Omahe bawa rada adoh saka sekolahan sing kalebu tembung katrangan yaiku

Omahe bawa rada adoh saka sekolahan sing kalebu tembung katrangan yaiku

Loading Preview

Sorry, preview is currently unavailable. You can download the paper by clicking the button above.

Sastri BasaHak Cipta © 2015Tim Penyusun:Rahmat Santosa, S.Pd, MMDrs. Bambang Purnomo, MsDrs. Teguh Prasetyo Wiyono, MsiDra. Mistiyah, M.PdDrs. Davit Harijono, M.PdAhmad Winarto, S.PdEditor/Penyelia: Drs. Sukarman, M.SiPenerbit : Dinas Pendidikan Provinsi Jawa TimurIsi : ix, 150 halISBN 978-602-xxxx-xx-xDilarang memperbanyak atau memindahkan sebagian atau seluruh isibuku ini dalam bentuk apapun, baik secara elektronis maupunmekanis, termasuk memfotokopi, merekam atau dengan sistempenyimpanan lainnya, tanpa izin tertulis dari penerbitKATA PENGANTAR KEPALA DINAS PENDIDIKAN PROVINSI JAWA TIMUR Alhamdulillah buku “Sastri Basa” sudah selesai disusun danditerbitkan. Buku ini disusun dengan berpedoman pada Peraturan Gubernur No.19 Tahun 2014 tentang Mata Pelajaran Bahasa Daerah sebagai muatan lokalwajib di Sekolah/Madrasah. Pergub tersebut memberikan pegangan hukum yangkuat bagi guru-guru untuk melaksanakan dengan sungguh-sungguhpembelajaran bahasa daerah. Sebagai tindak lanjut, buku ini disusun untukmenyelesaikan masalah ketiadakan buku ajar seiring dengan terbitnya Pergubdan diharapkan dapat diterima dan digunakan dalam pembelajaran disekolah/madarasah di wilayah Jawa Timur. Terima kasih disampaikan kepada tim penyusun yang telah dengankesungguhan menyelesaikan buku ini. Kerja sama Tim Eksternal sebagai penyusunbersama-sama dengan Tim internal Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timurtelah mampu menghasilkan karya yang bermanfaat bagi pembentukkan budipekerti dan karakter generasi muda lewat jalur pendidikan formal disekolah/madarasah. Kesempurnaan buku ini adalah tujuan dari penyusun dan pengguna bukuini. Akan tetapi, buku ini masih memiliki kekurangan. Karena itu, kritik, saran, danmasukan dari berbagai pihak yang peduli terhadap pelestarian, pengembangan,dan pemertahanan bahasa Daerah sebagai salah satu budaya bangsa inisangat diharapkan. Insya Allah pada kesempatan lain buku ini akan disempurnakandengan mengakomodasi masukan dari berbagai pihak. Surabaya, Nopember 2015 Kepala Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur, Dr. Saiful Rachman, MM.,.MPd Pembina Utama Madya NIP. 19590503 198503 1 018Atur Pangiring Puji syukur ingkang tanpa upami katur wonten ngarsanipun Gusti Allah IngkangMahaasih, Pangeraning jagad gumelar, ingkang tansah paring sih-tresnanIpundhumateng titah sedaya. Awit saking peparing welas asih ingkang tanpa prabeda, sih-tresna ingkang tebih saking watak mban cindhe, mban siladan. pangrantam dalahpandhapukipun buku Sastri Basa menika saged kaleksanan. Buku basa Jawi kangge siswa kelas 11 SMA/SMK/MA menika kadhapuk wontensalebetipun wekdal dalah kasagedaning panyerat ingkang sarwa winates. Namunggreget ingkang makantar-kantar saking para pandhapukipun, mila buku kangge siswamenika saged maujud. Bab menika saged kaleksanan kanthi panyengkuyung panyeratsedaya, konsultan, dalah paninthing. Kanthi pambudidaya menika, wusananipun TimKurikulum Mulok Basa Jawi Propinsi Jawi Wetan saged ngrampungaken panyeratingbuku menika. Perlu kawuninganan, buku menika karantam minangka panyengkuyungkaleksanan sarta cak-cakanipun Kurikulum KTSP 2013. Wonten ngriki, mliginipunsesambetan kaliyan Muatan Lokal Basa Daerah Jawi, wonten Jawa Wetan. Kanthiandharan, pratela, dalah tuladha sawatawis minangka isinipun, buku menika badhembuktekaken kados pundi wigatosipun pamucal dalah pasinaon Basa Jawi tumrappara siswa. Laras kaliyan sejatining wonten (hakikat ada, atau keberadaan) dalahwontenipun Basa Jawi minangka basa budaya (cultural language), Basa Jawa nggadhahi kagunan lan piguna minangka basa pangembaning seserepan (carrier ofknowlegde) Kanthi lelandhesan paradigma enggal menika, Tim Panyerat nyobi ngaturakenpamarsudi Basa Jawi ingkang asipat kotemporer, progresif dalah kultural. Tamtukanthi pangajab, sageda para siswa wonten Jawi Wetan remen migunakaken Basa Jawi,saged mujudaken kagunaning Basa Jawi minangka basa seserepan (pengetahuan),kanthi boten nilar watak budayanipun. Tundhanipun saged kaginakaken kanggenggayuh kautamening ngagesang. Saking andharan menika, saged dipun aturaken bilih wonten ewah-ewahansawatawis salebetipun gelaring pasinanon Basa Jawi. Ewah-ewahan menika sagedketingal bilih dipun tandhingaken kaliyan buku-buku ingkang kababar saderengipun. Ewah-ewahan menika saged katitipriksa wonten cak-cakaning buku ingkang karantamminangka pasinaon kanthi aleladhesan teks menika. Perlu kawuninganan, pasinaon Basa Jawi lelandhesan teks, tegesipun kaleksanankanthi nengenaken sarta ngetrapaken sawenehing prinsip bilih: (1) basa ingkang dadospunjering pasinaon, samesthinipun kedah kawawas minangka setunggaling teks, sanesminangka kekempalaning tetembungan utawi satunggaling pranatan kabasan tartamtu,(2) panganggenipun basa mujudaken setunggaling proses pamilah saha pamilihingwewangunan kabasan, ingkang dipun ginakaken kangge mbabar kekajengan dalahmakna ingkang kinandhut, (3) ing ngriki basa nggadhahi sipat fungsional, tegesipuntrap-trapanipun basa Jawi boten saged uwal saking konteksipun. Sesambetan kaliyan bab menika, wonten salebetipun buku Sastri Basa kangge kelas11 SMA/SMK/MA menika, dipun andharaken saserepan tartamtu ing salebetipunmaneka-warnining teks. Ing ngriki siswa kaajab saged ngertos kanthi tumemen, kadospundi jinising teks, kaidah utawi pranataning teks, saha konteks -ing teks kasebat. Sakingmenika kaajab siswa saged kanthi gampil maknani setunggaling teks, prigel ngandharakenpamawasipun ngengingi bab tartamtu lumantar teks seratanipun. Tamtu kemawonseratanipun para siswa wau kaajab gampil tinampi pamaosipun. Lumantar pasinaon salebetipun buku menika, dipun ajab para siswa sagedngasilaken sarta ngginakaken teks, laras kaliyan ancas (tujuwan) lan fungsisosiokulturalipun. Miturut Kurikulum KTSP 2013 ingkang nengenaken pasinaon basaalelandhesan teks, basa boten namung dipun sinau minangka basa kawruh(knowlegde language). Basa Jaw kawawas minangka setunggaling teks ingkangmigunani tumrap gesang samadyaning bebrayan. Ing ngriki teks seratan dalah lisan,kawawas minangka wewujudaning basa ingkang kontekstual pangginanipun. Perlu kawuninganan, irah-irahaning buku: Sastri Basa, gegayutan kaliyan ancasutawi tujuwan panyerating buku, inggih menika nikelaken kasagedan (kemampuan) dalahkagunan (kompetensi) basanipun siswa. Tembung sastri, asalipun saking basa Jawi Kinalan Sansekerta, ingkang wosipun nggadhahi utawi nguwaosi kagunan sastra. Denesastra, nunggil teges kaliyan tembung ‘seratan’ utawi tulisan, asalipun saking tembungSansekerta √sãs lan tra, ingkang tegesipun ‘sarana kangge sinau’. Ing tembe, laras kaliyankalungguhanipun minangka setunggaling teks, genre, utawi wacana, tembung sastramenika lajeng dipun maknani, ‘sarana panggulawenthah’. Wondene tembung basa Jawiwonten kalodhangan menika, nggadhahi teges, wujud utawi jinising basa tumrap bebrayanJawi. Dados irah-irahan Sastri Basa, saged dipun maknani “kagunan sastra (sastra =kawruh, sarana panggulawenthah) abasa Jawi, ingkang kedah dipun sinaoni para siswa.Lumantar kagunan menika, para siswa saged migunakaken Basa Jawi kanthi gampil,leres, lan laras, wonten madyaning bebrayan”. Awit saking rampung lan maujudipun buku Sastri Basa menika, gungingpanuwun ingkang tanpa upami dipun aturaken dhumateng:1. Dr. H. Soekarwo, Msi. minangka Gubernur Kepala Daerah Tk I Propinsi Jawa Timur ingkang sampun paring kalodhangan kangge lumampahipun pasinaon Basa Jawi wonten laladan Jawi Wetan;2. Dr. Saiful Rachman, MM, M.Pd, minangka Ka DinDik Propinsi Jawi Timur, ingkang sampun paring kalodhangan lan panyengkuyung kangge Tim, salebetipun ngrampunaken pandhapuking Kurikulum KTSP 2013 Mulok Basa Jawi, sarta panyerating buku siswa menika;3. Profesor Dr. Abdul Syukur Gazaly, MPd. saking Universitas Negeri Malang, minangka Tim Ahli; Drs. Sukarman, MSi lan Dra. Sri Sulistani, MPd, sedaya sakingUniversitas Negeri Surabaya, minangka Tim Ahli lan Panitipriksa buku Sastri Basamenika, sarta Drs. Heru Asri, MSi. MPd saking Kantor Diknas Propinsi Jawa Timur,minangka Tim Ahli.4. Kanca-kanca nunggil Tim, Drs. Teguh Prasetyo Wiyono. Msi; Dra. Mistiyah,MMPd.; Drs. Davit Harijono, MPd; Ahmad Winarto, SPd; sarta Rahmat Santosa,SPd.,MM. Matur nuwun awit saking greget lan tulus, lila legawa makarya sesarengankanthi silih ‘asah, asih, asuh’.5. Bpk/Ibu Guru Basa Jawa ing laladan Jawi Wetan minangka panyengkuyung sartaparaga utami ingkang mujudaken pamucal lan pasinaon Basa Jawi wontensekolah.Kanthi ngrumaosi bilih buku kangge siswa menika taksih tebih saking kasampurnan, taksihkathah lepat saha kekiranganipun, kula minangka Tim ngaturaken agungingpangaksami. Kangge panyampurnaning buku menika, sedaya panyaruwe sartapamrayoga saking para pamaos, kula antu-antu. Surabaya, September 2015 Koordinator Tim PanyeratDaftar Isi i iiiPrawacana ....................................................................................................... viAtur Pangiring .......................................................................................Daftar Isi .............................................................................................. 1 1WULANGAN 1 PANGARIBAWANE GURIT ......................................................... 1Kompetensi Dasar dan Indikator ..................................................................... 3Mbabar Wawasan ............................................................................................ 5Pasinaon 1: Modhel Teks Pinilih .................................................................... 13 13 Garapan 1 : Nintingi Struktur Teks Geguritan .............................. 13 Garapan 2 : Ngidhentifikasi Isi lan Pesen/AmanatTeks Geguritan 15Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan ............................................................... Garapan 1 : Nggancarake Teks Geguritan ..................................... 18 Garapan 2 : Maca Endah Geguritan .............................................. 18 Garapan 3 : Menehi Tandha Andhegan Geguritan Adhedhasar 18 Interpretasi ...................................................................................... 18Pasinaon 3 : Makarya Kanthi Mandhiri .............................................................. 19 Garapan 1 : Maca Endah Geguritan ................................................. 23 Garapan 2 : Nanggapi Pamacane Geguritan .................................... 23 Gladhen Wulangan 1 ........................................................................ 23WULANGAN 2 NGRUKTI BUMI MURIH LESTARI TITAHING GUSTI ..................... 25Kompetensi Dasar dan Indikator …................................................................. ... 25Mbabar wawasan ........................................................... ............................. .... 28Pasinaon 1: Modhel Teks Pinilih ……................................................................... 32 Garapan 1 : Nyebutake Jinise Budaya Dhaerah .............................. 32 Garapan 2 : Ngidhentifikasi Kegiatan Upacara Adat ....................... 36 Garapan 3 : Nintingi Struktur Kegiatan Upacara Tradhisi .............. 36 Garapan 4 : Medharake Pesan Moral ............................................. 38Pasinaon 2 : Ngripta Kanthi Bebarengan .......................................................... 39 Garapan 1 : Ngripta Laporan Kegiatan Upacara Adat .................... 39 Garapan 2 : Nindakake Upacara Adat …………................................. 40Pasinaon 3 : Medharake Prastawa Budaya Kanthi Mandhiri ........................... Garapan 1 : Nanggapi Prastawa Budaya …....................................... 40 Garapan 2: Nyritakake Kegiatan Budaya .......................................... 41 Garapan 3: Ngunggah Laporan Kegiatan Upacara Adat menyang 46 46 Internet ………................................................................. 46 Gladhen Wulangan 2 ........................................................................ 48WULANGAN 3 NGGEGULANG WEDHARING RASA ............................................Kompetensi Dasar lan Indikator ……...................................................................Mbabar Wawasan ..............................................................................................Pasinaon 1 : Modhel Pinilih Teks Pranatacara Lan Pamedhar Sabda .................Garapan 1 : Ngidhentifikasi Struktur Teks Pranatacara ..................... 49 Garapan 2 : Nganalisis Struktur Teks Pranatacara ............................. 54 Garapan 3 : Ngidhentifikasi Struktur Teks Pidhato ............................ 56 Garapan 4 : Nganalisis Struktur Teks Pidhato .................................... 58 Garapan 5 : Nganalisis Bedane Unsur Basane Teks Pranatacara lan 58 Pidhato ........................................................................... 59 Garapan 6 : Nintingi Jejibahane Pranatacara ..................................... 61 Garapan 7 : Nintingi Jejibahane Juru Pidhato .................................... 62Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan Ngrakit Teks Pranatacara lan Teks Pidhato 62 Garapan 1 : Ngrakit CengkoronganTeks Pranatacara ........................ 63 Garapan 2 : Ngrakit Cengkorongan Teks Pidhato ............................... 64 Garapan 3 : Ngrakit Teks Pranatacara ................................................. 64 Garapan 4 : Ngrakit Teks Pidhato ........................................................ 65Pasinaon 3 : Makarya kanthi Mandhiri ................................................................ 65 Garapan 1 : Nulis lan Maragakne Teks Pranatacara ............................ 65 Garapan 2 : Nanggapi Praktek Pranatacara ......................................... 66 Garapan 3 : Praktik Juru Pidhato ......................................................... 67 Gladhen Wulangan 3 ……...................................................................... 71UJI KOMPETENSI SEMESTER GANJIL ….................................................................. 77WULANGAN 4 TUNTUNAN JRONING TONTONAN ............................................... 77Kompetensi Dasar dan Indikator .......................................................................... 77Mbabar Wawasan ................................................................................................ 78Pasinaon 1: Modhel Teks Pinilih .......................................................................... 80 Garapan 1 : Nganalisis Struktur Teks Drama ....................................... 81 Garapan 2 : Nganalisis Unsur Basa Sajrone Teks Drama ...................... 82 Garapan 3 : Ndhudhah Ajine Moral ing teks Drama ............................ 84 Garapan 4 : Nganalisis Relevansine Teks Drama karo Jaman Saiki ....... 91Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan ........................................................................ 91 Garapan 1 : Ngrakit Teks Drama ............................................................ 93 Garapan 2 : Ngrancang lan Mentasake Teks Drama .............................. 94Pasinaon 3 : Makarya Kanthi Mandhiri .................................................................. 94 Garapan 1 : Ngomentari Pementasan Teks Drama ................................ 95 Garapan 2 : Nulis Teks Drama ................................................................ 95 Gladhen Wulangan 4 ……........................................................................ 99WULANGAN 5 KALOKANING TEMBANG MACAPAT …............................................ 99Kompetensi Dasar dan Indikator …......................................................................... 100Mbabar Wawasan ………………………......................................................................... 101Pasinaon 1: Modhel Teks Tembang Macapat Pinilih .............................................. 107 Garapan 1 : Jinis lan Strukture Tembang Macapat ................................ 109 Garapan 2 : Kawruh Basa Sajroning Tembang Macapat ........................ 110 Garapan 3 : Negesi Tembung Sajroning Tembang Macapat ..................Pasinaon 2 : Makarya Bebarengan ............................................................... ....... 111 Garapan 1 : Njangkepi Guru Wilangan lan Guru Lagu ......................... 111 Garapan 2 : Njangkepi Gatraning Tembang ........................................ 112 Garapan 3 : Nggancarake/Nyritakake Isine Tembang........................... 113 114Pasinaon 3 : Pakaryan Mandhiri ........................................................................ 114 Garapan 1 : Nggoleki Pitutur Luhur Sajroning Tembang....................... 116 Garapan 2 : Ngripta Tembang Macapat Adhedhasar Teks Gancaran ... 119 Garapan 3 : Maca Titilaras lan Nembang Macapat............................... 118 Gladhen Wulangan 5 ............................................................................ 122 122WULANGAN 6 NJAGA WARISAN LELUHUR MURIH ORA LUNTUR ....................... 122Kompetensi Dasar dan Indikator .......................................................................... 123Mbabar Wawasan ................................................................................................ 123Pasinaon 1: Modhel Teks Pinilih .......................................................................... 125 128 Garapan 1 : Njingglengi Teks Aksara Jawa .......................................... 129 Garapan 2 : Nengeri Teks Aksara Jawa ............................................... 129 Garapan 3 : Nyurasa Bab Sengkalan ................................................... 131Pasinaon 2 : Nyurasa Sengkalan Kanthi Kelompok .............................................. 131 Garapan 1 : Maca Wacan Aksara Jawa................................................ 133 Garapan 2 : Nintingi Ide Pokok ........................................................... 133 Garapan 3 : Ngonceki Sengkalan ........................................................ 134Pasinaon 3 : Nyurasa Sengkalan Kanthi Mandhiri .............................................. 135 Garapan 1 : Nemokake Sengkalan Sinawung ing Tembang ................ 136 Garapan 2 : Ngonceki Sengkalan Sinawung Tembang ....................... 139 Garapan 3 : Nintingi Isine Sengkalan .................................................. 145 Gladhen Wulangan 6 ..........................................................................UJI KOMPETENSI SEMESTER GENAP ...................................................................DAFTAR PUSTAKA ...............................................................................................WULANGAN 1 PANGARIBAWANING GURIT Kompetensi Dasar dan Indikator: 3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks drama, prosa atau puisi sesuai kaidah. 3.1.1 Menganalisis struktur teks geguritan/ puisi 3.1.2 Mengidentifikasi isi teks geguritan/ puisi 3.1.3 Mengidentifikasi pesan/ amanat dalam teks geguritan/ puisi. 4.1. Menginterpretasi, menanggapi dan memperagakan teks drama, puisi, dan prosa sesuai isi dengan bahasa yang komunikatif. 4.1.1 Memparafrase teks geguritan/ puisi. 4.1.2 Memberi tanda jeda teks geguritan/ puisi yang akan dibacakan. 4.1.3 Menandai intonasi teks geguritan/ puisi yang akan dibacakan 4.1.4 Membaca indah teks geguritan/ puisi. 