Pitakon teruse apa bedane ludruk lan kethoprak sing paling pokok

File loading please wait...
Citation preview

IX

Kirtya Basa Hak Cipta © 2015 Tim Penyusun: Drs. Sunardi Dra. Rini Muwarti Dra. Agus Windarti, M.Pd Dra. Umi Nayirotin Drs. Samsul Hadi Drs. Yusuf Budi Santosa Wahyu Widiwibowo, S.Pd Editor/Penyelia: Dra. Sri Sulistiani, M.Pd Penerbit Isi

: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur : x, 148 hal

ISBN 978-602-xxxx-xx-x

9

7 8 6 0 2 7

8 3 1 2 9 2

Dilarang memperbanyak atau memindahkan sebagian atau seluruh isi buku ini dalam bentuk apapun, baik secara elektronis maupun mekanis, termasuk memfotokopi, merekam atau dengan sistem penyimpanan lainnya, tanpa izin tertulis dari penerbit

KATA PENGANTAR KEPALA DINAS PENDIDIKAN PROVINSI JAWA TIMUR Alhamdulillah buku Kirtya Basa sudah selesai disusun dan diterbitkan. Buku ini disusun dengan berpedoman pada Peraturan Gubernur No. 19 Tahun 2014 tentang Mata Pelajaran Bahasa Daerah sebagai muatan lokal wajib di Sekolah/Madrasah. Pergub tersebut memberikan pegangan hukum yang kuat bagi guru-guru untuk melaksanakan dengan sungguh-sungguh pembelajaran bahasa daerah. Sebagai tindak lanjut, buku ini disusun untuk menyelesaikan masalah ketiadakan buku ajar seiring dengan terbitnya Pergub dan diharapkan dapat diterima dan digunakan dalam pembelajaran di sekolah/madarasah di wilayah Jawa Timur. Terima kasih disampaikan kepada tim penyusun yang telah dengan kesungguhan menyelesaikan buku ini. Kerja sama Tim Eksternal sebagai penyusun bersama-sama dengan Tim internal Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur telah mampu menghasilkan karya yang bermanfaat bagi pembentukkan budi pekerti dan karakter generasi muda lewat jalur pendidikan formal di sekolah/madarasah. Kesempurnaan buku ini adalah tujuan dari penyusun dan pengguna buku ini. Akan tetapi, buku ini masih memiliki kekurangan. Karena itu, kritik, saran, dan masukan dari berbagai pihak yang peduli terhadap pelestarian, pengembangan, dan pemertahanan bahasa Daerah sebagai salah satu budaya bangsa ini sangat diharapkan. Insya Allah pada kesempatan lain buku ini akan disempurnakan dengan mengakomodasi masukan dari berbagai pihak.

Surabaya, Nopember 2015 Kepala Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur,

Dr. Saiful Rachman, MM.,.MPd Pembina Utama Madya NIP. 19590503 198503 1 018

Atur Sapala Isinipun buku Kirtya Basa punika sampun katitipriksa dening para ahli Basa Jawi saking Universitas Negeri Surabaya (Unesa). Buku punika dipunserat dening para ahli Basa lan Sastra Jawi alumni saking Universitas Negeri Surabaya (Unesa). Isi umumipun sampun katiti priksa dening Drs. Sukarman, M. Si. (Ketua Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Program Studi

Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni (FBS), Universitas Negeri Surabaya (Unesa) lan Ketua Tim Penyusun Kurikulum Bahasa Daerah Kantor Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Timur). Wondene babagan Kebahasaan (Linguistik), Sastra, lan Metodologi Pembelajaran sampun dipuntitipriksa dening Dra. Sri Sulistiani, M. Pd. (Sekretaris Jurusan, Dosen Bahasa, Sastra, dan Metodologi Pengajaran saking Jurusan Bahasa dan Sastra

Daerah, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni FBS, Universitas Negeri Surabaya - Unesa). Kanthi asil paniti priksa kasebat dipunajab sageda murakabi kangge srana sinau Basa Jawi tumrapipun para siswa lan saged mbiyantu para kadang dwija anggenipun nggulawenthah siswasiswinipun ing jagading piwucalan Basa Jawi. Salaras kaliyan owah gingsiripun kurikulum pendhidhikan, buku punika sampun kacundhukaken kaliyan Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan Mulok Bahasa Daerah 2013. Manut asil paniti priksa, isinipun buku punika sampun salaras kaliyan kurikulum enggal ingkang dipunginakaken ing sekolahsekolah wekdal samangke. Isinipun buku punika sampun kasusun lelandhesan kaliyan Standar Kompetensi Lulusan (SKL), Kompetensi Inti (KI) lan Kompetensi Dasar (KD), sarta ngagem paugeran ingkang sampun dipunsusun dening Badan Standar Nasional Pendidikan (BSNP). Mugi-mugi kanthi wontenipun buku punika saged mbiyantu para siswa, kadang dwija, lan sutresna Basa Jawi anggenipun marsudi basa, sastra, lan kabudayan Jawi supados saged ngrembaka lan lestantun. Surabaya, September 2015 Paniti Priksa Drs. Sukarman, M. Si./ Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. (Ketua dan Wakil Ketua Tim Penyusun Kurikulum Mulok Bahasa Daerah Kanwil Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Timur 2014

Atur Pangiring Puji syukur konjuk wonten ngarsanaipun Gusti ingkang Maha Kuwaos dene panyerat sampun saged ngrampungaken buku Basa Jawi Kirtya Basa kangge para siswa Sekolah Menengah Pertama ( SMP) / Madrasah Tsanawiyah (M.Ts) Wiwit taun pelajaran 2014/2015, piwucalan Basa Jawi SMP/M.Ts sampun ngginakaken kurikulum enggal inggih punika KTSP Mulok Bahasa Daerah 2013. Lelandhesan Peraturan Gubernur No. 19 Tahun 2014 Mata Pelajaran Bahasa Daerah Sebagai Muatan Lokal Wajib di Sekolah/ Madrasah kanthi alokasi wekdal 2 (kalih) jam pelajaran satunggal minggunipun. Kangge njangkepi srana piwucalan Basa Jawi ing SMP/M.Ts panyerat nganggit buku ajar Basa Jawi Kirtya Basa punika. Buku punika kasiyapaken kangge nyengkuyung kawicaksanan KTSP 2013. Salaras kaliyan Peraturan Menteri Pendidikan No. 64 Tahun 2013, , ingkang ngrembag bab Standar Kompetensi Lulusan (SKL), paring amanat bilih Buku Teks Pelajaran kedah ngagem acuan dhumateng Standar Kompetensi Lulusan (SKL) lan Kompetensi Inti (KI) lan sarta ngagem paugeran ingkang sampun dipunsusun dening Badan Standar Nasional Pendidikan (BSNP). Wondene Permendikbud No. 71, Tahun 2013, ingkang ngrembag Buku Teks Pelajaran lan Buku Panduan Guru Untuk Pendidikan Dasar Dan Menengah, ugi paring amanat bilih Buku Teks Pelajaran ingkang dipunginakaken ing pawiyatan-pawiyatan kedah sampun kasusun adhedhasar KTSP Mulok Bahasa Daerah Tahun 2013. Ewah-ewahan tumrap buku teks kedah karancang lan kasusun kanthi berbasis teks. Teks kawawas minangka perangan basa ingkang kagungan makna kontekstual. Lumantar buku punika siswa kaajab saged ngasilaken lan ngginakaken teks salaras kaliyan tujuan lan fungsi sosialipun. Salebetipun piwucalan basa Jawi ingkang berbasis teks, boten namung mucalaken teori lan konsep, ananging teks ugi migunani minangka sumber aktualisasi dhiri tumrap ingkang migunakaken ing salebeting konteks sosial budaya akademis. Kanthi wontenipun buku Kirtya Basa punika dipunajab sageda mbiyantu para siswa SMP/M.Ts anggenipun ngleluri lan marsudi Basa Jawi lan saged nglancaraken para kadang dwija anggenipun nggulawenthah para siswasiswinipun ing piwucalan Basa Jawi. Kejawi berbasis teks, pangrakiting buku punika ugi ngginakaken Pendekatan Saintific. Piwucalan lelandhesan teks, mawi pandhom ngrembakakaken babagan (1) Piwucalan basa kawawas saking teks boten namung kasusun kanthi munjeraken paramasastra utawi ketatabahasaan

kemawon. (2) Piwucalan lelandhesan teks minangka proses pamilihan basa ingkang ngandharaken makna. (3) Piwucalan basa lelandhesan teks asipat fungsional ingkang ateges boten saged uwal saking konteks ingkang mbabaraken maneka warni ide, karakter, nilai, ugi idiologi panuturipun, (4) Piwucalan basa lelandhesan teks ugi minangka sarana kangge mangun kawasisan olah pikir tumrap para siswa. Jinising teks ingkang kaandharaken ing buku punika arupi teks deskripsi, palapuran, narasi lan carita, eksposisi, eksplanasi, lan sapiturutipun. Wondene pendekatan Saintific ingkang kasajekaken ing buku punika mawi proses ing antawisipun Mengamati (Observing), Menanya (Questioning), Mencoba (Experimenting), Menalar (Associating), Mengkomunikasikan (Comunicating), lan Membentuk Jejaring (Networking) Wondene aspek ingkang dados punjering piwucalan inggih punika kanthi nengenaken aspek Sikap Religius, Sikap Sosial, Kognitif, lan Psikomotorik. Pambabaripun buku Kirtya Basa kajawi ngemot materi, ugi sinartan gladhen (latihan) ingkang sampun kasalarasaken kaliyan Kompetensi Dasar lan Indikator ingkang sampun sinerat ing silabus, pramila dipunajab supados saged nyekapi kangge ngukur kompetensi minimal ingkang kedah dipunkuwaosi para siswa. Pambabaripun buku ingkang berbasis teks kanthi tahapan (1) Tahap

Pembangunan Konteks, (2) Tahap Pemodelan Teks, (3) Tahap Pembuatan Teks Secara Bersama-sama, lan (4) Tahap Pembuatan Teks Secara Mandiri. Kejawi materi lan gladhen, buku punika ugi dipunjangkepi bausastra lan pepeling ingkang ngandharaken konsep-konsep inti saben wulangan utawi bab. Kanthi mekaten dipunajab sageda njangkepi penyajian materi piwucalan lan kangge nambah wawasanipun para siswa. Panyerat sampun mbudidaya murih buku punika saged sampurna, ananging minangka manungsa limrah sarta saking winatesipun sarta cupetipun kawruhipun panyerat, taksih wonten kekirangan-kekiranganipun. Pramila panyaruwe saking pamaos tansah kaantu-antu kangge nyampurnakaken buku punika. Wusananipun atur, mugi-mugi Gusti Ingkang Murbeng Dumadi tansah njangkung lan nyengkuyung pangetrapanipun buku punika tumrap kemajengan lan lestarinipun piwucalan Basa Jawi. Nuwun. Surabaya, September 2015

Panyerat

Daftar Isi Sampul Njero .............................................................................

i

Idhentitas Buku ...........................................................................

ii

Atur Sapala .................................................................................

iii

Atur Pangiring ..............................................................................

v

Daftar Isi ......................................................................................

vii

WULANGAN 1: TEKNOLOGI Mbabar Wawasan .........................................................................

1

Teks Hasil Observasi: Dhop Lampu Bisa Nglayang ...........................

2

Kegiatan 1 : Wangun Teks Hasil Observasi ...................................

2

Tugas 1: Nyemak Teks Teknologi Tepat Guna ................................

3

Tugas 2: Ngidhentifikasi Struktur Teks Laporan Hasil Observasi ......

5

Tugas 3: Nyemak Unsur Basa SajroneTeks Laporan Hasil Observasi..

7

Tugas 4: Nerangake Isine Teks Laporan Hasil Observasi ...................

13

Kegiatan 2:

Nintingi Teks Laporan Hasil Observsi Kanthi Klompok ......

13

Tugas 1: Nintingi Struktur Teks Laporan Hasil Observasi ..................

13

Tugas 2: Nggawe Teks Laporan Asil Observasi ................................

15

Tugas 3: Nanggapi Teks Laporan Hasil Observasi ............................

16

Tugas 4 : Nulis Ukara Nganggo Aksara Rekan lan Angka Jawa ...........

16

Kegiatan 3: Nyusun Teks Laporan Asil Observasi Kanthi Mandhiri Tugas 1: Nintingi Struktur Teks Laporan hasil Observasi ....................

20

Tugas 2: Nulis Rangkane Teks Laporan Hasil Observasi .....................

20

Tugas 3: Nulis Teks Laporan Hasil Observasi ....................................

21

Uji Kompetensi Wulangan 1 .............................................................. 22

WULANGAN 2: KESENIAN Mbabar Wawasan ............................................................................ 26 Kegiatan 1: Wangun Teks Drama Tradhisional. .................................

29

Tugas 1 : Nintingi Struktur Teks Drama Tradhisional .........................

31

Tugas 2 : Nintingi Unsur Basa Sajrone Teks Kethoprak ..................... 32 Tugas 3 : Nulis Pesan Moral Teks Kethoprak Nganggo Aksara Jawa .. 37 Kegiatan 2: Nintingi Struktur Teks Kethoprak Kanthi Mandiri 38 Tugas 1: Nintingi Struktur Teks Kethoprak ......................................... 38 Tugas 2 : Nyalin Teks Menyang Aksara Jawa .....................................

39

Kegiatan 3: Mentasake crita Kethoprak Bebarengan ................ 39 Tugas 1: Mentasake Crita Kethoprak .................................................

39

Tugas 2 : Ngapresiasi Pementasan Kethoprak .................................... 47 Tugas 3 : Latihan Nulis Skenario Drama Tradhisional .......................... 47 Uji Kompetensi Wulangan 2 ............................................................... 49 WULANGAN 3: KEGIATAN Mbabar Wawasan.............................................................................

54

Kegiatan 1: Wangun Struktur Teks Pidhato lan Pranatacara ... 55 Tugas 1 : Nyemak lan Nintingi Struktur Teks Pidhato .......................... 61 Tugas 2 : Nintingi Struktur Teks Pranatacara/ Pambyawara ................. 64 Tugas 3 : Nintingi Ragam Basa Pidhato Resmi Lan Ora Resmi .............. 69 Tugas 4 : Nintingi Basa Teks Pranatacara ........................................... 70 Kegiatan 2: Mangun Teks Pidhato Kanthi Klompok .................. 71 Tugas 1 : Nintingi Isi Teks Pidhato .................................................... 71 Tugas 2: Nulis Struktur Teks Pidhato ................................................ 73 Kegiatan 3 : Mangun Teks Pidhato Kanthi Mandhiri ................ 74 Tugas 1: Nulis Cengkorongane Teks Pidhato ...................................... 75 Tugas 2 : Ngembangake Cengkorongan Dadi Teks Pidhato ................. 76

Tugas 3 : Nindakake Pidhato ............................................................

76

Uji Kompetensi Wulangan 3 .............................................................. 79 Latihan Ulangan Akhir Semester Ganjil ..............................................

82

WULANGAN 4: GOTONG ROYONG Mbabar Wawasan ............................................................................

92

Kegiatan 1: Wangun Teks Drama Modern ............................... 93 Tugas 1: Nyemak Teks Drama ......................................................... 95 Tugas 2: Nintingi Struktur Teks Drama Modern................................. 101 Tugas 3 : Nyemak Unsur Basa Teks Drama Modern ........................... 103 Tugas 4:

Nintingi Nilai Moral lan Relevansi Nilai Moral Teks Drama .. 105

Kegiatan 2 Mangun Teks Drama Bebarengan ......................... 106 Tugas 1 : Njingglengi Teks Drama Bebarengan ................................ 115 Tugas 2: Maragake Teks Drama ....................................................... 116 Kegiatan 3 Mangun Teks Drama kanthi Mandhiri .................... 117 Tugas 1: Latihan Nulis Teks Drama .................................................. 117 Tugas 2 : Ngapresiasi Teks Drama Karangane Kancane .................... 117 Uji Kompetensi Wulangan 4 ............................................................. 118 WULANGAN 5: PARIWISATA Mbabar Wawasan ...........................................................................

22

Kegiatan 1: Wangun Teks Laporan Kegiatan

123

Tugas 1: Nyemak Teks Laporan Kegiatan.........................................

124

Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Laporan Kegiatan ...........................

