusun Sukamaju mriki. Mangga sabibaripun kula matur, kitangempal manut seksi-seksi ingkang sampun kasusun. Minangkaketua panitia kula gadhah pangajab adicara ing enjing menikangasilaken keputusan ingkang sae.Tantri Basa kelas 6 kaca 86Bapak-bapak, Ibu-ibu lan para kanca anggota Karang Tarunaingkang kinurmat, mbokbilih cekap semanten anggen kula matur,menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirangmranani kula nyuwun agunging samodra pangaksami.Wassalamualaikum Wr. Wb.Bausastra = tansahdahat = slametrahayu, wilujeng = mongkog, seneng bangetbombong = atimanah = tujuwanancas = mlakumlampah = pepinginanpangajab = cukupcekap = samenesemanten Gladhen 1: Mangsuli PitakonKanggo mangerteni isine teks pidhato ing dhuwur, wangsulanapitakon-pitakon ngisor iki! 1. Sapa sing pidhato manut teks ing dhuwur? ................................................................................... 2. Pidhato kasebut ing adicara apa? ................................................................................... 3. Sapa wae sing diundang ing adicara kasebut? .................................................................................. 4. Apa ancas lan tujuan ing tetemonan kasebut? .................................................................................. 5. Apa isine pidhato ing dhuwur? ...................................................................................kaca 87 Tantri Basa kelas 6Gladhen 2: Gawe Cengkorongan Teks Pidhato Bocah-bocah, ayo sinau bebarengan gawe cengkorongan tekspidhato. Nglumpuka ing klompokmu dhewe-dhewe. Supayagampang anggonmu tumandang gatekna pituduh ngisor iki!1. Sapa sing pidhato?2. Sapa wae tamu undhangan sing rawuh?3. Apa kegiatane?4. Apa tujuane kegiatan?5. Kapan kegiatane?6. Ing endi kegiatane dianakake?7. Apa isine pidhato?Gawea cengkorongan pidhato utawa sesorah kanthi nggenepitabel ngisor iki bebarengan karo kancamu saklompok. Tindaknakanthi tumemen, ora pareng nggugu karepe dhewe, kareben asileora nguciwani.Cengkorongan pidhato utawa sesorah babagan wira usaha ing BaleDesa.Struktur Teks Gagasan Baku Ukarane PidhatoPambuka 1. salam pambuka ..................................... 2. pakurmatan ..................................... 3. tetepungan ..................................... 4. puji syukur .....................................Isi 1. ...................... ..................................... 2. ...................... ..................................... 3. lst .....................................Panutup 1. dudutan. ..................................... 2. panyuwunan ..................................... pangapura ..................................... 3. salam panutup .....................................Tantri Basa kelas 6 kaca 88Gladhen 3: Nulis Teks Pidato Ing gladhen 2 bocah-bocah wis nyinaoni carane gawecengkorongan pidhato utawa sesorah. Cengkorongan kasebutminangka landhesan kanggo nulis teks pidhato utawa sesorah singsawutuhe. Kanthi anane cengkorongan diajab bocah-bocah luwihgampang anggone nyusun teks pidhato utawa sesorah. Bocah-bocah, saiki ayo nyoba nulis teks pidhato miturutcengkorongan sing wis koktulis bebarengan karo kancamusaklompok.Ganepana teks ngisor iki!(1) ........................................... (salam pambuka)(2) Nuwun ..........(3) Bapak ........... Ibu lan ......................................................... ............................................................................................ Puji syukur ........................................................................... ............................................................................................ (pambuka)(3) ..................................., kula minangka sesulihipun para kanca saking SD............................................................................. ........................................................................................... ........................................................................................... Bapak ..............................., ing kalodhangan menika kula matur bilih........................................................................... ............................................................................................ ............................................................................................ (isi)(4) ................................................., cekap semanten anggen kula matur ................................................................................... ............................................................................................ (panutup) (5) ......................................................... (salam panutup)kaca 89 Tantri Basa kelas 6Pasinaon 3Makarya Mandhiri Ngrakit Teks Pidhato Makarya kanthi mandhiri duwe ancas tujuan supaya parasiswa bisa nindakake tugas lan kegiatan dhewe-dhewe. Bisangembangake gagasan dhewe, nyusun ukara utawa teks pidhatodhewe. Angger ing pasinaon sadurunge wis sinau bebarengankanthi becik, mula ing pasinaon mandhiri para siswa mesthi bisanindakake kanthi becik.Gladhen 1: Gawe Cengkorongan Teks Pidhato Ing pasinaon iki ayo bocah-bocah sinau kanthi mandhiri nuliscengkorongan teks pidhato utawa sesorah kanthi tema “wirausaha”. Supaya luwih gampang anggonmu tumandang, ganepanatabel ngisor iki!Pidhato utawa sesorah kanthi tema “Wira Usaha”: Struktur Teks Gagasan Baku Ukarane Pidhato 1. salam pambuka .....................................Pambuka 2. pakurmatan ..................................... 3. tetepungan .....................................Isi 4. puji syukur ..................................... 1. ...................... .....................................Panutup 2. ...................... ..................................... 3. lst ..................................... 1. dudutan. ..................................... 2. panyuwunan ..................................... ..................................... pangapura ..................................... 3. salam panutupTantri Basa kelas 6 kaca 90Gladhen 2: Nyusun Teks Pidhato Bocah-bocah, ing pasinaon sadurunge kowe kabeh wis sinaubebarengan nulis teks pidhato utawa sesorah. Kanggo mantepakeasile pasinaonmu, ayo sinau nulis teks pidhato kanthi mandhiri.Sapa ngerti mbesuk bocah-bocah bisa dadi ahli nulis teks pidhatoutawa sesorah. Malah-malah bisa dadi orator. Ayo sinau nulis teks pidhato adhedhasar cengkorongan singwis kogawe ing pasinaon sadurunge. Tulisen ana papan ngisor iki! ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ................................................................................................................... ...................................................................................................................

kaca 91 Tantri Basa kelas 6