4.1.5 Menanggapi pembacaan teks geguritan/ puisi.Mbabar Wawasan Gambar lan rumpakan ing ngisor iki gatekna!Gbr.1 maos endah geguritan 1 Sumber : koleksi pribadhi Sastri Basa /Kelas 11Ora rinasa, para siswa wis ngancik ing taun kaloro nggegulang basa lan sastra Jawa lumantar mata pelajaran muatan lokal wajib Bahasa Daerah. Akeh kaskayane budaya warisane leluhur sing bisa disinaoni. Mula saka iku, aja leren anggone padha ngaturake puji syukur ing ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa, Kang Nguwasani Jagad Raya. Miwiti taun kaloro iki ayo nyinaoni geguritan kang kapunjerake kepriye pangaribawane gurit. Sing bakal disinaoni yaiku kaendahan lair lan kaendahan batin ing geguritan. Para siswa bakal nemokake pangaribawane geguritan sajrone melu- melu ndhedher kautaman, nenandur winih-winih kabecikan tumrap bebrayan lan dhiri pribadine para siswa nggayuh kamulyan. Ing wulangan 1 iki, para siswa kudu bisa ngembangake watak jujur, tanggungjawab, dhisiplin, ajen-ingajenan lumantar daya kreasi ing jagading geguritan. Kaya ngapa pangaribawaning geguritan iku? Ayo disinaoni bebarengan!Gatekna tuladha reriptan iki! MRIPAT Dening: Moch. Nursyahid P. mripat cahyamu landhep kaya panah nanging endah Karyane Moch. Nursyahid iku katone prasaja nanging ing walik kaprasajan maumapan daya ampuh lan nduweni pangaribawa. Geguritane Moch. Nursyahid ikuparadoksal, mengkono ngendikane Bonari Nabonenar –salah siji sastrawan Jawa sakaTrenggalek. Sadurunge dibacutake ngrembug pangriptane, ayo dirembug bebarengan pitakon-pitakon ing ngisor iki!1. Apa rumpakan ing dhuwur iku kalebu geguritan? Apa sebabe?2. Ukara ”mripat/ cahyamu landhep kaya panah” manut panemumu ing bageyan endi kekuwatan basane? Nggunakake lelewa basa (gaya bahasa) apa ukara iku?3. Apa maksude yen geguritan “Mripat” iku paradoksal ?4. Gambar ing dhuwur critakna, manut panemumu!5. Miturut panemumu, kepriye carane nyinaoni geguritan kang becik?2 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Pasinaon 1 : Modhel Teks Pinilih Isih eling ta, apa geguritan iku? Geguritan iku sawijining rumpakan, pepethan, karangan kang awujud reroncentembung lan ukara kang endah, ringkes, padhet lan mentes. Geguritan kalebu karyasastra Jawa gagrak anyar. Ana sing ngarani geguritan iku puisi Jawa modern, maksudewujude puisi lan muncul ing jaman sastra Jawa anyar/ modern. Ing sejarah kasusastran Jawa, wujud puisi iku ora mung geguritan bae, nanginguga ana tembang. Apa bedane? Geguritan iku ditulis tanpa paugeran guru gatra, guruwilangan, lan guru lagu, dene tembang iku kaiket ing paugeran guru gatra, guru wilangan,lan guru lagu. Tembang ing kasusastran Jawa iku werna-werna. Ana tembang gedhe,tembang tengahan, lan tembang cilik (alit). Tembang gedhe utawa sekar ageng ikukanggo nyebut kakawin kang muncul ing jaman sastra Jawa Kuna. Tembang tengahanlan tembang cilik iku kalebu tembang macapat. Tembang tengahan iku uga ana kangngarani kidung yaiku tembang kang muncul ing jaman Jawa Tengahan. Saliyane iku ana maneh tembang dolanan lan tembang campursari. Yencakepan tembang dolanan lan tembang campursari diwaspadakake, apa ya bedane karogeguritan? Tuladhane tembang dolanan lan tembang campursari kaya ing ngisor iki.Tuladha tembang dolanan: SLUKU-SLUKU BATHOK Sluku-sluku bathok bathoke ela-elo si rama menyang solo leh-olehe payung motha mak jenthit lololobah uwong mati ora obah yen obah medeni bocah yen urip nggoleka dhuwitTuladha tembang campursari: 3 KUNCUNG (Anggitane Ranto Edi Gudel) cilikanku rambutku dicukur kuncung kathokku saka karung gandum klambiku warisane mbah kakung sarapanku sambel korek sega jagung Sastri Basa /Kelas 11kosokan watu neng kali nyemplung ing kedhung jaman dhisik durung usum sabun …, (pabrike rung dibangun) andhukku mung cukup andhuk sarung dolananku montor cilik saka lempung pis holopis kuntul baris rekasane saiki wis pis holopis kuntul baris gegere gek mbok ndang uwis Reff. tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser) aku dikudang suk yen gedhe dadi dhokter tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser) bareng wis gedhe aku disuntik bu dhokter ha na ca ra ka iki crita jaman semana da ta sa wa la iki crita saka wong tuwaSemaken tuladha geguritan ing ngisor iki, banjur wacanen! PATULADHAN Dening: Davit Harijono kang mimpin oraa ana ing ngarep nanging cahyaning patuladhan iku kudu ngaton mangejawantah yen wus madhep mantep tegese tegen ngendhaleni panguwasa nyekel pusara ya pusakaning adil yen jirih wateke mung bakal tansah singidan dhedhemitan samun kang dadi patuladhane kuthung4 Sastri Basa Jawa/Kelas 11pancen kang mimpin iku dudu empuke kursi kok apamaneh kerta aji angen-angen kurang duga iku kabeh bakal tumeka kaya wahyu awit karsaning bumi iki bisaa lestari ing tentrem lan ing makmur manitis sukmaning kusuma bisaa ngambar arum saindenging nuswantara *Panjebar Semangat 12, 22 Maret 1997Bausastra : contopatuladhan : sunar, nurcahya : manjilma,mangejawantah : panggah, tahantegen : kendhalipusara : ndheliksingidan : sepi, ora anasamun : tugel, ilangkuthung : nduweni rega, reregankerta aji : ora duwe tatakrama, ndhugalkurang duga : njilma, lairmanitisKanggo mahami bedane geguritan karo tembang dolanan lan tembang campursari,wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Katitik saka wujude, apa bedane? 2. Tembang dolanan lumrahe isine bab apa? 3. Kepriye yen tembang campursari, isine medharake apa? 4. Tembang ”Sluku-Sluku Bathok” isine ngenani apa? 5. Tembang ”Kuncung” isine ngenani apa? 6. Kepriye bab olah basane geguritan ”Patuladhan” ? 7. Apa bedane karo basa sing digunakake ing tembang dolanan lan tembang campursari? 8. Piwulang moral apa kang kinandhut ing geguritan ”Patuladhan” ? Sastri Basa /Kelas 11 5Garapan 1: Nintingi Struktur Teks Geguritan Ing garapan 1 para siswa bakal kaajak maneh nyinaoni struktur geguritan. Strukturgeguritan iku ana struktur lair lan struktur batin.A. Struktur Lair Struktur lair yaiku wujud kang bisa dideleng lan dituduhake ing geguritan. Kanggongenali struktur lair geguritan, para siswa kudu ngeling-eling marang tembung, ukara,gatra, pada, lan tata panulisan kang ana ing geguritan. Ing kalodhangan iki, struktur lair kang dirembug yaiku;1. Tipografi- Blegere Geguritan Sing dimaksud tipografi geguritan yaiku wujud nyata utawa blegere geguritan kangbisa dideleng langsung. Ana geguritan kang ditulis mepet baris sisih kiwa, ana kang malahmepet ing sisih tengen, ana uga kang rata ing tengah. Ana kang pada siji nganti telumepet kiwa, banjur pada sateruse rada nengah, utawa nganggo cara liyane. Iku kabehmurni wewenange panggurit, lan para siswa utawa pamaos nduweni wenang kanggongartekake tipografi mau. Ana kang tembung-tembunge saben gatra cekak-cekak banget, ana uga kangtembung-tembunge saben gatra dawa banget. Ana kang saben gatra diwiwiti aksaragedhe, ana kang kabeh tembunge nganggo aksara cilik. Ana kang nggunakake tandha titik(.), tandha panyeru (!), ana uga kang babar pisan ora nggunakake tandha pamaca.2. Imaji – Panyitra Sajrone geguritan para panggurit nggunakake tetembungan kang nduweni dayapanyitra/ imaji kanggo nglairake gagasane. Panyitra geguritan iku ing antarane pandeleng,pangrungu, pangganda, pangrasa, lan panindak. Umpamane ana ukara arume asmamu(pangganda), kumrosake banyu (pangrungu), endahe esemmu ibu (pandeleng), abotepanandhang iki (pangrasa), lan para mudha gumregah bangkit. (panindak). Amarga geguritan nggunakake basa minangka sarana, mulane yen para siswa bisanemokake daya panyitra/ imaji ing sawijining geguritan, iku bakal dadi sangu kang wigatibanget kanggo nyinau lan ngerteni isine geguritan.3. Gaya - Lelewane Basa Lelewane basa ing geguritan yaiku kaendahan tembung lan ukara, lan basa kangdigunakake dening panggurit. Kang kalebu ing lelewane basa: tembung Kawi, pepindhan,tembung entar, tembung saroja, yogyaswara, lan sapanunggalane. Kepriye lelewanepanggurit nggunakake basa kang endah ing geguritane bisa nuduhake sepira endahegeguritan kang diripta. Panggurit tansah milih tembung-tembung kang bisa kanggo sarana nglairakemaksud lan gagasane. Pamilihe tembung (diksi) mau ditata, direngga murih endah lan bisanuwuhake rasa tartamtu kaya karepe panggurit.6 Sastri Basa Jawa/Kelas 114. Enjambemen – Tembung Sumambung Ing geguritan, enjambemen iki asring digunakake dening panggurit. Enjambemening kene diarani tembung sumambung, yaiku tembung-tembung kang sengaja diseleh ingakhir gatra utawa madeg dhewe ing sawijining gatra, kang gunane kanggo nguwatakegatra ing dhuwur lan ing sangisore.Tuladhane mangkene :(1) pancen kang/mimpin iku dudu/ empuke kursi kok....(2) iku kabeh bakal tumeka kaya wahyu/awit karsaning bumi iki/ bisaa lestari/ ing tentrem lan ing makmur/ manitis sukmaning kusuma/ bisaa/ ngambar arum saindhenging nuswantara....5. Purwakanthi Purwa = wiwitan, ngarep; kanthi = nggandheng, melu. Purwakanthi ikunggandheng utawa melu karo sing wiwitan utawa sing ana ing ngarepe. Purwakanthi ikutembung kang nnduweni swara runtut lan lumrah tinemu ing karya sastra kaya dene inggeguritan. Bisa runtut ing sagatra, bisa uga runtut ing antarane gatra. Kanggo meruhianane puwakanthi, para siswa kudu ngenali jenis purwakanthi.a. purwakanthi guru swara : yaiku aksara swara (vokal), swarane kang runtut. Umpamane ana kutipan mangkene : ibu kang dakderes iki luh-mu/ dadi srana lelaku. Ing kutipan iku swara akhire padha yaiku swara u. Bocah-bocah bajang/ nyangking sada lanang. Kutipan saka geguritane Widodo Basuki sing kaloro iku nggunakake purwakanthi swara ang.b. purwakanthi guru sastra : geguritan nduweni purwakanthi guru sastra yen sing runtut nurut sing ngarep aksara sigege (konsonan). Kanggo nggoleki purwakanthi guru sastra, para siswa kudu ngenali jinis-jinis konsonan. Jinis-jinise konsonan, kaya ta : w, p, m, b iku diarani aksara lambe (bilabial); h, k, g, ng iku padha dene aksara sigeg ing gorokan (velar); n, d, t, s aksara untu (dental); c, j, y, ny aksara cethak (palatal), lan r, dh, l, th aksara ilat (alveolar). Tuladhane ing kutipan iki : dakantu tekamu/kaya wengi kapungkur/gemriyak swaramu paring lelipur/ kanggo rasa atisku kutipan geguritane Hery Lamongan iku akeh nggunakake purwakanthi guru sastra, yaiku swara gorokan ing tembung dakantu, tekamu, kaya, wengi, kapungkur, gemriyak, paring. Yen diwaca bola-bali lan dirasakake nyebabake geguritan dadi kepenak lan lancar. Apamaneh ing kono uga ana purwakanthi swara ur ing tembung kapungkur lan lelipur.c. Purwakanthi guru basa utawa purwakanthi lumaksita : yaiku purwakanthi kang ngurutake wanda (suku kata) utawa tembung. Dadi ana wanda, tembung kang sengaja dibaleni dening panggurite. Kalebu ing purwakanthi guru basa menawa ing geguritan sengaja nggunakake ukara kang dibaleni maneh (repetitif). Ukara kang dibaleni iku lumrahe ing wiwitane pada.Sastri Basa /Kelas 11 7Tuladhane kaya geguritane Bonari Nabonenar mangkene : jalaran dheweke jatining tresna// asalira tresna/ busana tresna/ watak tresna/ jatining tresna. Tembung apa sing dibolan-baleni dening panggurite? Bener, tembung tresna.B. Struktur Batin Kejaba struktur lair uga ana struktur batin, yaiku wujud geguritan kang ora kasatmripat, jenenge bae batin. Struktur batin iki diwangun dening struktur lair mau. Mulaneantarane struktur lair lan struktur batin geguritan iku padha pentinge (wigatine). Kanggonemokake isi, arti, maksud, lan tujuan panggurit bisa ditintingi saka lelorone. Kang kalebu struktur batin geguritan yaiku1. Tema – Gagasan Pokok Tema yaiku gagasan pokok kang dadi dhasar panggurit ngrakit tembung dadi geguritan. Geguritan iku nggunakake sarana basa, mula kaya sipate basa, geguritan kudu nnduweni surasa/makna. Bab utawa gagasan pokok sing ndhasari panggurit nulis geguritan diarani tema geguritan.2. Wirasa-Swasana Yen masakan, rasa iku ana legi, pait, asin, tawa, getir, pedhes, lan sapiturute. Dene rasa-swasana ing geguritan iku bakal nemokake kepriye tanggapan utawa panemune panggurit marang gagasan pokok ing geguritane. Wirasa-swasana ing geguritan iku bisa awujud pangalembana, pakurmatan, pangajak, seneng, sedhih-prihatin, nesu, ngelikake, lan sipat-sipate manungsa liyane. Gampange mangkene, nalika ana musibah banjir (tema), panggurit bisa sedhih, bisa nesu, bisa uga malah nyokurake. Lha, kabeh rasa-swasana mau bakal nuwuhake piweling-amanat kang dadi tujuan ing geguritan.3. Amanat – Tujuan/Pesene Panggurit Saben panggurit mesthi nnduweni tujuan nalika ngarang geguritan. Tujuan utawa amanat iki didhelikake, sinandhi ing walike reroncen tembung, ukara, gatra, lan pada ing geguritan. Amanat/pesen iki sing kudu ditemokake dening para siswa. Sinau geguritan diarani kasil yen para siswa wani gawe dudutan, banjur kandha mangkene, “iki lho tujuane panggurit lumantar geguritane!” Amanat-tujuan ing geguritan iku lumrahe bisa dituduhake lumantar kutipan ukarane, kanggo bukti kang nyengkuyung panemumu. Geguritan kang becik iku geguritan kang duwe guna paedah tumrap bebrayan utawa tumrap para pamaose. Mulane aja wedi salah, saben ngadhepi geguritan, temokna amanat-pesen ya piwelinge. Saka tuladha ing dhuwur, bab-bab wigati kang bisa kajupuk, yaiku: a. geguritan iku jebul nyimpen isi awujud wewarah/ pitutur luhur. b. isi awujud wewarah mau bisa digoleki kanthi cara nliti struktur lair lan struktur batine.8 Sastri Basa Jawa/Kelas 11c. struktur lair sing nuntun marang struktur batin.d. struktur lair iku werna-werna, kang disebutake ing dhuwur iku mung saperangan tuladha bae. Dadi para siswa bisa ngembangake luwih jembar maneh supaya geguritan bisa dimangerteni isi lan piwelinge.Tuladha geguritan kanthi irah-irahan ”Patuladhan” yen ditintingi struktur lair lan strukturbatine kaya kacetha ing ngisor iki!No Struktur Katrangan Struktur Lair1. Tipografi-blegere Geguritan ”Patuladhan” anggitane Davit Harijono.geguritan Geguritan mau dumadi saka 5 (limang) pada, lan saben pada dumadi saka 5 gatra. Amarga saben pada ana limang gatra mula kalebu geguritan jinis gita panca gatra. Panulise diati-ati banget, buktine cacahe baris lan cacahe tembung ditata padha utawa meh padha. Pada 1 nganti tekan 4 cacahe tembung mung 2 nganti 4 tembung, ora luwih saka iku. Nyata ringkes lan padhet tenan. Panulise kabeh padha, saka ing sisih kiwa, pada 1, 3, 5 sabaris, pada 2 sabaris karo pada 4. Yen dideleng saka kadohan kaya candhi sasigar, lan katon seimbang banget.2. Panyitra Pada 1 nggunakake citra pandeleng. Bab iki dituduhake kanthi : oraa ana ing ngarep/nanging cahyaning patuladhan/ kudu ngaton mangejawantah// Pada 2 : nggunakake citra panindak. Buktine yaiku tegese tegen/ ngendhaleni panguwasa / nyekel pusara Pada 3 : nggunakake citra panindak; mung bakal tansah/ singidan dhedhemitan Pada 3 uga nggunakake imaji pangrasa; samun kang dadi/ patuladhane kuthung// Pada 4 nggunakake citra pandeleng ing tembung mimpin iku dudu/ empuki kursi kok Pada 5 nggunakake citra pangganda, ana ing kutipan :ngambar arum saindhenging nuswantara3. Gaya-Lelewane Geguritan ”Patuladhan” iku milih ukara kang ringkes Sastri Basa /Kelas 11 9No Struktur Katrangan Basa lan padhet. Tembung-tembung ing sapada mau bisa 4. Enjambemen 5. Purwakanthi dadi saukara kanthi teges kang jangkep. Kang10 mimpin oraa ana ing ngarep, nanging cahyaning patuladhan iku katon mangejawantah. Mengkono uga ing pada 2, 3, 4. Ing geguritan mau ana tembung kanthi teges entar (konotatif) cahyaning patuladhan, ngendhaleni panguwasa, patuladhane kuthung Geguritan iku nggunakake tembung-tembung mirunggan (khusus) umpamane: mangejawantah, kerta aji, manitis sukmane, kusuma, karsaning bumi. tembung- tembung iku kanggo nambah daya kaendahane geguritan lan muwuhi rasa sengsem. Tembung saroja utawa tembung kang artine padha utawa meh padha uga akeh tinemu : ngaton- mangejawantah, madhep-mantep, ngendhaleni- nyekel, pusara-pusaka, singidan-dhedhemitan, samun-kuthung, tentrem-makmur. Tembung- tembung mau gunane kanggo nguwatake lan mbangetake surasane geguritan. Akeh tinemu enjambemen ing geguritan ”Patuladhan”, umpamane nanging cahyaning/patuladhan iku kudu/ ngaton mangejawantah. Gatra patuladhan iku kudu bisa sumambung karo gatra sadurunge lan gatra sawise. Ing pada 3 uga mengkono : pancen kang/ mimpin iku dudu/ empuke kursi. Tembung kang bisa nduweni arti mas/sedulur lanang, bisa uga sing/ingkang Pada 1 : nggunakake purwakanthi guru sastra gorokan, yaiku k, ng ana ing tembung kang, ing, ngarep, nanging, cahyaning, iku, kudu, ngaton, mangejawantah. Mengkono uga pada 2, 3, 4 lan 5 akeh tinemu tembung kanthi aksara gorokan. Saliyane iku uga akeh digunakake aksara lambe (bilabial) m, p, b, w, umpamane tembung patuladhan, mimpin, ngarep, madhep, mantep, panguwasa, pusara, pusakaning, wateke, mung, bakal, dhedhemitan, samun, pancen, Sastri Basa Jawa/Kelas 11No Struktur Katrangan1. Tema mimpin, empuke, apamaneh, kabeh, bakal, tumeka,2. Wirasa wahyu awit, bumi, bisaa, tentrem, makmur, manitis, sukmaning, kusuma, bisaa, ngambar, arum,3. Amanat nuswantara. Daya pangaribawane swara gorokan lan lambe mau yen ditata runtut bisa nggambarake swasana kang temen, sereng, nyawiji kaya judhule kang ngrembug bab patuladhan/kepemimpinan. Aksara-aksara ing tembung mau uga ngasilake wirama kang kepenak lan lancar. Menawa diwaca geguritan mau pedhotane bakal gampang dingerteni. Struktur Batin Gagasan pokok kang dirembug ing geguritan mau yaiku ngenani kepemimpinan, kaya diwakili karo judhule patuladhan. Wirasa ing geguritan iki bisa kagolongake pangajak. Panggurit kaya-kaya nuturi lan nuduhake kaya ngapa pemimpin iku samesthine. Pemimpin iku kudu bisa dadi patuladhan. Iki ditulis ing pada 1 lan pada 2. Geguritan iki uga ngemu wirasa ngguroni, aweh pangeling-eling; elik-elik aja nganti luput. //yen jirih wateke/ mung bakal tansah/ singidan dhedhemitan/ samun kang dadi/ patuladhane kuthung// Amanat kang ana ing geguritan yaiku pemimpin iku kudu bisa dadi tepa tuladha (pada 1) Pemimpin iku kudu madhep mantep, artine yakin, kukuh bakuh nyekel kepemimpinane, ora miyar- miyur atine. Mulane pemimpin ora kena mangu- mangu, jirih apamaneh ora bisa dadi tuladha kang becik (pada 2 lan 3) Mimpin iku aja mung golek bandha donya, empuke kursi, angen-angen kurang duga (pada 4) Pemimpin iku satemene kaya wahyu, ora kena sembarang uwong supaya kabeh padha slamet rahayu (pada 5) Tabel 1 Tuladha tintingan struktur geguritan Sastri Basa /Kelas 11 11Geguritan-geguritan ing ngisor iki golekana struktur-e kaya tuladha ingdhuwur! (1) BANYU Dening: Miftahul Dina Anggraeni gemricik swaramu ing wayah esuk agawe tentrem ning ati kricik-kricik kaya tatanan tembang kang endah putih bening netes ning ndonya nggawe adhem ning sukma krasa seger ning njero kalbu kahananmu dadia tuladha ing jagad yen urip kudu terus mili kowe sumber penguripan menungsa Gondanglegi, Januari 2014 (2) URIPKU Dening: Apriria Berliyanti Nglamunku sigar ing pucuk himawan Nalika warsa mbanjiri pangarasan Uripku Saya suwe saya ngambang Ilang ora nemu dalan Dhuh Gusti Paringana kula kesabaran Kanggo nerusake panguripan Ngalor ngidul sampun kula lakoni Jakarta Surabaya sampun kula liwati Ora ana wangsulan sing mesthi Ketawang endah, Januari 2014 (2) TAKON IBU Dening: Ria Afrisca Sepuluh taun Aku ora ketemu12 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Rasa kangenku Saya suwe Saya abot daksimpen dhewe Aku ora weruh Ndhik endi panggonanmu Kaya apa kahananmu Aku mung eling sliramu Kepengin aku ketemu Ngrungu pituturmu Ndeleng esemmu Ibu, Kapan nggonmu mulih Aku ing kene ngenteni balimuBausastra Banjarejo, 2010kalbu : ati, manahsukma : alus, lembut, roh/ ruh, nyawahimawan : gunung, ardiwarsa : taunpangarasan : gepok, senggol, dhampar/ palinggihanGarapan 2 : Ngidhentifikasi Isi lan Pesen/ Amanat Teks Geguritan Sawise nintingi struktur teks geguritan ing ngarep, sabanjure tindakna pakaryan iki!1. Critakna maneh isine geguritan nganggo basamu dhewe!2. Tulisen pesen/ amanat kang kinandhut ing geguritan kang bisa koktuladhani!3. Sawise rampung, garapanmu tumpuken minangka tugas portofolio!Pasinaon 2: Makarya BebarenganSawise ngenali titikane geguritan, nemokake isi lan piweling ing geguritan, parasiswa bebarengan karo klompoke bakal kaajak (a) njlentrehake geguritansupaya luwih gampang dimangerteni, lan (b) menehi tandha sigeg inggeguritan. Kegiatan kang bakal ditindakake, yaiku: a) nggancarake geguritan;maksude ngowahi wujud geguritan dadi wujud gancaran, (b) menehi tandhapamaca lan tandha sesigeg kanggo maca endah geguritan.Tatakrama ing pasinaon nggancarake geguritan yaiku tepa slira, tanggungjawab, lan tresna budaya. Eling, nyinau geguritan ateges nglestarekake lanngrembakakake basa lan sastra Jawa minangka bagean saka kabudayannasional. Sastri Basa /Kelas 11 13Garapan 1 : Nggancarake Teks Geguritan Nggancarake (mem-parafrase-kan) geguritan iku nduweni tujuan supaya geguritanbisa luwih gampang dimangerteni. Tembung lan ukara ing geguritan iku sipate ringkes,padhet, kebak arti. Kanggo ngerteni apa kang dadi maksude panggurit, dudu prakara kanggampang. Mulane geguritan mau kudu digancarake luwih dhisik.Tatacara nggancarake geguritan:1. Sapada geguritan lumrahe dadi sapada gancaran, sebab saben sapada geguritan iku lumrahe nduweni sagagasan.2. Bisa nenambah tembung ing saben gatra lan pada, supaya dadi ukara kang becik.3. Tembung-tembung sing angel, diganti dadi tembung kang umum diweruhi.4. Tata panulise manut tata panulisane gancaran.Tuladha nggancarake geguritan kaya ing ngisor iki. Gancaran GeguritanURIPKU URIPKUNglamunku sigar ing pucuk himawan Nglamunku sing mumbul tekanNalika warsa mbanjiri pangarasan angkasa buyar dadakan. Sebabe udanUripku dumadakan nelesi bathukku. IngSaya suwe saya ngambang nglamunku mau, uripku dakrasakakeIlang saya nglambrang. Suwe-suwe ilang,Ora nemu dalan kaya wong mlaku sing ora nemu dalan.Dhuh GustiParingana kula kesabaran Dhuh Gusti, mugi PanjenenganKanggo nerusake panguripan paringi kawula kesabaran, kanggeNgalor ngidul sampun kula lakoni nglajengaken gesang menika. Gusti,Jakarta Surabaya sampun kula liwati ngalor-ngidul, lunga saparan-paran wisOra ana wangsulan sing mesthi daklakoni. Kutha Jakarta nganti tekan Surabaya wis dakliwati. Gusti, kok boten wonten wangsulan ingkang mesthi? Tabel 2 : Tuladha Nggancarake Geguritan Geguritan-geguritan ing ngisor iki gancarna, apa isi lan tegese! (1) Kangen Dening: Edi Winarno aja nangis anakku ibumu isih lunga sedhela maneh teka14 Sastri Basa Jawa/Kelas 11aja nangis, anakkuumpama Hongkong kuwi mung lor kaliwis wingi-wingidakparani(2) Dudu Rembulan Dening: Sumono Sandy Asmoro Dudu rembulan Sing sigar kena jemparing Nalika Permadi dolanan pasopati Dudu lintang sing ajur Nalika Palgunadi matek aji Lebur sakethi Lintang lan rembulan Tetep mbenteyong Gandhulan langit Mung manungsa sing rumangsa bisa Ngrapal mantra adeg-adeg keblat papat lima pancer Ngobral drajat pamer pangkat Rumangsa dadi lelanange jagad Dudu rembulan Sing sigar kena jemparing Nalika Permadi dolanan pasupati Mung konang Kinukup kabar njomplangGarapan 2 : Maca Endah GeguritanMaca endah iku sawijining ketrampilan basa kang nggandhengake unsur basa lankaendahan utawa seni. Kegiatan maca endah geguritan diarani kasil lan apik yen paraSastri Basa /Kelas 11 15siswa wis bener lan pener ing bab basane (lafal, intonasi, andhegan, lan sapanunggalane)lan becik utawa endah tur nyengsemake ing bab senine (ekspresi, solah-bawa, wirama,lansapanunggalane). Ana sing luwih penting maneh, maca endah geguritan iku tujuane singnyemak, sing ngrungokake dadi ngerti isi, piweling, lan kaendahaning geguritan singdiwaca.Amarga geguritan iku mapan ing alam kabudayanJawa, kabeh mau kudu didhasarake wewatakan, tatakrama, lan sopan santun Jawa. Macageguritan iku kudu njawani.Tatacara maca geguritan sing becik, yaiku:1. Geguritane kudu wis ditemokake struktur lair-batine (interpretasi geguritan)2. Geguritane diwaca paling ora rong rambahan, tembung-tembung, ukara, lan bagean kang penting kudu dingerteni luwih dhisik.3. Geguritan iku diwenehi tandha pamaca lan tandha andhegan. Yen perlu geguritan iku bisa ditulis maneh manut interpretasine para siswa.4. Kanggo gladhen, geguritan mau diwaca manut tandha pamaca lan tandha andhegan, uga katrangan solah bawane. Gladhen dianggep cukup yen para siswa wis bisa kanthi lancar lan ora rumangsa isin, kikuk, kaku, salah tingkah nalika maca endah geguritan.Vokal/SwaraneSwara kudu bantas, resik, tur cetha pangucapane. Ing bab vokal/swara iki kududimangerteni bab-bab ing ngisor iki :1. artikulasi : pangucapane aksara lan tembung kudu wuwuh lan cetha.2. diksi : pangucapane tembung-tembung mau endah, kanthi rasa-pangrasa, ana sing landhep, wengis, sabar, alus, kereng lan sapanunggalane. Para