126

Tugas 3: Nyemak Unsur Basane Teks Laporan Kegiatan ................... 128 Tugas 4: Paugeran Nulis Teks Laporan Kegiatan ................................ 130 Kegiatan 2: Nulis Teks Laporan Kegiatan Sajroning Klompok . 131 Tugas 1: Ngrumusake Tujuan Laporan Kegiatan ................................ 133 Tugas 2: Nulis Cengkorongan Teks Laporan Kegiatan ....................... 134 Tugas 3 : Nulis Teks Laporan Kegiatan ............................................. 135

Kegiatan 3 : Nulis Teks Laporan Kegiyatan Mandhiri .......... 136 Tugas 1: Nulis Teks Laporan Kegiatan .............................................. 136 Tugas 2: Maca Teks Laporan Kegiyatan ............................................ 136 Tugas 3: Nyalin Teks Laporan Kegiyatan nganggo Aksara Jawa .......... 137 Uji Kompetensi Wulangan 5 ............................................................. 138 Latihan Ulangan Semester Genap ................................................... 141 DAFTAR PUSTAKA ....................................................................... 148

WULANGAN 1 TEKNOLOGI Kompetensi Dasar 1.2

Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis

Indikator 1.2.1 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis

2.1 Memiliki perilaku demokratis, kreatif, dan santun dalam berdebat tentang kasus atau sudut pandang.

2.2.1 Menghormati pendapat, tanggapan orang lain.

dan

3.1

Memahami teks hasil observasi dalam bentuk laporan

3.1.1 Mengidentifikasi struktur teks laporan hasil observasi. 3.1.2 Menganalisis struktur teks laporan hasil observasi 3.1.3 Mengidentifikasi ciri bahasa teks laporan hasil observasi. 3.1.4 Menjelaskan isi teks laporan hasil observasi.

4.1 Menyusun teks hasil observasi dalam bentuk laporan.

4.1.1 Melaksanakan observasi 4.1.2 Membuat kerangka teks laporan hasil observasi. 4.1.3 Mengembangkan kerangka teks menjadi laporan hasil observasi. 4.1.4 Mengomentari karya temannya.

Mbabar Wawasan Teknologi ing jaman saiki tansaya ngrembaka, apamaneh kanthi pangaribawane globalisasi kang ngilangi watese ruwang lan wektu. Pangaribawane teknologi kang sumrambah ing madyaning masyarakat nyakup ing sakabehing bidhang, kaya ta pendhidhikan, ekonomi, sosial, budaya, lan liya-liyane.

Kirtya Basa IX

1

Ing ngisor iki ana tuladha teks teknologi, coba wacanen sajroning batin! DHOP LAMPU BISA NGLAYANG Sawijining ilmuwan saka New York, Simon Morris, nyiptakake dhop lampu kang unik. Dhop iki bisa nglayang lho. Saliyane iku, dhop lampu iki uga bisa murub suwene 22 taun. Wow, suwe banget ya. Apa ta rahasiane? Dhop lampu kang dijenengi Flyte iki nglayang ing sadhuwure kayu pesagi. Geneya Flyte bisa nglayang? Pranyata Simon nyeleh magnet ing ngisore dhop kuwi. Dheweke uga nyeleh magnet ing njerone kayu kuwi. Kekarone magnet mau nduweni kutub kang padha. Mula kuwi, kekarone padha tolak-menolak saengga nyebabake Flyte nglayang. Banjur, saka ngendi Flyte bisa murub? Tatakan kayu Flyte disambung menyang sumber listrik. Flyte oleh setrum mau saka tatakan kayu lumantar teknologi indhuksi. Teknologi indhuksi yakuwi proses owahowahan energi mekanik dadi energi listrik tanpa kabel. Unike maneh, tatakan kayu iki bisa digunakake kanggo ngisi ulang baterai handphone lho. Canggih ta?

(Panjebar Semangat No.24-13 Juni 2015) Sawise kokwaca sajroning batin, coba babarna pitakon ing ngisor iki! 1. Apa sing dirembug ing teks kasebut? 2. Coba sebutna tuladha teknologi sing lumrah koktemoni ing omahmu! 3. Coba sebutna gunane teknologi ing padinan? 4. Yen sliramu kasengsem karo tuladha ing dhuwur, praktekna ing omah karo kanca-kancamu, banjur nggawea laporan prasaja tumrap kegiatan sing wis koklakoni! Kegiatan 1: Wangun Teks Asil Observasi Istilah Teknologi Tepat Guna (TTG) lumrahe ditrapake kanggo njlentrehake rekayasa teknologi kang dianggep cocog kanggo negaranegara sing lagi ngrembaka utawa ing karang padesan sing adoh saka kutha gedhe. TTG iki mujudake teknologi prasaja kang bisa nggampangake pakaryan. Mula saka iku, TTG iki perlu dirembakakake kanthi temenan. 2

Kirtya Basa IX

Tugas 1: Nyemak Teks Teknologi Tepat Guna Wacanen tuladha teks ing ngisor iki kanthi permati! GAWE GAS LPG (ELPIJI) DHEWE BISA MURUP 24 JAM NONSTOP Gegeran bab warta mbledhose gas elpiji, utawa saya langka lan larang regane gas kuwi, mesthi wae dadi masalah kanggo rakyat lan pamarentah. Njur kepriye solusine? Tekan saiki durung ana sing bisa mangsuli. Malah kadhangkala pamarentah mung uncal-uncalan tanggung jawab antarane pepadha birokrat lan pejabat. Gagasan kreatif sing bakal diaturake iki mbok menawa bisa dadi solusi alternatif. Sanajan penemon bahan bakar gas saka woh-wohan utawa saka sampah organik dudu bab sing anyar, nanging nyatane pancen akeh sing durung nggunakake utawa mraktekakake kanthi langsung. Ing tangane priya saka Karanganyar iki, proses prodhuksi biogas digawe luwih prasaja, gampang, lan murah, nanging tetep efektif nalika digunakake. Kanthi inovasi lan eksperimen bola-bali, ngasilake mesin prasaja kanggo ngolah sampah dadi gas sing efektif lan ramah lingkungan. Sanajan mung lagi skala omahan, nanging idhe kreatif iki uga bisa dadi peluang usaha sing menarik. Mesin iki dijenengi Albakos . Singkatan saka Alat Biogas Konsumsi Sampah, ujare Budi (49), sing uga kondhang diundang bapak biofuel iki. Sawise nemokake mesin ciptaane kuwi, priya iki uga mbukak pelatihan bab gawe biogas ing kantore sing arane Agro Makmur. Ora nyana peserta sing ndhaftar akeh lan teka saka wilayah sa-Indonesia. Kantor pelatihan Agro Makmur kuwi mapan ing desa Doplang, Karangpandan, Karanganyar, Jawa Tengah. Priya sing jeneng komplite Soelaiman Budi Sunarto iki ngandhakake, menawa mesin Albakos bisa ngolah sampah organik garing dadi gas sing bisa digunakake minangka bahan bakar. Bahan bakar kuwi, sawetara wektu iki bisa dianggo kanggo konsumsi ing skala omahan. Kanggo sampah garing 5 kg bisa ngasilake gas sing murup watara 2 jam. Njur kepiye sistem kerjane piranti mesin iki? Lan sampah jinis apa wae sing bisa diolah dadi biogas skala omahan? Pisanan kita kudu duwe mesin Albakos dhisik, imbuhe Rudi (21), sawijining instruktur pelatihan ing Agro Makmur. Mesin Albakos iki dirancang dhewe dening Pak Budi. Perangan mesin ana 4 komponen utama. Yaiku tabung kanggo wadhah pembakaran (wujude kaya roket, kanthi tutup kerucut tumeng), ruang compres lan uga Kirtya Basa IX

3

dadi pangadheme, blower (kipas angin), lan kompor kanggo metune murube gas. Saben komponen kuwi disambungake karo pipa. Miturut Rudi, mesin kuwi ana 2 tipe, yaiku tipe cilik lan gedhe. Tipe cilik kanthi daya listrik watara 60 watt, lan bisa nampung sampah garing watara 5 kg. Bisa ngasilake gas murup tekan 2 jam. Albakos tipe cilik iki didol kanthi rega Rp. 4 juta sa-pakete, saengga wis dadi mesin komplit sakompore. Albakos tipe gedhe kapasitase watara 50 kg sampah garing. Mesin iki bisa ngasilake murupe gas geni watara 8 jam. Tipe cilik lan gedhe jan-jane bisa murup tekan 24 jam, nanging kudu ajeg diiseni sampah garing. Kalorone uga dikompliti pangatur tingkat gedhe lan cilike murupe geni. Sawise mesin Albakos siap, diwenehi banyu sacukupe ing wadhah sakubenge compres utawa pangadhem. Bab iki kanggo njaga kebul sing metu (compres), lan sisan kanggo ngadhemake suhu. Sabanjure, nglebokake mawa areng ing tabung pambakaran. Kanggo tabung Albakos cilik cukup 1 kg mawa areng. Njur nglebokake sampah garing ing dhuwure mawa areng mau. Dienteni nganti kebule metu saka dhuwur tabung. Menawa kebul wis metu, njur nutup tabung. Nunggu tekan bolongan gas kompor metu kebule. Menawa bolongan kompor metu kebul, pancing gas kanthi nyumet korek ing cedheke. Gas njur bisa murup dhewe, lan kompor Albakos wis diarani siap kanggo masak apa wae. Prinsipe ing kebul sampah organik mau ana watara 30% gas metan. Mesin Albakos siji iki bisa disambung kanthi pirang-pirang kompor gas sisan, saengga bisa dimaksimalake fungsine. Miturut dheweke kanggo mbandhingake, menawa masak 1 liter banyu tekan mateng dibutuhake watara 7 menit nganggo gas elpiji. Nanging nganggo gas kompor Albakos iki mung butuh wektu 4 menit supaya banyune mateng. Kajaba kuwi faktor bahan baku sampah sing murah lan gampang digoleki, mesthi wae dadi nilai plus dhewe bab irit ragade kuwi. Malah ora amung kuwi, saka ruang njaba utawa sakubenge compres/pangadhem sing isi banyu mau, bisa diasilake zat cair ireng arane Venol. Miturut panliten zat iki bisa dianggo minangka obat anti septik.

4

Kirtya Basa IX

Bausastra jlentreh piranti uwuh kebul ragad

: cetha,jelas,gamblang : alat : sampah : asap, keluk : bea, biaya

Kanggo mangerteni isine wacan, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1) Sapa kang nemokake mesin Albakos ing wacan kasebut? 2) Apa sing diarani Albakos ? 3) Sampah apa wae kang bisa diolah nganggo mesin Albakos ? 4) Albakos tipe gedhe kapasitase bisa ngolah sampah pira? 5) Kanggo Albakos tipe cilik pra daya listrik kang dibutuhake? 6) Butuh sampah pira kanggo ngasilake gas sing murup watara 2 jam? 7) Apa salah sijine keuggulan migunakake biofeul? 8) Kepriye carane supaya bisa gawe biofeul? 9) Saliyane bisa ngasilake bahan bakar gas, mesin Albakos bisa ngasilake apa wae? 10) Apa manfaate gas Venol? Tugas 2: Ngidhentifikasi Teks Laporan Asil Observasi 1. Wacanen sepisan maneh teks laporan asil observasi Gawe Gas LPG (Elpiji) Dhewe Bisa Murup 24 Jam Nonstop ing dhuwur. Sawise maca teks laporan asil observasi kasebut bakal tinemu perangan anggone nyusun teks kaya ing ngisor iki : Dhefinisi Umum Struktur Laporan Asil Observasi

Dheskripsi Bagean Dheskripsi Manfaat

Katrangan: Dhefinisi umum/ idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri-ciri), barang, tandha, lan sapanunggalane. Dheskripsi bagean/ klasifikasi yaiku perangan sing manthamantha manut jinis utawa klompoke, utawa perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci. Kirtya Basa IX

5

Dheskripsi manfaat/ kagunan yaiku perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi.

2. Sawise mangerteni bagean-bagean teks kasebut, coba ukara-ukara sing wis diandharake ana ing teks laporan asil observasi kasebut tulisen ana ing bagean-bageane dhewe-dhewe! Struktur teks Dhefinisi Umum

Ukara

Dheskripsi Bagean

Dheskripsi Manfaat

3. Supaya luwih mangerteni isine teks, kita kudu mangerteni isi saben paragrap. Coba wacanen bagean-bagean struktur teks laporan asil observasi saka modhel wacan ing ngisor iki! Sabanjure wacanen ukara sing kacithak miring ana ing tuladha bagean dhefinisi umum, ing kono kababarake gagasan utama utawa ukara bakune. Saiki coba wenehana tandha dhewe ngendi sing dadi gagasan utama ing dheskripsi bagean lan dheskripsi manfaat. Tuladha: Struktur Teks Dhefinisi Umum

Ukara

Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake, sawise akhire dibuwang ing pambuwangan pungkasan (akhir). Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomer siji ing Indonesia, saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik, nanging isih akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane. Pokoke waton wuuurbuwang. senajan Indonesia

6

Kirtya Basa IX

iku kalebu negara kang nyedhiyani panggonan sampah ana ing ngendi-ngendi. Dheskripsi Bagean

Khususe sampah padhet kang awujud plastik, dadi masalah lingkungan ing Indonesia. Amarga, plastik iku kalebu sampah kang angel dismusnakake. Butuh pirang-pirang taun kanggo musnahake sampah plastik kuwi. Satemene, wong-wong Indonesia sing saben dinane migunakake plastik kanggo wadhah, iki bisa nyebabake sampah plastik dadi numpuk. Apa maneh, wong Indonesia jumlahe akeh banget lan padha kurang sadhar lan kurang nguri-uri mungguh babagan mbuwang sampah ing panggonane.

Dheskripsi Manfaat

Pakulinan mbuwang samubarang sampah ing sembarang panggonan pancen isih dadi pakulinan masyarakat kita. Kamangka pukulinan ala kuwi, manut para ahli tata lingkungan kota bisa wae ndadekake salah sijine faktor kang nyebabake bebaya banjir kaya kang wis kedadean ing sawatara dhaerah lan kutha durung suwe iki. Pakulinan ala wis samesthine kudu enggal kita tinggal.

Tugas 3: Nyemak Unsur Basa Sajrone Teks Laporan Asil Observasi Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Wis samesthine yen basa kang digunakake basa kang baku, beda karo basa kang digunakake ing karya sastra.

1. Andharan ing ngisor iki semaken! Kirtya Basa IX

7

HOME INDUSTRI Usaha home industri utawa indhustri omahan mujudake salah sijine indhustri sing ora mbutuhake modhal sing gedhe. Indhustri omahan luwih asring minangka wujud saka bisnis sampingan. Sanajan wiwitane wujud bisnis sampingan wusanane ndadekake bisnis sing ngrembaka lan nguntungake. Ing madyaning masyarakat indhustri omahan bisa kaperang dadi telu. Sepisan, indhustri omahan sing ngasilake jasa, kapindho indhustri omahan sing ngasilake barang, lan katelu, indhustri kang nyalurake barang. Saka katelu indhustri omahan kasebut isih bisa kaperang maneh dadi pirang-pirang kegiatan usaha. Usaha jasa, yaiku sawenehing wujud usaha dilakokake dening pawongan kang ngepenake keahlian, tuladhane jasa bengkel mobil, gerji, jasa ngumbah karpet, lan liya-liyane. Beda maneh karo jinis indhustri omahan kang ngolah utawa ngasilake barang. Jinis indhustri omahan iki didhominasi dening sawenehing indhustri panganan. Ing saben kutha mesthi akeh ditemoni jinis panganan kang bisa dadi ciri khase kutha kasebut. Malang salah sawijining kutha ing Jawa Timur, akeh maneka warna usaha indhustri omahan kang bisa ditemoni. Salah sawijining indhustri omahan kang wektu dina iki dadi kembang lambe, yaiku indhustri kripik. Manawa ing masyarakat wis lumrah keprungu lan ditemoni jinis kripik tempe lan kripik tela, ing Malang saiki bisa ditemokake maneka jinis kripik, utamane kripik maneka wohwohan. Mula ora aneh yen padha plesiran ing kutha Malang kurang jangkep menawa durung tuku maneka kripik woh-wohan mau. 2. Ukara Miturut Jinis Wasesane Kanggo ngelingake pangertenmu, ukara kang wasesane tembung tanggap diarani ukara tanggap, dene ukara kang wasesane tembung tanduk diarani ukara tanduk. Tembung tanggap iku tembung lingga kang oleh ater-ater tripurusa (dak, ko/kok, di), dene tembung tanduk iku tembung kang oleh ater-ater anuswara (m, -n, -ng, -ny). 8

Kirtya Basa IX

Gladhen: Semaken maneh wacan kanthi irah-irahan Home Industri, sabanjure kothak ing ngisor iki isenana tuladhane ukara tanduk lan ukara tanggap kang kajupuk saka wacan! Ukara Tanggap

Ukara Tanduk

.................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. ..................................................