siswa kudu bisa milih tembung-tembung ing geguritan lan cara pangucapane.3. tempo : alon-cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing pengin diwedharake.4. dinamika : alon-bantere swara, selaras-seimbange pamaca geguritan, nganti dadi kaya wirama kang endah lan gawe pamirsa lan pamireng dadi kesengsem.5. modulasi : owah-owahane swara, umpamane swara wong tuwa, bocah cilik, swarane digawe cempreng, ulem, geter, lan sapanunggalane.6. intonasi : lagune ukara, pada. Para siswa kudu wani nemtokake sawijining pada dadi ukara pitakon, apa prentah, lan sapanunggalane.7. andhegan : andhegan-jeda, yaiku pedhotane tembung lan ukara ing geguritan kanthi tujuan nguwatake maksud lan artine geguritan.8. ambegan : teknik ambegan/napas iku penting banget. Para siswa kudu sinau teknik ambegan weteng (=pernafasan perut).Solah Bawane16 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Obahing awak sakujur kudu bisa nguwatake geguritan apa sing lagi kawaca, solah bawakudu bisa :1. komunikatif : maca endah geguritan iku kudu dirasakake, maca-solah bawa sing metu saka ati supaya bisa nggeterake atine pamirsa.2. ekspresif : asil saka interpretasi, ngerti marang struktur lair-batin geguritan mau diwujudake kanthi mimik-pantomimik-kinetik lan solah bawa kang becik lan endah.3. konsentrasi: fokus, para siswa kudu munjerake pikiran, wektu lan tenaga kanthi nggladhi sinau maca geguritan supaya asile ora getun tiba buri. Sebab kalodhangan lan wektu iku ora bisa dibaleni.Tandha andheganMaca endah geguritan dadi luwih gampang yen para siswa uga menehi tandha andhegan,yaiku tandha pambiyantu nalika praktek maca endah geguritan. Ing ngisor iki tandhaandhegan kang umum digunakake. Para siswa bisa bae nggunakake tandha liyane kangluwih gampang lan becik asile.Ayo digatekna lan dipraktekake! Tandha Arti lan Gunane/ Mandheg sedhela saetungan// Mandheg rada suwe, telung etungan/// Mandheg suwe, kanggo akhir pada utawa akhir geguritan~ Swara alon, lagune alus kaya bebisik~~ Swara alon, lagune alus~~~ Swara kang seru, banter, lagune kasar√ Swara dicethakake nanging cendhak√√ Swara dicethakake rada dawa√√√ Swara dicethakake lan dawa__ Swarane munggah, mendhuwur__ _ Swarane ngendhekTuladha geguritan iki ayo diwaca bebarengan! TAKON // IBU// Anggitane // Ria Afrisca √√ /// Sepuluh / taun 17 Aku √ / ora ketemu ~// Rasa kangenku ~~// Sastri Basa /Kelas 11Saya suwe// Saya abot √√/ daksimpen / dhewe __ _ /// Aku √ / ora weruh √√ // Ndhik endi __ / panggonanmu __ / Kaya apa __ / kahananmu __ // Aku ~ / mung √ / eling √ / sliramu ~~ // Kepengin √√ / aku / ketemu √ / Ngrungu / pituturmu ~~ Ndeleng √ // esemmu √√__ /// Ibu, √√√__ // Kapan √√ / nggonmu / mulih ~~// Aku √ / ing kene √ / ngenteni ~~ // balimu ~ //Garapan 3: Menehi Tandha Andhegan Geguritan Adhedhasar Interpretasi Bebarengan karo kancamu sabangku, pilihen salah siji geguritan lan wenehana tandha andhegan kaya tuladha ing dhuwur adhedhasar interpretasimu!Pasinaon 3 : Makarya Kanthi Mandhiri Sawise makarya bebarengan, kanggo nambah kawruhmu babagan geguritan prelulatihan kanthi mandhiri. Karya sastra geguritan iku akeh banget sumebar ing kalawarti laning antologi. Bocah-bocah bisa maca lan nyinaoni geguritan kang kapacak ing kalawartiJaya Baya apadene Panjebar Semangat.Garapan 1: Maca Endah Geguritan Tindakna pakaryan iki:1. Pilihen salah siji geguritan sing kosenengi.2. Sawise kongerteni isine, wenehana tandha andhegan adhedhasar interpretasimu.3. Gladhinen maca endahmu, nganti katon trampil, luwes lan becik.4. Paragakna maca endah geguritan pilihanmu, yen perlu rekamen (MP4) supaya bisa dideleng kaluwihan lan kekurangane!Garapan 2: Nanggapi Pamacane Geguritan Ing akhir pasinaon bab geguritan, para siswa diutus maringi tanggapan asil maosendah geguritan saka kanca sakelas. Buncine yaiku ngerteni struktur lair, struktur batin,lan teknik maca endah geguritan kaya kang wis dirembug ing ngarep.Tatakramane mesthi bae kudu nggunakake basa Jawa kang becik, ajen-ingajenan, tepaslira lan mbangun rasa pracaya sapepadha siswa.18 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Setitekna paragan maca endah geguritan saka kancamu!Kepriye mungguh panemumu?Geneya panemumu mengkono?Apa sebabe?Kanggo paugeran, bisa migunakake lembar pambiji kaya ing ngisor iki:Jeneng : ...................Kelas : ...................Intonasi/Pelafalan Ekspresi Penghayatan Gesture GLADHEN WULANGAN 1I. Pilihen siji wangsulan sing paling bener!1. Geguritan iku kanggo gampange diarani uga .... a. kakawin Jawa kuna b. kidung Jawa pertengahan c. tembang macapat d. tembang campursari e. puisi Jawa modern/gagrag anyar2. Sing mbedakake geguritan lan tembang dijelasake kaya ing ngisor iki, yaiku.... a. Geguritan cacahe wanda lan cacahe gatra ana tata aturane. b. Geguritan iku olehe maca kudu ditembangake/dilagokake. c. Geguritan iku ora kaiket guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. d. Tembang macapat iku ora nduweni guru gatra, guru wilangan, guru lagu. e. Tembang iku nggunakake purwakanthi guru swara ab / ab.3. Kalebu ing struktur batin geguritan yaiku .... a. tema lan amanat b. diksi lan tipografi c. enjambemen lan lelewaning basa d. purwakanthi lan wirasa e. panyitra lan diksi4. //singidan dhedhemitan/ samun kang dadi/ patuladhane kuthung// tembung-tembung kang kalebu purwakanthi guru sastra yaiku ... . Sastri Basa /Kelas 11 19a. singidan – samun – dadi – kuthung b. singidan – dhedhemitan – dadi – patuladhane c. singidan – kang – patuladhane – kuthung d. dhedhemitan – kang – dadi – kuthung e. dhedhemitan – samun – dadi – kuthung5. //gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ning ati/ kricik-kricik kaya tatanan tembang kang endah// Kutipan geguritan ing dhuwur nggunakake panyitra ... . a. pandeleng b. pangganda c. pangrungu d. pangrasa e. panindak6. //umpama Hongkong kuwi mung lor kali/ wis wingi-wingi/dakparani// Purwakanthi kang digunakake yaiku purwakanthi guru ... . a. swara i b. sastra t c. basa/lumaksita kali d. swara um e. sastra g Kanggo pitakon nomer 7- 8, gatekna geguritan “Kangen” anggitane Edi Winarno iki! //aja nangis anakku/ ibumu isih lunga/ sedhela maneh teka/ aja nangis, anakku/ umpama Hongkong kuwi mung lor kali/ wis wingi-wingi/ dakparani //7. Ing geguritan ”Kangen”, panggurit dadi ... . a. bapak b. ibu c. anak d. putu e. tangga8. Isi saka geguritan ” Kangen” yaiku ... . a. Wong tuwa iku mesthi nduweni rasa kangen marang anak. b. Bapak kang nggoleki bojone nganti tekan lor kali. c. Susahe Bapak dening tangise anak, sebab kangen Ibune kang lagi nyambutgawe ing Hongkong. d. Ibu kang nggoleki anake tekan Hongkong sinambi nyambutgawe ing kana. e. Anak lagi kangen marang Bapak lan Ibune kang nyambutgawe ing lor kali.20 Sastri Basa Jawa/Kelas 119. Geguritane Sumono Sandy Asmoro ”Dudu Rembulan” iku nduweni amanat/pepeling ... . a. rembulan ora bakal bisa disigar dening Permadi. b. Palgunadi nduweni aji luhur sakethi. c. urip kudu tansah nastiti, angati-ati. d. manungsa iku senengane ngramal nasib ora gelem ngupaya. e. manungsa sok rumangsa bisa, angkuh ing alam donya.10. Tujuwan maca endah geguritan yaiku ... . a. nemokake struktur batin geguritan b. nemokake struktur batin geguritan c. supaya sing mirsani padha nggumun lan eram marang sing maca d. bisa menehi tandha andhegan, nata napas, lan pangucapan e. sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan11. Maca endah geguritan iku kudu ... . a. banter swarane tanpa ana sing bisa ngalahake b. cepet lan cetha supaya ora ngentekake wektu c. sopan, yen perlu disalini dadi basa krama dhisik d. diwaca lan diapalake geguritane, banjur ditembangake e. didhasarake wewatakan, tatakrama, sopan-santun lan njawani12. Alon-bantere swara, selaras-seimbange swara, nganti dadi kaya wirama kang endah, iku diarani ... . a. diksi b. tempo c. dinamika d. artikulasi e. modulasi13. solah bawa, obah mosike sakujur awak nalika maca geguritan iku kudu bisa ... . a. komunikatif, ekspresif, lan konsentrasi b. modulasi, intonasi, artikulasi c. tempo, diksi, ambegan d. komunikatif, modulasi, artikulasi e. dinamika, tempo, njawani14. Tuladhane enjambemen kaya ing ngisor iki, yaiku ... . 21 a. //Dhuh Gusti/ Paringana kulakesabaran/ kanggo nerusake panguripan/.. b. //kapan nggonmu mulih/ aku ing kene ngenteni balimu // c. //aku ora weruh/ ndhik endi panggonanmu/ kaya apa kahananmu / ... Sastri Basa /Kelas 11d. //putih bening netes ning ndonya/ nggawe adhem ning sukma/ ... e. //nanging cahyaning/ patuladhan iku kudu/ ngaton mangejawantah//15. Tuladha panganggone tandha andhegan kang artine swara munggah mendhuwur lan mandheg suwe yaiku ... . a. Saya abot √√/ daksimpen / dhewe __ _ /// b. Ndeleng √ // esemmu √√__ /// c. Aku √ / ing kene √ / ngenteni ~~ // balimu ~ /// d. Aku ~ / mung √ / eling √ / sliramu ~~ // e. Saya abot √√/ daksimpen / dhewe __ _ ///II. Wangsulana kanthi patitis! 1. Apa bae kaendahan kang ana ing geguritan iku? 2. Apa bedane geguritan lan tembang iku? Jlentrehna! 3. Kepriye carane supaya ngerteni isi lan piweling ing geguritan? 4. Terangna apa sing diarani ; diksi, tempo, dinamika lan modulasi ing teknik maca endah geguritan iku? 5. Sapada geguritan iki wenehana tandha andhegan manut interpretasimu! sapa ngira bocah sing lugu kae bisa nggambar langit bisa njaring angkasa sapa sing ngira22 Sastri Basa Jawa/Kelas 11WULANGAN 2 : NGRUKTI BUMI MURIH LESTARI Kompetensi Dasar dan Indikator 3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis peristiwa budaya daerah sesuai dengan karakteristiknya. 3.1.1 Menyebutkan macam-macam budaya daerah. 3.1.2 Menyebutkan contoh budaya daerah yang berupa kegiatan upacara adat setempat. 3.1.3 Mengidentifikasi karakteristik salah satu kegiatan upacara adat. 3.1.4 Menganalisis struktur kegiatan upacara adat sesuai karakteristik. 3.1.5 Menjelaskan pesan moral dalam upacara adat. 4.1 Menanggapi peristiwa budaya daerah sesuai dengan karakteristiknya. 4.1.1 Memberi tanggapan tentang peristiwa budaya. 4.1.2 Menceritakan kembali kegiatan upacara adat. 4.1.3 Mengomentari kegiatan upacara adat. 4.1.4 Menulis lapuran tentang kegiatan upacara adat. 4.1.5 Mendemonstrasikan salah satu kegiatan upacara adat. 4.1.6 Mengunggah lapuran kegiatan upacara adat ke internet.Mbabar Wawasan Pasinaonan bab 2 iki bakal ngrembug babagan budaya lan upacara adat, mulasawise pasinaonan para siswa kaajab bisa mangerteni jinis-jinis budaya lan upacara adating dhaerah, nyebutake tata urut-urutane upacara adat, nindakake kegiatan upacara adatkanggo ngrukti bumi murih titahing Gusti lestari.Ing masyarakat ana sawijining adat-tradisi sing wis diwarisake saka simbah-simbahe biyennganti tumekaning saiki. Adat-tradisi iki diarani budaya. Budaya iki tuwuh nalika warga wisnduweni pola pikir lan sosial sing wis padha. Bab iku uga kang ndadekake adat-tradisisalah siji laladan, daerah beda karo laladan, daerah liyane. Budaya uga mujudake asilperjuwangane warga tumrap alam lan jaman, kanggo mbuktekake guyub rukune wargangadhepi pepalang amrih warga makmur, slamet, gemah ripah lan bisa nampa kabegjanawit karsaning Gusti Kang Maha Kawasa.Sastri Basa /Kelas 11 23Gatekna gambar ing ngisor iki! 21. http://www.solopos.com/2012/11/08/ http://berita.suaramerdeka.com pernikahan-reisa-jojo-upacara-siraman- / ngleluri-kabudayan-jawi-upacara-adat- gunakan-air-dari-tujuh-sumber-keraton daur-hidup-ii-2/3. 4. https://irwansyahscreamo.files. http://www.panjebarsemangat.co.id/wordpress.com/2013/01/ejtcom_kebo11.jpg larung-sesaji-ing-pesisir-pasurKanggo mangerteni kalantipanmu lan kawruhmu ngenani budaya lan kegiatan adat singtau koweruhi, coba wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!1. Prastawa apa wae sing ana ing gambar?2. Upacara adat apa wae sing ana gegayutane karo alam?3. Upacara adat apa wae sing tau ditindakake ing lingkunganmu?4. Jelasna urut-urutane upacara ing gambar kaloro!5. Wenehana tuladha kegiatan adat ing lingkunganmu sing ora ana ing daerah liyane!24 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Pasinaon 1 : Modhel Teks Pinilih Ing kegiatan iki para siswa kaajab bisa meruhi lan mangerteni adat kabiyasan lanbudaya ing wilayahe dhewe-dhewe uga ing wilayah liyane.Garapan 1: Nyebutake Jinise Budaya Dhaerah Kegiatan kapisan, ayo nyemak wacan kanthi irah-irahan ”Upacara Adat Tingkebaning Tulungagung”. Gatekna apa bedane karo tingkeban ing dhaerahmu! UPACARA ADAT TINGKEBAN ING TULUNGAGUNG Mligi upacara slametan kanggo wong mbobot ing laladan KabupatenTulungagung ditindakake kaping pindho, yaiku wulan ka-3 utawa wulan ka-5 lan wulan ka-7. Geneya kok wulan ka-3 utawa wulan ka-5? Amarga yen wulan ka-3 wis slametan”telonan” (arane slametan wulan ka-3), wulan ka-5 wis ora slametan maneh.Semono uga suwalike, amarga ubarampe kanggo slametan ”telonan” lan slametan”limonan” (arane slametan wulan ka-5) iku padha, yaiku takir plonthang sing bitingedom. Dene wulan ka-7 tumrap warga kang isih nguri-uri kabudayan Jawa isih padhaslametan ”tingkeban” kanthi upacara siraman. Slametan ”tingkeban” ing laladan Kabupaten Tulungagung tanpa dikantheniupacara siraman diarani slametan ”nyambung tuwuh wong mbobot” utawa ”ngrujaki”amarga ing slametan kasebut mesthi ana rujake. Yen mung dijenangake abangdiarani slametan ”metri wong mbobot”. Kamangka tembung ”tingkeban” yendijlentrehake kanthi etimologis, padha karo akronim (singkatan tembung) saka tembung”titi wancine jangkeb” (wis ganep wektune). Ing walike pitakonan kasebut mbobotmaksud yen ing wulan ka-7 bayi ing kandhutan bisa lair (diarani ”lair metu pitu”). Mulasaka iku, wanita sing mbobot ing wulan ka-7 kudu ngrumat awake, ora oleh nyambutgawe abot utawa lelungan adoh. Ciri khase ing Tulungagung yaiku anane upacara siraman (calon ibu kangmbobot disirami nganggo banyu kembang). Buceng (sebutan tumpeng ing Tulungagung)dikompliti kendhi prathola lan cengkir gadhing sajodho, sarta sapungkure iku dodol”rujak” marang sanak kadang lan tamu undhangan. Cengkir gadhing kasebutdigambari tokoh wayang, contone tokoh ”Kamajaya-Dewi Ratih utawa Arjuna-Sembadra”kanthi pangarep-arep yen bayi lair kakung nduweni watak satriya kaya Dewa Kamajaya,pasuryane bagus kaya Arjuna. Suwalike yen lair putri muga-muga nduweni watak kayaDewi Ratih utawa Dewi Sembadra. Urut-urutane upacara ”tingkeban” ing Tulungagung antara liya, yaikupambuka, sungkeman, ngracik toya, donga pamuji, siraman, mecah kendhi prathola,magas sukerta, glundhungan, mantes busana, angrem, pagas tumpeng, rujak uyup,lan ngaburake pitik. Upacara “tingkeban” ditindakake sapungkure acara slametan “nyambungtuwuh”. Panindake diawiti kanthi pambuka kang ditindakake dening pambiwara. Sastri Basa /Kelas 11 25Calon bapa lan calon ibu sing mbobot pitung wulan mapan ana sacedhake ubarampesesaji. Kendhi prathola lan cengkir gadhing sajodho dideleh sacedhake calon bapa lanibu sing mbobot kasebut. Acara ”sungkeman” diawiti calon ibu sing mbobotsungkem marang kakunge (calon bapa), dibacutake pasutri kasebut sungkem marangrama ibune kekarone (wong tuwane sakloron calon bapa lan ibu). Mungkur iku banjurdikirab tumuju papan pasiraman. Kang kapatah ngracik toya yaiku rama ibu kekarone, calon bapa lan ibu singmbobot. Sing diracik yaiku tirta sapta, sekar setaman, lan cengkir sajodho, kabehdilebokake ana ing genthong. Acara ”donga pamuji” (hastungkara puja) ditindakake dening juru sumbaga(sesepuh). Ing acara ”siraman”, pasutri calon bapa lan ibu sing mbobot disiram (digrujug)banyu kembang. Kang kapatah nyirami (nggrujugi) yaiku rama ibu calon bapa, rama ibucalon ibu, lan para sesepuh pinilih kang gunggunge pitu utawa sanga. Acara ”mecahkendhi prathola”, diwiwiti rama ibu calon bapa paring bilasan (banyu kendhi digrujugakeana ndhuwur mbun-mbunane pasutri calon bapa lan ibu sing mbobot nganti entek gusis),banjur kendhi dipecah. Sawise dilap nganggo andhuk, calon ibu sing mbobot dibebetimori putih rong meter, lan dikendhiti lawe wenang (janur kuning). Sawise ikulawene dipagas nganggo keris dening calon bapa kanthi madhep mungkur (orangingetake). Acara ”glundhungan” diwiwiti juru sumbaga (sesepuh) njupuk endhog saperludilebokake ing bebete calon ibu sing mbobot nganti pecah. Sabanjure, cengkir gadhingcacah loro, sing siji uga dilebokake ing bebede calon ibu sing mbobot. Sing nglebokakeibune dhewe, dene sing nampani ibu maratuwane. Bubar iku, cengkir gadhingkasebut digendhong ibu maratuwane tumuju tilamsari calon ibu sing mbobot. Cengkirgadhing sing sijine diglundhungake ing pinjunge calon ibu sing mbobot. Sabanjure,ditampa dening calon bapa tumuli disigar, banyune banjur diombekake (diunjukake)marang calon ibu sing mbobot. Ing acara ”mantes busana” iki calon ibu sing mbobot diutus ganti ageman jaritnganti rambah kaping pitu. Saben ganti ageman jarit, juru sumbaga (sesepuh) nyuwunpirsa marang para tamu ”sampun pantes napa dereng” kabeh paring mangsuli ”dereng”.Kejaba nalika calon ibu sing mbobot nganggo jarit kang pungkasan, kabeh paringmangsuli, ”sampun pantes”.26 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Jarit gunggung enem sing ora pantes mau banjur ditata, sabanjure dilungguhicalon ibu sing mbobot sawetara. Sawise dianggep wis cukup banjur digendhong tumujutilamsari. Kang kapatah magas tumpeng yaiku rama ibune calon bapa. Sabanjure dipagasbanjur kadulangake marang calon bapa lan ibu sing mbobot. Sabanjure calon bapa lan ibu sing mbobot metu saka omah banjur dodol rujak.Para tamu banjur diaturi mundhut, dene dhuwit sing kanggo tuku ya dhuwit temenan(dudu dhuwit-dhuwitan). Ing acara iki ora lali calon bapa lan ibu sing mbobot ngaburake pitik kanggorebutan para tamu. Purnane adicara, sawise calon bapa lan ibu sing mbobot ganti busana. (Basbud) (Sumber :http://www.panjebarsemangat.co.id/tingkeban-ing-tulungagung)Bausastra : khusus, utamanemligi : apa-apa sing klebu praboting keperluanubarampe : dibarengidikantheni : dijelasakedijlentrehake : praupan/raipasuryan : motong/ngisirmagas : alangansukerta : dikongkonkapatah : natangracik : jumlahegunggunge : ditaleni ing bageyan wetengdikendhiti : kamartilamsari : jaritepinjungeGegayutan karo wacan ”Upacara Adat Tingkeban ing Tulungagung”, ayo saikigarapen pitakon-pitakon ing ngisor iki supaya kawruhmu babagan adat sayatambah!1. Upacara slametan kanggo wong mbobot ditindakake kaping pira? Wulan kapira!2. Apa ciri khas upacara siraman?3. Apa kang dikarepake cengkir gadhing digambari tokoh pewayangan ”Kamajaya- Dewi Ratih utawa Arjuna-Sembrada”4. Apa kang diarani upacara ”nyambung tuwuh”?5. Kepriye lumakune adicara siraman?6. Ubarampe apa wae sing kudu dicawisake ing upacara tingkepan?7. Kepriye urut-urutane adicara tingkepan!8. Critakna kepriye lumakune upacara tingkeban ing dhaerahmu! Sastri Basa /Kelas 11 27Garapan 2: Ngidhentifikasi Kegiatan Upacara Adat Semaken wacan ing ngisor iki kang magepokan karo upacara adat ing wilayah Blitar.Catheten bab-bab kang wigati ngenani urut-urutane kegiatan! LARUNG SESAJI ING PESISIR PASUR Kesurung karep mbuktekake kabar endahe gisiking Samodra Kidul laladan Blitarbrang kulon ing wayah esuk subuh, sorene penulis budhal menyang Pesisir Pasur saperlunekani uleman saka panitia upacara adat Larung Sesaji. Kanthi dikancani kadang Kasmuji(42) lan kadang Rohman (31) budhale penulis saka Desa Tumpak Oyot wis jam papatsore. Supaya tekan papan kang dituju ora nganti bengi, budhale banjur liwat dalan sidatan(pintas) sing dalane pating gronjal. Yen ndadak liwat dalan nglenyer kejaba tekan kanamesthi yen bengi uga kudu mubeng ngliwati Desa Sumberdadi, Bakung Kidul, lanBululawang. Saka Desa Tumpak Oyot tumuju arah ngidul ngetan liwat Kalitiman (aranpategalan) dalane bledhu. Bubar iku ngliwati dalan njujrug (dalan cor-coran sing mungsedheng ban motor) lan nyabrang Kali Pancer. Kali Pancer sing kondhang akeh iwake ikiminangka tapel wates Desa Tumpak Oyot lan Desa Bululawang. Amarga dalane memperdalane motor cross, tekan pakampungan pendhudhuk Pasur wis ngarepake surup.Senadyan kahanan wektu iku durung peteng, amarga ketutupan ”gunungan pasir besi”nyebabake Pesisir Pasur ora katon disawang. Mula saka kuwi, penulis banjur mesthekakenemoni panitia. Perlu kawuningan, nalika durung dadi dhusun rame, sakitere Pesisir Pasur isihwujud ara-ara lan alas gung liwang-liwung. Lagi ing taun 1960-an ana wong bara anakana. Ana sing olah tetanen uga ana sing nggolek iwak (wektu iku isih njala utawamancing ing Kali Pacer, durung njala utawa mancing ing segara). Sing jenenge bara yamung yasa gubug, durung yasa omah. Nanging, sawise dibangun dalan makadhamjurusan Pesisir Pasur wong-wong sing maune mung bara malih netep (manggrok) anakono. Sabanjure, sing maune ijen banjur nggawa anak bojone, sing maune mung yasaomah gubug banjur yasa omah permanen. Nganti pungkasane dadi dhusun rame. Amargacedhak karo Pesisir Pasur, mula banjur katelah Dhusun Pasur.28 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Miturut katrangan Ketua RW Sutris (58), ing 1968 pendhudhuk Dhusun Pasur isih 52KK. Wektu iku durung ana sekolahan. Lagi ana sekolahan taun 1971, yaiku sekolahan SDInpres. Ya sawise ana SD Inpres kasebut pendhudhuk Dhusun Pasur banjur ngrembaka.Kejaba saben taun pendhudhuke tambah, ing taun 1998 uga banjur lair keseniankarawitan Wahyu Sri Budaya. Wahyu ngemu teges dununge katentreman, sringlambangake rejeki lan budaya iku sumrambahe budaya. Taun 2013 iki pendhudhuk Dhusun Pasur wis 211 KK. Pendhudhuk samono akeheiku sing makarya dadi nelayan mung 5%, dene sing 95% makarya dadi petani. Nadyansing makarya dadi nelayan mung 5%, saben taun (pendhak tanggal 1 Sura) mesthi ora lalinganakake upacara adat Larung Sesaji minangka atur panuwun marang Gusti Allah. Singnduweni kajad Larung Sesaji kasebut ora mung warga nelayan, ning uga wargamasyarakat lan rombongan karawitan Wahyu Sri Budaya. Mung bedane, yen rombongankarawitan Wahyu Sri Budaya anggone nindakake bengine, dene nelayan lan wargamasyarakat anggone nindakake esuke. Wis kaping lima iki rombongan karawitan Wahyu Sri Budaya anggone nindakakeLarung Sesaji. Yagene anggone nindakake kok ora dibarengake karo Larung Sesaji dinacandhake (maksude Larung Sesaji kang