.................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. ..................................................

3. Ukara Miturut Isine Kejaba ukara tanduk lan ukara tanggap, kanggo ngeling-eling pasinaonmu sadurunge babagan ukara uga bisa kapilah adhedhasar isine. Adhedhasar isine, jinise ukara maneka warna, kaya ta: ukara andharan/ pawarta, ukara pitakon, ukara pakon, ukara panguwuh, ukara sambawa, lan ukara pamenging. Gladhen: Kanggo nyinaoni babagan jinise ukara miturut isine, tindakna pakaryan iki! 1) Gawea ukara andharan 5 wae! 2) Gawea ukara pitakon 5 wae! 3) Gawea ukara pakon 5 wae! 4) Gawea ukara panguwuh 5 wae! 5) Gawea ukara sambawa 5 wae! 6) Gawea ukara pamenging 5 wae! 4. Unggah-Ungguh Basa Babagan unggah-ungguh basa wis tau disinaoni. Unggah-ungguh basa kaperang dadi basa ngoko (ngoko lugu lan ngoko alus) dan basa krama (krama lugu lan krama alus). Ing kalodhangan ini ngelingake bab basa krama kang kaperang dadi loro, yaiku: 1) Basa Krama Lugu Kirtya Basa IX

9

a. Paugerane Basa Krama Lugu Basa krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge kabeh migunakake basa krama, ater-ater lan panambang kabeh kudu dikramakake. Panganggone ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni nanging kurang alus marang wong sing diajak guneman. b. Gunane Basa Krama Lugu Basa krama lugu iku dienggo guneman dening: (1) wong enom marang wong tuwa (2) wong sing lagi tetepungan anyar (3) murid marang gurune (4) abdi marang bendarane c. Wewatone Basa Krama Lugu (1) Tembung-tembung sing ana kramane diganti tembung krama, dene sing ora ana kramane tetep ngoko. Tuladhane: Basa ngoko: Aku arep tuku woh-wohan, kayata: pelem, nanas, gedhang, lan anggur.

Basa krama lugu:

Kula badhe tumbas woh-wohan kados ta: pelem, nanas, pisang, kaliyan anggur.

(2) Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama, tetep dikramakake. Tuladhane: Basa ngoko: Kowe apa wis weruh omahku, saiki bojoku wis mulih.

Basa krama lugu: Sampeyan punapa sampun sumerep griya kula, sapunika semah kula sampun wangsul.

(3) Tembung-tembung sing magepokan karo kewan, witwitan, lan barang sing ana kramane tetep dikramakake.

10

Kirtya Basa IX

Tuladhane: Basa ngoko: Tanggaku nganti saiki isih lara durung bisa mlaku.

Basa krama lugu: Tanggi kula ngantos sapunika taksih sakit dereng saged mlampah.

2) Basa Krama Alus a. Paugerane Basa Krama Alus Basa Krama alus yaiku basa kang digunakake kanggo pacaturan kang nggunakake basa krama kang alus, nanging yen kanggo awake dhewe tetep nggunakake krama lugu. b. Gunane Basa Krama Alus Basa krama alus digunakake dening: a. anak marang wong tuwa b. murid marang guru c. wong enom marang wong tuwa d. wong kang lagi tetepungan c. Wewatone Basa Krama Alus (1) Tembung-tembung ngoko sing ana krama aluse diganti nganggo tembung krama alus, sing mung ana krama lugune diganti tembung krama lugu, dene sing ngoko ora ana tembung kramane tetep tembung ngoko wae. Tuladhane: Basa ngoko: Bojone Pak Tarji tuku gedhang, pelem, karo apel.

Basa krama alus: Garwanipun Pak Tarji mundhut pisang, pelem, kaliyan apel.

(2) Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama alus, ora dienggo, sing dienggo tembunge krama lugu, yen ora ana tembunge krama lugu sing dienggo tembunge ngoko.

Kirtya Basa IX

11

Tuladhane: Basa ngoko: Nalika anake Bu Lurah lara, anakku durung mulih.

Basa krama alus: Wekdal putranipun bu Lurah gerah, yoga kula dereng wangsul.

(3) Tembung-tembung sing magepokan karo kewan, wit-witan lan barang, tembung krama aluse ora dienggo, sing dienggo tembunge krama lugu; yen ora ana tembunge krama lugune, sing dienggo tembunge ngoko. Tuladhane: Basa ngoko: Pak Broto pikirane rada kuwatir, sapine sing lara ora gelem mangan, tandurane pari akeh sing rusak.

Basa krama alus:

Pak Brata manahipun radi kuwatos, lembunipun ingkang sakit boten purun nedha, tanemanipun pantun kathah ingkang risak.

Gladhen: Gawea ukara nganggo basa ngoko, banjur owahana dadi basa krama lugu lan krama alus kanthi ngisi tabel ing ngisor iki! No.

12

Basa Ngoko

Basa Krama Lugu

Basa Krama Alus

1.

.......................... ............................ ............................ ......................... ............................ ............................ ........................ ............................ ............................

2.

.......................... ............................ ............................ ......................... ............................ ............................ ........................ ............................ ............................

3.

.......................... ............................ ............................ ......................... ............................ ............................ ........................ ............................ ............................

4.

.......................... ............................ ............................ ......................... ............................ ............................ ........................ ............................ ............................ Kirtya Basa IX

5.

.......................... ............................ ............................ ......................... ............................ ............................ ........................ ............................ ............................

Tugas 4: Nerangake Isine Teks Laporan Asil Observasi Maca teks laporan asil observasi kanthi premati kowe bakal mangerteni apa isine teks. Gatekna pituduh ing ngisor iki kanggo nyimpulake isine wacan. 1) Wacanen teks Gawe Gas LPG (Elpiji) Dhewe Bisa Murup 24 Jam Nonstop kanthi premati. 2) Tulisen ukara baku ing saben pada (paragrap) 3) Roncenen ukara-ukara baku supaya dadi sapada. 4) Gawea dudutan (kesimpulan) teks Gawe Gas LPG (Elpiji) Dhewe Bisa Murup 24 Jam Nonstop manut pituduh ing dhuwur! Kegiatan 2 : Nintingi Teks Laporan Asil Observasi Kanthi Klompok Ing pasinaon iki para siswa bakal sinau bebarengan sajroning klompok. Gawea klompok, saben klompok anggotane 4 - 5 siswa! Tugas 1: Nintingi Struktur Teks Laporan Asil Observasi 1) Teks laporan asil observasi ing ngisor iki durung urut. Coba ukara-ukara ing kolom ngisor iki tintingana, sabanjure wenehana nomer saengga bisa dadi teks laporan asil observasi sing urut, kanthi migatekake struktur teks kang kedadean saka dhefinisi umum, dheskripsi bagean, lan dheskripsi manfaat. Dhiskusekna karo anggota klompokmu! Sajrone dhiskusi sliramu kudu nuduhake sikap dhisiplin, gotong-royong, lan pracaya dhiri. Saben klompok maca asile dhiskusi ing sangarepe kanca-kancamu salaras karo asile anggonmu dhiskusi/rembugan saklompok.

No.

Kirtya Basa IX

Teks Alas-alas dirusak, wit-witan dikethoki kanthi sembarangan bakal mbebayani. Ing mangsa udan menawa alas gundhul bakal dumadi bencana alam arupa lemah longsor lan bencana banjir. 13

Manungsa bisa manfaatake isining kekayaan alam ananging aja srakah, tanpa mretungake akibate. Dumadine musibah bencana alam ing Indonesia, rata rata disebabake saka tumindake manungsa dhewe kang ora bisa njaga keseimbangane alam. Mulane minangka titahing Gusti, manungsa kudu bisa . njaga kaseimbangan lan kalestarene alam lan lingkungan supaya ora dumadi bencana alam. Alam saisine minangka anugrah saka Gusti kang Maha Agung tumprap manungsa. Alam lan lingkungan bisa . kajaga kaseimbangane, menawa manungsa bisa tumindak wicaksana njaga kalestarene alam lan ora ngrusak lingkungan. . Menawa keseimbangan alam ora kejaga kanthi apik lan dumadi karusakan alam kang mutawatiri, mula manungsa dhewe kang bakal ngalami kapitunan gedhe. .

2) Sawise ngurutake paragrap ing dhuwur, irah-irahan sing cocok kanggo wacan ing dhuwur, yaiku: 3) Saka wacan ing dhuwur bisa diidhentifikasi bagean dhefinisi umum, dheskripsi bagean, lan dheskripsi manfaat/ kagunan kaya ing ngisor iki! No

14

Struktur Teks

1.

Dhefinisi Umum

2.

Dheskripsi Bagean

3.

Dheskripsi Kagunan/ Manfaat

Ukara

........................................................................... ............................................................................

Kirtya Basa IX

4) Critakna maneh isine teks asil observasi ing dhuwur nganggo basamu dhewe! ................................................................................................. ................................................................................................. 5) Gawea duduten isine critamu, banjur tulisen pesan moral/amanah kang tinemu ing teks laporan asil observasi kasebut! ................................................................................................. ................................................................................................. 6) Jlentrehna relevansi pesan moral saka teks asil observasi kasebut karo kahanan jaman saiki kanthi bukti kang nyengkuyung pranyatamu! ................................................................................................. ................................................................................................. 7) Wacanen asil dhiskusi klompokmu ing ngarep kelas kanthi santun. Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung cetha, uga bisa menehi panyaruwe/saran! 8) Sawise dhiskusi, sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan panyaruwe saka klompok liya sarta pamanggihe Bapak/Ibu Gurumu. Sawise garapanmu sampurna, kumpulna marang Bapak/Ibu Guru minangka tugas klompok! Tugas 2 : Nggawe Teks Laporan Asil Observasi Sadurunge sliramu nggawe teks laporan asil observasi, luwih dhisik tindakna observasi utawa pengamatan tumrap teknologi sing ana ing sakupenge desamu. Upamane anane betor (becak motor) sing dienggo antar-jemput bocah sekolah, anane mesin kanggo ngrontokake pari, anane mesin parut klapa, lan sapanunggale. Nalika nganakake pengamatan sliramu kudu nganakake wawan-rembug karo narasumber. Sapa ta narasumber? Narasumber iku pawongan kang bisa menehi sesurupan, katrangan, dhata, informasi tumrap samubarang kang lagi dideleng (diobservasi). Supaya anggonmu nindakake wawancara utawa wawanrembug bisa lancar lan runtut, luwih becik gawe pedhoman wawancara. Apa iku pedhoman wawancara? Pedhoman wawancara iku arupa dhaftar pitakonan kang arep ditakonake marang narasumber.

Kirtya Basa IX

15

Gladhen: Gawea klompok kanthi anggota 4-5 siswa. Tindakna pakaryan wawanrembug karo narasumber gegayutan karo teknologi. Sawise kabeh mau koklakoni, tulisen asil pengamatanmu wujud laporan kaya tuladha ing dhuwur! No. Klompok

Judhul Asil Observasi

Dhefinisi Umum

Dheskripsi Bagean

Dheskripsi Manfaat

Tugas 3: Nanggapi Teks Laporan Asil Observasi Sawise rampung anggonmu nggarap laporan asil observasi, asil tulisan klompokmu wacanen ing ngarepe kanca-kancamu! Coba saiki wenehana tanggapan/ panyaruwe saka garapane klompok liyane! Tugas 4 : Nulis Ukara Nganggo Aksara Rekan lan Angka Jawa Kanggo nambah kawruhmu babagan aksara Jawa, ing pasinaon iki kapunjerake bab panulisan aksara rekan lan angka Jawa. 1) Aksara Rekan. Aksara rekan yaiku aksara kang direka utawa digawe kanggo njangkepi cacahe aksara kang bisa katulis nganggo aksara Jawa. Gunane aksara rekan kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung saka basa Arab. Menawa ora dicethakake, yen kang katulis iku tembung manca, mung cukup katulis nganggo aksara lumrah wae. Cacahe aksara rekan iku ana lima, dene wujude aksara rekan kaya ing ngisor iki :

16

k+

f+

p+

j+

g+

kha

dza

fa

za

gha

Kirtya Basa IX

Pepeling Tata panulise aksara rekan: 1. Menawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet (...e ), cecake telu dumunung ing sajrone pepet. 2. Dene yen karaketan sandhangan wulu ( i.), layar ( /...), lan cecak

(=),

cecake

telu

dumunung

ing

sisih

kiwane,

sandhangan wulu, layar lan cecak. Tuladha: a. Fitri b. dwifungsi c. Firsa

: p+it]i : fWip+u=si : p+i/s

3. Aksara rekan sing duwe pasangan mung pasangane yaiku ..P+

(p+ ), wujude

aksara rekan liyane ora bisa dadi

pasangan. Mula yen aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg (mati), sesigeging wanda iku kudu dipangku. Tuladha: a. zakat fitrah: j+ktP+it]h b. Imam Ghozali:aimm\[g+oj+li Gladhen: Tulisen nganggo aksara Jawa! 1) Fakir miskin iku oleh santunan. 2) Banyu zam-zam iku bisa dadi obat. 3) Maca dzikir iku kuwajibane umat Islam. 4) Khusnul Khotimah dadi juwara klas. 5) Farhan krungu adzan. 6) Kyai Hamzah lagi khotbah. Kirtya Basa IX

17

2) Angka Jawa Angka Jawa wiwit angka 1 nganti 9 lan ditambah 0. Dene, wujude angka Jawa, yaiku:

1

2

3

4

5

6

7

8

9

0

1

2

3

4

5

6

7

8

9

0

P Pepeling Angka Jawa iku wujude uga aksara Jawa. Supaya ora mbingungake, kanggo nulis angka Jawa dipisahake kanthi pada pangkat (: ). Tumrap angka Jawa kang manggon ing tengahe ukara diapit nganggo pada pangkat, dene yen sawise angka Jawa ana tandha koma (,) utawa titik (.), pada pangkat cukup dadi pamisah bae. Tuladha : a. Dhuwitku ana 78.350.

?duwitÑ|an;78350. b. Bukune ana 12, anyar kabeh.

?buku[nan;12,av/k[bh. c.Aku duwe pitik 8.

?akufu[wpitik\;8. Gladhen: a. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa! 1) Omahe ana Surabaya, gang 15 nomer 23. 2) Simbah mantu tanggal 28 April 2015. 3) Modhale mung 750 yuta. 4) Andrian lulus kuliah tanggal 23 september 2005 5) Proklamasi katindakake tanggal 17 Agustus 1945. 6) Sepatuku regane 150.000 rupiyah. 18

Kirtya Basa IX

b. Ukara-ukara kang katulis aksara Jawa ing ngisor iki owahana nganggo aksara Latin! 1.?put][nsimBhan;9;lnWyh[aan;15. 2.?si[n[t]o[nNrmPu=jm\;12;bezi. 3.?xg[n[bnSinM|nDk\;500;rupiyh. [emailprotected]/t;1;Ap]il\;2015. 5.?m[sD!iplk]mt=gl\;5;juni;2011. 6.?[mzetiTfinpenDidikKn\;2;[mai:2015. 7.?$igitLai/t=gl\;27;Ap]il\;1988. 8.?p+it]iyuliyniput][nome/;2. 9.?duwitÑ|kri;5000;rupiyh. 10.?[b[bkÑ|pdmti,kri;9;w[a. ............................................................................................................................ ..

Kirtya Basa IX

19

Kegiatan 3: Nyusun Teks Laporan Asil Observasi Kanthi Mandhiri Saka kegiatan 3 iki, para siswa kudu wis bisa mraktekake nggawe teks asil observasi kanthi mandhiri. Tugas 1: Nintingi Struktur Teks Laporan Asil Observasi Jingglengana maneh teks Home Industri ing dhuwur kanthi premati. Banjur idhentifikasinen lan tulisen ukara-ukara sing minangka bagean dhefinisi umum, dheskripsi bagean, lan dheskripsi kagunan kaya ing ngisor iki! Struktur Teks Dhefinisi Umum

Ukara-ukara/Dheskripsi ...................................................................... ...................................................................... ......................................................................

Dheskripsi Bagean

...................................................................... ...................................................................... ......................................................................

Dheskripsi Manfaat

...................................................................... ...................................................................... ......................................................................