ditindakake dening masyarakat lan nelayan Pasurdina Rebo 6 Nopember 2013). Miturut katrangan ketua karawitan Suyut (52), amargaanggone nglumpuk anggotane karawitan bisane mung pendhak bengi, mula anggonenindakake uga banjur ajeg bengi. Ubarampe sing dilarung bengi lan esuke intine padha. Sing ora padha mung nalikabudhal tumuju pesisir, sing bengi (maksude rombongan karawitan Wahyu Sri Budaya)dikantheni (kairing) gong, lha sing esuk ora. Wondene ubarampene yaiku lodho sega gurih, gedhang raja setangkep, kembangtebu, jenang werna pitu, jenang sura, buceng mas, buceng kuwat, sega golong, sega mule(sega lawuh endhog), jenang abang, lan kolak gedhang emas. Jenang werna pitu kanggongaweruhi sedulur sing momong jiwa ragane masyarakat dhusun Pasur. Kolak gedhangemas kanggo ngaweruhi Kanjeng Ratu Emas. Sapungkure nglarung sesaji sing bengi banjur diterusake acara wayangan.Sadurunge iku isih diacarani slametan nyambung tuwuh nyiram tuwuh. Wondene tujuanewayangan mung kanggo melekan. Ya krana mung kanggo melekan kuwi banjur ora anaacara ruwatan. Geneya? Amarga ing dina candhake isih ana acara Larung Sesaji! Mulasaka iku, ing bengi iku penulis sarombongan banjur pilih mancing ing Kali Pancer. Esuke (sawise tangi turu) penulis sarombongan uga langsung tumuju menyang KaliPancer maneh. Geneya mrana maneh? Amarga Kali Pancer kejaba minangka tapel wateseDesa Tumpak Oyot lan Desa Bululawang uga kanggo pangkalan prahu. Wektu iku sangbagaskara isih lagi ngelekake ”mripate”. E… jebul ora muspra, jalaran kabar iku orangayawara. Pesisir Pasur sing mapan ing Dhusun Pasur Desa Bululawang, KecamatanBakung pancen endah ngelam-elami lan sesawangane rinasa nabet ati. Pesisir Pasur nalika gagat rahina durung katon kemliwere janma manungsa. Radalumayan nalika penulis tumuju Kali Pancer ora dhewekan mlebu ketele alas bonse tumujuSastri Basa /Kelas 11 29tepining samodralaya. Baka siji ana ibu, bapak, lan putrane saka sakiwa tengene pesisirsing mlaku lon-lonan ing gisiking samodra. Nganti pletheke srengenge mung watara wong10 ngenggar-enggar ati ing pesisir sing endah iku. Pesisir ing walike ”gunungan pasir besi”sing wiwit kena cahyane bang-bang aruna, nyimpen segere angin segara, lan njekutehawa mangsa bedhidhing. Sawenehe ibu-ibu sing didherekake putrane banjur olah ragaing pesisir iku kanthi peplayon rindhik sinambi nyaruk-nyaruk gisik sing kadhangkalakasiram pethite ombak sing diuncalake alun sing tanpa pedhot gumuruh pating jlegur.Samodra sing nyuguhake sesawangan jembar tanpa watesan aweh pangaribawa marangbocah cilik sing isih terus mekar wawasane. Mula momong ing tepine samodra kejabanyehatake salira uga mekarake pancadriyane bocah. Mangkono pratelane Bu Wagimah(41) kang pidalem ing Tumpak Oyot, Blitar, sing esuk iki nunggoni putrane dolanan ingtepine samodra. Sinambi ndulang putrane Bu Wagimah mratelakake, ”Seganten menikarak ngandhut sakathahing mineral murni ingkang sae sanget kagem kesehatanipunmakhluk gesang ta Pak, mila rekreasi dhateng pesisir menika raosipun lajeng segerdhateng salira ta?” pratelane marang penulis. Banjur, ”Napa malih pesisir mriki kathahwana ingkang ketel ingkang mahanani hawa langkung resik lan seger”, pratelane. Endahe esuk iku tansaya ganep barang weruh gelaran wedhi (pasir) ing sapinggirepesisir, krasa lembut ing dlamakan. Sumilire angin kang midid kuwawa ngalahakekeangkuhane sang bagaskara. Kabukti, najan panas sumelet wong-wong akeh sing padhaketungkul ngadeg ing sapinggire pesisir, ngrasakake kelembutane pasir pesisir sinambinyawang jumlegure ombak ing kadohan. Sauntara bocah-bocah uga luwih seneng kekecehing banyu segara sing mung cethek lan banyune bening kinclong-kinclong, saenggasawernane panguripan ing njero banyu kasebut bisa dideleng kanthi cetha wela-wela. Kaelokan sing ditawakake Pesisir Pasur ora kalah karo Pesisir Kuta utawa Nusa Duaing Bali. Kaluwihane Pesisir Pasur, pesisire isih alami. Paribasane prawan ayu sing lugu.Najan tanpa paesan kaluguane, keayuane, kumawa gawe getere ati. Ora ana hotel utawabangunan mewah ing wewengkon kono. Omah-omah duweke warga uga ora ana singdibangun loteng. Kabeh racake mung kloneng. Ngono wae saupama wulu metune sawahlan pategalan ora apik mbokmenawa ya mung digawe saka gedheg utawa kayu. Mula yendisawang sakeplasan pancen mung prasaja, nanging malah bener-bener nyawiji karoalam. Ing sapinggire pesisir isih akeh wit-witan, mligine wit cemara. Wit cemara singtuwuh ing sadawane pesisir iku ukurane gedhe-gedhe. Dhuwure ana sing telung meterluwih. Wit-wit cemara sing mapan ing saurute pesisir wis ditata apik lan peni. Nanging wit-wit sing rada adoh saka pesisir, isih dijarake tuwuh alami, wujud grumbul utawa alas cilik.Lan bab kuwi uga dadi daya tarik sing mirunggan. Kejaba sesawangan alame singmencutake, Pesisir Pasur mujudake siji-sijine pesisir sing duwe garis pesisir sing palingdawa ing antarane pesisir-pesisir sing sumebar ing wewengkon Blitar. Sing luwihmencutake maneh, ing sangisore banyu segara sing bening kinclong-kinclong ikusumimpen sesawangan sing ngedab-edabi. Mawarna-warna penguripan ing njero segarabisa ditonton kanthi mripat mlaha. Wiwit maneka jinis iwak hias, molusca (sabangsane30 Sastri Basa Jawa/Kelas 11siput laut), sing dumadi saka maneka jinis kerang mawa cangkang nganti sing tanpacangkang, lan liya-liyane bisa katemokake ing antarane kembang kerang lan ganggengutawa rumput laut. Ganggeng kuwi wae jinise uga maneka warna lan maneka rupa, yendigatekake luwih adoh kaya-kaya mujudake alas ing sangisore banyu. Bener-benersesawangan sing ngedab-edabi lan kuwawa ndudut ati. Kabeh mau ora mung sadermabisa dinikmati nganggo mripat, nanging uga bisa dirasakake nganggo tangan. Tegese bisadicekel utawa disenggol. Pungkasane sawise krasa ngelih, penulis sarombongan banjur ninggalake PesisirPasur. Nanging saeba kagete bareng nyumurupi warung-warung padha ora ana singbukak. E…pancen arep padha nindakake Larung Sesaji, mula ya bener yen ora ana warungsing bukak. Kaya padatan saben nindakake upacara adat Larung Sesaji, saben omah ingdhusun Pasur padha cepak jajan (istilah kana bada). Mula saka iku, kanggo golek ganjelweteng, penulis sarombongan banjur mertamu menyang omahe Ketua RW. E… pranyata ora mung entuk jajan, ning uga entuk sega barang. Mula nalika melu-melu mikul ubarampe kanggo Larung Sesaji uga semangat tenan (maksude rosa). Tumpeng (ubarampe sesaji) kang dilarung esuk iku (watara jam sanganan) cacaheana loro. Sing siji tumpenge masyarakat, sing sijine tumpenge nelayan. Iring-iringantumpeng cacah loro kasebut dibudhalake saka omahe Ketua RW. Sadurungedilarung, didongani dhisik dening Mbah Sunari (sesepuh desa). Kejaba diestreni wargamasyarakat uga dirawuhi Muspika Kecamatan Bakung. Sapungkure didongani banjurdigotong ditumpakake prahu, lan sabanjure dilarung ing tengahe segara. Muga-mugasapungkure Larung Sesaji, masyarakat dhusun Pasur tansah ayem tentrem, murahsandhang lan pangan sarta ora kena musibah. (*) (Sumber: http://www.panjebarsemangat.co.id/larung-sesaji-ing-pesisir-pasur)Kamus Keciklaladan : wilayahuleman : undhangannglenyer : rata tur alusbledhu : bleduggung liwang-liwung : amba lan ketel bangetbara : lungayasa : gawengrembaka : ngembangdikendhiti : ditaleni wetengetilamsari : kamarWangsulana pitakon ing ngisor iki kang ana gegayutane karo wacan tradhisiing dhuwur!1. Ana ing laladan ngendi kegiatan larung sesaji? 312. Dalan ngendi wae kang diliwati yen tumuju panggonan larung sesaji? Sastri Basa /Kelas 113. Kepriye kahanane Pesisir Pasur ing tahun 1960-an?4. Saben wulan apa dianakake Larung Sesaji?5. Apa kajade larung sesaji warga Dhusun Pasur?6. Ubarampe apa wae kang dilarung?7. Kepriye kahanane pesisir Pasur?Garapan 3: Nintingi Struktur Kegiatan Upacara Tradhisi Kanggo mangerteni lan nyumurupi wawasanmu, coba semaken urut-urutanekegiatan slametan nalika ibu mbobot. Ing kene bakal dijlentrehake babagan upacaraslametan sawise bayi lair. Tradhisi slametan kanggo jabang bayi, ing antarane:1. Brokohan yaiku slametan sing dianake sepisanan nalika bayi lair kanthi tujuan nuduhake marang warga sakiwa tengene menawa wis lair kanthi slamet.2. Upacara Sepasar utawa Puputan yaiku slametan sing dianakake limang dina sawise bayi lair. Slametan iki biyasane dianakake bebarengan karo puputan. Puputan yaiku prastawa pedhote tali puser bayi.3. Selapanan yaiku upacara slametan sing ditindakake sawise bayi umur 35 dina, ubarampe biyasane sega tumpeng, gudhangan, endhog, jenang abang, jenang putih, jenang abang putih, lan sapanunggalane.4. Tedhak Siten. Upacara tedhak siten ditindakake nalika si bocah umur 7 wulan atau 6 lapan. Tedhak tegese mudhun lan siten saka tembung siti sing tegese lemah. Dadi tedhak siten tegese mudhun lemah kanggo anak sepisanan.5. Nyapih Nyapih asal tembung sapih sing tegese pisah utawa misahake. Upacara iki kanthi tujuan nylameti si bocah nalika bocah ora ngombe ASI. Saka kegiatan tradhisi ing dhuwur bocah-bocah mesthine wis ngerti lan nyumurupi kepriye tata urutane upacara tradhisi. Kaya andharan sadurunge, kegiatan upacara tradhisional ing sakiwa tengenmu akeh jinise, kayata tingkeban, brokohan, mantenan, bersih desa, larungan, lan liya-liyane. Kabeh upacara utawa slametan mau nduweni urut-urutan tartamtu. Tindakna manut prentahe! Gawea urut-urutane kegiatan upacara tradhisional ing dhaerahmu, bisa saka rekaman utawa nonton langsung upacara mau!Garapan 4 : Medharake Pesan Moral Sawise bocah-bocah mangerteni stuktur kegiatan upacara adat, ayo saiki diwacawacan ”Tradhisi Ngilangi Sukerta ing Pucanglaban” kanthi permati supaya bisamangerteni apa pesen kang ana ing kegiatan tradhisi iki!32 Sastri Basa Jawa/Kelas 11TRADHISI NGILANGI SUKERTA ING PUCANGLABAN Ing Pucanglaban Kabupaten Tulungagung, jajan pasar saliyane didadekakekuliner tradhisional uga minangka oleh-oleh kanggo bocah cilik yen ibune kondur sakapasar. Jajan pasar iki pranyata ampuh minangka ubarampe kanggo ngusir sukerta. Masyarakat pracaya, jajan pasar iku jajan kramat sing nduweni tuah. Sabenmapag tekane pemimpin anyar (dudu pemimpin sing dimutasi utawa dipindhah),mbuh kepala desa anyar mbuh bupati anyar, mbuh kepala sekolah anyar mbuh KUPTanyar, mbuh gubernur anyar mbuh presidhen anyar, masyarakat ing laladanKecamatan Pucanglaban mesthi nindakake upacara ngusir sukerta (yen ing Subang,Jawa Barat istilahe ngusir sial). Upacara kang ditindakake saben lair pemimpin anyar ikukanthi tujuan amrih wargane (kawulane) bisa bebas saka maneka sukerta. Beda karotradhisi kang ana ing dhaerah liya, upacara ngusir sukerta ing laladan iki tarkadhangdiramekake kanthi maneka warna atraksi kesenian khas dhaerah kasebut. Saliyanejaranan, wayang, uga digelar paradhe reog kendhang. Acara kang biyasane digelar ing bale desa iku diestreni dening ewon wargadesa. Padha dhesek-dhesekan kanthi tujuan padha, yaiku nonton momentum mapagtekane pemimpin anyar kasebut. Sumebar kepercayan, sapa wae singnyengkuyung (ngestreni) acara kasebut bakal bebas saka maneka sukerta. Acara sing wis ajeg ditindakake turun temurun iku tansah oleh dhukungan sakamasyarakat. Ora mung warga asil Pucanglaban wae sing melu ngestreni acara iki.Para warga kang kabener ”luru upa” ing dhaerah iki uga melu ngestreni. Wargapadha percaya yen jajan sing saklebatan ora ana ajine iku pranyata nduweni tuah. Lan,puncak saka tradhisi ngusir sukerta utawa balak iku yaiku sawise diujubake landidongani, maneka jajan pasar lan ubarampe liyane banjur didum-dumake marang sapawae kang ngestreni upacara kasebut. Saklebatan, ora ana sing aneh karo panganan sing didum-dumake marangwarga. Panganan kang sinebut jajan pasar iku dening masyarakat Pucanglabankerep digunakake kanggo jajan oleh-oleh kanggo putrane yen dhong ibune blanjamenyang pasar. Miturut sejarahe lan dipercaya yen jajan pasar iki ora mung mligiSastri Basa /Kelas 11 33kanggo oleh-oleh putrane. Tumrap warga Pucanglaban, jajan pasar diyakini nduwenituah gaib. Salah sijine dipercaya kanggo ngusir sukerta utawa balak. Biyen, jajan pasarminangka siji-sijine jajan kanggo suguhan wong duwe mantu utawa nyunatake putrane,sadurunge muncul jajan roti gaweyan pabrik. Kejaba kanggo jajan oleh-oleh, jajan pasar uga diyakini wargaPucanglaban nduweni tuah supranatural. Jajan iki kawitane ora ana kanthi mangkonowae. Sadurunge muncul, jajan pasar wis ngalami maneka proses sejarah kang dawa.Padha karo jajan liyane sing kerep didol ing toko-toko panganan, kangelananggone nyebut jenenge jajan iki nadyan sabenere wis akrab ing sakitere warga.Kejaba jajan pasar, ing warung-warung ndesa laladan Pucanglaban wis asringdiprangguli ana kicak, cenil, gethuk, gathot, utri, gablog, dhangglem, begedel,nagasari, pipis, iwel-iwel, randha royal, lan liya-liyane. Saperangan gedhe jajan-jajan iku pancen angel digoleki ing kutha-kuthagedhe. Bab jajan pasar dhewe, masyarakat Pucanglaban asring nggunakake pangananiki minangka ubarampe kanggo merti bayi, yaiku sepasaran, pagutan, telonan, pitonan,setaunan, lan rong taunan. Biyen, wong Jawa nduweni pakulinan yen arep nyabuki bayimesthi ngundang sanak kadang lan tangga teparone. Mula sorene, ibu-ibu wis padhateka, saperlu lek-lekan sewengi natas. Mula wiwit sore wis padha ibut dhewe-dhewe.Ana sing mbungkusi iwel-iwel, nagasari, utawa pipis. Dene esuke, genti bapak-bapak sing padha teka, saperlu genduren cabukan bayi. Minangka panganan kang dikramatake, jajan pasar pranyata ora mungdigunakake kanggo ngusir sukerta. Jajan pasar uga kerep digunakake dening parawong tuwa Jawa jaman biyen kanggo ngusir apes (sial). Tuladhane, yen ngimpi ngisingbiyasane wong kang ngimpi kasebut bakal nemoni apes, yen ora kelanganbarang (dhuwit) ya kelangan (ditinggal seda) kulawarga utawa sanak kadang. Mulakanggo ngusir apes kasebut, yen bengi ngimpi ngising, esuke banjur dislameti jajanpasar. Kejaba iku, jajan pasar uga biyasa digunakake kanggo ngeneng-ngeneng bayising rewel karana pengaruh gaib sing seneng ngganggu. Miturut katrangan Mbah Sabar(68), sesepuh Desa Pucanglaban, sadurunge didol ana pasar panganan kasebut durungdiarani (kinaran) jajan pasar. Panganan kasebut biyene mung digunakake kanggosyarat nggelar sesaji. Biyasane dikanthenake ing maneka upacara kanggo tolak balak.Bahane ana kang digawe saka glepung gaplek, glepung beras utawa tela diparut.Glepung gaplek digawe remes, glepung beras digawe pipis utawa nagasari, lan teladiparut digawe opak tela. Jinis panganan kasebut diyakini bisa nyerep energi eleklan makhluk alus. Makhluk alus jarene bakal meneng lan wedi yen ing acara ritualdikantheni panganan kasebut. ”Jajan pasar pancen multifungsi. Kejaba minangkakanggo oleh-oleh, jajan iku uga ampuh kanggo ngeden-ngedeni makhluk alus”,kandhane Mbah Sabar marang penulis. Ing babad Panggung Alang-alang, miturut katrangan Embah Sabardikandhakake, yen jajan pasar ditegesake minangka salah siji jajan kramat kang biyasa34 Sastri Basa Jawa/Kelas 11digunakake para wong tuwa jaman biyen kanggo meden-medeni makhluk alus supayaora wani teka menyang omah ngganggu warga kampunge. Ing babad iku disebutakeana siji mantra sing biyasa diwacakake wektu jajan pasar iki diwetokake kanggodigunakake minangka tumbal. Nah, wektu jaman jajan iki diwetokake, masyarakat Panggung Alang-alang(saiki Pucanglaban) sing melu ngestreni katon khusuk melu maca mantra iki uga.Miturut ujare kandha, tansaya akeh warga sing maca mantra iki, mula makhluk alusbakal tansaya wedi. Para sesepuh uga katon khusuk sinambi tutuke terus macamantra warisan saka para leluhure iku. Sawetara, jajan pasar terus diobah-obahake,keluk menyan terus nyebarake gandha mistis. Warga sing melu ing upacara ikiduwe pengarep-arep ing taun-taun candhake, kampung lan wargane dibebasakesaka maneka sukerta kang dening pendhudhuk dipercaya yen sukerta asale saka ulahmakhluk alus utawa pemimpin sing watake kaya makhluk alus. ”Dadi, kanggo ngusirsukerta carane ya nglarang utawa ngguwang adoh makhluk alus amrih ora wanimlebu menyang desa iki saengga pendhudhuk ora diganggu maneh”, kandhane MbahSabar. Upacara ngusir sukerta kanthi jajan pasar iki, diakoni warga Desa Pucanglabanefektif banget kanggo ngusir makhluk alus. Warga percaya yen ora ngestreni tradhisi ikimula ing taun candhake mesthi pikantuk sukerta. Iku sebabe, warga grengseng(antusias) banget melu ing upacara iki. Sawetara, para sesepuh kang maca mantra ugaora oleh sembarangan. Sadurunge maca mantra, luwih dhisik kudu sesuci dhiri dhisikkanthi cara adus lan wudu. Lan, sasuwene maca mantra, para sesepuh iku uga ora olehbatal wudune nganti upacara rampung. Tradhisi iki, kandhane Mbah Sabar kudu terusdigelar saben ana pemimpin anyar teka, nadyaning kahanan apa wae. Warga padha pracaya yen ana pemimpin anyar teka ora nindakake upacarangusir sukerta bisa cilaka. Kejaba iku, warga uga keweden yen ora nindakake bakaldipimpin dening pemimpin sing nduweni watak kaya makhluk alus iku. Wargapungkasane tansah nindakake acara kasebut nadyan kanthi prabeya patungan. ”Ibaratewong mertamba, sepisan ora mertamba yen mengko nganti nemen ora bakal kenaditambani. Desa iki bakal ketiban sukerta suwene pitung turunan”, kandhaneMbah Sabar. Warisan Santri Majapahit iki diakoni Mbah Sabar, amarga tradhisi ngusir sukertakanthi jajan pasar iku wis ana wiwit jaman kawuri. Tradhisi iku digawa dening salahsawijining santri saka Majapahit, asmane Aryo Bangah. Aryo Bangah asline sakaPajajaran (tanah Pasundan). Sadurunge budhal menyang Majapahit dheweke wis di-Islamake karo Haji Tang. Tekane ing Majapahit saperlu nggoleki sedulure tunggal bapaseje biyung, yaiku Raden Wijaya. Pungkasane dening Raden Wijaya, Aryo Bangahdiangkat dadi patih ing Dhoho. Krana dheweke wis ngrasuk agama Islam, banjur dadicikal bakal kang nglairake santri-santri Majapahit. Mula tekane ing Majapahit wektuiku saliyane nggoleki sedulure uga kanthi tujuan nyebarake agama Islam. Wektu ikuing tlatah Majapahit kalebu Bonorowo (saiki Tulungagung), wargane isih ngrasukSastri Basa /Kelas 11 35agama Hindu. Nanging, kanthi perjuwangane kang temenan, Aryo Bangah pungkasanekasil ngajak saperangan pendhudhuk mlebu Islam. Lan pungkasane, keturunan-keturunan Aryo Bangah kasil ngedegake Pondhok Pesantren Tegalsari. Aryo Bangah oragelem ngilangi tradhisi sing wis ana sadurunge ing Bonorowo. Dheweke malahngolaborasi karo tradhisi ala Islam. Kalebu karo jajan pasar kang dening masyarakatpribumi wektu iku dikramatake banget minangka jajan kang nduweni apes lankerep dipuja lan disembah. Wedi dumadi pengkultusan marang jajan kang digawe sakaglepung gaplek lan glepung beras, dening Aryo Bangah banjur dimodhifikasi dadipanganan kang luwih nduweni manfaat, yaiku minangka jajan kanggo ngeneng-ngeneng bocah. Sawetara lafadz dzikir uga disisipake ing antarane mantra-mantrabasa Jawa. Kanthi karomah kang diduweni, jajan (panganan) kang digawe saka glepungberas lan glepung gaplek kasebut pungkasane sanggup ngusir sukerta (makhluk alus)kang wektu iku kerep ngreridhu masyarakat Bonorowo, mligine ing laladanPanggung Alang-alang. Pendhudhuk uga pracaya kang sabanjure ngramatake jajanpasar (istilah saiki) nanging ing wujud kang luwih beda. Tegese, ora ana pengkultusanmligi. ”Jajan kang digawe saka glepung beras lan glepung gaplek sabanjuremung didol ana ing pasar. Mung wae, jajan pasar uga nduweni kekuatan khususkanggo ngusir sukerta yen dibarengi karo niat lan mantra kang wis dicampur karolafadz dzikir”, kandhane Mbah Sabar. (Sumber : http://www.panjebarsemangat.co.id/tradhisi-ngilangi-sukerta-ing- pucanglaban)Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!1. Kepriye adicara tradhisi mapag pemimpin anyar ing wacan?2. Apa kang dadi puncake saka tradhisi nulak balak?3. Kena ngapa jajan pasar diarani jajan kramat?4. Apa wae tuladhane jajan pasar sing kongerteni?5. Kepriye larah-larahe ngusir sukerta ing Pucanglaban?6. Apa kang dadi maksude acara tradhisi ngilangi sukerta?7. Sapa kang nyebarake agama Islam ing Majapahit?8. Pesan moral apa kang kinandhut ing wacan kasebut?Pasinaon 2 : Nulis Lapuran Bebarengan Sawise mangerteni kegiatan budaya sing ana ing lingkungan kita, kaajab parasiswa bisa nulis lapuran kegiatan upacara adat kanthi tumemen, jujur, dhisiplin, lan bisamakarya bebarengan, sarta bisa mraktekake upacara adat kanthi bener.36 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Garapan 1: Nulis Lapuran Kegiatan Upacara Adat Panulisan lapuran kanthi ancas nuduhake marang pamaos menawa anakasunyatan utawa kedadean kang kudu dimangerteni. Mula panulisan ya kududijangkepi nganggo panalaran kang logis lan sistematis. Wong gawe lapuran kuwi meh padha karo wong crita marang wong liya.Anggone nggandharake lumantar basa tulis, mula ora padha karo wong crita nganggobasa lisan lan lapuran iki kudu dicethakake lumantar tulisan. Saliyane iku lapuran kudutansah kukuh-bakuh nggondheli sipat ilmiah. Apa wae sing kudu ditindakake? Geneya mangkono? Salah siji wangsulane sebab lapuran tinulis bab upacara adat iku kudu bisadibuktekake mula penulise kudu wani tanggung jawab marang apa sing dilapurake. Cara kang bisa ditindakake yaiku observasi lan wawancara marang nara sumber,ditambah goelk pawarta saka buku, majalah lan internet. Ngripta lapuran supaya nyengsemake lan migunani ana tataran-tataran kangkang kudu dilakoni, yaiku: 1. Tuwuhe pamikir ngenani bab kang arep dilapurake. 2. Ngumpulake peprincen bab (dhata). 3. Ngolah dhata. 