Tugas 2 : Nulis Rangkane Teks Laporan Asil Observasi Kanggo nyusun teks laporan asil observasi, tindakna langkah-langkah ing ngisor iki: Coba tindakna observasi ing sekolahmu utamane babagan Pengomposan Sampah banjur asile tulisen kaya tuladha ing ngisor iki! Laporan Asil Observasi Pengomposan Sampah SMP .. Pelapor Objek sing Diamati Wektu Pengamatan Papan panggonan/ Pengamatan Ancasing Pengamatan 20

: :............. : :........ :.. Kirtya Basa IX

Asil Pengamatan: Definisi Umum: Sampah: Dheskripsi Bagean Carane ngolah sampah: .. Dheskripsi Manfaat:

Tugas 3: Nulis Teks Laporan Asil Observasi Sawise data lan informasi sawijining objek wis jangkep, nulisa teks laporan asil observasi sing prasaja wae. Sajrone nulis, jingglengana maneh kanthi permati struktur teks laporan asil observasi kang kadadean saka: 1. Dhefinisi umum 2. Dheskripsi bagian 3. Dheskripsi manfaat

Kirtya Basa IX

21

UJI KOMPETENSI WULANGAN 1 Gatekna wacan ing ngisor iki! REKAYASA UWUH Uwuh sing ana ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-liyane. Sakabehing uwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara. Kanthi nggunakake Teknologi Tepat Guna, uwuh sing ana ing masyarakat jebul bisa migunani maneh. Ngupaya uwuh iki bisa kaperang dadi telu, yaiku kanthi didhaur ulang, didadekake kompos, lan didadekake barang dadi utawa barang kerajinan. Ngupaya uwuh kanthi dhaur ulang biasane awujud uwuh sing arupa uwuh anorganik. Dene carane nggawe dhaur ulang iki kanthi diobong banjur sisane obongan didadekake lemah urug. Cara kaping pindho yaiku uwuh didadekake kompos. Nggawe kompos iki bisa kanthi cara nglumpukake uwuh organik banjur ditutup kanthi rapet. Sawise uwuh organik bosok dadi lemah, sisa uwuh mau bisa digawe rabuk tetanduran. Kaping telu nggunakake uwuh supaya dadi barang kerajinan. Nggunakake uwuh supaya dadi barang kerajinan iki bisa awujud saka uwuh organik lan uwuh anorganik. Uwuh organik bisa didadekake barang kerajinan upamane tas saka enceng gondhok. Uwuh anorganik upamane plastik bungkus panganan bisa digawe tas utawa barang kerajinan liyane. Sing cetha menawa masyarakat bisa kreatif, uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna lan nduweni nilai tambah. A. Wenehana tandha ping (X) ing wangsulan kang bener! 1. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur .... a. jinise uwuh b. rekayasa uwuh c. paedahe uwuh d. bebayane uwuh 2. Uwuh bisa kaperang dadi .... a. 2 b. 3 22

Kirtya Basa IX

c. 4 d. 5 3. Uwuh organik bisa diolah dadi .... a. kompos b. bahan urugan c. fosil d. watu akik 4. Plastik, wesi, kaca kalebu uwuh .... a. organik b. anorganik c. campuran d. Gas 5. Uwuh sing ora diopeni kanthi becik bakal nuwuhake sakehing masalah kajaba.... a. ambu ora enak b. lelara c. reretu d. kompos 6. Simbah arep lunga menyang endi? ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus .... a. Simbah arep tindak menyang endi? b. Simbah arep kesah menyang endi? c. Simbah badhe kesah menyang pundi? d. Simbah badhe tindak dhateng pundi? 7. Uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna. rekayasa dasanamane .... a. usaha b. budidaya c. milihi d. polah gawe 8. Fadhila saiki kelas 9. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa.... a. ?pdilsaikikels\ ;9. b. ?pdilsaikikels\ ;9. c. ?p+dilsaikikels\ ;9.

Kirtya Basa IX

23

d. ?p+dilsaikikels\ :9. 9. ?surti,p+niyhpdsinaunulisJw. Ukara aksara Jawa iki unine.... a. Surat paniya pada sinau nulis. b. Surati paniyah padha sinau nulis Jawa. c. Surati,faniyah padha sinau nulis Jawa. d. Surat,fani iya pada sinau nulis.

10.Yen nulis angka Jawa lumrahe migunakake.... a. pada pangkat b. pada lungsi c. pada lingsa d. adeg-adeg B.Wangsulana pitakon ngisor iki kanthi patitis! 1) Kepriye struktur teks ing wacan laporan asil observasi? Terangna tegese! 2) Lumrahe perangan dheskripsi manfaat ing teks laporan asil observasi iku dumunung ing paragrap/pada pira? 3) Wacanen maneh teks Rekayasa Uwuh ing dhuwur, banjur jlentrehna struktur teks kaya tuladha sing wis kosinaoni kanthi nulisake ukara-ukarane! 4) Ukara ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa kanthi bener! Dina Kebangkitan Nasional iku dipengeti saben tanggal 20 Oktober. Para siswa kelas 7, 8, lan 9 padha nindakake upacara. Sasekolahan panyarta upacara mau cacahe udakara 200 siswa. Ditambah para guru lan tata usaha ana 300 wong. 5) Ukara aksara Jawa kuwi gantinen ing aksara Latin!

?sbenT=ml\;10;[no[pmBe/tnShfi[pzetTifinphlw n\,

24

Kirtya Basa IX

WULANGAN 2 KESENIAN Kompetensi Dasar 1.1 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan Yang Maha Esa untuk meningkatan pengetahuan dan keterampilan berbahasa daerah, serta untuk melestarikan dan mengembang-kan budaya daerah untuk didayagunakan sebagai upaya pembinaan dan pengembangan kebudayaan Nasional. 1.3 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis.

Indikator 1.1.1 Berdoa sebelum melaksanakan kegiatan belajar 1.1.2 Menggunakan bahasa daerah dalam rangka melestarikan dan mengembangkan budaya daerah.

1.3.1 Menggali informasi dan berkomunikasi mengunakan bahasa daerah. 1.3.2 Percaya diri bergaul menggu-nakan bahasa daerah denga unggahungguh bahasa daerah yang benar 2.1 Memiliki perilaku jujur dan 2.4.1 Menggunakan bahasa percaya diri dalam Daerah sebagai sarana mengungkapkan kembali tujuan memahami informasi lisan dan metode serta asil kegiatan. 3.2 Memahami struktur teks, unsur 3.2.1 Menjelaskan struktur teks kebahasaan, dan pesan moral drama tradisional dari teks drama tradisional 3.2.2 Menjelaskan ciri-ciri bahasa (wayang/ topèng ḍhâlâng/ dalam teks drama kethoprak /ludruk). tradisional 3.2.3 Menjelaskan pesan moral drama tradisional 4.2 Melakukan kegiatan bermain 4.2.1 Menulis skenario drama peran drama tradisional tradisional. (wayang/ topèng ḍhâlâng/ 4.2.2 Bermain peran drama kethoprak/ ludruk). tradisional 4.2.3 Menanggapi permainan drama tradisional.

Kirtya Basa IX

25

Mbabar Wawasan Masyarakat Jawa kondhang kaloka ing babagan seni budayane kang adiluhung. Kesenian Jawa kang sumebar ing masyarakat iku maneka warna, kaya ta ludruk, kethoprak, wayang wong, lan maneka warna jinis tarian. Setitekna gambar-gambar ing ngisor iki! Gambar 1

Gambar 2

Gambar 3

Gambara 4

1. Gambar-gambar ing dhuwur kuwi nggambarake kegiatan apa bae? Critakna siji-siji ! 2. Pilahen endi sing kalebu pementasan ludruk, endi sing pementasan kethoprak! Jlentrehna alasane! 3. Apa sing mbedakake pementasan seni ludruk lan seni kethoprak? 4. Kejaba tuladha kasebut, wenehana tuladha kesenian Jawa liyane sing tau kongerteni! 5. Kanggo mbukak wawasanmu, wacanen pethikan naskah kethoprak ing ngisor iki! ANDHE-ANDHE LUMUT Dening: Ki Nano Pramudyo Mbok Randha

: Aku kok nganti bingung, jenenge lungguh aneng panggungan seprana-seprene, saka etungku meh ndungkap 40 dina. Aku kok ora ngerti sing dikarepke Andhe-Andhe Lumut. Kleting Abang : Kula nuwun! Mbok Randha : Mangga! 26

Kirtya Basa IX

Kleting Abang : Mbok napa leres mriki desa Dhadhapan panggenanipun Baguse Andhe-Andhe Lumut? Mbok Randha : Nggih leres kula mboke! Kersane napa? Kleting Biru : Mbok kula ajeng nggunggah-unggahi anak sampeyan Mbok Randha : Semanten kathahe ajeng ngunggah-unggahi anak kula Andhe-Andhe Lumut? Lha sampeyan jenenge sinten? Kleting Abang : Nami kula Kleting Abang. Para Kleting : Ngomong jenenge dhewe-dhewe! Mbok Randha : Sak niki sampeyan kabeh kendel rumiyin, kula tarine anak kula.

Sabanjure Mbok Randha Dhadhapan ngadhepake siji baka siji para kleting kanthi ura-ura: Putraku si Andhe-Andhe Lumut, Tumuruna ana putri kang

ngunggah-unggahi. Putrine kang ayu rupane. Kleting ............. iku kang dadi asmane. Sawise para kleting diadhepake marang Andhe-Andhe Lumut, pranyata kabeh ditolak kanthi aris, mula sabanjure padha bali. Ora watara suwe Kleting Kuning lan Kleting Ganyong thothok-thothok lawange Mbok Randha Dhadhapan. Kleting Kuning : Kula nuwun! Mbok Randha : Iki ki ambune apa kok ora enak. E e e dadi kowe sing mara nggawa bathang. Kowe ngapa mrene ambumu ora enak! Rada adoh! Kleting Kuning : Nami kula Kleting Kuning, Mbok! Mbok Randha : Kowe mrene arep ngapa? Kleting Kuning : Kula ajeng ngunggah unggahi Baguse Andhe-Andhe Lumut. Mbok Randha : Wong sing ayu-ayu wae padha ditampik apa maneh kowe rupamu elek, ambumu ora enak, wis kana bali wae!

Kirtya Basa IX

27

Kleting Kuning

: Kula mboten bali yen anak sampeyan mboten ditari dhisik. Mbok Randha : Yo daktarine anakku, muga-muga aja gelem! Mbok Randha marani panggonane Andha-Andhe Lumut, banjur nembang: Putraku si Andhe-Andhe Lumut. Tumuruna ana putri kang ngunggahungahi putrine kang ala rupane. Kleting Kuning iku kang dadi arane. Andhe-Andhe Lumut : Kula tampa mbok, kula dakmudhun, nemoni calon garwaku. Mbok Randha : Piye to le, le! Sing ayu-ayu padha koktampik bareng sing elek rupane isih mambu telek malah ditampa. Simbok gela le...! Andhe-Andhe Lumut : Mbok sakniki kula dakngomong mbok. Sampeyan dereng ngerti, satenane kula niki putra saking kraton Jenggala. Dene nami kula Panji Asmara Bangun. Mbok Randha : Allah Gustiii.... nyuwun ngapunten. Den..., kula mboten ngertos Den! Andhe-Andhe Lumut : Mbok, niki sejatosipun garwa kula naminipun Dewi Sekartaji Mbok Randha : Punika Den Ayu Sekartaji....? Nyuwun ngapunten Den Ayu, kala wau kula degsiya kaliyan penjenengan! Kleting Kuning : Nggih mbok, mboten dados punapa mbok.

Tanpa sangkan, ujug-ujug wis teka Klana Mudha Asmara. Klana Mudha Asmara : Kowe Andhe-Andhe Lumut, kabeh mau aku wis ngerti! Andhe-Andhe Lumut : Njur saiki karepmu piye? Klana Mudha Asmara : Sekartaji tetep dakjaluk! Andhe-Andhe Lumut : Ora bisa! Dewi Sekartaji kuwi garwaku, yen sira nekat bebasan ngilani dhadhane Panji Asmara Bangun! Klana arep njotos Panji Asmara Bangun, ditamani sada lanang dening Dewi Sekartaji, sakala Klana Mudha Asmara kontal tiba ndhepani bumi. Panji Asmara Bangun : Dhiajeng Sekartaji gandheng wus rampung, Mbok Randha dakkersakake kaboyong ing Jenggala saiki uga, kondur ana ing Tambak Baya. Dewi Sekartaji : Sumangga kula dherekaken! .................

28

Kirtya Basa IX

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1) Sapa paraga utama naskah kethoprak ing dhuwur? 2) Kepriye sipate paraga utama crita kasebut? 3) Sapa bae kang dadi paraga panyengkuyung ing crita? 4) Apa tujuane para kleting menyang desa Dhadhapan? 5) Apa sebab panglamare Kleting Kuning ditampa Andhe-Andhe Lumut? 6) Sapa sejatine Klana Mudha Asmara iku? 7) Apa sebabe Klana Mudha Asmara seda? 8) Apa pitutur/ pesan moral kang bisa kita tuladhani saka isine crita kethoprak? 9) Sapa sejatine Andhe-Andhe Lumut lan Kleting Kuning kuwi? 10)Kepriye pungkasane nasibe Mbok Randha Dhadhapan?

Kegiatan 1: Wangun Teks Drama Tradhisional Kethoprak lan ludruk mujudake saperangan kesenian tradhisional kang isih urip lan ngrembaka ing masyarakat Jawa. Kesenian iki sanajan wis ninggal jaman kencana rukmine, nanging isih bisa kita temoni ing satengahe masyarakat. Diarani seni tradhisional amarga seni kalorone nggelar crita jaman biyen, kairing musik tradhisional wujud gamelan sarta tetembangan, migunakake basa Jawa lan busana klasik nut jaman kelakone carita sing digelar. Sing mbedakake antarane kalorone ana ing panganggone basa lan jinis tabuhan gamelan pangiring. Kethoprak migunakake basa Jawa ragam Solo-Jogja. Dene ludruk migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh Jawa Timuran (jula-juli), lan dibukani kanthi tari remo. Kethoprak lahir watara tahun 1920 ing Solo. Ngalami jaman kencana rukmi watara tahun 1950 ing Ngayogyakarta Hadiningrat. Kawitane mung dadi lelipur rakyat sanjabane kraton, nanging wusanane uga narik kawigaten lan disenengi dening kulawarga kraton. Crita kang diangkat maneka warna panguripan ing bebrayan, wiwit crita ngenani panguripan padinane warga biasa, nganti panguripane kulawarga kraton. Ana sing macak dadi ratu, pangeran, putri, punggawa kraton, lan sapa bae miturut peran kang diparagakake. Crita pagelaran kethoprak akeh banget upamane crita rakyat, dongeng, babad, legendha, sejarah lan adhaptasi saka nagara manca kang diowahi nggunakake swasana Jawa lan Indonesia. Tuladhane karya Shakespeare, Pangeran Hamlet, utawa Sampek Eng Tay. Bisa crita-crita baku, kayata : Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Gendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Andhe-andhe Lumut, Angling Darma, Rara Mendut, Damarwulan, Kirtya Basa IX

29

Ranggalawe, Jaka Bodho, lan isih akeh liyane. Crita klangenan masyarakat bisa arupa crita pahlawanan, paprangan, lan crita kang nglempengake bebener. Biasane ing pungkasan crita sing gawe bebener, tumindak jujur, lan apik antuk kamenangan. Busana para paraga pemain dipadhakake karo crita kang digelarake. Adate nganggo busana narapraja Jawa jaman kraton biyen. Upama Pangeran Wiraguna, busanane nganggo busana priyayi Jawa, semono uga Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Yogyakarta ) lan uga para prajurit. Nanging ana uga busana kang arupa simbol, upamane pawongan kang wicaksana busanane ireng, pawongan suci busanane putih, pawongan sing kendel busanane abang. Crita Baghdad busanane kasebut "Mesiran" nganggo busana sutra. Antawacana (dhialog) kethoprak uga bisa nganggo tembang, dadi tembang bisa mujudake pangiring adegan, dhialog, monolog (rerasan dhewe) utawa dadi narasi. Wondene unining gamelan kanggo ngiringi tembang, adegan, ilustrasi swasana crita, swasana dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijine. Perangkat pangiring pagelaran kethoprak dumadi saka kendhang, saron, kethuk, kenong, kempul, lan gong. Para paraga kethoprak saliyane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nembang lan njoged. Para niyaga, bebarengan karo sindhen (waranggana), ngiringi irama gamelan kethoprak. Sanadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. Bisa nganggo basa Jawa ngoko lugu, ngoko andhap, lan basa krama. Ing wektu saiki, ana wolak-waliking jaman, kethoprak uga nduweni "improvisasi" kanthi wujud dhagelan. Upamane awujud Kethoprak Humor ana ing siaran radhio lan televisi. Crita bakune padha nanging digelarake kanthi dhagelan supaya bisa nyenengake pamiarsa. Bab paugeran nomer loro, kethoprak mau adate wis ora nganggo unggah-ungguh basa lan tata krama, sing baku bisa gawe guyu. Crita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut kethoprak ora jangkep. Saya suwe, seni kethoprak tansaya luntur. Generasi mudha nganggep kethoprak iku tontonan kanggo wong-wong tuwa. Generasi mudha yen kudu nonton kethoprak rumangsa gengsi. Saka rasa gengsi iki ndadekake kethoprak dipojokake. Kamangka yen dieling-eling para sesepuh biyen anggone merjuwangake nganti direwangi tohpati mbudidaya anggone nguri-nguri murih seni kethoprak bisa dirasakake dening generasi penerus. Saka kalangan agama, nduweni pamanggih liya, yaiku kesenian mligine seni kethoprak iku dianggep ora cocog karo ajaran agama. 30