4. Ngripta lapuran mingunakake cengkorongan.CathetanPangrakite lapuran adhedhasar cengkorongan manut wujude bisa dipilah dadi ronggolongan: a. Lapuran Populer (Karya Ilmiah Populer) b. Lapuran TeknisTuladha lapuran UPACARA ADAT KABUPATEN PACITAN “JANGKRIK GENGGONG” (Desa Sidomulyo Kecamatan Ngadirojo) Didamel Kaliyan : Ade Rio - Alisa Azih Azani - Aprina W.R Bella Pramesty Agustina XI AKUNTANSI 1 SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN NEGERI 2 PACITAN TAHUN 2014 – 2015 Sastri Basa /Kelas 11 37BEBUKANING ATUR Puji syukur kula aturaken dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad, amargisaged ngrampungaken tugas makalah niki tanpa wonten alangan menapa-menapa. Pramila saking punika pangripta ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpapepindhan dhumateng Juru Kunci upacara adat Jangkrik Genggong ingkang sampunmangertosi asal-usul lan urut-urutan upacara menika. Mugi-mugi pitulunganpanjenenganipun niku angsal limpahan rahmat saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.Amiin. Kula lan rencang-rencang ngajengaken upacara adat Jangkrik Genggong menikasaget dilestarekaken. Ing makalah punika dipunandharaken asal-usulipun upacara adat JangkrikGenggong. Mugi-mugi makalah punika saged dipunpigunakaken kangge ngleluri sartanglestantunaken upacara adat Jangkrik Genggong. Mbok bilih wonten kakirangan, kula ngaturaken nyuwun ngapunten. Kritik sahasaran ingkang ngebangun sanget kita ajeng-ajeng kangge kasempurnanipun karya tulisniki. Mugi-mugi makalah niki saged migunani kagem pemaos sedaya. Pacitan, 20 November 2014 PangriptaDAFTAR ISIBEBUKANING ATUR .................................................................................. 1DAFTAR ISI ............................................................................................... 2A. SEJARAH “JANGKRIK GENGGONG”.................................................... 3· Silsilah Rogo Bahu lan wadyo balane ...................................................· Ciri – ciri Danyang .............................................................................. 4B. SUSUNAN ACARA ............................................................................... 5C. SYARAT –SYARATIPUN ACARA.......................................................... 6D. FOTO UPACARA ADAT ........................................................................ 7PENUTUP ................................................................................................... Mengkono sawetara tuladha panulise lapuran bab upacara adat. Bab isinelapuran ora dicethakake ing kene, kaajab para siswa bisa nlusuri saka sumber-sumberkang bisa dipercaya. Gawea klompok kang dumadi saka bocah 6-8! Sabanjure goleka bahan (bisa sakainternet, kalawarti utawa nonton langsung) ngenani upacara adat. Saka bahan maubanjur gawea lapuran!38 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Garapan 2: Nindakake Upacara AdatGatekna gambar ing ngisor iki!Adhedhasar gambar ing ngarep wangsulana pitakon lan tindakna pakaryan ing ngisoriki! 1. Gambar ing dhuwur nuduhake ubarampe acara apa? 2. Yen wis ngerti aranana ubarampene apa wae? 3. Kepriye urut-urutane kegiatan mau? 4. Tindakna upacara mau bebarengan karo kancamu! 5. Kegiatanmu iku dhokumentasekna lan tumpuken minangka tugas portofolio!Pasinaon 3 : Medharake Prastawa Budaya Kanthi Mandhiri Kanggo nuwuhake lan ngrembakakake jiwa mandhiri lan daya ciptane parasiswa, ana ing pasinaon 3 para siswa bakal kaadhepake karo pakaryan mandhiri.Pakaryan kang kudu ditindakake yaiku menehi tanggapan marang prastawa budaya ingdhaerahmu dhewe.Garapan 1 : Nanggapi Prastawa Budaya Bab kang perlu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku: 1) cak-cakaneutawa urutane upacara, 2) ubarampe, lan 3) maksud upacara. Minangka sarananindakake ayahan, nggawea tabel kaya tuladha ing ngisor iki!Arane Upacara Tradhisi: ................................................No. Rantaman Upacara Tanggapan1. Cak-cakane/ urutan ..................................................................... upacara ...................................................................... Sastri Basa /Kelas 11 392. Ubarampe ..................................................................3. Tujuan/maksud ...................................................................... ...................................................................... .................................................................. ..................................................................... ..................................................................... ..................................................................Garapan 2: Nyritakake Kegiatan Budaya Ing garapan iki kaajab para siswa bisa nyritakake maneh prastawa budaya singana ing wilayahe. Gegayutan karo kegiatan nyritakake, kejaba Bapak/ Ibu guru, bocah-bocah bisa uga menehi pambiji tumrap critane kancane. Kanggo paugeran, bisanggunakake tabel pambiji kaya iki.No Arane Aspek PambijiSiswa Intonasi/Lafal Ekspresi Isi Kalancaran 1 2 3 4 123412341234Garapan 3: Ngunggah Lapuran Kegiatan Upacara Adat menyang Internet Supaya asil tulisanmu bisa didhokumentasekake kanthi becik, coba kirimenmenyang medhia cetak utawa elektronik. Kanthi mengkono, asil garapanmu bisadiwaca wong liya lan bisa nambah kawruh tumrap kang maca mau.40 Sastri Basa Jawa/Kelas 11GLADHEN WULANGAN 2I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang paling bener! TEDHAK SITEN Tedhak siten iku salah sawijine upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 lapanutawa 245 dina. Nalika iku bocah lagi sepisanan ajar mlaku. Selapan yaiku kombinasi 7dina ing kalender internasional lan 5 dina ing kalender Jawa. Selapan iku pendhak 35dina pisan. Tedhak siten asale saka rong tembung, yaiku "tedhak" utawa idak tegesemudhun lan "siten" saka tembung siti kang tegese bumi. Dadi tedhak siten nduweni artingidakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak siten nggambarake kasiapan bocah kanggonglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep. Upacara tedhak siten nduweniteges cedhake manungsa karo bumi. Awit nglakokake kauripan kang apik lan becik ingbumi lan tetep ngruwat lan njaga bumi. Iku kanggo ngelingaken menawa bumi wismenehi akeh banget barang kang dibutuhake kangge uripe manungsa. Ing budayaJawa ana kapitayan masyarakat ngenani bab tedhak siten, yaiku yen lemah ikunduweni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala, mula kanggo ngendhani kadadean singora becik dianakake upacara tedhak siten. Kaya dene upacara adat liyane, tedhak siten uga nduweni piranti lan ubarampe,yaiku: 1. Pengaron sing diisi kembang setaman. 2. Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut. 3. Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwene urip lan kawajibane manungsa nggolek nafkah, kayata: a) pari sabengket b) kapuk sabengket c) piranti nulis d) bokor kang diisi beras kuning e) werna-werna jinis dhuwit f) mas-masan 4. Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing njeroning kurungan 5. Udhik-udhik utawa dhuwit logam dicampur kembang 6. Andha tebu "Arjuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undhak- undhakane urip sing arep dilakoni anak. 7. Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu, lan jambon. Tegese kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka goda kang werna- werna.

Sastri Basa /Kelas 11 41



Page 2

8. Bancakan, kayata sega gudhangan (urap-urap) sing didumake marang para tamu sing rawuh. Tata carane upacara tedhak siten, yaiku: Kang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidak jadah 7 werna kangkagawe saka ketan. Werna-wernane, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu, lanjambon. Jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng. Ikupralambang tumrap bocah kang bisa ngliwati tantangan ing uripe. Urip iku oragampang nanging kabeh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kangpadhang tumuju kamulyan lan kasantosan. Kang kaping pindho, bocah dituntun munggah andha kang kagawe saka wit tebu"Arjuna" banjur mudhun maneh. Tebu saka ukara "antebing kalbu" tegese yaiku tekadati kang mantep. Tebu "Arjuna" nglambangaken supaya bocah lelakone kaya Arjunakang nduweni watak satriya lan nduweni tanggung jawab. Lelakone apik lan senengtetulung, mbela kabeneran, lan bekti marang negara. Kaping telu, yaiku bocah dituntun kanggo mlaku ing wedhi (pasi). Bocah ikunyeker-nyekerake sikile ing pasir, kang nduweni teges nggolek pangan. Karepe bocahbisaa nyukupi kaperluane dhewe menawa wis gedhe. Kang kaping papat, bocah dilebokake menyang kurungan kang digawe apik landilambari klasa. Ing njerone ana maneka werna bandha-bandha, kaya pari sabengket,kapuk sabengket, piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit,lan sa jinising mas-masan utawa rerenggan. Kurungan nglambangaken donya, dadidikarepake bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit sakapakaryane kang dipilih wiwit cilik. Kang kaping lima, bapak lan simbahe bocah nyebar udhik-udhik utawa dhuwitlogam dicampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kangdermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dhewekegampang nggolek rejeki. Kang kaping enem, yaiku bocah wau diadusi nganggo banyu setaman kang wisdicampur kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga, lan kanthil).42 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Kapitu, kang pungkasan urutane upacara, bocah didandani nganggo klambi resiklan apik. Karepe supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe senengkaluwargane. Karepe ing uripe, bocah iku bisa arum jenenge lan bisa ngarumakejeneng kaluwargane. Dene ancase tedhak siten, atur puji sukur marang Gusti Kang Akarya Jagad lanbocah bisa urip mandiri. Lan bubar iku , para tamu bisa ndhahar panganan kang wisdisuguhake. (Kapetik kanthi owah-owahan saprelune: http://jv.wikipedia.org/wiki/Tedhak_sit%C3%A8n http://sihsusetyaningtyast.blogspot.com/2012/03/tedhak-siten.html)1. Kang diarani upacara tedhak siten, yaiku .... a. cedhak lemah b. mudhun lemah c. sepasaran d. lair sepisanan e. upacara slametan2. Kang dikarepake ing upacara tedhak siten, yaiku .... a. Kareben bocahe sehat b. Kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep. c. Cedhake manungsa karo bumi. d. Kanggo ngendhani kadadean sing ora becik. e. Atur puji sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.3. Karepe bocah nyebar udhik-udhik utawa dhuwit, yaiku .... a. Bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun. b. Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane. c. Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis dipilih wiwit cilik. d. Bocah iku nyeker-nyeker pasir kang nduweni teges nggolek pangan. e. Bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung.4. Piranti kanggo upacara adat tedhak siten yaiku.... a. pengaron sing diisi kembang setaman b. kurungan c. klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing njeroning kurungan d. udhik-udhik utawi dhuwit logam dicampur kembang e. andha pring "Arjuna"Sastri Basa /Kelas 11 435. Tujuan dianakake tedhak siten yaiku .... a. Bocah bisa ngliwati tantangan ing uripe. b. Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe senen kaluwargane. c. Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis dipilih wiwit cilik. d. Bocah iku nyeker-nyeker pasir, kang nduweni teges nggolek pangan. e. Atur puji sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, dene wis menehi kekuwatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan bisa urip mandhiri.6. Ing ngisor iki tuladha upacara adat kang kedadean ing dhaerah-dhaerah, kejaba .... a. ruwatan b. mudhun lemah c. karnaval d. mantenan e. larung sesaji7. Kang dikarepake cengkir gadhing digambari tokoh pewayangan .... a. Supaya bisa niru lan pinter nggambar wayang. b. Supaya si bocah mbesuk seneng marang wayang. c. Supaya si bocah ndalang wayang. d. Supaya si bocah yen lair lanang nduweni watak satriya yen wanita nduweni sifat kaya becik kaya tokoh gambar. e. Supaya si bocah bisa meranake tokoh satriya lan bisa meranake putri kang becik kaya ing gambar.8. Upacara larung sesaji biyasane dilaksanake .... a. Wulan Januari b. Wulan April c. Wulan Besar d. Wulan Sura e. Wulan Desamber9. Nyusun lapuran supaya bisa nyengsemake lan migunani ana tataran-tataran kang kudu dilakoni yaiku .... a. data acak b. ngarang lapuran bebas c. tuwuh pamikiran apa sing arep dilapurake d. ngurutake arsip e. milih nara sumber44 Sastri Basa Jawa/Kelas 1110. Gambar ing ndhuwur nuduhake kegiatan upacara adat dhaerah .... a. Jember b. Banyuwangi c. Tulungagung d. Pacitan e. TubanII. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Aranana loro wae upacara tradhisi ing wilayahmu! 2. Ing dhaerahmu saben wulan Sura ana kegiatan apa wae? Sebutna! 3. Apa maksude lan tujuane ditindakake upacara adat bersih desa? 4. Jelasna umbarampene wong slametan nyewu dinane wong tinggal donya! 5. Ing upacara temanten aranana kanthi urut kegiatan kang ana, banjur jlentrehna!Sastri Basa /Kelas 11 45WULANGAN 3 NGGEGULANG WEDHARING BASAKompetensi Dasar dan Indikator3.3. Mengidentifikasi, memahami, menganalisis teks pewara atau pidato sesuai kaidah 3.3.1 Mengidentifikasi struktur teks pewara. 3.3.2 Menganalisis struktur teks pewara 3.3.3 Mengidentifikasi struktur teks pidato. 3.3.4 Menganalisis struktur teks pidato. 3.3.5 Menganalisis perbedaan unsur kebahasaan dalam teks pewara dan teks pidato. 3.3.6 Menjelaskan kriteria menjadi pewara yang baik. 3.3.7 Menjelaskan kriteria menjadi orator yang baik.4.2 Menyajikan kegiatan sebagai pewara atau berpidato dengan menggunakan tata krama sesuai dengan konteks budaya. 4.3.1 Membuat kerangka teks pewara suatu kegiatan 4.3.2 Membuat kerangka teks pidato 4.3.3 Menulis teks pewara 4.3.4 Menulis teks pidato. 4.3.5 Praktik menjadi pewara. 4.3.6 Praktik menjadi orator Pasinaon iki ngrembug babagan pranatacara lan pamedhar sabda (pewara danpidhato). Ancase supaya para siswa bisa tambah kawruh ing babagan pewara lanpidato. Ing pangajab sarampunge pasinaon bisa gawe teks pewara lan pidato kanthitrampil lan ngecakake.Mbabar WawasanGatekna wacan ing ngisor iki!Wacan 1. PRANATACARA Tembung pranatacara iku asale saka tembung lingga tata lan acara. Tata tegese tatanan, dene acara ngemu teges pahargyan. Dadi tembung pranata cara mau ngemu teges wong sing kajibah nata lakune adicara. Pranatacara uga bisa karanSumber :weddingbookindonesia.com pranata adicara, pranata titilaksana. Dene ing Basa Indonesia diarani Pewara, lan ing Basa Inggris diarani46 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Master of Ceremony ( MC). Ing jaman saiki akeh acara-acara kang mbutuhake pranatacara, kayata: adicaraijab, temu manten, sepasaran manten, tasyakuran, pengajian, wong kepaten, sunatan,rapat, lan liya-liyane. Iki nuduhake yen jejering pranatacara dibutuhake kanggo natasupaya sawijining acara bisa lancar. Bisa digambarake kaya apa dadine yen sawijiningadicara ora ana sing nata, mesthi semrawut ora karuwan. Minangka wong kang kajibahnglantarake lakune adicara, jejibahane pranatacara ora sithik. Pranatacara kudumangerti kanthi cetha lan gamblang babagan apa wae kang ana gegayutane karoadicara kang bakal dilantarake. Wiwit saka apa acarane, sapa pawongan kang melunyengkuyung, kapan acarane, kepriye kahanane lan lakune adicara, lan liya-liyane.Kena diarani yen titilaksanane sawenehing adicara gumantung marang kawasisanepranatacara anggone nglantarake adicara mau. Gb. Pranatacara Sumber : basajawaonline.blogspot.comWacan 2. BUNG KARNO ORATOR KANG GAMBEN Insinyur Sukarno, ya Bung Karno, proklamator kamardikan Negara KesatuanRepublik Indonesia, pancen mujudake tokoh kang asmane wis kawentar ora mung ingnegara Indonesia wae, nanging uga kondhang ing saindenging jagad. Manut critasejarah, Bung Karno banget disuyudi dening para pemimpin negara-negara liya ingjaman semana. Panjenengane kondhang kaloka saka kewasisane lan perbawanenalikane pidhato, nganti digambarake sapa wae kang ngrungokake kaya kena daya Sastri Basa /Kelas 11 47hipnotis. Mula ya ora nggumunake yen Bung Karno kalebu tokoh donya kang katulis ingbuku “Speeches that Changed The Word” kang dijarwakake “ Pidhato-Pidhato yangMengubah Dunia”. Bung Karno amedhar Sabda Sumber :basobasri.wordpress.com Kewasisane Bung Karno pidhato sing kapisan, kang njalari dadi kawigatenemasyarakat saindenging donya, yaiku nalika pidhato ing sangarepe “PengadilanPemerintah Hindia Belanda” kanthi irah-irah “ Indonesia Menggugat”. Pidhato kang isine“pembelaan diri” amarga Bung Karno ditangkep dening Bangsa Walanda maukedadeyan ing Bandung nalika taun 1931. Wektu iku Bung Karno isih durung dadipresiden. Nalika pidhato panjenengane babar pisan ora duwe rasa wedi ngadhepi para“penegak hukum” sing kabeh wong Walanda mau. Malah Bung Karno kasil ngyakinakepara hakim yen panjenengane ora salah, mula Bung Karno kasil bebas, luwar sakapaukuman.Sawise nyemak wacan loro ing dhuwur, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Apa para siswa wis tau gawe teks pranatacara? 2. Apa para siswa wis tau dadi pranatacara? 3. Kepriye yen para siswa kudu dadi paranata cara ing kegiatan sekolah? 4. Apa para siswa wis tau gawe teks pidato? 5. Apa para siswa wis tau nindakake pidato? 6. Kepriye yen para siswa kudu nindakake pidato ing kegiatan sekolah?Pasinaon 1 : Modhel Pinilih Teks Pranatacara lan Pamedhar Sabda48 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Sajrone pasinaon iki para siswa diajak ngidhentifikasi teks pranatacara lan tekspamedhar sabda. Kanthi nyemak teks lelorone mau para siswa diajab bakal mangertenistruktur teks lan unsur basa kekarone.Garapan 1 : Ngidhentifikasi Struktur Teks PranatacaraSemaken wacan teks pranata cara ing ngisor iki!Assalamu’alaikum Wr. Wb. (1)Nuwun, kawula nuwun. (2)Para Alim Ulama, para Rama Kyai ingkang tansah dados panuntune kawula dasihingkang dahat kinabekten. (3)Para sesepuh, pinisepuh ingkang pana ing pamawas, lebda ing pitutur ingkang dahatkinabekten. (4)Para pangemban pangembating praja ingkang minangka pandam pandoming kawuladasih ingkang dahat sinudarsana. (5)Para rawuh kakung sumawana putri, wredha tuwin taruna ingkang satuhu dahatkinurmatan. (6)Keparenga kula cumantaka ngadeg, sowan wonten ing ngarsa panjenengan sami, awitngemban jejibahan dhawuh saking panjenenganipun Bapa Prasetya ingkang hamangkukarsa. Kepareng kula jejer minangka panata adhicara wonten ing adhicara dhaupingkang putra kinasih nun inggih kang asesilih sang kusumaning Ayu Dyah PuspitaHarumingtyas ingkang arsa kadhaupaken kaliyan putra bagus kang asesilih SangKusumaning Bagus Arga Putra Dewa, putra saking panjenenganipun Bapa Puja Sentika,ingkang mijil saking tlatah Kartasura Hadiningrat. (7)Para Rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan, (8)Sumangga adicara siyang punika kita bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.Bismillah irohmanirohim. (9)Tumapaking adicara salajengipun waosan Ayat suci Al Qur’an. Dhumateng ingkangkajibah, kula sumanggakaken. (10)………………. Waosan ayat suci Al Qur’an ………………………….. (11)Makaten ngumandhanging dhawuh-dhawuh luhung saking Gusti Ingkang MurbengDumadi ingkang kaserat wonten ing kitab suci Al Qur’an, mugi sageda anambahi iman Sastri Basa /Kelas 11 49lan taqwa kita dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan. Salajengipun ngancik adicaramadya, Atur pambagyaharja. Dhumateng Bapa Harja Waskito, ingkang minangkasesulih saking ingkang hamangku gati, sasana pangandikan kula aturaken. (12)………………… Atur Pambagyaharja …………………………………… (13)Tatas titis mrantasi tan ana kang kacicir sadaya dhawuh pangandikanipun sulihpangandikan saking Bapa Prasetyo ngkang hamangku gati nun inggih Bapa HarjaWaskito, kula namung saged ndherekaken sugeng lenggah malih kanthi sukamardikaning manah. Tumapak adicara salajengipun nun inggih Atur Pasrahe sangpinanganten kakung. Dhumateng Bapa Wisnu Tinulat, ingkang minangka sesulih sakingkadang besan nun inggih Bapa Pujo Sentika sakulawangsa dalasan para pangombyongepinanganten saking Tlatah Kartasura Hadiningrat, sasana pangandikan kula aturaken. (14)…………………. Atur Pasrah……………………….........................................................(15)……………………Atur Panampi………………………......................................................(16)…………….Adicara kirab Kanarendran lan lerem…………........................................(17)……………Adicara Kirab Kasatriyan…………………………............................................(18)Paripurna kirabe sri penganten, keparenga kula ngaturi para-para ingkang mangke kulasebat asmanipun keparengan jumeneng jajar kaliyan sri penganten badhe kapundhutfoto sesarengan Pinanganten kekalih. (19)………….. Adicara Foto………................................................................................(20)Sajak sampun dumugi purnaning adicara, kangge sangune lampah sri atmaja kekalihanggenira ambyur ing samudraning bebrayan, murih pikantuk berkah, rahmat sahahidayahipun Gusti Kang Murbeng Jagat, keparengan konjuk dhumateng Rama KyaiMuhammad Aziz, mangarsani panjurunging donga. Sasana pangandikan kula aturaken.……………..Adicara donga…………………............................................................. (21)Mugi kanthi panjurunge donga kalawau, sageda ugi sumrambah dumateng kitasedaya saengga tansah pinaringan pangayomaning Gusti Allah SWT, saenggasaparipurnaning pahargyan punika mangke, kula dalah panjenengan sami tansahginanjar wilujeng, bagaswaras boten kirang sawiji punapa. Amin. Lan sumanggaadicara menika kita pungkasi sesarengan kanthi munjokaken raos puji syukurdhumateng ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi kanthi atur hamdallah sesarengan.Alhamdulillahirobil’alamin. Wasana saking kula minangka panatacara, menawi wonten50 Sastri Basa Jawa/Kelas 11kirang trapsila, kirang nuju prana, kula tansah nyadong duka saha sih lumunturingsamodra pangaksama. Wasana Wasallamu’alaikum wr. wb. Nuwun. (22)Cathetan Wigati:Yen njingglengi wacan ing dhuwur, para siswa bisa ngidhentifikasi perangane wacan.Bakune wacan kasebut mung nduweni struktur: 1) Pambuka, 2) Isi, lan 3) Panutup. Kanggo sarana mangun teks pranatacara lan pidhato (pamedhar sabda) kudumangerteni struktur teks kekarone mau. Kajaba iku, kang perlu digatekne yaikubabagan apa sing padha lan apa sing beda ing antarane lelorone mau. Ing dhuwur wisditerangake yen antarane teks pranatacara lan teks pidhato (pamedhar sabda) singbeda mung ing perangan struktur isi. Tegese ing struktur pambuka lan panutup bisapadha.Murih gampange mangun teks pranatacara lan pidhato, semaken tuladha-tuladha tekspambuka lan panutup ing ngisor iki!Tuladha teks pambuka:1. Nuwun, Bapak Kepala Sekolah minangka pangarsaning pawiyatan SMA….. ingkang satuhu kinabekten, Bapak saha Ibu guru saha para karyawan SMA-….ingkang dahat kinabekten ugi, para tamu ingkang dahat kinurmatan, sarta para kadang siswa SMA… ingkang kula tresnani. Sumangga tansah kula dherekaken muji syukur ing ngarsaning Gusti, Pangeran Ingkang Maha Welas lan Asih ingkang sampun ngluberaken kanugrahan ingkang arupi kanikmatan ingkang tanpa pepindhan dhumateng kula dalah panjenengan sedaya, saengga taksih kepareng pinanggih wonten ing mriki kanthi kawontenan rahayu wilujeng kalis ing rubeda. Tan katalompen sholawat saha salam mugi konjuk ngarsa dalem Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang sampun nuntun para umat wiwit jaman jahiliyah ngantos islamiyah, ingkang satuhu kita antu-antu safaatipun ing mbenjang dinten kiyamat Para tamu ingkang minulya, keparenga kula ingkang mundhi dhawuhipun Ketua panita, Bapak Suharmanto, kapasrahan minangka pranatacara wonten ing adicara perpisahan punika badhe ngaturaken menggah rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika.2. Nuwun, mugi kinalisna ing sarusiku, tinebihna ing tulak sarik bendu panyendhu anggen kula kumawani ngadeg ing ngarsa paduka para tamu ingkang minulya, sarta paripaksa nigas wacana munggel pangandikan para tamu ingkang nembe sekeca imbal wacana. Sedaya wau awit saking mradapa mundhi dhawuhipun Bapak-Ibu Suhardi kinen ngaturaken menggah rantamaning titi laksana adicara pawiwahan ing wanci menika. Sastri Basa /Kelas 11 51Para pepundhen ingkang dahat pinundhi. Para pinisepuh, kasepuhan, miwah para sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para tamu wredha miwah taruna ingkang sutresna. Sumangga tansah kula dherekaken tumungkul ing pepadaning Gusti ingkang Mahawelas lan asih ingkang sampun paring kanugrahan ingkang tanpa pepindhan nun inggih kebagaswarasan, satemah kula miwah panjenengan saged kempal manunggal ing sasana ngriki saperlu paring paseksen sarta hangestreni tumapaking gati adicara pawiwahan penganten sarimbit nun inggih Dyah Ayu Retnawati kaliyan Bagus Sulistya. Tan kantun, sholawat saha salam mugi katur konjuk dhumateng junjungan kita, titah linuwih Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah kita ajeng- ajeng safaatipun ing yaumul kiyamah mangke.3. Panjenenganipun ingkang kinabekten, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dahat pinundhi. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom Rama Kyai Haji Masduki, ingkang dahat kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang tansah kaantu-antu berkah pandonga miwah pitutur luhuripun. Para pangreh pangemban pangembating praja minangka pangayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri, saha para sanak kadang wredha mudha, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Langkung- langkung panjenenganipun Bapak Wahyu Yuwono ingkang minangka duta sraya pasrah temanten kakung/putri dalah para kadang pangombyong temanten saking tlatah Sampung Kadipaten Ponorogo, ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan. Langkung rumiyin kula ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, saengga wonten wekdal menika kula panjenengan saged makempal wonten papan menika kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu dhumateng titah linangkung ingkang dados pepanutaning ummat sejagad, nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.Tuladha teks panutup:1. Para rawuh ingkang minulya, kados sampun jangkep tumapaking adicara. Pramila sampun dumugi purnaning titi laksana. Kula sakadang ingkang ndherekaken tumapaking adicara ngaturaken agunging panuwun dhumateng kawigatosan52 Sastri Basa Jawa/Kelas 11panjenengan, bilih kula sampun pinitados ndherekaken lumampahing adicara pepisahan punika. Kalamun anggen kula nindakaken wajib wonten tuna dungkaping atur miwah solah bawa, cicir cewet adamel kuciwa, keparenga panjenengan sedaya kersa paring pangaksama. Nuwun.2. Purwa, madya, wus dumugi pungkasaning adicara. Kula minangka pranatacara ingkang ndherekaken adicara ndherek mangayubagya dhumateng risang penganten sarimbit, sageda nggayuh gesang ingkang atut runtut rerentengan ngantos kaken- kaken ninen-ninen kadya mimi hamintuna. Kula ugi ngaturaken panuwun rehning sampun pinitados ndherekaken gatining laksana pawiwahan sri pangaten. Kalamun wonten kalepatan, kirang pana ing pandhapuking basa, kirang wikan ing pangandikan, kirang runtut pangrakiting ukara, sayuk karya wulung wido mangsa rowang sayektine wit saking bodho kawula, pungkasaning atur sedhah siti boga kang binuntel roning kalapa apuranta yen wonten lepat kawula. Nuwun.3. Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati. Kula sakadang ingkang ndherekaken gatining laksana, ndherek mangayubagya risang penganten mugi saged nggayuh gesang ingkang kebak ing kabagyan, ndhapuk kulawarga ingkang sakinah mawaddah warohmah. Bokmenawi anggen kula ngracik saha mranata laksitaning adicara wonten ingkang cicir cewet adamel kuwica, mugi bapak Suharmanto sakulawangsa miwah para tamu kersa ngluberaken sih samodraning aksama. Sugeng kondur, pungkasaning atur mangga samya hasesanti jaya-jaya wijayanti, nirbaya, nirwikara, nir ing sambekala. Nuwun.Kepriye carane meruhi perangan pambuka, isi lan panutupe?Kanggo nggoleki lan milah-milah perangan mau bisa kanthi cara luwih dhisik nggolekigagasan ing saben pada. Dene kanggo nggoleki gagasan ing saben sapada, luwih dhisikdigoleki isine saben ukara.Tuladha: ====== salam pambukaUkara nomer 1 lan 2 ====== atur pakurmatanUkara nomer 3- 6 ====== panyapaUkara nomer 7 ====== pangajak miwiti adicaraUkara nomer 8- 9 pambuka Sastri Basa /Kelas 11 53Jangkepana tabel ing ngisor iki!Struktur Teks Ukara BakunePambuka Nomer .............. ........................................................ .............. ........................................................ .............. ......................................................Isi .............. ........................................................Panutup .............. ........................................................ .............. ........................................................ .............. ........................................................ .............. ........................................................ .............. ........................................................Garapan 2 : Nganalisis Struktur Teks PranatacaraSemaken teks pamedharsabda ing ngisor iki!Assalamu’alaikum Wr. Wb.Nuwun dhumateng para bapak, ibu saha para kadang ingkang kula kurmati, keparengakula ngaturaken kasugengan dhumateng Panjenengan sadaya. Sugeng dalu sugengpepanggihan saha sugeng lelenggahan.Mugi karahayon, katentreman, tuwin kebahagiaan tansah kasarira ing Panjenengansami, awit saking sih, tuntunan, saha pangayomanipun Gusti ingkang maha mirah.Puji syukur alhamdulillah sumangga kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti AllahSWT ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kita sadaya, saengga ing titi wancipunika kula lan Panjenengan saged jagong sapatemon ing dalemipun Bp. Surya Legawakanthi mboten manggih rubeda punapa.Bapak, ibu saha para kadang ingkang kula tresnani ing dalu punika PanjenenganipunBp. Surya Legawa nimbali kula lan Panjenengan saperlu kersa ndherek ngestrenianggenipun Bp. Surya Legawa sagotrah syukuran dhumateng ngarsanipun Gusti awitputra pambayunipun anakmas Wisnu Mulya sampun winisuda dados sarjana sujanasaking paiyatan luhur Unesa jurusan Pendidikan Basa Jawa.Sumangga pepanggihan punika kita bikak kanthi maos basmallah sesarengan kuladherekaken.54 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Bapak, ibu saha para kadang ingkang tansah kula kurmati, tumapaking adi cara kapingkalih atur pambagya saking panjenenganipun Bp. Surya Legawa utawi ingkang kapijianyenyulihi, kawula sumanggakaken!Para lenggah ingkang tansah satuhu luhur ing budi, makaten kala wau atur pambagyaharja ingkang sampun kaaturaken.Ndungkap adicara candhakipun sesorah saking Bp. Haryosuman, minangka sesulihipunpara kadang ingkang sampun kadhawuhan ngombyongi adicara punika. Dhumatengpanjenenganipun Bp. Haryosuman kawula sumanggakaken!Matur agunging panuwun kawula aturaken dhumateng panjenenganipun Bp.Haryosuman ingkang sampun paring dhawuh pangandikan dhumateng kita samiutaminipun kagem anakmas Wisnumulyo ingkang nembe winisuda dados sarjanasujana. Mugi saged amimbuhi greged anggenipun badhe anapaki gesang bebrayan.Para lenggah ingkang tansah karoban sih kanugrahan, adicara candhakipun dhumatengPanjenengan sadaya keparenga jumeneng sawatawis jengkar tumuju sasana boga.Minangka wujuding raos syukur Bp. Surya Legawa sagotrah nyawisaken dhedhaharan,sumangga sesarengan kembul bujana, binarung lan ungelipun gendhing-gendhinglanggam ingkang sampun karacik dening juru pranata pita swara. Dhumateng parakadang ingkang tinanggenah angayahi jejibahan kawula sumanggakaken. Dhumatengpara tamu undangan sumangga samya angrahapi dhedaharan ingkang sampunkaaturaken.Bapak, ibu, tuwin para kadang ingkang sinudarsana, sacekapipun adicara kembulbujana sampun purna, sumangga kita lajengaken tumapaking adicara candhakipuninggih punika donga pangiring. Dhumateng Panjenenganipun Bapa Ali Mursidkeparenga nyarirani, sumangga!Bapak, ibu, para kadang kakung miwah putri ingkang setya tuhu ngestreni pepanggihanpunika, kanthi donga pangiring kala wau purwa, madya, lan wasananing adicarasampun kita tindakaken. Kula ingkang ndherekaken lampahing adicara ngaturakenagunging panuwun saha nyuwun pangapunten menawi anggen kula matur wonten bab-bab ingkang kirang mranani penggalih Panjenengan.Sumangga pepanggihan punika kita purnani kanthi maos hamdallah sesarengan kuladherekaken.Ing wasana ngaturaken sugeng dalu sugeng kondur wassalamualaikum wr.wb.NuwunSastri Basa /Kelas 11 55Jangkepana tabel ing ngisor iki! Struktur Gagasan Baku Ukarane Teks ..................... ..........................................................Pambuka ..................... ..........................................................Isi ..................... ..........................................................Panutup ..................... .......................................................... ..................... .......................................................... ..................... ......................................................... ..................... .......................................................... ..................... .......................................................... ..................... ..........................................................Garapan 3 : Ngidhentifikasi Struktur Teks PidhatoSemaken teks pidhato ing ngisor iki!Assalamu’alaikum Wr. Wb.Nuwun, kawula nuwun.Para Alim Ulama, para Rama Kyai ingkang tansah kinabekten.Para sesepuh, pinisepuh ingkang pana ing pamawas, lebda ing pitutur ingkang dahatkula bekteni.Para satriyaning nagari. pangemban pangembating praja ingkang minangka pandampandoming kawula dasih ingkang dahat sinudarsana.Para rawuh kakung sumawana putri, wredha tuwin taruna ingkang satuhu dahatkinurmatan.Langkung rumiyin sumangga kita ngunjukaken raos puji syukur dhumatengngarsanipun Gusti ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun paring kanugrahandhumateng kita sami, saengga kula lan panjenengan saged rawuh ing pahargyanpunika.Sholawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita nabi agung MohammadSAW, mugi-mugi kita tampi safaatipun ing yaumul akhir.56 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Para rawuh ingkang karoban sihing Pangeran, keparenga kula cumanthaka ngadeg,sowan wonten ing ngarsa panjenengan sami, anggempil sih kamardikan panjenenganingkang nembe sekeca wawan pangandikan. Kula minangka sesulihipun Bapa Prasetyakajibah matur wonten ngarsa panjenengan sami. Awit saking bombonging manah yencinandra kadya karoban samodraning memanis, pramila mboten kuwawi maturpiyambak.Para rawuh ingkang kula kurmati, ing wekdal punika Bapa Prasetya nampikanugrahaning Gusti Kang Murbeng Dumadi, keng putra kinasih kusumaning Ayu DyahPuspita Harumingtyas sampun nambut silaningakrami kalawan Sang Kusumaning BagusArga Putra Dewa, putra panjenenganipun Bapa Puja Sentika, mijil saking tlatahKartasura hadiningrat.Ing kalodhangan punika kepareng kawula ngaturaken agunging panuwun dhumatengsih kadraman panjenengan sedaya ingkang sampun kersa rawuh saperlu paring pudyapangestu dhumateng dhaupipun pinangantyan.Para rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan,Mugi sih kadarman panjenengan sedaya kaparingan lelintu ingkang satraju sakingGusti Allah SWT. Panjenenganipun Bapa Prasetya ugi nyuwun sih lumunturingpangaksama, bok bilih boten saget anampi rawuh panjenengan sedaya kanthipakurmatan , palenggahan saha pasugatan ingkang ngresepaken.Ing kalodhangan punika kula ugi ngaturaken agenging panuwun dhumateng parakadang tanggi tepalih, para mitra rowang, para mudha-mudhi, saha sintena kemawoningkang sampun paring pambiyantu arupi donya brana, reka daya, iguh pretikel, lanpunapa kemawon, saengga saged damel rancage adicara punika. Kula boten saget caospiwales punapa-napa, kajawi amung memuji mring ngarsaning Gusti, mugi sedayapambiyantu panjenengan kacathet minangka amal kesaenan.Para rawuh ingkang dahat sinudarsana.Cekap samanten anggen kula matur, bok bilih wonten atur kula ingkang kirang nujuprana, wonten solah bawa ingkang kirang trapsila, kula tansah nyuwun cadhong dukalan pangapuntenSalajengipun kula namung nyuwun mugi panjenengan sedaya kersa angrantu ngantossaparipurnaning pahargyan punika.Wasana, wasallamu’alaikum wr.wb.Sastri Basa /Kelas 11 57Bausastracumanthaka : lancanghamangku karsa : duwe gawesambekala : bebayamijil : metu/asal/sakakelem ing samodraning memanis : lagi nampa kabegjan/seneng bangetpangombyonge : sing ngetutakeKaya dene nyinaoni bab pranatacara, yen para siswa wis njingglengi teks pidhato ingdhuwur, strukture uga ana telu, yaiku: pambuka, isi, lan panutup.Jangkepana tabel ngisor iki!No. Struktur Bakune Ukarane1 Pambuka Gagasan2 Isi .....................................................3 Panutup ......... ..................................................... ......... ..................................................... ......... ..................................................... ......... ..................................................... ......... .................................................... ......... ..................................................... ......... ..................................................... ......... ..................................................... .........Garapan 4: Nganalisis Struktur Teks PidhatoJingglengana sepisan maneh struktur teks pidhato ing garapan 3, sabanjure golekatuladha teks pidhato liyane. Teks pidhato mau tintingana kanthi njangkepi tabel ingngisor iki!No. Struktur Bakune Ukarane 1 Pambuka Gagasan ..................................................... ......... ..................................................... ......... ..................................................... .........58 Sastri Basa Jawa/Kelas 112 Isi ......... .....................................................3 Panutup ......... ..................................................... ......... .................................................... ......... ..................................................... ......... ..................................................... ......... .....................................................Garapan 5: Nganalisis Bedane Unsur Basane Teks Pranatacara lan Pidhato Yen kita jingglengi tuladha teks pranatacara lan pidhato ing garapan 2 lan 3, kitabakal nemokake bedane struktur bahasa kang digunakake.No. Pranatacara Pidhato1. Basa dicocogake karo pamiarsane Basa dicocogake karo pamiarsane2. Nggunakake ukara panyapa Nggunakake ukara panyapa3. Bola-bali nggunakake ukara pakon Nggunakake ukara andharan,jumbuh karo susunan acarane ngandharake sawijining bab manut prentahe pranatacara4. Bola-bali wicara, ing saben miwiti Kaping sepisan micara, cocog karolan mungkasi sawijining acara prentahe juru pranatacaramanut susunan acaraneKanggo gladhenmu babagan bedane teks pranatacara lan pidhato, jangkepana tabeling ngisor iki!No. Pranatacara Tuladhane Ukara1. Nggunakake ukara panyapa ............................................ ............................................2. Bola-bali nggunakake ukara pakon ............................................ jumbuh karo susunan acarane ............................................ ............................................3. Bola-bali wicara, ing saben miwiti ............................................ lan mungkasi acara manut ............................................ susunan acarane ............................................ ............................................. ............................................. ............................................ Sastri Basa /Kelas 11 59Garapan 6 : Nintingi Jejibahane Pranatacara Kaya kang wis diterangake ing dhuwur, babagan jejibahane pranatacara lan jurupidhato iku bisa ditintingi saka struktur teks lan basa kang digunakake. Jejibahanepranatacara iku pancen abot lan akeh, kari ngenut lan manut kabutuhane adicara kangdiayahi. Umpamane yen dadi pranatacara ing pahargyan temu manten, ayahanepranatacara tambah akeh amarga kajaba ngayahi jejibahan ngatur lakune adicara, ugakudu nyandra kirab, kapara malah sok kudu gelem aweh lelipur nembang lansapanunggalane kang dirasa bisa gawe regenge swasana. Yen dijingglengi tuladha teks pranatacara ing dhuwur, bisa dijupuk dudutantitikane dadi pranatacara, yaiku: 1. Nata urutane acara. 2. Ngatur lakune acara. 3. Miwiti acara. 4. Ngaturi/ prentah marang paraga liya cocog karo ayahane. 5. Nutup acara. 6. Tanggung jawab rendhet rancage acara. Kepriye supaya bisa dadi juru pranatacara kang becik? Andharan ing ngisorminangka paugerane:1. Olah swara Kedaling lathi kudu digladhi murih bisa luwih cetha ing pangucap (lafal), luwih cetha metune swara, lirih utawa seru (vokal), lan luwih trep wirama wedharing ukara (intonasi), sarta mumpuni mapanake swara abot, entheng, endhek, lan dhuwur kang trep karo kahanan (modulasi), uga mathuk karo wiramane gendhing (tumrape pranatacara) yen pancen kairing gendhing. Kajaba iku, pangolahe swara mau kudu katon apa anane, ora katon yen digawe-gawe.2. Olah busana Ajining raga gumantung busana, bab panganggone busana iki uga kudu digladhi, tegese cara manganggo klambi kudu pantes lan jumbuh karo kepreluane.3. Olah subasita lan solah bawa Juru pranatacara kudu ngerti babagan pranatan solah bawa mungguhing bebrayan Jawa, saengga anggone tumindak ora nerak subasita utawa tata krama. Polatan lan tindak tanduk kang nyengsemake, sumanak nanging bisa njaga kawibawan.4. Olah basa lan sastra Juru pranata cara kudu sugih kaskaya basa, mumpuni lan ngerti unggah-ungguh basa sarta tansah nambah kawruh endahing basa lan sastra. Basa sing digunakake kudu manut tatanan paramasastra, pamilihe tembung kang rinonce dadi ukara kudu mentes lan trep, jumbuh karo acara lan kang mirengake.60 Sastri Basa Jawa/Kelas 115. Olah kawruh linuwih Juru pranatacara kudu akeh kawruhe kanthi cara sregep maca, ndeleng, ngrungokake pawarta, sarta golek wewarah marang para winasis.Kanggo gladhenmu, tindakna pakaryan iki: a. Goleka teks utawa rekaman pranatacara. b. Tintingana jejibahan apa kang kudu ditindakake dening juru pranatacara ing acara mau kanthi mangsuli tuladha pitakon-pitakon iki: (1) Apa acarane? (2) Kapan acara ditindakake? (3) Kepriye tata urutane acara? (4) Sapa kang kadhapuk ing acara mau? (5) Basa apa kang digunakake? (6) Sapa kang dadi tamune? (7) Kepriye kudune busanane si juru pranatacara?Garapan 7 : Nintingi Jejibahane Juru Pidhato Yen kita jingglengi teks pidhato ing garapan 3, utawa teks – teks pidhato liyane, kita bisa meruhi apa tugase juru pidato, yaiku: medharake pawarta marang pamiarsane. Kewasisane lan kaprigelan juru pidhato (pamedhar sabda) banget dibutuhake murih nalikane pidhato mau bisa oleh kawigaten kang tundhone apa kang dadi intine rembug mau bisa dimangerteni kanthi cetha trawaca. Dene bab isine pidhato bisa asipat: a. Ngandharake (naratif ). b. Ngajak/ nyemangati (persuasif ). c. Menehi alasan-alasan kang kuwat marang sawijining bab kanggo ngyakinake(argumentatif ).Pidhato Tanpa Teks Pidhato Mawa TeksSastri Basa /Kelas 11 61Kanggo gladhenmu, tindakna pakaryan iki: a. Goleka teks utawa rekaman pidhato. b. Tintingana jejibahan apa kang kudu ditindakake dening juru pidhato ing acara mau kanthi mangsuli tuladha pitakon-pitakon iki: (1) Apa acarane? (2) Apa isine teks pidhato mau? (3) Kapan acara ditindakake? (4) Basa apa kang digunakake? (5) Sapa kang dadi tamune utawa kang ngrungokake? (6) Kepriye kudune busanane si juru pidhato? Pasinaon 2: Makarya Bebarengan Ngrakit Teks Pranatacara lan Teks Pidhato Sarampunge nyinaoni bab struktur teks lan unsur basane teks pranatacara lanteks pidhato ing pasinaon siji, ing pasinaon iki para siswa kaajab bisa ngrakit tekspranatacara lan pidhato cocog karo kabutuhane. Sabanjure kanthi rasa seneng lankebak kayakinan para siswa bisaa maragakake minangka juru pranatacara lan jurupidhato.Garapan 1: Ngrakit CengkoronganTeks Pranatacara (Pewara)Kaya tuladha kang wus kacetha ing pasinaon 1 garapan 1, mesthine para siswa wismangerti bab pranatacara. Sadurunge ngrakit teks pranatacara kanthi jangkep luwihdhisik kita kudu nyawisake cengkorongane. Kanggo nyawisake cengkorongan kita kudumangerteni: 1. Apa kegiatane? 2. Sapa kang duwe kegiatan? 3. Apa wae urutane acarane? 4. Sapa wae kang kadhapuk ing saben acara? 5. Ing ngendi kegiatan mau ditindakake? 