Kirtya Basa IX

Kamangka yen dideleng maneh saka sejarah mlebune Islam ing tlatah Jawa, Sunan Kalijaga lan Sunan Bonang nggunakake kesenian kanggo nyebarake agama Islam. Bokmenawa para kalangan agama nglalekake perjuangan Islam nalika ing tanah Jawa kabiyantu banget kanthi anane kesenian. Salah siji kang paling dikenal ing internasional yaiku seni wayang. Kethoprak uga ngandhut piwulang kang becik lan ajaran unggahungguh kang migunani kanggo para pamirsane, sarta ora lali kanggo generasi mudha kethoprak bisa digunakake minangka medhia pasinaon kang becik. Tugas 1 : Nintingi Struktur Teks Drama Tradhisional Struktur teks naskah kethoprak bisa disumurupi liwat unsur instrinsik kang ana ing naskah. Unsur mau dumadi saka : 1. Tema, yaiku gagasan pokok kang dikembangake dadi crita kang digelar ing pementasan kethoprak. 2. Alur, yaiku tata urutan lumakune crita ing naskah/ pagelaran kethoprak. Kawiwitan saka pengenalan tokoh utamane, tuwuhing masalah kang dialami tokoh utama, ngrembakane masalah kang saya ngambra-ambra ndadekake critane saya muyeg, nganti mbledhose prakara/ masalah mau minangka klimaks-e. Wusana lagi tinemu dalan kanggo mungkasi crita, gumantung marang urutan critane. Sabanjure alur bisa digolongake dadi alur maju, alur mundur, lan alur campuran. 3. Setting/ latar, yaiku gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar. Dumadi saka gegambaraning panggonan, gegambaran waktu, lan gegambaran swasana nalika prastawa dumadi. Mula sabanjure setting kabedakake dadi telu, yaiku: setting waktu, setting panggonan, lan setting swasana. 4. Penokohan, yaiku nggambarake sapa sing dadi rol utawa paraga utama, paraga panyengkuyung, sarta nggambarake kepriye watak, lan sipate saben tokoh. 5. Amanat, yaiku pesan moral kang kinandhut ing crita utawa pementasan kethoprak. Pesan moral iki kang sabanjure bisa dadi tuntunan tumrap sapa bae kang nonton.

Kirtya Basa IX

31

Gladhen: Wacanen maneh kanthi setiti teks kethoprak Andhe-Andhe Lumut. Sabanjure, tintingana struktur instrinsike kanthi ngisi tabel ing ngisor iki! No. 1.

Unsur Intrinsik Tema

Idhentifikasi

Ukara

2.

Alur/ plot

...................... ........................................ ...................... ........................................

3.

Setting/latar

...................... ........................................ ...................... ........................................

4.

Panokohan

...................... ........................................ ...................... ........................................

5.

Pesan/amanat ...................... ........................................ ...................... ..........................................

...................... ........................................ ...................... ........................................

Tugas 2 : Nintingi Unsur Basa Sajrone Teks Kethoprak Kaya dene sawenehe pementasan, kethoprak nengenake antawacana. Minangka basa pambuka lakuning crita kethoprak migunakake basa ngoko, nanging pacelathon antarane tokoh siji lan sijine tansah ngugemi unggah-ungguh basa. Kethoprak pancen kayadene kaca benggala kang nggambarake kepriye mungguh tata panguripan kang sabenere ing alam gumelar. Dadi unggah-ungguhing pasrawungan ing tengahe masyarakat kudu ditengenake kanthi mirunggan. Kapan migunakake basa ngoko lugu, ngoko alus (andhap), lan basa krama. Mula kethoprak cocog banget dadi tepa tuladha tumrap para siswa kanggo mangerteni unggah-ungguh, tata krama, utawa sopan santun. Kaya kang tinemu ing naskah dhuwur, kabeh paragane tansah ngugemi subasita lan tata krama. Bakune migunakake basa Jawa iku tansah ngurmati marang sapa bae sing diajak guneman, kanthi ngasorake awake dhewe. Wujude pakurmatan marang wong liya kasebut kanthi migunakake basa krama, utawa saora-orane nganggo basa ngoko alus. Kajaba tumrap mitra utawa kanca kang wis akrab banget. Mitra sing kaya ngono mau lagi bisa nggunakake basa ngoko. 32

Kirtya Basa IX

Basa krama lan basa ngoko alus mujudake wujud basa kurmat. Basa iki digunakake kanggo guneman marang wong sing luwih tuwa, utawa marang wong enom sing luwih dhuwur kalungguhane. Ewa semono, basa krama lan basa ngoko alus uga bisa digunakake dening sapa bae lan marang sapa bae. Wiwit wong anom marang sing luwih tuwa, lan kosok baline. Cekake dadi basa universal. Beda karo basa ngoko lugu kang panganggone winates mung tumrap kanca sing wis akrab banget, guneman tumrap bocah cilik sing durung ngerti unggah-ungguh, utawa marang wong sing luwih enom kang ora perlu ngatonake ajen-ingajenan. Dene, tuladhane bocah-bocah bisa nintingi saka naskah kethoprak ing ngisor iki. Pethikan naskah kethoprak kanthi judhul Ranggalawe Mbalela ing ngisor iki semaken! RANGGALAWE MBALELA Dening: Yusuf Budi Santosa

Adegan 1: Swasana ing pasewakan agung Mojopahit, Ronggolawe sengaja nelat anggone sowan Paraga : (1) Prabu Kerta Rajasa Jayawardana (PKRJ) (2) Lembu Sora (LS) (3) Nambi (NB) (4) Kebo Anabrang (KA) (5) Ronggo Lawe (RL) RL PKRJ RL

: Kula ingkang sowan, Sinuwun. : Kene-kene Lawe, kepara ngarsa sowanira ! : Ngestokaken dhawuh ( Ronggolawe mingsed maju lungguhe).

Kirtya Basa IX

33

PKRJ RL

PKRJ RL

PKRJ RL

PKRJ RL

PKRJ RL

PKRJ RL LS

34

: Nanging sira Ronggolawe, yagene randhat sowanira ana ing ngabyantaraningsun? : Dhuh, dhuh Sinuwun, mugi wonten kepareng dalem ngluberaken agunging sih samodra pangaksami. Nanging tuhunipun Sinuwun, wonten salah satunggaling bab ingkang badhe kula unjukaken dhumateng ngarsa Panjenengan Dalem, ingkang sesambetan kaliyan keagungan saha kejayaning negari Mojopahit ing kalenggahan menika Sinuwun. : Yen kena dimidhangetne dening para narapraja kabeh, mara enggal matura, Lawe ! : Atur kula menika sanes wewados, malah dhapur kapasang yogi, dene pepak sowanipun narapraja sedaya, ing pangangkah supados saget caos panimbang dhumateng atur kula menika mangke, Sinuwun. : Ya,ya, enggal matura, Lawe ! : Dhuh-dhuh Sinuwun, kados-kados ngimpi ing wanci melek, sareng kula midhanget bilih sedherek kula Nambi, kaangkat dados patih hamengku bumi wonten ing negari Mojopahit, marangkani jumeneng dalem ingkang Sinuwun Prabu Kerta Rajasa Jayawardana. : Heh Ronggolawe, apa kang sira karepake ? : Kula paribasakaken tiyang tani ingkang kaparintah maos kitab, utawi brahmana ingkang kaparintah nggarap sabin, menawi Nambi kaangkat dados patih hamengkubumi wonten ing negari Mojopahit, menapa mboten badhe risak tatananipun negari Mojopahit menika Sinuwun ? : Ronggolawe, sumurupa yen Nambi kuwi wis gedhe lelabuhane tumprap negara Mojopahit ! : Sinuwun, kalenggahan patih menika mbetahaken raos tanggel jawab ingkang awrat. Mboten saget menawi namung dipunukur kaliyan agenging lelabetan. Kedahipun milih janma ingkang putus ing seserepan, mumpuni ing reh tatapraja saha kaprajuritan. Mangka sanes Nambi tiyangipun, Sinuwun. : La yen dudu Nambi, banjur sapa kang sira karepake Lawe? : Menggahing kula, mboten wonten sanes kejawi Rekyaan Demang Lembu Sora : Heh Ronggolawe, aja lancang kowe ! Dhuh-dhuh Sinuwun, sampun ndhahar aturipun Ronggolawe ingkang murang tata menika. Kula sampun trimah dados manggalaning para prajurit Mojopahit, lan Nambi sampun nami trep menawi kaangkat dados Kirtya Basa IX

RL

LS RL LS

RL

LS RL PKRJ RL

patih hamengkubumi wonten ing negari Mojopahit, awit Nambi menika prajurit ingkang sugih rekadaya tur weweka, Sinuwun. : Paman Ken Sora! Kenging menapa penjenengan mbelani Nambi. Kula aturi mengo paman, duk campuhing perang mengsah Kediri, sinten ingkang mejahi Segara Winotan lan Ranggajanur, senopati agul-agulipun Kediri? Menapa Nambi? Sanes, nanging kula, Ronggolawe. Sasampunipun Kediri bedhah, sinten ingkang mejahi prajurit Tartar, prajuritipun Kubi Lai Kan? Menapa Nambi! Sanes, nanging kula Ronggolawe. Kula aturi mriksani paman, gigir kula taksih tatu kenging tumbakipun Ronggojanur, tangan kula taksih tatu rojah rajeh tatu ing pedhang, awit kinrocok ing gegaman prajurit Tartar. Nalika semanten, kula dalasan para prajurit sedaya mboten wonten ingkang ningali irungipun Nambi. Samenika, sareng negari Mojopahit sampun madeg, Nambi ingkang mboten tumut cawe-cawe rekaosipun, ngedangkrang dados patih wonten ing Mojopahit. Menapa menika adil paman? Mboten! : Sumurupa nalika semana Nambi antuk pakaryan kang kudu rumeksa kayuwanane ingkang Sinuwun. : Paman Ken Sora, kengeng menapa penjenengan mbela kepatipati dhumateng Nambi, paman ? : Lawe, kowe aja mung nonyolake marang gedhene lelabuhanmu dhewe lan kosok baline mbalekake marang lelabuhane liyan! Sumurupa kemenangane Mojopahit iki ora merga suta, naya, thok-thok ora, nanging marga saka kita kabeh kang antuk pangayomaning Gusti Kang Akarya Jagat iki! : Leres paman, lan ingkang Sinuwun sanget wicaksana sanget, sedaya ingkang sampun anggadhahi lelabetan, sampun kawisuda palenggahan. Paman Ken Sora dados Nayapati, kula kaangkat dados bupati amanca negari wonten ing Tuban, dene ingkang minulya Nambi, kaangkat dados patih hamengkubumi wonten ing negari Mojopahit. : Gene kowe uwis ngerti, nanging yagene sira isih kurang trima Lawe? : Paman Ken Sora, kabeleka dhadha kula, mboten wonten seratanipun menawi kula melik lan meri dhumateng Nambi. : Lawe, cukup! Ingsun wus nyektosi dhewe marang sepira gedhene lelabuhanira ! : Dhuh-dhuh Sinuwun, mugi wonten kepareng dalem ngluberaken agenging sih samodra pangaksami, nanging kula tetep mboten trimah menawi Nambi kaangkat dados patih wonten ing negari

Kirtya Basa IX

35

NB RL

KA

RL

Mojopahit, awit kula ngertos bilih Nambi menika mujudaken prajurit ingkang licik, jirih ing getih, dhasaripun asor ing budi. Tartamtu ing mbenjang badhe kalorot asma keprabon ndalem, awit dipun idak-idak Nambi. : Heh, Kakang Lawe ! : Nambi, kowe mesthine kenyonyok rasaning atimu, nanging dudu kuwi kang dakkarepake. Aku lan kowe tetep rowang Nambi, kang ora nate benthak sirah. Yen ana kepencoking kewuh yen perlu daktohi pati. Nanging Nambi, yen kowe ora trima marang ucapku iki, sesuk apa saiki, awan apa bengi, lan ana ngendi panggonane, aku ora bakal gigrig ngadhepi kowe, Nambi! : Ronggolawe! Mingkema lambemu, muncrat-muncrat idumu, pendirangan mripatmu, nggembelo sirahmu. Aja ngumbar ucapmu kang saru dinulu. Ayo, yen pancen kowe lanang, baliya menyang Tuban, siyagakna prajuritmu kang gamben-gamben. Dudu Nambi sing dadi musuhmu, nanging iki Kebo Anabrang kang dadi musuhmu! : Ha ha ha. He, Kebo Nabrang, yen kowe sabela marang Nambi, metua njaba, tak enteni kowe! ...................... Bausastra randhat ngabyantara ngluberake pangaksama tuhu yogi marangkani lelabuhan rumeksa yuwana

: alon, suwe : ngadhep, marak : menehi, dum-duman, bebungah : pangapura, ampunan : manut, nurut : apik, pantes, murwat : kekuwatan : pangabdian, : njaga, ngopeni : slamet, rahayu, tulus

Kanggo nambah wawasanmu gegayutan karo teks drama ing dhuwur, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1) Apa temane wacan ing dhuwur? 2) Sapa kang dadi tokoh utamane ing pagelaran kethoprak kasebut? 3) Kepriye sipate tokoh/paraga utamane? 4) Sapa bae kang dadi tokoh/ paraga pambantune?

36

Kirtya Basa IX

5) Jelasna kepriye watak sing diduweni para tokoh/ paraga pembantune! 6) Konflik/ permasalahan apa bae kang diadhepi dening tokoh/paraga utamane? 7) Geneya Ranggalawe ora trima bareng sing diangkat dadi patih ing Mojopahit Nambi? 8) Sapa sing miturut Ranggalawe dianggep pantes nglungguhi pangkat patih ing Mojopahit? Gladhen: Wacanen maneh teks kethoprak Ranggalawe Mbalela ing dhuwur. Katilik saka ragam basane, sajrone teks bisa kita ndeleng pangetrapan unggahungguh basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. Tintingana ragam basa kasebut kanthi ngisi tabel ing ngisor iki! No. 1.

Ragam Basa Ngoko Lugu

Tuladha Ukara ing Teks

2.

Ngoko Alus

3.

Krama Lugu

........................................................................ ........................................................................ .........................................................................

4.

Krama Alus

........................................................................ ........................................................................ .........................................................................

........................................................................ ........................................................................ ......................................................................... ........................................................................ ........................................................................ .........................................................................

Tugas 3 : Nulis Pesan Moral Teks Kethoprak Nganggo Aksara Jawa Sawise njingglengi pacelathon ing naskah kethoprak Ranggalawe Mbalela kasebut, tindakna pakaryan iki! (1) Dheskripsekna pitutur /patuladhan/ pesen moral sing bisa kapethik saka naskah kethoprak kasebut! Kirtya Basa IX

37

(2) Tulisen dheskripsi pitutur/ pesen moral mau nganggo Aksara Jawa sing bener!

Kegiatan 2 : Nintingi Teks Kethoprak Kanthi Mandhiri Sawise bocah-bocah nindakake tugas kanthi klompok, sabanjure kudu bisa sinau bab drama tradhisional kanthi mandhiri. Tugas 1: Nintingi Struktur Teks Kethoprak Teks kethoprak kanthi judhul Ranggalawe Mbalela ing dhuwur tintingana miturut unsur instrinsike! Unsur Instrinsik Tema Critane

Paraga/Tokoh Utamane

Wangsulan .............................................................................. .............................................................................. .............................................................................. ..............................................................................

Sifat Paraga/ .............................................................................. Tokoh Utamane .............................................................................. .............................................................................. Paraga/ Tokoh .............................................................................. Panyengkuyunge .............................................................................. .............................................................................. .............................................................................. Konflik kang .............................................................................. dialami tokoh .............................................................................. utamane .............................................................................. .............................................................................. .............................................................................. Setting Panggonan: ........................................................... Waktu : ........................................................... Swasana : ........................................................... Klimaks .............................................................................. .............................................................................. ..............................................................................

38

Kirtya Basa IX

Pesan Moral

.............................................................................. .............................................................................. ..............................................................................

Tugas 2 : Nyalin Teks Menyang Aksara Jawa Tindakna pakaryan iki: Pethikan crita ing ngisor iki wacanen, banjur salinen menyang aksara Jawa! Nambi, kowe mesthine kenyonyok rasaning atimu, nanging dudu kuwi kang dakkarepake. Aku lan kowe tetep rowang Nambi, kang ora nate benthak sirah. Yen ana kepencoking kewuh yen perlu daktohi pati. Nanging Nambi, yen kowe ora trima marang ucapku iki, sesuk apa saiki, awan apa bengi, lan ana ngendi panggonane, aku ora bakal gigrig ngadhepi kowe, Nambi!

Kegiatan 3 : Mentasake Crita Kethoprak Bebarengan Pasinaon bab drama tradhisional iki kudu dikembangake lumantar pamentasan, menehi komentar babagan pamentasan, lan uga nyusun skenario utawa naskah drama tradhisional. Tugas 1: Mentasake Crita Kethoprak Tindakna miturut prentah ing ngisor iki! 1) Gawea klompok, saben klompok dumadi saka wong 10 15, banjur salah siji dadi ketua klompoke! 2) Ketua klompok milah lan milih anggotane sapa kang dadi sutradara, lan sapa kang dadi paraga/ pemaine miturut dhapukane sowangsowang. 3) Wacanen batin kanthi permati lan kebak penghayatan naskah kethoprak Gajah Mada Winisudha ing ngisor iki, wiwit kedaling antawacana, sipat, lan solah bawa miturut tokoh sing diparagakake. 4) Paragakna teks naskah kethoprak kasebut bebarengan klompokmu! 5) Rekamen asil pamentasanmu supaya nduweni dhokumen.

Kirtya Basa IX

39

Wacanen lan apalna teks drama iki supaya anggonmu maragakake mengko dadi becik! GAJAH MADA WINISUDA

Adegan I Gajah Mada

:

Patih H Tadhah Gajah Mada

: :

Patih H Tadhah Gajah Mada

: :

Patih H Tadhah

:

Gajah Mada Patih H Tadhah

: :

Gajah Mada Patih H Tadhah

: :

Gajah Mada

:

40

Aku kudu bisakudu bisaoh, Dewata Hyang Agung mugi. Mada Paman Patih Harya Tadhahmanggapaman katuran pinarak! Sajak kaget aku teka ing papanmu. Wanci dalu paman rawuh, kamangka paman Tadah taksih gerah, lan boten wonten ingkang ndherekaken, menika ingkang damel kaget. Mada, larane ragaku ora sepiroa yen katimbang klawan lelakone Mojopahit.ya bengi iki wektu kang prayoga kanggo ndandani Mojopahit. Paman Mada, mangertia yen aku wis munjuk nawala undhur dhiri ing ngarsane Gusti Prabu Putri, minta lengser saka kalungguhan mahapatih Mojopahitlan Gusti Prabu Putri wus nyarujuki Paman badhe lengser? Bener, aku wus yuswa nengahi, ragaku wis ringkih, pamikirku wis ora trewaca, wus ora jumbuh lan kahanan Mojopahit kang lagi mbutuhake narapraja kang tangguh kanggo kajayaane Mojopahit. mula Mada, sawegaa.gumanti kalungguhane pun paman Kula? Kirtya Basa IX

Patih H Tadhah Gajah Mada

: :

Patih H Tadhah Gajah Mada

: :

Patih H Tadhah

:

Gajah Mada Patih H Tadhah

: :

Gajah Mada

:

Patih H Tadhah Gajah Mada Patih H Tadhah

: : :

Adegan II Tribuwana TD

Patih H Tadhah

Kirtya Basa IX

Ya Boten, paman. Menika sanes karampungan malah bakal saya damel benter swasana Mojopahit. Genea? Pundhak kula dereng kiyat mikul kalungguhan mahapatih ing Mojopahit. Taksih kathah para wredha ingkang langkung pantes, ing antawisipun para nayaka saking Panca Ri Wilwatikta, Mahamenteri Hino Dyah Janardana, Mahamenteri Sirikan Dyah Saka pamawasku ora ana kang pantes kajaba kowe, Mada. Dereng Paman. Mada, jujura marang kapribadenmukang dak ngerteni lan dakrasakake prajurit iku nut, krenteg, lan karep kang kudu dadi sing pinunjul. Mada nalika kowe dadi prajurit, duwe pengangen-angen dadi lurahe tamtama. Lamun wus apangkat lurahe tamtama duwe angen-angen kang luwih dhuwur dadi senopati, mangkono sapiturutemula saka pandhugaku lan yen ora selak marang batinmu...Gajah Mada mesthi duwe pangangen-angen kepengin kalungguhan mahapatih Mojopahit Dereng kathah labuh labet kula tumrapipun Mojopahit, Paman Harya Tadah Mada, jujura marang swaraning batinmu. Kula Mada

: Paman Patih Harya Tadhah, saklengseripun kakang Jayanegara, kula ingkang gumantos, nanging Mojopahit boten saya tentrem, malah saya kathah rubeda ngreribetisaya-saya paman Patih Harya Tadhah minta lengser, menapa menika boten saya damel ringkihing Mojopahit? : Gusti Prabu Putri, kula sampun ringkih lan sepuh, sampun wancinipun Mojopahit ndhudhah para mudha taruna manggala praja njejegaken saka guru, ngandelaken bebeteng murih saged tentrem nagari Mojopahit tumuju ing kajayan. 41

Tribuwana TD

Patih H Tadhah

Tribuwana TD Patih H Tadhah Ra Banyak

Ra Kembar

Patih H Tadhah

Ra Banyak Patih H Tadhah

Ra Kembar Tribuwana TD 42

: Langkung prayogi mekaten, nanging paman, pembrontakan Sadeng lan Keta dereng sirep. Taksih mbetahaken kawigatosan supados enggal rampung, para mudha dereng wancinipun mikul jejibahan awrat. : Gusti Prabu Putri, mila kula lengser awit kula sampun nggadhahi wawasan sinten ingkang gumantos, lan kula pitados piyambakipun saged damel tentreming Mojopahit. : Sinten Paman? : Gajah Mada : Kepareng munjuk atur Gusti Prabu, Gajah Mada menika tiyang ingkang boten cetha trahipun, kathah nayaka wredha ingkang pantes nglenggahi pangkat mahapatih. Menawi Gajah Mada ingkang pinilih, temtunipun badhe kathah manggala praja ingkang boten nggape dateng prentahipun Mada awit kuciwa manahipun lan rumaos dipunasoraken, jalaran dipunprentah lare wingi sonten ingkang dereng ical pupuk lempuyangipun. : Gusti Prabu., Kejawi menika, kawicaksananipun gusti Patih Harya Tadhah amung mikolehaken kamulyaning kaluwarga. Gajah Mada sampun dangu caket lan Gusti Patih Harya Tadhah, sampun kekeset wonten sukunipun pramila boten mokal menawi Gusti Harya Tadah njagokaken Gajah Mada. : Kowe aja grusa-grusu kesusu ndakwa kang ora prayoga Kabeh wis tak petung nganggo dhasar kang waton. : Dhasaripun menapa? : Kowe kelingan kraman Kuti? Sapa kang bisa nyirep? Sapa sing bisa nylametake Gusti Prabu Jayanegara, ing bedander? Sapa? Gajah Mada.! ya mung Gajah Mada sing bisa nyirep kraman lan nylametake Gusti Prabu Jayanegara tanpa netesake getihing prajurit. Aku ngerti yen Gajah Mada kuwi isih cendhek drajate, ning aku percaya menawa Mada sawijining prajurit sing ora amung ngendelake okol lan atosing raga nanging prajurit kang kebak petung kang gumathok : Gusti Patih Harya Tadhah. : Cukup.Mojopahit ora mbutuhake bantahing nara praja Kirtya Basa IX

kanggo mbenerake panemune dhewe-dhewe. Ingsun bisa nimbang bener lan luput. Lan ingsun wus mangerteni sapa kang duwe labuh marang praja. Gajah Mada.! Gajah Mada : Wonten dhawuh Gusti Prabu Putri? Tribuwana TD : Piye kasaguhanmu menawa sira gumanti paman Patih Harya Tadhah? Gajah Mada : Gusti Prabu, kula .. Sowanipun Adityawarman. Adityawarman : Kula ingkang sowan. Tribuwana TD : Yayi Adityawarman, kepriye anggonmu pinangka dutane Mojopahit aneng Sadeng? Adityawarman : Kepareng kula matur Gusti Prabu Sowan kula ing Sadeng boten dipuntampi kados satatanipun duta utusan ratu, malah kula namung dipundamel cecedaning para nayaka praja lan Adipati Sadeng. Tribuwana TD : Pranyata Sadeng wus gawe dak-dakaning perkara Adityawarman : Boten namung menika, malah Adipati, nayaka, lan kawula Sadeng sampun manunggal ing tekad lan netepaken Sadeng merdika. Tribuwana TD : Sadeng merdika? Paman Tadah, pranyata Sadeng boten saget dipunrembug kanthi aris, kedah dipungecak sarana paperangan. Patih H Tadhah : Menawi kersa Gusti Prabu Putri mekaten, kula namung ndherek. Tribuwana TD : Gajah Mada, siyagakna prajurit bayangkara, kanthinen nglurug ana ing Sadeng, nanging sadurunge budhal, sira bakal sun wisuda luwih dhisik pinangka dadi Patih Amangkubumi Mojopahit. Gajah Mada : Gusti Prabu, supena kemawon boten, kula ngepenginaken kalungguhan patih, wisudan saged kepanggih wingking. Keparenga kula badhe ngrampungaken rumiyin perkawis Sadeng, awit menika tanggel jawab kula pinangka pangarsa Bayangkara bebetenging Mojopahit. Ra Banyak : Gusti Prabu, boten ngemungaken Gajah Mada. Kula ugi gadhah tanggel jawab lan kula ugi saget ngetingalaken labuh-labet kula tumrap Mojopahit. Ra Kembar : Semanten ugi kula Gusti Prabu Patih H Tadhah : BanyakKembarjangkepana tata kramamu kebaka ing Kirtya Basa IX

43

unggah-ungguh. Ra Banyak : Unggah-ungguh kepanggih wingking, kahanan Mojopahit kedah dipuntengenakenGusti Prabu kula nyuwun pamit Ra Kembar lan Ra Banyak budhal ngrumiyini Gajah Mada. Tribuwana TD : Gajah Mada, Mojopahit ora butuh wong kang tanpa petung. Dhawuh ingsun pinangka ratu Mojopahit, ya mung Gajah Mada kang dadi dutaningsun nyirep prahara Sadeng. Gajah Mada : Sendika dhawuh, kepareng nyuwun pamit, nyuwun tambahing pangestu Tribuwana TD : Pangestuku mbanyu mili Adegan III Ra Banyak

: Adipati Sadeng, angklungna janggamu kuncupna tanganmu dak sowanake Mojopahit, mengko aku kang nanggung kaslametanmu lan nyuwunake pangapura ing ngarsane Gusti Prabu Putri Tribuwana. Adipati Sadeng : Ora sudi manungkulwis takdhadhaki merga Sadeng kudu merdika, ora sudi yen ta Sadeng dadi wilayah jajahan.. Ra Banyak : Yen pancen wis ora kena takendhakake kang dadi kekarepanmu, bangga bakal dakladeni Kalajengaken perang Adegan IV Arya Tadah : Gusti Prabu Putri Tribuana Tungga Dewi..sedaya para punggawa sampun ngadhep ing pasewakan dinten menika, lan Gajah Mada ugi sampun sowan. Gajah Mada saged nyirep reretuning Keta lan Sadeng. Tribuwana TD : Gajah Mada, nyata sira prajurit pinunjul. Ingsun ratu Mojopahit nelakake neda panarima awit lelabuhanira bisa nyirep reretune praja Mojopahit. Arya Tadah : Gusti Prabu, gandheng praja Mojopahit sampun tentrem, kula Arya Tadah mangsuli rembag bab anggen kula munjuk serat undur dhiri ing ngarsanipun Gusti Prabu, awit sampun wancinipun Mojopahit dipunpimpin para mudha. Tribuwana TD : Kabeh wis ingsun penggalih paman, mula ingsun pinangka ratu Mojopahit sampun damel layang kekancingan. Sumangga kula aturi maos paman. 44

Kirtya Basa IX

Arya Tadah

Gajah Mada

Tribuwana TD Gajah Mada

Ra Kembar

Gajah Mada

Ra Kembar Gajah Mada Ra Banyak

Kirtya Basa IX

: Terang dhawuh timbalan ingsun ratu Mojopahit, minangkani panyuwune Patih Amangkubumi Arya Tadah, apa dene unjuk wawasane para paran paraning praja, ing dina respati jenar iki ingsun dhawuh: Sepisan. Rehning wus cukup lelabuhane lan tetela wus lungse ing umur, Patih Amangkubumi Harya Tadah ingsun keparengake lengser. Kapindho, awit gedhene lelabuhane mberat reretune praja, ingsun misuda Gajah Mada sun sengkakake ngaluhur pinangka Patih Amangkubumi Mojopahit. Dadi wruhanira kabeh dhawuh ingsun kudu diestokake. Ratu Mojopahit Tribuana Tungga Dewi. Gajah Mada mara gage sawega nampa kanugrahan iki : Ngestokaken dhawuh paman Gusti Prabu kula ngaturaken gunging panuwun awit kanugrahan ingkang sampun kaparingaken. Keparenga kula matur : Ya, daklilani : Gusti Prabu, kula nyuwun pangestu mugi-mugi kula mikul jejibahan luhur menika saged kawujud, awit kula anggadhahi pangangen-angen manunggalaken nuswantara ing ngandhapipun panji gula klapa Mojopahit. : Ha...ha....haGajah MadaGajah Mada aja kongas kowe. Kowe manungsa kang dilairake saka wong sudra, aja kokregeti kaluhurane Mojopahit mung karo pangangen-angenmu sing ngaya warakowe mung bakal nyeret kencana rukmine Mojopahit jumegur ing juranging kasangsaran. : Ra Kembar lan Banyakaku dudu prajurit kang amung pengin mikolehake dhiri pribadi lan mblendhugake wetenge dhewemula sejatine Mojopahit ora mbutuhake demang lan rakyan kaya kowe kang amung tenguk-tenguk nunut mukti ing Mojopahit tanpa duwe angen-angen kanggo kemajuane Mojopahit : Madakowe ngina marang aku? : Sakarepmu : OhMadaMadaendah-endah wong sudra lagi wae diwisuda dadi Patih Amangkubumi, wis wani kongas ngepenginake manunggalake nuswantara...sedheng aku wae kang duwe getihing ngaluhur wae ora wani 45

Arya Tadah

:

Ra Banyak

:

Arya Tadah

:

Tribuwana TD

:

Ra Kembar

:

Tribuwana TD

:

Arya Tadah Gajah Mada

: :

Tribuwana TD Gajah Mada

: :

46

gegedhen pangangen-angenkuwi ateges cebol nggayuh lintang...Mada. Ra Banyak apa dene Ra Kembar, kene dudu papane wong pasulayan. Iki aneng pasewakan agung ngadhep ngarsane Gusti Prabu Putri Tribuana Tungga Dewi, ning ngendi subasitamu pinangka nayaka Mojopahit. Kowe ora ngajeni pasewakan agung padha karo ngina Ratu Mojopahit. Arya Tadah kowe aja melu-melu, iki dudu perkaramu awit kowe wis dudu Patih Amangkubumi maneh, sing gedhe pangapuramu aku nungkak krama karo kowe. Banyak..Kembararep kokgawa ing ngendi praja Mojopahit yen pakartimu kaya mangkono.Mojopahit bakal kuncara yen ta nayakane manunggal nyawiji saiyeg saeka praya. Ra BanyakRa Kembarsira wus wani ngadeg ing pasewakan padha karo sira ngina marang ratu. Apa kowe kepengin dadi ratu Mojopahit merga kowe saka trahing ngaluhur hiya! Yen pancen kaya ngono kekarepanmu ingsun lila waton iki kanggo kamulyaning kawula Mojopahit, lan kanggo keraharjaning para nayakaning Mojopahit. Oh...Gusti Prabu, nyuwun gunging samudra pangaksami, sedaya kala wau awit seriking manah kula mirengaken ature Gajah Mada. Kudune kowe malah nyengkuyung marang lekase Gajah Mada merga iku kanggo kuncarane praja Mojopahit. Paman Tadah, adicara wisuda saged dipunwiwiti.. (Nembang) Gusti Prabu, kangge mujudaken panganen-angen kula, kula badhe prasapa Ya sun lilani, Mada Sineksenan lintang cakra kang sumunar padhang..aku..aku Gajah Mada sinampiran jejibahan luhur kang tanpa pepindhan, dhawuh Gusti Prabu Putri Tribuana Tungga Dewi Jaya Wisnu Wardhani, padha karo pepanggiling wilayah nuswantara sakukuban, mulane, ana paseban agung lan sangarepe para nayaka praja lan kawula Mojopahit, aku prasapaaku sumpah

Kirtya Basa IX

INGSUN DATAN HAMUKTI PALAPA, LAMUN KALAH NUSWANTARA INGSUN AMUKTI LAMUN KALAH RING GURUN, RING TANJUNGPURA, RING HARU, RING PAHANG, BALI, SUNDA, PALEMBANG, TUMASEK, INGSUN AMUKTI PALAPA.