6. Sapa wae tamu kang rawuh?Adhedhasar cathetan ing dhuwur, para siswa bisa ngrakit cengkorongane tekspranatacara.Kanggo gladhenmu, tindakna pakaryan iki! Gawea cengkorongan teks pranatacara kanggo kegiyatan pentas seni ing sekolahmu, kanthi klompok! Carane bisa kanthi njangkepi tabel ing ngisor iki! Teks Pranatacara Pentas Seni Ing Sekolah62 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Struktur Teks Gagasan Baku UkaranePambuka Salam Pambuka .............................................. .............................................. Atur pakurmatan .............................................. .............................................. Tetepungan .............................................. .............................................. Atur Puji syukur ..............................................Isi 1. .............................................. .............................................. 2. .............................................. .............................................. 3. .............................................. ..............................................Panutup 4. .............................................. ... lst Atur panutup .............................................. .............................................. Salam Panutup ..............................................Garapan 2: Ngrakit Cengkorongan Teks PidhatoAdhedhasar tuladha ing pasinaon siji garapan katelu, utawa adhedhasar kawruhmubab teks pidhato, ing pasinaon iki para siswa kaajak ajar ngrakit cengkorongane tekspidhato. Bab iki perlu kacawisake sadurunge ngrakit teks pidhato kang komplit.Kepriye mungguh carane? Kita kudu mangerteni: 1. Apa kegiatane? 2. Apa tujuane kegiatan? 3. Sapa kang duwe kegiatan? 4. Apa dhapukane juru pidhato? 5. Ing ngendi kegiatan mau ditindakake? 6. Sapa wae tamu kang rawuh?Murih rancag gladhenmu, jangkepana tabel ing ngisor iki karo kancamu saklompok!Atur Pambagya Ketua Panitia.Struktur Teks Gagasan Baku Ukarane Sastri Basa /Kelas 11 63Pambuka Salam Pambuka .............................................. Atur pakurmatan .............................................. Tetepungan .............................................. Atur Puji syukur .............................................. .............................................. .............................................. ..............................................Isi 1. .............................................. .............................................. 2. .............................................. .............................................. 3. .............................................. ... lst ..............................................Panutup Atur panutup ............................................. Salam Panutup ............................................. .............................................Garapan 3: Ngrakit Teks Pranatacara (Pewara) Teks pranatacara perlu kacawisake sadurunge juru pranatacara nindakakejejibahan ing sawijining kegiatan. Sarampunge nyawisake cengkorongan kaya kangkaandharake ing garapan siji, sabanjure cengkorongan kudu dikembangake daditeks jangkep. Bab iki penting amarga teks jangkep bisa nuntun juru paranatacarasaengga bisa nindakake jejibahan kanthi rancag.Kepriye carane?Yaiku kanthi ngrakit ukara-ukara kang wis katulis ing cengkorongan, kadhapuk dadiwujud paragrap-paragrap kang runtut lan jangkep.Tindakna pakaryan iki:1. Cengkorongan teks pranatacara ing gladhen garapan siji pasinaon iki rampungna supaya dadi teks pranatacara kang jangkep kanthi mandhiri!2. Sarampunge ngrakit teks pranatacara jangkep, garapanmu bisa kapajang ing mading kelas, sekolah, utawa kaunggah ing internet!Garapan 4: Ngrakit Teks Pidhato Kaya dene juru pranatacara, juru pidhato uga kudu nyawisake teks pidhato kangjangkep, supaya anggone pidhato bisa tumata lan rancag. Mangkono uga caranengrakit, padha. Sawuse ngrakit cengkorongan teks pidhato, bisa karampungake daditeks pidhato utuh. Carane yaiku kanthi ngrakit ukara-ukara ing cengkorongan dadisatatane paragrap kang jangkep. Aja lali kesinambungane ukara siji lan sijine saben64 Sastri Basa Jawa/Kelas 11saparagrap. Semono uga sumambunge paragrap siji lan sijine uga kudu diperdi supayaruntut lan jangkep.Tindakna pakaryan iki: a. Cengkorongan kang wis dadi ing gladhen garapan loro pasinaon iki rakiten dadi teks pidhato kang utuh kanthi mandhiri! b. Sarampunge dadi rakitan teks pidhato jangkep, teks pidhato bisa kapajang ing mading kelas, sekolah, utawa kaunggah ing internet!Pasinaon 3 : Makarya Kanthi Mandhiri Sawise bocah-bocah nyinaoni bab pranatacara lan pidhato (pamedhar sabda)kanthi bebarengan, sabanjure bocah-bocah nindakake pakaryan kanthi mandhiri.Garapan 1 : Nulis lan Maragakne Teks Pranatacara Tindakna pakaryan iki:(1) Gawea teks pranatacara gegayutan karo kegiatan kang ana sekolahan apadene kegiatan kang ana ing masyarakat sakiwatengenmu.(2) Yen garapanmu wis rampung, sabanjure paragakna ana ngarep kelas!Garapan 2 : Nanggapi Praktek Pranatacara Nalika kancamu praktek pranatacara ing ngarep kelas, kanca liyane nyemak lannulis tanggapan lan pambiji. Kanggo lelandhesan nulis tanggapan mau bisa ngganggopedhoman kaya ing ngisor iki.Jeneng : ................................No Absen : ................................Teks kang diparagakake : ................................Olah Swara Olah Busana Olah Solah Olah Basa Olah Kawruh Bawa Lan Sastra Linuwih1. Lafal 1. Pantes 1. Manteb Migunakake Migunakake2. Vokal orane (serius) basa rinengga tetembungan3. Intonasi kang ilmiah,4. Artikulasi 2. Rapi orane 2. Polatan Kaya dene kang ngrembug 3. Kombinasi (ekspresi) purwakanti, prakara ilmu, paribasan, wewarah, rupa 3. Solah basa kawi lsp. piweling kang Bawa becik. (sopan santun) Sastri Basa /Kelas 11 65Garapan 3 : Praktik Juru Pidhato Ing pasinaon 3 bocah-bocah wis gladhen nulis teks pranatacara apadene tekspidhato kanthi klompok. Kanggo nggladhi kawasisanmu, pakaryane bocah-bocahsabanjure kaya ing ngisor iki: a. Sabubare bola-bali ajar maca teks pidhato kang wis karakit kanthi jangkep, gawea teks pidhato ngenani salah sijine kegiatan sekolah; b. Paragakna teks pidhato mau! Olehmu maragakake kena ing sanjabane jam pelajaran, banjur rekamen ing video; c. Setelen video pidhatomu ing kelas, banjur nyuwuna tanggapane kancamu; d. Kumpulna asil rekaman tugasmu marang Bapak/Ibu Gurumu!66 Sastri Basa Jawa/Kelas 11GLADHENWULANGAN 3I. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing wangsulan kang bener!1. Kang ora kalebu dasanamane tembung Pranatacara yaiku .... a. panata adicara b. pambagyaharja c. panata acara d. panambiwara e. pewara2. Jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika .... a. mbukak adicara b. nutup adicara c. nata lan nulis rantamane adicara d. nata lakune adicara e. nutup adicara3. ”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabektern”. Ukara iki kalebu perangan .... a. salam pambuka b. atur pangayubagya c. atur pakurmatan d. atur puji syukur e. tetepungan4. Bedane teks pranatacara karo pamedharsabda, bisa dititeni ing perangan .... a. pambuka b. rantaman adicara c. isi d. panutup e. papan lungguhe5. Jinise teks pamedhar sabda iku akeh banget. Pamedhar sabda kang ngemu wigati nampa rawuhe tamu diarani .... a. atur pangayubagya b. atur panampi c. atur wilujeng d. atur pasrah e. atur pakurmatan.Sastri Basa /Kelas 11 676. ”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.” Ukara iki mathuke digunakake ing perangan …. a. pambuka b. atur pakurmatan c. isi d. rantaman adicara e. atur panutup7. Kang wenang medharake atur pasrah penganten kakung ing adicara temu manten .... a. pranatacara b. sulih kang hamangku gati c. pamedhar sabda pambagya d. sulih kadang besan e. wakil tuan rumah8. Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara iku padha karo…. a. artikulasi b. intonasi c. lafal d. vokal e. wirama gendhing9. Kang ora kalebu syarate dadi pranatacara kang gamben yaiku .... a. wasis ing olah basa lan sastra b. sugih ing kawruh c. besus ing busana d. tansah ngugemi subasita e. nuhoni trah utama10. Panatacara lan pamedhar sabda dipunwastani renggeping wicara, menawi …. a. Wiwit saking pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting pangandikan, panjang lan cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, trep lan jumbuh kaliyan swasana. b. Wiwit saking pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting pangandikan, panjang lan cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, trep kaliyan kersanipun ingkang kagungan kersa.68 Sastri Basa Jawa/Kelas 11c. Wiwit saking pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting pangandikan, panjang lan cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, jumbuh kaliyan isining wedharan.d. Wiwit saking pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting pangandikan, panjang lan cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, trep lan jumbuh kaliyan reroncening adicara.e. Wiwit saking pamilahipun tembung saka dhapukaning tembung, rututning pangandikan jumbuh kaliyan ingkang dipunwedharaken.11. Panatacara lan pamedharsabda menika ing salebeting pasamuan dados punjering kawigatosan, kepara mujudaken pasugatan tumprap para tamu, pramila kedah …. a. bagus utawi ayu ing rupa b. gandhes luwes merak ati c. ngudi murih kados artis ing panggung d. ngudi murih saged renggeping wicara e. ngudi murih saged ngemesaken12. Wonten saweneh panatacara tuwin pamedhar sabda, ingkang wedharing pangandikanipun karaosaken tanpa jiwa tanpa raos. Pramila inggih lajeng …. a. kapireng ampang tanpa bobot b. boten angsal tanggapan c. bayaranipun mirah d. boten diremeni tiyang e. boten saged wicanten13. Bakuning ayahan panatacara, minangka sopir/ kusir ing pasamuan. Tegesipun …. a. Wonten upacara menika kathah paraga ingkang hanyengkuyung minangka penumpang. b. Upacara saged lumampah kanthi rancak menapa boten, komandhonipun wonten panatacara. c. Wonten upacara menika panata cara angasta titihan ing pasamuan. d. Wonten upacara menika, panatacara dados sopir/kusir kendharaan. e. Kathah paraga ingkang hanyengkuyung panatacara dados sopir/kusir.14. Kejawi unggah-ungguh basa, panatacara lan pamedharsabda ugi kedah nguwaosi kawruh bab sastra Jawi, kadosta ingkang gayutan kaliyan: purwakanthi, wangsalan, bebasan lsp. Murih …. a. kathah engkang nanggap b. tansaya kondhang c. bayaranipun mindhak d. kapireng mboten sekecaSastri Basa /Kelas 11 69e. saya endah edining basa rantaman, panatacara utawi15. Menawi wekdalipun sampun kasep saking pamedharsabda tamtu badhe matur kanthi …. a. seru lan cetha b. ngambra-ambra c. ngelantur d. lumintu e. cekak aosII. Wangsulana pitaken-pitaken wonten ngandhap menika! 1. Menapa mawon jejibahan ingkang kedah dipun ayahi dening panatacara? 2. Panatacara lan pamedharsabda kedah ngudi murih saged renggeping wicara. Menapa jalaranipun? 4. Menapa paedahipun remen maos buku-buku kapustakan tumrapipun panatacara lan pamedhar sabda? 5. Kados pundi patrapipun sarira tumrap panatacara lan pamedhar sabda nalika ngayahi jejibahan? 6. Panatacara lan pamedhar sabda kedah saged micara kanthi tata, tatas, tetes, lan titis. Jlentrehaken!70 Sastri Basa Jawa/Kelas 11UJI KOMPETENSISEMESTER GASALI. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang paling bener!1. Sing mbedakake geguritan lan tembang dijelasake kaya ing ngisor iki, yaiku... . a. Geguritan cacahe wanda lan cacahe gatra ana tata aturane. b. Geguritan iku olehe maca kudu ditembangake/dilagokake. c. Geguritan iku ora kaiket guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. d. Tembang macapat iku ora nduweni guru gatra, guru wilangan, guru lagu. e. Tembang iku nggunakake purwakanthi guru swara ab / ab.2. Kalebu ing struktur batin geguritan yaiku ... . a. tema lan amanat b. diksi lan tipografi c. enjambemen lan lelewaning basa d. purwakanthi lan wirasa e. panyitra lan diksi3. //singidan dhedhemitan/ samun kang dadi/ patuladhane kuthung// tembung- tembung kang kalebu purwakanthi guru sastra yaiku ... . a. singidan – samun – dadi – kuthung b. singidan – dhedhemitan – dadi – patuladhane c. singidan – kang – patuladhane – kuthung d. dhedhemitan – kang – dadi – kuthung e. dhedhemitan – samun – dadi - kuthung4. //umpama Hongkong kuwi mung lor kali/ wis wingi-wingi/dakparani// Purwakanthi kang digunakake yaiku purwakanthi guru ... . a. swara i b. sastra t c. basa/lumaksita kali d. swara um e. sastra gKanggo nomer 5- 6, gatekna geguritan “Kangen” anggitane Edi Winarno iki! //aja nangis anakku/ ibumu isih lunga/ sedhela maneh teka/ ana nangis, anakku/ umpama Hongkong kuwi mung lor kali/ wis wingi-wingi/ dakparani //5. Ing geguritan ”Kangen”, panggurit dadi ... . a. bapak b. ibuSastri Basa /Kelas 11 71c. anak d. putu e. tangga6. Isi saka geguritan ”Kangen” yaiku ... . a. Wong tuwa iku mesthi nnduweni rasa kangen marang anak. b. Bapak kang nggoleki bojone nganti tekan lor kali. c. Susahe Bapak dening tangise anak, sebab kangen Ibune kang lagi nyambutgawe ing Hongkong. d. Ibu kang nggoleki anake tekan Hongkong sinambi nyambutgawe ing kana. e. Anak lagi kangen marang Bapak lan Ibune kang nyambutgawe ing lor kali.7. Tujuan maca endah geguritan yaiku ... . a. nemokake struktur batin geguritan b. nemokake struktur batin geguritan c. supaya sing mirsani padha nggumun lan eram marang sing maca d. bisa menehi tandha andhegan, nata napas, lan pangucapan e. sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan8. Maca endah geguritan iku kudu ... . a. banter swarane tanpaana sing bisa ngalahake b. cepet lan cetha supaya ora ngentekake wektu c. sopan, yen perlu disalini dadi basa krama dhisik d. diwaca lan diapalake geguritane, banjur ditembangake e. didhasarake wewatakan, tatakrama, sopan-santunlan njawani9. Solah bawa, obah mosike sakujur awak nalika maca endah geguritan kudu bisa ... . a. komunikatif, ekspresif, lan konsentrasi b. modulasi, intonasi, artikulasi c. tempo, diksi, ambegan d. komunikatif, modulasi, artikulasi e. dinamika, tempo, njawani10. Tuladhane enjambemen kaya ing ngisor iki, yaiku ... . a. //Dhuh Gusti/ Paringana kulakesabaran/ kanggo nerusake panguripan//.. b. //kapan nggonmu mulih/ aku ing kene ngenteni balimu // c. //aku ora weruh/ ndhik endi panggonanmu/ kaya apa kahananmu // ... d. //putih bening netes ning ndonya/ nggawe adhem ning sukma// ... e. //nanging cahyaning/ patuladhan iku kudu/ ngaton mangejawantah//11. Tuladha panganggone tandha andhegan kang artine swara munggah mendhuwur lan mandheg suwe yaiku ... . a. Saya abot √√/ daksimpen / dhewe __ _ /// b. Ndeleng √ // esemmu √√__ ///72 Sastri Basa Jawa/Kelas 11c. Aku √ / ing kene √ / ngenteni ~~ // balimu ~ /// d. Aku ~ / mung √ / eling √ / sliramu ~~ // e. Saya abot √√/ daksimpen / dhewe __ _ ///12. Kang diarani tedhak siten yaiku upacara ... . a. cedhak lemah b. mudhun lemah c. sepasaran d. lair sepisanan e. upacara slametan13. Tujuan dianakake upacara tedhak siten yaiku ... . a. Bocah bisa ngliwati tantangan ing uripe. b. Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa gawe seneng kaluwargane. c. Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis dipilih wiwit cilik. d. Bocah iku nyeker-nyeker pasir, kang nduweni teges nggolek pangan. e. Atur puji sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, dene wis menehi kekwatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan bisa urip mandiri.14. Tujuane cengkir gadhing digambari tokoh pewayangan ing upacara tingkeban .... a. Supaya bisa niru lan pinter nggambar wayang. b. Supaya sibocah mbesuk seneng marang wayang. c. Supaya sibocah ndalang wayang. d. Supaya si bocah yen lair lanang nduweni watak satriya yen wanita nduweni sifat kaya becik kaya tokoh gambar. e. Supaya si bocah bisa meranake tokoh satriya lan bisa meranake putri kang becik kaya ing gambar.15. Upacara larung sesaji biyasane dilaksanake ... . a. Wulan Januari b. Wulan April c. Wulan Besar d. Wulan Sura e. Wulan DesamberSastri Basa /Kelas 11 7316. Gatekna gambar iki! Gambar ing dhuwur nuduhake kegiatan upacara adat dhaerah ... . a. Jember b. Banyuwangi c. Tulungagung d. Pacitan e. Tuban17. Kang ora kalebu dasanamane tembung pranatacara yaiku ..... a. panata adicara b. pambagyaharja c. panata acara d. panambiwara e. pewara18. Pewara jejibahane pranatacara iku kang paling abot yaiku nalika .... a. mbukak adicara b. nutup adicara c. nata lan nulis rantamane adicara d. nata lakune adicara e. nutup adicara19. ”Para pepundhen para pinisepuh ingkang dahat kinabektern “. Ukara iki kalebu perangan .... a. salam pambuka b. atur pangayubagya c. atur pakurmatan d. atur puji syukur e. tetepungan20. Bedane teks pranatacara karo pamedhar sabda, bisa dititeni ing perangan .... a. pambuka74 Sastri Basa Jawa/Kelas 11b. rantaman adicarac. isid. panutupe. papan lungguhe21. Jinise teks pamedhar sabda iku akeh banget. Pamedhar sabda kang ngemu wigati nampa rawuhe tamu diarani .... a. atur pangayubagya b. atur panampi c. atur wilujeng d. atur pasrah e. atur pakurmatan22. ”Puput pepuntoning adicara, wus dumugi paripurnaning gati.” Ukara iki mathuke digunakake ing perangan …. a. pambuka b. atur pakurmatan c. isi d. rantaman adicara e. atur panutup23. Kang wenang medharake atur pasrah penganten kakung ing adicara manten .... a. pranatacara b. sulih kang hamangku gati c. pamedhar sabda pambagya d. sulih kadang besan e. wakil tuan rumah24. Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara iku padha karo…. a. artikulasi b. intonasi c. lafal d. vokal e. wirama gendhing25. Kang ora kalebu syarate dadi pranatacara kang gamben yaiku .... a. wasis ing olah basa lan sastra b. sugih ing kawruh c. besus ing busana Sastri Basa /Kelas 11 75d. tansah ngugemi subasita e. nuhoni trah utamiII. Wangsulana kanthi patitis!1. Apa bedane geguritan lan tembang iku? Jlentrehna!2. Kepriye carane supaya ngerteni isi lan piweling sajroning geguritan?3. Terangna apa sing diarani ; dhiksi, tempo, dhinamika lan modhulasi ing teknik maca endah geguritan iku?4. Sapada geguritan iki wenehana tandha andhegan manut interpretasimu! sapa ngira bocah sing lugu kae bisa nggambar langit bisa njaring angkasa sapa sing ngira 5. Aranana tuladhane upacara tradhisi ing dhaerahmu ? 6. Apa maksud lan tujuane dilaksanakake upacara adat bersih desa? 7. Aranane apa bedane teks panatacara lan pamedhar sabda! 8. Apa bae syarat-syarate dadi panatacara? 9. Jlentrehna perangane struktur teks panatacara! 10. Gawea teks panatacara adicara upacara tradhisional temantenan!76 Sastri Basa Jawa/Kelas 11WULANGAN 4 TUNTUNAN JRONING TONTONAN Kompetensi Dasar dan Indikator: 3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks drama, prosa atau puisi sesuai kaidah . 3.1.2 Mengidentifikasi struktur teks drama. 3.1.3 Menganalisis struktur teks drama 3.1.3 Menganalisis unsur kebahasaan teks drama 3.1.4 Menganalisis pesan moral teks drama. 3.1.5 Menganalisis relevansi isi teks drama dengan kehidupan. 4.1 Menginterpretasi, menanggapi dan memperagakan teks drama, puisi, dan prosa sesuai isi dengan bahasa yang komunikatif. 4.1.1 Mengalihwacanakan (mengubah) teks prosa menjadi teks drama sesuai kaidah. 4.1.2 Mendeskripsikan struktur teks drama dalam rencana pementasan. 4.1.3 Mementaskan teks drama secara berkelompok. 4.1.4 Memberikan komentar penampilan teman dalam bermain drama.Mbabar Wawasan Pasinaon iki nyuguhake wacan kanthi tema ”Tuntunan Jroning Tontonan”minangka sarana kanggo nyinaoni teks drama. Minangka salah sijine asil kasusastran,lumrahe kajaba kanggo lelipur teks drama uga mujudake srana kanggo tuntunan. Akehbab wigati kang bisa kapethik saka teks drama. Diajab sarampunge nyinaoni teksdrama, para siswa bisa trampil nyurasa, nyipta, maragakake apa dene nyaruwepementasan drama. Kajaba nyurasa tumekane nyaruwe uga ana gladhen kang bisadigarap kanthi kelompok lan gladhen kang kudu digarap mandhiri. Sadurunge nyinautuntunan jroning tontonan, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Apa para siswa tau ndeleng pamentasan drama Basa Jawa? 2. Yen tau ndeleng pementasan drama, lakone apa? 3. Ing kegiatan apa pamentasan drama sing kodeleng? 4. Sapa bae paraga ing drama sing kodeleng? 5. Critakna cekak aos bae isine drama sing kodeleng?Sastri Basa /Kelas 11 77Pasinaon 1 : Modhel Teks PinilihGambar:4.1 rumah sangkala.blospot.com Gambar:4.2Gambar: 4.3Judul : Anak KolongPenulis : Mty AnggoroAdegan 1Wayah bedhug tengange , ana pemulung loro rumangsa bungah atine sinambi ngetungdhuwit mulih menyang gubuge.1 Ayu : Enak tenan….2 Desi : Yen ben dina ngene iki wahhh......jaaann…3 Ayu : Edan tenan…78 Sastri Basa Jawa/Kelas 114 Desi : Lho, kok edan…?5 Ayu : Ya, edan…mosok ben dina wong kon ngrongsok barange ? Ora mungkin ta ?6 Desi : Ya mungkin wae ?7 Ayu : Wis…wis…ngomong sing mungkin – mungkin wae !8 Desi : Contone ?9 Ayu : Mak…iki dhuwite , Maaak !10 Ayu : Luwe, Mak ! ( arep mlebu gubug dicegat bocah njur ngrebut dhuwite )11 Desi : ( arep mlebu gubug ) mangaaaannnn …..( ora sida)12 Bocah : Mandheg! Kene! Kene, endi asile!(ngrebut dhuwite)13 Ayu+Desi : Aja-aja…! Penak tenan kowe!14 Bocah : Kene! Oleh ra?15 Ayu : Ora gelem kangelan kok gelem penake. Enak tenan!16 Desi : Ora gelem ngalih iki tampanana! (Muni ngono karo nendhang, sakala bocah lanang glangsaran, bocah loro nyekethem dhuwit kang bisa dislametake, banjur dilebokake celengan kaya biyasane)17 Koor : Matur nuwun Gusti…….(padha nyekel wetenge banjur mbengok)18 Koor : Maaaak….luwe Maaak….mangaaaaaan….