HUWUS PALAPA, SERAM, DOMPO, SAMANA

Bausastra: nawala : layang, surat unjukaken : aturaken nayaka : pejabat, punggawa jejibahan : kewajiban, tanggungjawab sakti mandraguna : sakti banget mustaka : sirah nyedani : mateni panyaruwe : saran usul, kritik sineksenan : disekseni pasewakan : pertemuan

Tugas 2 : Ngapresiasi Pementasan Kethoprak Sauntara klompok sijine nampilake/ maragakake teks kethoprak, klompok liyane ngapresiasi mungguh kepriye penampilane klompok mau. Kanggo pandom pambiji lan komentarmu bisa nggunakake tuladha tabel ing ngisor iki: No.

Jeneng Siswa

Aspek Pambiji Ekspresi

Vokal

Gerak Tubuh

Penghayatan

Total Skor

1 2 3 4 1 2 3 4 1 2 3 4 1 2 3 4 1 2 3 4 5 lst. Tugas 3 : Latihan Nulis Skenario Drama Tradhisional Yen sing koparagakake lan kopentasake ing mau teks asil karyane wong liya, ora alane bocah-bocah uga sinau nulis skenario. Kepriye carane? Mesthine kabeh bisa disinaoni. Nulis skenario iku sejatine ora Kirtya Basa IX

47

angel sauger gelem sinau lan latihan. Sumber kanggo nulis skenario bisa saka kedadean ing masyarakat saben dina, bisa saka teks crita, lan uga bisa saka asil wawancara karo narasumber. Salah sijine cara nulis skenario bisa katindakake kanthi langkahlangkah iki: 1) Nemtokake tema, idhe pokok drama. 2) Nemtokake paraga/ tokoh lan watak-watake. 3) Ngrancang alur (plot) crita, adegan lan dhialoge para tokoh/paraga. 4) Nemtokake wektu, latar panggonane crita. 5) Miwiti nulis draf skenario karo nggambarake jiwane naskah. 6) Yen skenario wis dadi diwaca maneh bola-bali supaya luwih apik. Gladhen: Kanggo gladhenmu, tindakna pakaryan iki: (1) Goleka crita cekak saka kalawarti/ majalah basa Jawa (Panjebar Semangat/ Jaya Baya) utawa saka buku antologi. (2) Owahana teks crita cekak mau dadi skenario drama kaya tuladha ing pasinaon sadurunge. (3) Wacanen asil garapanmu ana ngarepe kancamu, lan njaluka komentare. (4) Dandanana garapanmu, yen kokrasa wis becik kumpulna asile marang Bapak/ Ibu Gurumu minangka tugas portofolio.

48

Kirtya Basa IX

UJI KOMPETISI WULANGAN 2

I. Wacanen kanthi patitis! JAKA TARUB

Para Nawang lagi guneman ing kahyangan. Dheweke mudhun saka kahyangan arep adus ing bumi. Nawang Sekar Nawang Lintang Nawang Sari Para Nawang

: : : :

Ayo dulur, dolan menyang bumi! Wah...ayo! Nanging dolan menyang ngendi? Aku duwe pamikiran, ayo adus ing tlaga wae (Nggawa slendhange) Ayo....!

Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh slendhang ing dhuwur watu gedhe. Nawang Sekar Nawang Sari

: Wah...seger tenan banyune. : Iya, bening banget.

Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub liwat lan ndhingkik para Nawang sing lagi adus. Jaka Tarub

: Wah,sapa kuwi? Ya Jagad Dewa Bathara, ayu-ayu tenan rupane.

Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah siji slendhange para Nawang. Tujuane supaya bisa tetepungan karo salah sijine utawa kabeh para Nawang. Jaka Tarub

: Wah...slendhang endi sing arep dakjupuk? Iki wae wis!

Rada sauntara, para Nawang banjur padha mentas saka sumber. Para Nawang njupuk slendhange dhewe-dhewe. Nawang Sari Nawang Sekar Nawang Wulan Nawang Lintang Nawang Wulan Nawang Sari Nawang Lintang Kirtya Basa IX

: Ayo padha mentas, langit wis arep peteng : Ayo bali, sesuk mrene maneh : (bingung tolah-toleh) Lho... ana ngendi slendhangku? : Iku mau kokseleh ngendi? : (nuding watu gedhe) Ing watu gedhe kuwi, bareng mbakyu kabeh : Apa ana manungsa liwat lan njupuk slendhangmu, Nawang Wulan? : Aku ora ndeleng ana manungsa liwat. 49

Nawang Sekar Nawang Sari Nawang Lintang Nawang Wulan Nawang Sari

: Piye iki, langit wis arep peteng. : Iyo, yen ora ndang bali kahyangan bakal ditutup : Yen ngono, kowe ing kene wae, golekana slendhangmu. Yen wis ketemu kita bakal nyusul kowe : Aja, Mbakyu. Aku aja ditinggal. Mbakyu, mbakyu.... : (Para Nawang budhal mabur) Wis ngati-ati, Nawang Wulan. Pangapurane ya...!

Para Nawang mulih menyang kahyangan. Nawang Wulan bisane mung nangis. Jaka Tarub teka lan nyedhaki Nawang Wulan. Nawang Wulan Jaka Tarub Nawang Wulan Jaka Tarub Nawang Wulan Jaka Tarub Nawang Wulan

: : : :

(susah ) Ana ngendi slendhangku ya? Geneya kowe kok sedhih banget? Aku kelangan slendhang, apa kowe ngerti? Aku ora ngerti. Aku Jaka Tarub, omahku ana ing desa kulon kono. Sapa jenengmu? : Aku Nawang Wulan, aku kesasar ana ing kene lan arep nggoleki slendhangku : Yen kowe gelem, kowe oleh nginep ing omahku. Sesuk isuk dakrewangi nggoleki slendhangmu kuwi : Wah...matur suwun kakang Jaka Tarub (Kapethik saka adeliawily.blogspot.com/2014

II. Pilihen wangsulan kang bener! 1. Tujuane para Nawang si Widodari tumurun ing bumi .... a. Nemoni Jaka Tarub. b. Golek iwak ing blumbang. c. Adus ing tlaga. d. Paring kanugrahan marang titah ing bumi 2. Nalika para Nawang lagi adus, sing liwat sapinggire tlaga .... a. Jaka Bodho b. Jaka Tarub c. Nawang Lintang d. Nawangsari 3. Sawise surup para Nawang arsa bali makahyangan. Ana salah siji widodari kang kelangan slendhange. Widodari mau aran ........ a. Nawangwulan b. Nawang Sekar c. Nawang Sari d. Nawang Lintang

50

Kirtya Basa IX

4. Tujuane Jaka Tarub nyingitake salah siji slendhange para nawang .... a. Kepengin kenal karo salah sijine Nawang. b. Kepengin nulungi Nawang. c. Kepengin slendhange Nawang. d. Kepengin dadi widodari. 5. Kang dadi paraga utamane ing pacelathon ing dhuwur.... a. Joko Kendhil b. Nawang Lintang c. Jaka Tarub lan Nawang Sari d. Joko Tarub lan Nawang Sekar 6. Panggonan dumadine prastawa ing crita dhuwur .... a. ing Kahyangan b. ing Swargaloka c. ing tlaga pinggiring alas d. ing tengahe kutha 7. Konflik kang dumadi tumrap paraga utamane .... a. Nawang Sari adus ing tlaga b. Jaka Tarub kelangan sewek c. Nawang Sekar ketemu jodhone d. Nawangwulan kelangan slendhang 8. Pesan moral kang bisa diteladhani ing crita dhuwur .... a. Goleka Widodari ing pinggire tlaga. b. Tulung-tinulung marang sapadha-padha. c. Aja nangis ing sadhengah panggonan. d. Ajining raga gumantung ing busana. 9. Basa sing digunakake ing pacelathon dhuwur .... a. ngoko lugu b. ngoko andhap c. krama d. krama ndesa 10. Sing bisa nggunakake basa ngoko lugu yaiku ............. a. Wong anom marang wong tuwa. b. Siswa marang gurune. Kirtya Basa IX

51

c. Guneman marang wong sing lagi kenal. d. Kanca sapadha kanca kang wis akrab banget. III. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi patitis! 1. Aranana sapa bae paraga ing teks kethoprak Gajah Mada Winisudha? 2. Sapa bae kang dadi paraga utamane ing pagelaran kethoprak mau? 3. Jelasna kepiye watak lan perilakune paraga utama ing teks kethoprak Gajah Mada Winisudha ? 4. Matura marang ibumu yen arep nyuwun dhuwit kanggo tuku laptop nganggo unggah-ungguh basa sing bener! 5. Manut panemumu, nilai-nilai budi pekerti apa sing bisa dijupuk saka teks kethoprak Gajah Mada Winisudha? Jelasna!

52

Kirtya Basa IX

WULANGAN 3 KEGIATAN

1.1

1.2

1.3

2.1

2.2

2.3

Kompetensi Dasar Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan Yang Maha Esa untuk meningkatkan pengetahuan dan keterampilan berbahasa daerah, serta untuk melestarikan dan mengembangkan budaya daerah untuk didayagunakan sebagai upaya pembinaan dan pengembangan kebudayaan Nasional. Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis. Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana menyajikan informasi lisan dan tulis. Memiliki perilaku jujur dalam menceritakan sudut pandang moral yang eksplisit. Memiliki perilaku demokratis, kreatif, dan santun dalam berdebat tentang kasus atau sudut pandang. Memiliki perilaku jujur dan percaya diri dalam mengungkapkan kembali tujuan dan metode serta asil kegiatan.

Kirtya Basa IX

Indikator 1.1.1 Berdoa sebelum dan sesudah melaksanakan kegiatan belajar 1.1.2 Menggunakan bahasa daerah dalam rangka melestarikan dan mengembangkan budaya daerah.

1.2.1 Menggali informasi dan berkomunikasi menggunakan bahasa daerah

1.3.1

Percaya diri bergaul menggunakan bahasa daerah dengan unggah-ungguh bahasa daerah yang benar.

2.1.1 Jujur dalam sesuatu

menceritakan

2.2.1 Menghormati pendapat, dan tanggapan orang lain

2.3.1 Menggunakan bahasa daerah sebagai sarana memahami informasi lisan

53

3.3 Memahami struktur teks, dan 3.3.1 Menjelaskan struktur teks unsur kebahasaan dari teks pidato. pidato dan teks pewara. 3.3.2 Menjelaskan struktur teks pewara. 3.3.3 Membedakan ciri kebahasaan teks pidato resmi dengan pidato tak resmi. 3.3.4 Mengidentifikasi ciri kebahasaan teks pewara. 3.3.5 Menjelaskan kaidah penulisan teks pidato. 3.3.6 Menjelaskan kaidah penulisan teks pewara. 4.3 Berpidato atau menjadi pewara 4.3.1 Menulis kerangka pidato. pada suatu kegiatan sekolah 4.3.2 Mengembangkan kerangka sesuai konteks. pidato menjadi naskah pidato lengkap sesuai konteks. 4.3.3 Berpidato tentang kegiatan. Mbabar Wawasan Setitekna gambar ing ngisor iki !

54

Kirtya Basa IX

1. Apa kang ditindakake dening paraga-paraga kang ana ing gambargambar dhuwur! 2. Ana ing prastawa apa kahanan iku katindakake? 3. Apa tujuane paraga-paraga kasebut nindakake kaya kang ana gambar iku? Kegiatan 1: Wangun Struktur Teks Pidhato lan Pranatacara A. Pidhato (Sesorah) Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Pidhato uga diarani medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan. Urut-urutane pidhato: a. Salam Pambuka Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane. b. Purwaka Isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung. c. Isi/ wigatining pidhato/ surasane Medharake apa bae kang dadi wigatining pidhato. d. Pangarep-arep Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur. Tuladha: Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwih dhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marang bapak lan ibu guru. (Manawa iku adicara pepisahan ing sekolah) e. Panutup: Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone pidhato ana kaluputan ing bab basa lan tindaktanduk. f. Salam panutup Ngaturake salam marang para rawuh. Miturut kahanane, pidhato kaperang dadi telu: 1. Kahanan Resmi Lumrahe ditindakake dening para pejabat ana ing acara resmi, upamane pidato kenegaraan, upacara HUTKEMRI, upacara HARDIKNAS kang kabeh mau pidato ditindakake sarana nganggo teks resmi. Pidhato jinis iki kaiket dening wektu lan isine. Pamicara Kirtya Basa IX

55

ora bisa sakepenake dhewe ngandharake masalah jalaran wis ana naskah kang kudu diwaca dening pamicara. 2. Kahanan Setengah Resmi Pidhato jinis iki tetep ngetokake kesan resmi, nanging ora kaiket wektu, isi tetep kudu runtut, nanging isih bisa dikembangake ora kaiket dening naskah, upamane srah trima penganten. Pidhato jinis iki uga jamak lumrahe katindakake ora nganggo naskah cukup cathetan sacuwil isi pokok-pokoke. 3. Kahanan Ora Resmi Pamicara bisa ngandharake babagan kang pas karo kahanan lan pamirenge, ora kaiket dening wektu. Upamane ana ing patemon warga ngrembug kanggo apike RT kang ditindakake dening Pak RT karo warga kanthi santai. Pidhato miturut tujuane kaperang dadi telu : 1. Menehi hiburan Pidhato jinis iki katindakake nalika ing acara pahargyan, acara hiburan, kang tujuane iku gawe sumringah, seneng utawa gumbira. Pamicara mung ngandharake babagan kang nyenengake uga nganggo basa kang kepenak. 2. Menehi Kawruh Pidhato jinis iki isine ngandharake babagan kanthi sacetha-cethane supaya pamirenge mangerti kanthi jelas. Pamicara bisa nganggo conto, bandhingan, katrangan lan liya-iyane kang migunani supaya luwih gamblang. 3. Pangajak-ajak Pidhato jinis iki pamicara ngandharake alasan, bukti, lan conto kanggo ngajak pamirenge supaya tumindak padha utawa jumbuh karo kang dikarepake. Pidhato jinis iki biasane katindakake nalikane kampanye utawa promosi. Miturut carane, pidhato kaperang dadi papat yaiku: 1. Mawa teks utawa naskah (methode maca). 2. Ngapalake naskah pidhato. 3. Ekstemporan: ngapalake wose banjur ngrembakakake wicara nalika pidhato. (njlentrehake cengkorongan pidhato) 4. Impromptu: pidhato sing ditindakake kanthi spontan (tanpa persiapan).