(Bocah loro umek ana njero gubug, sedhela maneh banjur mangan telap-telep)Adegan 2Ana pengamen loro katon seneng – seneng ngetung dhuwit oleh - olehane19 Eka : (Nyanyi – nyanyi sinambi ngetung dhuwit ) Wadhuuuh…akeh banget !!!! Weh…weh…. bingung ngetung…20 Pinah : Kene, taketunge ! ( karo ngrebut ) Dhasar ra tau mangan sekolah!21 Eka Nyooooh...., sing tau mangan sekolah !22 Pinah : Sekolahe mbahmu apa ? ( lelorone ngguyu cekakakan ) Alhamdulillaaaah….rejeki nomplok ! Ngimpi apa sewengi ?23 Eka : La wong ya tanggal nom?24 Pinah : Ya, wong – wong rung patek butuh dhuwit !25 Eka : ( sinambi ngetung ) Mak….dhuwite uuuuakeh, Maaak !26 Pinah : Maaak…setor!! ( Nggoleki emak menyang mburi, weruh kancane mangan ana pojokan , banjur mbengok) Mangaaannn!!27 Eka : ( Ndeleng Pinah mlayu menyang gubug, Eka melu mlayu ) Serbuuuu!! ( ana gubug nesu – nesu amarga lawuhe kari thithik ) Sastri Basa /Kelas 11 79Waspadakna gambar 4.1, 4.2, lan 4.3 sepisan maneh! Manawa dijingglengi cethagambar ing dhuwur nuduhake anane pementasan drama. Kaya kang wis tau karembuging wulangan kelas X, minangka teks crita naratif, teks lakon nduweni struktur utawawangunan kang dumadi saka:a) jejer (orientasi), yaiku perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga,swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure,b) pasulayan (komplikasi), yaiku dumadine perkara kang kudu diadhepi dening paraparaga, lanc) pangudhare prakara (resolusi), yaiku pungkasan karampungane pasulayan utawadredah. Yen teks lakon dipentasake kaya kang kacetha ing gambar ngarep, bakal kitatemokake struktur drama kang luwih cetha. Karepe bisa dideleng saka polahe paraga,dirungokake saka pacelathone paraga, dirasakake saka kahanan kang dumadi, lansapanunggalane. Murih gamblange para siswa becike ndeleng pamentasan sacaralangsung utawa ndeleng video drama. Ewa dene ing wulangan iki bisa karembugsarana njingglengi gambar lan teks wacan kang sumadya.Garapan 1: Nganalisis Struktur Teks DramaSetitekna gambar lan pethikan teks drama kanthi irah-irahan ”Anak Kolong” kasebut,banjur jangkepana tabel ing ngisor iki!No. Paraga Watak Ukara kang nuduhake1 .................... .................... .................................................2 .................... .................... .................................................3 .................... .................... .................................................No. Setting Katrangan Ukara kang mbuktekake1 Wektu .................... .................................................2 Kahanan .................... .................................................3 Panggonan .................... .................................................80 Sastri Basa Jawa/Kelas 11No. Properti Katrangan 1 Piranti ...................................................................... 2 Busana/paes ...................................................................... 3 Panggung ......................................................................Garapan 2 : Nganalisis Unsur Basa Sajrone Teks DramaGambar: 4.4 –chic-id.com Gambar: 4.5 Yen kita waspadakake gambar 4.4 lan 4.5, cetha beda patrap sarta kahananparagane. Kanthi patrap lan kahanan kang beda, njalari bab kang karembug sartacarane rembugan uga beda. Bab iki cundhuk karo rasa pangrasane. Kaya kang wus taukarembug ing wulangan bab teks lakon ing kelas X, unsur basa sajrone teks dramapancen beda yen dibandhingake karo basa gancaran, amarga basa teks drama sipatelesan. Sabanjure tindakna pakaryan iki:a. Adhedhasar gambar 4.4 lan 4.5, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Manut panemumu apa kang dirembug paraga ing gambar 4.4? 2. Manut panemumu kepriye kahanane paraga ing gambar 4.4? 3. Manut panemumu apa kang lagi dirasakake dening paraga ing gambar 4.5? 4. Senajan ijen, manut panemumu kira-kira apa kang dipikir dening paraga ing gambar 4.5? Sastri Basa /Kelas 11 815. Geneya wangsulanmu ( nomer 4) mangkono?b. Adhedhasar wangsulan-wangsulanmu, gawea pacelathon kang mathuk karo patrape paraga ing gambar 4.4 lan 4.5!Garapan 3: Ndhudhah Nilai Moral ing Teks Drama Wis kaandharake manawa temane wulangan iki tuntunan jroning tontonan.Drama minangka tontonan kang dipentasake kajaba bisa kanggo lelipur uga nduwenibab penting kang bisa dipethik. Sabisa-bisane nalika ndeleng pementasan drama kitauga bisa methik nilai moral lan amanate, saengga drama nduweni daya piguna tumrapurip bebrayan. Nilai moral iku kaperang dadi patang jinis, yaiku moral marang Gusti Kang MahaKuwasa, moral marang sapadha-padhane manungsa, moral marang dhiri pribadi, lanmoral marang alam lingkungan.Semaken teks drama ing ngisor iki!Adegan 3Pengamen Lan Pemulung Tukaran Rebutan Panganan.28 Pinah : ( ngroyok lawuhe kancane) Peh, enak tenan….!29 Eka : Enak tenan …! Enaaak, ….! (Spontan Ayu lan Desi nesu - nesu)30 Ayu : He, aja lecetan ya !31 Desi Balekna ! Balekna!32 Pinah : Balekna, balekna? Lha wong wis dileg kongkon mbalekne! Kon mutah, piye ?33 Ayu Awas, ya ! Awas, kowe ya…!Adegan 4Bocah Asongan Teka Nanging Ora Bisa Misah34 Ijah : Hoe…ngisin – ngisin! Gerang – gerang rebutan panganan! Ra isin ta dideleng wong akeh ? Kana ! Kana!35 Eka : Kana – kana , piye?36 Pinah : Ora ngerti prekarane kok kana – kana !?37 Ijah : Ya wis...ta, mbok ya wis, yen wis dipangan ya wis!38 Pinah : Bener ! Wis dipangan ki ya wis !39 Pinah : Mosok dikongkon muntah ?40 Ijah : Mbok ya aja kaya wong sing gak tau mangan !Ijah Rumangsa Ra Bisa Misah Bocah – Bocah Kang Padha Tukaran, Banjur KlepatMetu41 Ijah : Walaaah…dipisah ra kena, dituturi ra nggugu, ya wis ! ( klepat banjur emak teka)82 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Adegan 5Emak Nuturi Bocah – Bocah Lan Nyaritakake Asal – Usule Biyen42 Emak : Ana apa ta? He, ana apa ? ( Kabeh ora nggubris malah tukaran meneh )43 Emak : Jah, kancane dha tukaran kok ra mbokpisah, piye ta Jah ?44 Ijah : Percumah, Mak.!45 Emak : He, ana apa ta? Ya wis, yen ra kena dituturi, dakminggat !46 Koor : Maaaak ! ( kabeh nubruk emak )47 Emak : Ya, wis….( emak njegreg)47 Emak : Ya wis, bocah – bocah…kowe aja sok aji mumpung ! Emak seneng ndeleng kowe sregep nyambut gawe, kaya – kaya sesuk ora bakal mati. Nanging, isih ana kewajiban utama kang isih kudu koktindakake .48 Koor : Maaakk…( kabeh ngrungket emake )49 Emak : Sejatine kowe kuwi anake sapa , ora penting. Sing penting tugasmu ndongakake, muga – muga wong tuwamu diparingi apura Gusti Allah, sih urip apa dene wis mati..50 Koor : Maaak… ( kabeh rumangsa getun )51 Emak : Emak seneng ndeleng kowe kabeh sregep lan rukun. Ngetus kringet trutusan turut lurung. Amarga kringete dhewe mono luwih seger tinimbang nyecep kringete wong liya.52 Koor : Maaakkk....( Kabeh njaluk salaman karo emak)53 Emak : Sadhar yen duwe salah kuwi luwih penting tinimbang mung ngajak salaman wae !.54 Koor : Maaak….sepurane ya maaakk..…55 Emak : Ya wis, kae ….upa – upa sing kececeran kae jumputana, yen kokpangan kanthi rasa syukur bakal akeh mupangate. Kana...ora sah nangis terus....mesema...amarga mesem iku nuwuhake kedamaian, ngguyu bisa nuwuhake bahagia!Sarampunge nyemak teks drama ing dhuwur, jangkepana tabel ing ngisor iki!No. Piwulang Moral Kutipan Teks1 Moral marang Gusti ....................................................................... Kang Maha Kawasa .......................................................................2 Moral marang ....................................................................... sapadha-padhane ....................................................................... Sastri Basa /Kelas 11 83manungsa ....................................................................... .......................................................................3 Moral marang dhiri .......................................................................... pribadi ..........................................................................4 Moral marang alam lingkunganGarapan 4: Nganalisis Relevansine Teks Drama karo Jaman Saiki Minangka asil kasusastran kang tuwuh lan ngrembaka ing alam bebrayan, teksdrama kang dadi tontonan lan ngandhut tuntunan, mesthi wae bisa ngalami owah-owahan kahanane. Owah-owahan bisa magepokan karo isine crita, piranti kanggomentasake, carane mentasake, lan sapanunggalane. Mligi bab isine crita, gandhengkaro ngrembakane jaman mesthi ana crita kang isih cocog karo kahanan jaman saiki.Kosok baline uga ana crita kang wis ora cocog utawa ora lumrah kedadean ing jamansaiki. Kang mangkono bisa kita jlimeti teks drama kang dipentasake apa dene sakawacan kang kaandharake.Tindakna pakaryan iki:(1) Yen para siswa wis ngrampungake garapan 4, coba terangna bab-bab kang isih relevan ing crita mau karo jaman saiki!(2) Semaken teks drama ing ngisor iki, banjur terangna perangan endi kang isih cocog karo kahanan jaman saiki lan endi kang ora cocog karo jaman saiki! MINAK JINGGA LENA Naskah Drama Tradisional (Kaanggit Dening: Akhmad Winarto)84 Sastri Basa Jawa/Kelas 11BABAK IParaga:1) Ratu Kencana Wungu, 2) Patih Logender, 3) Minak Koncar, 4) Arya Dhaha, 5) PatihAngkat Buto, 6) Patih Renggut Muko.Kawontenan:Ing pasewakan agung Kraton Majapahit, Ratu Kencana Wungu ngrembag kahananingpraja kaliyan Patih Logender lan Minak Koncar.Antawacana: : Kula, pun Patih Logender (kanthi gela-gelo) ngaturaken Patih Logender sembah pangabekti Kanjeng Ratu.Ratu Kencana Wungu : Iya paman Patih Logender, daktampa sembah bakti sira, ora liwat pangestuku tampanana!Patih Logender : Matur nuwun Kanjeng Ratu, Pangestu panjenengan kula pundhi, kula kancing ing gelung minangka jejimat anggen kula ngabekti ing Majapahit.Sindhureja : Kula Sindhureja, mentri mamanca negara ing brang kilen, ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk Gusti Ratu Kencana Wungu.Ratu Kencana Wungu : Dak tampa sembah bektinira, puja pangestuku tumanduk marang sira.Minak Koncar : Semanten ugi, kula inggih ngaturaken sembah pangabekti Kanjeng Ratu Kencana Wungu.Ratu Kencana Wungu : Dhawah sami-sami Paman Minak Koncar. Panjenengan minangka sesepuhing praja, kula suwun ampun kendhat paring pitedah lan panyaruwe dhumateng kula!Minak Koncar : Pancen awrat jejibahan menika, ananging tetep badhe kula sandhang kanthi suka rena, jumbuh kaliyan kadiwasaning pikir lan kawasisan kula.Ratu Kencana Wungu : Sabanjure...,kepriye kahanan para nayaka lan kawula ing Majapahit, Paman Patih?Patih Logender : Para nayaka sami gumregut anggenipun makarya, mboten wonten ingkang nilaraken jejibahanipun. Kahananing para kawula wiwit kutharaja ngantos karang padesan, sedaya sami sarwi cekap mboten wonten ingkang nandhang kacingkrangan. Liripun, loh subur kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sami tinumbas, Kanjeng Ratu.Sindhureja : Menika leres Kanjeng Ratu. Rumiyin pancen wonten kraman ing tlatah Gelang-Gelang. Ananging samenika sampun Sastri Basa /Kelas 11 85saged kula rampungi. Mila samenika ing brang kilen kahananipun ayem tentrem. MBoten wonten colong-jupuk, pek pinek barange liyan. Menika sedaya saged dumados, awit minangka songsong agung ing Majapahit, Panjenengan sampun njejegaken pusaraning adil, Kanjeng Ratu.Ratu Kencana Wungu : Matur nuwun paman Patih lan Kakang Sindhureja. Lajeng kados pundi pamanggih Paman Minak Koncar?Minak Koncar : Saderengipun kula matur, kula nyuwun gunging samodra pangaksami, mbok menawi atur kula mangke mboten dados renaning penggalih Panjenengan.Ratu Kencana Wungu : Mboten dados menapa, sanadyan pait pindha butrawali dhawuh pangandika Panjenengan…tetep badhe kula dhahar. Awit, Panjenengan sampun kula anggep minangka tiyang sepuh kula piyambak.Minak Koncar : (atos-atos anggenipun ngendika). Miturut pamawas kula, pancen leres ing Majapahit samenika nembe manggihi karaharjan. Ananging…?Ratu Kencana Wungu : Ananging menapa paman? Panjenengan kula aturi blaka mawon! Bab menapa ingkang taksih kirang?Minak Koncar : Majapahit samenika kados dene rembulan ingkang nembe ndadari, sunaripun padhang nukulaken raos ayem tentrem. Kahanan menika badhe tansaya ngrembaka sae, kalamun kawimbuhan wontenipun srengenge sumunar, ingkang saged nukulaken raos greget lan nyuburaken tetuwuhan.Ratu Kencana Wungu : Kula ngertos ingkang Panjenengan kersakaken, ananging srengenge menika medal lan angslupipun mboten saged dipun age-age lan dipun penggak. Mbok menawi pancen dereng dhawah titi mangsanipun kula sinandhing priya ingkang saged dados srengenge ing Majapahit menika…paman.Minak Koncar : Lajeng kados pundi kekancingan panjenengan, bab won- tenipun nawala saking Minak Jingga ing Blambangan ingkang nagih janji Panjenengan.Patih Logender : Nuwun sewu Kanjeng Ratu, kepareng kula sumela atur!Ratu Kencana Wungu : Iya dak keparengake, enggala matur!Patih Logender : (sirahipun gela-gelo, solahipun nedahaken tiyang culika/ licik). Menika ingkang dipun rembag bab srengenge ing Majapahit lho. Manawi Kanjeng Ratu menika kaparibasakaken rembulan purnamasidi, mila srengenge86 Sastri Basa Jawa/Kelas 11ingkang nyandhing inggih kedah srengenge ingkang mboten kenging grahana.Ratu Kencana Wungu : Nanging Minak Jingga iku wis menang sayembara. Pan- jenengan ingsun wis janji, ”Sok sapa wae sing bisa numpes Kebo Marcuet sing mbalela, bakal daksuwitani minangka garwaningsun”.Patih Logender : Leres,leres, leres, panjenengan leres. Minak Jingga pancen sampun saged mupu sayembara. Ananging panjenengan ugi kedah ngertos, wujudipun Minak Jingga utawi Joko Umbaran samenika kados pundi? Mila kala wau kula umpamakaken kados srengenge ingkang kenging grahana, awit sasampunipun perang tandhing kaliyan Kebo Marcuet, raganipun Minak Jingga risak mboten kantenan. Wujudipun nggegirisi, ala tanpa rupa.Minak Koncar : Sabda pandhita ratu iku ora bisa diselaki.Patih Logender : Leres, leres,leres, panjenengan leres. Ananging, menawi sabda menika badhe nukulaken prahara, sabda menika inggih kedah dipunjugaraken. Kita kedah migunakaken kawicaksanan, awit kawicaksanan menika mapanipun sainggiling kaleresan. (kendel sawatawis) Panjenengan menapa mboten mesakaken Kanjeng Ratu Kencana Wungu? Menapa panjenengan mentala mirsani Kanjeng Ratu ingkang sulistya ing warna sesandhingan kaliyan wewujudan ingkang ala tanpa rupa? Kados pundi mangke ombyaking para kawula, menawi nyumerapi rajanipun ingkang nggegirisi, nggilani? Kados pundi mangke kuceming asma Praja Majapahit, kalamun kayoman srengenge ingkang nandhang grahana?Ratu Kencana Wungu : Banjur kepriye panemumu Paman Patih?Patih Logender : Menika gampil, panagihipun Minak Jingga dipun tampik mawon, Minangka gantosipun … Minak Jingga dipun paringi mas picis raja brana ingkang kathah. Bab srengenge ing Majapahit, Panjenengan mboten prelu was sumelang. Awit mboten tebih saking mriki, ing kepatihan wonten srengenge kembar ingkang siyaga pinilih nyandhing panjenengan lan madhangi Majapahit manawi panjenengan kersakaken.Minak Koncar : (kanthi mesem) Sing kokkarepake srengenge kembar iku apa Layang Seta lan Layang Kumitir putramu dhewe?Patih Logender : Leres…leres…leres, Panjenengan leres. Layang Seta lan Layang Kumitir pancen yoga kula piyambak. Ananging, Sastri Basa /Kelas 11 87anggen kula nyadhongaken Layang Seta utawa Layang Kumitir minangka calon garwa Kanjeng Ratu Kencana Wungu, menika mboten kok lelandhesan awit kula tiyang sepuhipun Layang Seta utawi Layang Kumitir. Ananging, jalaran miturut paningal kula Inggih namung Layang Seta utawa Layang Kumitir ingkang pantes sesandhingan Kaliyan Ratu Kencana Wungu. Kanjeng Ratu sulistya ing warna prasasat Bethari Ratih, dene Seta utawi Kumitir prasasat Bethara Kamajaya mangejawantah.Minak Koncar : Babagan rupa pancen ora nguciwani, nanging ing babagan kadiwasaning pikir, kaweruh, lan kaprigelan nata praja mbok menawa Layang Seta lan Layang Kumitir isih kurang.Patih Logender : Leres, leres, leres, panjenengan leres. Ananging, kaweruh menika saged dipunundhakaken kanthi sinau. Benten kaliyan rupa, mboten saged dipunundhakaken malih.(Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko mlebet minangka utusan saking Blambangan, sasampunipun lenggah lan nyembah pakurmatan lajeng matur)Patih Logender : Pawongan, kowe iki sapa? Jalaran aku lagi weruh iki.Patih Angkat Buto : Nggih. Tepangaken, nami kula Angkat Buto.Patih Renggut Muko : Nami kula Renggut Muko.Patih Angkat Buto : Pangkat Patih saking Kadhipaten Blambangan.Patih Logender : Ana wigati apa?Patih Renggut Muko : Sowan kula badhe pinanggih kaliyan sesembahan ing Majapahit ingkang asmanipun Kanjeng Ratu Kencana Wungu.Ratu Kencana Wungu : Oooo....... Angkat Buta lan Renggut Muko, patih saka Blambangan, ya aku iki pangayoman ing Majapahit kang aran Ratu Kencana Wungu.Patih Angkat Buto : Ngaturaken sembah bekti.Patih Renggut Muko : Kula ugi ngaturaken sembah bekti, Kanjeng.Ratu Kencana Wungu : Ya, ya,ya dak tampa, ora liwat puja pangestuku tampa- nana. Banjur tumekamu ing kutha raja Majapahit nduweni karep apa?Patih Angkat Buto : Tebih saking Blambangan, ngemban dhawuhipun KanjengAdhipati Minak Jingga kula dipunutus nyuwun pirsa utawi nyuwun wangsulan bab nawala panagih janji, ingkang kaaturaken dhumateng panjenengan rumiyin…Kanjeng Ratu.Ratu Kencana Wungu : Iki kepriye Paman Minak Koncar lan Paman Patih?Minak Koncar : Bab menika mangga kersa Panjenengan, awit ingkang badhe nglampahi inggih Panjenengan.88 Sastri Basa Jawa/Kelas 11Patih Logender : Mumpung dereng klebus sedaya, kula aturi mentas ma- won. Menawi kalajengaken ambyur, mangke Panjenengan ingkang sengsara salaminipun. Sampun ta…pasrah kula mawon! Kula, mangke ingkang nata!Ratu Kencana Wungu : Yen ngono, purba wasesa dak pasrahake marang sira!Patih Logender : Matur nuwun kapitadosanipun Kanjeng Ratu (kalih nyembah).Sindhureja : Kula aturi atos-atos kakang Patih, Panjenengan sakmenika nyepeng purba wasesa… Panjenengan kedah saged migunakaken kanthi wicaksana!Patih Logender : MBoten sisah was sumelang! Tumrapipun Patih logender, bab menika …emm prekawis alit! (kalih mlengos) He..Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko! Sira wis krungu dhewe, yen perkara iki wis dadi tanggung jawabku. Mula gatekna andharanku iki!Patih Renggut Muko : Inggih, badhe kula semak kanthi premati.Patih Logender : Ing sakawit, sejatine Kanjeng Ratu Kencana Wungu lan sagung nayaka praja wis sarujuk yen Ratu Kencana Wungu lan Adhipati Minak Jingga bakal jejodhoan. Ananging, miturut para aji sepuh kang sidik ing paningal lan pana ing pamawas, ”Jejodhoan ing antarane Ratu Kencana Wungu lan Adhipati Minak Jingga ora bisa dibacutake, jalaran miturut petungan Jawa neptune dina priyayi agung kekalih jebule ketemu selawe utawa kasebut geing, awit Kanjeng Ratu Kencana Wungu lahir dina Anggara Cemengan lan Adhipati Minak Jingga lahir dina Tumpak Jenar ”.Patih Renggut Muko : Menawi pranyata kados mekaten, pancen mboten saged kalajengaken. Awit, yen kalajengaken mesthi nukulaken prahara ingkang ageng.Patih Logender : Minangka patukon kanggo ngurangi rasa cuwa penggalihe Adhipati Minak Jingga sing wis kasil merjaya Kebo Marcuet, Kanjeng Ratu Kencana Wungu kersa paring bebana mas picis raja brana satimbang karo lelabuhane Adhipati Minak Jingga.Patih Angkat Buto : Terang trawaca dhawuh pangandika panjenengan, bab menika badhe kula aturaken Adhipati Minak Jingga ing Blambangan.Patih Renggut Muko : Sarehne sampun cekap anggen kula sowan, mila keparenga kula nyuwun pamit.Ratu Kencana Wungu : Ya…dak keparengake. Sing ati-ati ya!(Patih Angkat Buto lan Patih Renggut Muko nyembah atur pakurmatan lajeng medal) Sastri Basa /Kelas 11 89Sindhureja : Ing batos, kula kokkraos mboten sekeca.Minak Koncar : Dak kira perkara durung bakal rampung. Awit, saelingku Kanjeng Ratu Kencana Wungu iku miyos dina Wrespati Palguna dudu dina Anggara Cemengan. Kamangka, Adhipati Minak Jingga ing Blambangan iku kondhang minangka priyayi kang pinter, dadi ora gampang kokapusi kaya utusan saka Blambangan loro iki mau. Sing ati-ati lho Patih!Patih Logender : Leres…leres…leres, Panjenengan leres. Ananging, tumpraping Patih Logender…Bab menika prekawis gampil. Panjenengan mboten sisah sumelang, sedaya mangke saged kula rampungi. Pancen Minak Jingga sugih kasekten, ananging niki mangke bakal kawon kalih rekadayane Patih Logender (gela-gelo) Hee..hee…hee...Ratu Kencana Wungu : Ya wis, saiki dak ambali maneh. Kanggo ngrampungi prakara iki, purba wasesa dakpasrahake marang sira! Pasewakan kabubarake!(Ratu Kencana Wungu jumeneng lajeng medal, Minak Koncar lan Patih Logendernyembah atur pakurmatan lajeng medal)Bausastra : dijunjung, dikurmatipundhi : tali, pangiketkancing : kondhegelung : panguwasa, wewenang, dikuwasanipurba wasese : barang kang dianggep nduweni kakuwatanjimat : lair, tumurunmangejawantah : matenimerjaya : isin, lingsemkuceming : mbantah, mbangkang, ngramanmbalela : cara, upayarekadaya : layang, suratnawalaWangsulana pitakon-pitakon iki kang gegayutan karo teks ing dhuwur! 1. Sapa asmane ratu kang murba wasesa kraton Majapait? 2. Sang ratu kagungan patih, sapa asmane? 3. Kepriye watake Patih Logender? 4. Sapa Minak Koncar kuwi? 5. Apa kang dikarepake ”surya sakembaran”?90 Sastri Basa Jawa/Kelas 116. Apa sebabe Adhipati Minak Jingga kirim utusan menyang Majapahit?7. Sapa sing diutus Adhipati Minak Jingga?8. Apa sebabe jejodhoan antara Ratu Kencana Wungu lan Adhipati Minak Jingga ora dibacutake?Pasinaon 2: Makarya Bebarengan Sawise nyurasa bab-bab kang gegayutan karo struktur teks lan unsur basasajrone teks drama, ing pasinaon iki para siswa bakal kaajak makarya bebarengan. Ingpasinaon siji teks drama kang karembug wis kasedhiyakake, kepriye yen ing pasinaoniki para siswa kudu nyawisake teks drama? Kanthi sesurupan lan rasa pracaya marangkabisane dhewe kaajab para siswa bisa medharake rasa pangrasa lan pamikir wujudteks drama. Kepriye carane?Garapan 1: Ngrakit Teks Drama Teks drama mujudake salah sawijining rumpakan karya sastra kang lumrahedipentasake. Teks drama bisa dikarang sapa wae adhedhasar pengalamane dhewe-dhewe.Teknik ngrakit teks drama bisa katindakake kanthi cara: 1. Langsung, nemtokake tema, paraga, konflik, amanat, lan anta wacana. 2. Transformasi, ngowahi wujud karya gancaran menyang wujud pacelathon. Sing wigati nalika ngowahi gancaran menyang wujud teks drama, ora ngowahi tema, paraga, setting lan amanate. Dene alure bisa owah. Aja lali menehi kramagung. 3. Njarwakake (terjemahan) teks drama kang nggunakake basa saliyane basa Jawa dadi teks drama basa Jawa.Tindakna pakaryan iki: Cerkak ing ngisor iki wacanen kanthi patitis, sabanjure owahana dadi wujud teks drama kaya teknik kang wis kaandharake! Garapen pakaryan iki kanthi bebarengan sajroning klompok!Pahlawan LungsuranMty AnggoroCrita iki kedadeyane wis suwe. Nanging babar pisan aku ora bisa nglalekake.Jane mono crita iki blas ora nyenengake. Ya merga ora nyenengake kuwi sing malahkaya mancep ing atiku. Yen bisa ngono pengin dakkipatake saka angen-angenku.Saben kelingan aku ya rada kudu ngguyu nanging uga nggawe anyele atiku.Piye nggonku ora anyel? Anyel marang awakku dhewe. Dadi bocah kok katrok,ndhesit, kampungan lan ngisin-ngisini. Jane ngono aku ora kepengin kaya wong-wong

Sastri Basa /Kelas 11 91