56

Kirtya Basa IX

B. Pranatacara (Pambyawara) Pranatacara kena uga diarani pambyawara, pranata adicara utawa pranata laksitaning adicara, yaiku salah swijining pakaryan kang ana gegayutane karo pasamuan utawa adicara ana ing madyaning bebrayan Jawa. Ana ing Bahasa Indonesia diarani pewara. Pranatacara/ pambyawara mujudake pawongan kang nglantarake utawa nata lumakuning adicara ana ing upacara adat Jawa, kayata: temanten, kesripahan, pasamuan, pepanggihan, pengajian, lan sapanunggalane. Pranatacara/ pambyawara kudu bisa nglafalake/ngucapake tetembungan basa Jawa krama inggil kanthi bener, sarta nata swara supaya tetep narik kawigaten. Saliyane swara, napas uga kudu ditata. Cengkorongan utawa kerangka pranatacara/pambyawara Bakune wedharaning pangandikan kudu urut runtut, cetha pilahpilahe, satemah isining wedharan bisa jumbuh karo ayahan sing katindakake. Babaring pangandikan, kaperang dadi telung (3) perkara yaiku: a. Purwaka Yaiku atur pangandikan minangka pambuka. Parangane purwaka ing antarane : 1) Asung pakurmatan marang para tamu. 2) Muji syukur marang ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi. 3) Ngaturake gatining ayahan. 4) Ngaturake reroncening adicara. 5) Tata laksitaning adicara kawaca saka pambuka nganti tekan panutup, banjur para tamu kasuwun lenggah kanthi sekeca, angantu adicara sabanjure. b. Isi utawa peranganing isi kang wigati Yaiku isining pangandikan sing kagolong wigati tumrap panata adicara kayata ngaturake saben-saben adicara. Anggone ngaturake adicara sing arep lumaku kudu cetha. Siji-siji para paraga kang nyengkuyung diaturi kanthi cetha. c. Wasana Yaiku atur kang minangka panutup. Dene perangan wasana, tumrap panata adicara ing antarane:

Kirtya Basa IX

57

1) Njaluk pangapura tumrap sakabehing kekurangan sarta kaluputan anggone nindakake jejibahan sarta sakabehing kekurangane kang mengku gati anggone atur lungguh suguh. 2) Ndherekake sugeng kondur marang para tamu 3) Ngaturake adicara panutup kanthi salam panutup Syarat dadi pranatacara/pambyawara supaya bisa nindakake pakaryane: a. Olah Swara Swara sing apik iku diarani gandhang, yaiku ora brisik, ulem kepenak dirungokake, kebak kawibawan, nuduhake kapribaden. Ing ngisor iki kang bisa mbiyantu pambyawara/ pranatacara olah swara : 1. Logat (accentuation). Swarane pambyawara/ pranatacara ora oleh kecampuran dhialek utawa logat, kudu nggunakake basa baku. Kang dianggep basa baku yaiku basa logat/dhialek Surakarta lan Ngayogyakarta Hadiningrat. Dhialek kang dudu basa baku bisa digunakake ing acara santai utawa kanggo selingan supaya ora sepi. 2. Pocapan (Articulation) Yaiku gamblanging pangucap tetembungan lan ukarane. Vokal lan konsonane kudu diucap kanthi bener ora oleh bindheng. 3. Napas/prana (breath). Ora oleh meksa, menggeh-menggeh saengga ketok menawa ora samesthine. Ngadeg jejeg, rileks, panganggo longgar/ora sesak bisa nglonggarake napas, saengga swara bisa alami. 4. Kecepatan (speed) lan Intonasi (intonation) Kanggo adicara resmi kaya temanten, kesripahan, pahargyan nggunakake swara endhek lan alon. Nanging ing adicara hiburan nggunakake swara dhuwur. Cepet orane anggone matur kudu dislarasake karo kahanan. 5. Empati utawa kajiwan. Swara kang diucapake kudu bisa nglarasake karo kondhisi kejiwan sawijining adicara, swasana seneng utawa susah. 6. Infleksi utawa laguning ukara (perubahan nada suara) Luwih becik ora mbolan mbaleni tetembungan (redundancy). Infleksi munggah nuduhake ana terusane ukara utawa mudhun nuduhake pungkasaning ukara.

58

Kirtya Basa IX

b. Olah Raga lan Busana Ajining dhiri ana ing lathi, ajining raga ana ing busana. Pasibasan iku trep karo pakaryan pambyawara/pranatacara. Pambyawara/pranatacara bakal katon endah menawa disengkuyung karo endahing swara, pawakan sarta busanane. Ing ngisor iki ana pitung olah raga pambyawara/pranatacara : 1. Magatra: badan, pasuryan, carane ngrasuk busana, pantes, ora digawe-gawe. 2. Malaksana: carane mlaku luwes ora ragu-ragu. 3. Mawastha: ngadeg jejeg ora miring. 4. Maraga: manteb, tenang, ora gemeter, jejeg, madhep mengarep, obahing tangan nuduhake kejelasaning pangucap. 5. Malaghawa: trampil, lancar, ora alon uga ora kecepeten. 6. Matanggap: tanggap marang swasana, menawa kahanan mbutuhake swasana sepi kudu bisa tenang lan khitmat, menawa swasana gumbira uga kudu bisa nggawe swasana gumbira. 7. Mawwat: manteb, mungkasi adicara kanthi sampurna kaya dene pangajabe kang duwe adicara. c. Olah basa lan sastra. Pranatacara/ pambyawara kudu trampil migunakake tetembungan, frasa, ukara, lan basa rinengga sarta nggunakake basa krama alus (inggil) kanthi laras lan leres. Rerengganan biasane nggunakake basa Kawi. Pranatacara/ pambyawara umume nggunakake purwakanthi (lumaksita, sastra, swara) lan nembang. Tuladha purwakanthi lumaksita (purwakanthi guru basa): Nun inggih naming Dhimas Sujatmika ingkang kuwawi methik puspita, puspita cempaka, cempaka kang lagya ambabar ganda arum, boten sanes inggih naming Risang Ahayu Retna Kumala. Tuladha purwakanthi guru sastra: Bokmenawi atur kula wonten cicir cewet kuciwanipun, kula nyuwun agunging pangaksama. Wijang wijiling wicara panjenenganipun Rama Sudira kang pindha pinandhita paring sesuluh seserepan dhumateng rising temanten kekalih. Tuladha purwakanthi guru swara: Gumarenggeng ambrengengeng kadya sasra bremana ingkang mider hangupeng puspita, hanenggih punika rata kencana

Kirtya Basa IX

59

ingkang tinitihan dening putra calon penganten kakung sampun manjing gapuraning palataran.

ingkang

d. Pangrengga Swara Kemajuan teknologi bisa mbiyantu pranatacara/ pambyawara kanggo ngolah swara. Adoh cedhake mikrofon saka tutuke pranatacara bisa kanggo mbedakake swara abot lan entheng wektu ngucapake tetembungan. e. Papan Papan ana ingendi pranatacara/ pambyawara ngadeg kudu pas karo swasana, ora kena kadohan utawa kecedheken karo tamu. Sing paling pas yaiku ing papan sing bisa kanggo nyawang kabeh tamu sarta isi papan pasamuan kanthi jelas, cedhak karo panitia, lan sing nata sound system. f. Pawiyatan Dadi pranatacara/ pambyawara bisa sinau saka pendhidhikan formal apadene non formal kayata kursus, penataran, pelatihan utawa sinau dhewe. Saliyane iku uga kudu diimbangi kanthi ilmu agama saengga bisa ngandharake ayat-ayat saka kitab apa bae. g. Mental Supaya pranatacara/ pambyawara nduweni mental kang kuwat, wani madeg kanthi asil kang murakabi, dibutuhake latihan/gladhen. Bisa nindakake gladhen, kanthi gladhen simulasi utawa gladhen kang sanyatane. Gladhi simulasi yaiku nindakake pakaryan pranatacara/ pambyawara kaya ngadhepi tamu sanyatane ana ing sanjabane adicara. Dene gladhi satemene yaiku melu kegiatan pranatacara/ pambyawara ana ing adicara sanyatane kanthi ngadeg ing sacedhake pranatacara/ pambyawara profesional wektu nindakake pakaryan pranatacara/ pambyawara. Menawa wis rumangsa bisa lan wani, bisa nyoba satitilaksana utawa rong titilaksana ana ing adicara kasebut kanthi gentenan karo pranatacara/ pambyawara sing profesional. Yen wis rumangsa wani tenan bisa nindakake pakaryan pranatacara/ pambyawara dhewe. h. Tawajuh Tawajuh iku gegandhengan karo dhisiplin wektu lan jejibahan. Dhisiplin wektu tegese kudu teka luwih dhisik tinimbang para tamu, 60

Kirtya Basa IX

miwiti adicara pas karo adicara kang direncanakake sarta mungkasi adicara pas karo rencanane. Dhisiplin ing jejibahan tegese nindakake jejibahan kayadene apa sing dikarepake kang duwe gawe, ora ninggalake papan adicara sadurunge adicara paripurna. i. Gladhen Pranatacara/ pambyawara kudu nindakake gladhi adicara supaya adicara kang diayahi bisa bener, swarane endah sarta bisa nindakake pakaryane saka wiwitan nganti pungkasan j. Kasamaptan Samapta tegese siap. Siap ana ing kene duweni teges mumpuni nyiapake dhiri pribadi, penampilan, busana sarta adicara. Aja nganti wektu adicara, ora sehat saengga kudu golek gati. Busana uga kudu digatekake saengga ora andadekake ora sek (ora kepenak) ana ing ngarepe para tamu. Siap ana ing adicara ateges pambyawara/ pranatacara kudu nganakake komunikasi karo sing duwe gawe, panitia adicara, kepriye apike adicara digelar. Tugas 1 : Nyemak lan Nintingi Struktur Teks Pidhato Gatekna tuladha pidhato ing ngisor iki, banjur wacanen ing ngarep kelas! PIDHATO PERPISAHAN KELAS Nuwun Assalamualaikum wr.wb Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu guru ingkang satuhu kula bekteni, adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sadaya, saengga ing wekdal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng nir ing sambekala. Kadang kula kelas VII ngantos IX ingkang kula tresnani, sakedhap malih kula sakanca kelas IX badhe nilaraken pawiyatan SMP punika. Pramila, mbok bilih sadangunipun kula sesrawungan kaliyan panjenengan sadaya wonten kalepatan saha tindak tanduk ingkang kirang mranani ing panggalih panjenengan sadaya, kula sakanca nyuwun agunging pangapunten. Awrat sejatosipun kula pepisahan nilaraken pawiyatan punika, nilaraken adhik-adhik kelas kula ingkang sampun kula anggep kados Kirtya Basa IX

61

dene sadherek piyambak. Nanging kados pundi malih, jer kula panjenengan sadaya namung titah sawantah mboten kuwawi nyelaki pepesthening Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Adhik-adhik, kula ndherek paring pepenget dhumateng panjenengan sedaya, sakmedhal kula saking pawiyatan punika, pangajab kula adhik-adhik sageda dados siswa-siswi ingkang tansah mbangun miturut dhumateng Bapak saha Ibu Guru, lan dados murid ingkang pinter saha kreatif. Adhik-adhik ingkang kula tresnani, kula tansah njurung donga lan pamuji mugi-mugi ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah pikantuk pangayomanipun Allah SWT. Samanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu, mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil. Wasana namung samanten atur kula minangka sesulih rencangrencang kelas IX sedaya, mbok bilih wonten galap-gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksami. Nuwun Wassalammuallaikum wr.wb. Bausastra nir sambekala pawiyatan serawungan mranani panggalih pangajab mbangun miturut benceng ceweng

: luput, ora kena, ora nganggo : bebendu, alangan : pamulangan, sekolahan : kekancan : nyenengake, gawe seneng : pikiran, ati : pangarep-arep (harapan) : bekti, manut, ngugemi apa sing dadi tatanan : galap gangsul, klira-kliru, salah

Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi klompok kanthi anggotane saben klompok 5-6 siswa! 1) Sapa kang pidhato ana wacan kasebut? 2) Sawise salam lan ngaturake puji syukur marang Gusti Allah, apa sing dikandhakake marang adhik kelase? 3) Apa sing njalari abot pamicara pepisahan karo adhik-adhike? 4) Pepeling apa kang dadi pangarep-arepe pamicara marang adhikadhike? 5) Apa kang tansah didongakake pamicara kanggo para siswa kang isih ana ing sekolah iku? 62

Kirtya Basa IX

6) Pamicara uga nyuwun didongakake apa marang adhik-adhike? 7) Ana pungkasaning atur, sadurunge salam pamicara ngaturake apa? 8) Apa sababe yen ngomong apa bae marang wong liya, embuh marang wong akeh apadene ana ing layang tansah dipungkasi kaya jawabanmu nomer 7? 9) Apa tegese ukara iki Mugi-mugi kula kula sakanca saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil? 10) Yen wis kokwaca wutuh wacan pidhato ing dhuwur, apa isine? Gladhen: Kaya andharan sadurunge, teks pidhato nduweni struktur. Tindakna pakaryan iki: 1) Gatekna lan wacanen maneh teks pidhato sing wis kokwaca! 2) Pilah-pilahen miturut perangan/ strukture teks pidhato mau! PIDHATO PERPISAHAN KELAS No

Perangan

Ukarane

1

Salam Pambuka

2

Purwaka

..

3

Isi/ surasa

4

Pangarep-arep

5

Panutup

6

Salam Panutup

Kirtya Basa IX

63

Tugas 2 : Nintingi Struktur Teks Pranatacara/ Pambyawara Gatekna tuladha pranatacara/ pambyawara ing ngisor iki! PENGETAN DINTEN KAMARDIKAN REPUBLIK INDONESIA Merdeka . Merdeka . Merdeka . Nuwun, Dhumateng ngarsanipun pinisepuh, sesepuh ingkang tansah kinabekten, dhumateng panjenenganipun para pangemban pangembating praja satriyaning negari ingkang dados pandam-pandoming para kawula dasih, Bapa/ Ibu saha para mitra karang taruna sarta adhik-adhik sedaya ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin sumangga kita hangaturaken puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumados ingkang sampun kepareng paring mapinten -pinten nikmat saha rohmat dhumateng kula lan panjenengan sami saengga kita sedaya kanthi kawilujengan sarta kasarasan saged angrawuhi pahargyan pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia wonten ing dalu punika. Dhumateng ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri ingkang tansah kula urmati, keparenga kula wonten ing mriki handherekaken lampahing adicara pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ing dalu punika. Saderengipun adicara kawiwitan keparenga kula hangaturaken reroncening adicara ingkang badhe kalampahan, inggih punika: 1. Pambuka 2. Nglagokaken Lagu Kebangsaan Indonesia Raya 3. Lapuran saking ketua panitia pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia 4. Sambutan Ketua RT 5. Seksi sejarah saking sesepuh 6. Donga syukur kalajengaken Potong Tumpeng 7. Kembul bojana 8. Pengumuman asil lomba sarta ngaturaken bebungah 9. Pasugatan panglipur 10. Panutup

64

Kirtya Basa IX

Adicara ingkang wiwitan : Pambuka Kanthi adicara pambuka punika mangga kita sesaarengan hanyenyuwun dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos, mugi-mugi adicara ing dalu punika sageda rancak nir ing sambekala wonten ing purwa, madya, ngantos paripurnaning adicara. Dhumateng para rawuh sedaya kanthi kayakinanipun piyambak-piyambak kula sumanggakaken . -----menawi sampun paripurna atur pambiwara salajengipun----Matur nuwunmugi pandonga kita dipun ijabahi Gusti Ingkang Akarya Jagad. Amin. Sumangga kita lajengaken adicara salajenipun Adicara ingkang nomer kalih : Nglagokaken Lagu Kebangsaan Indonesia Raya Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, sumangga kita jumeneng saperlu nglagokaken lagu kebangsaan Indonesia Raya ingkang badhe dipunpandhegani dening Ibu .............. dhumateng Ibu ........................ wekdal saha papan kula sumanggakaken. -----menawi sampun paripurna atur pambiwara salajengipun----Matur nuwun sumangga, para rawuh kawula aturi lenggah. Para rawuh sedaya, Adicara ingkang nomer tiga : Lapuran saking ketua panitia pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia Dhumateng Bapa . Ingkang kajibah ketua panitia pengetan dinten kamardikan kula sumanggakaken. -----menawi sampun paripurna atur pambiwara salajengipun----Matur nuwun dhumateng ngarsanipun Bapa . Ingkang sampun hanglapuraken sedaya kegiatan sesambetan kaliyan pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia kanthi gamblang. Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, mangga kita lajengaken adicara ingkang nomer sekawan. Adicara ingkang nomer sekawan : Sambutan Ketua RT Dhumateng ngarsanipun Bapa Ketua RT, wekdal saha papan kula aturaken. -----menawi sampun paripurna atur pambiwara salajengipun----Matur nuwun dhumateng ngarsanipun Bapa Ketua RT, mugi kanthi semangat perjuangan wonten ing RT kita punika mangke sageda rancak Kirtya Basa IX

65

sarta saged hambangun lingkungan handadosaken mongkoging manah. Amin

sarta

sosial

ingkang

saged

Adicara ingkang salajengipun inggih punika adicara nomer gangsal : Seksi sejarah saking sesepuh RT Kagem pitedah saha patuladhan tumraping para mudha kados pundi rekaosipun sarta perjuanganipun ngadhepi para penjajah ing jaman rumiyin, dhumateng Bapa .. ingkang nglampahi wonten ing jaman penjajahan kula sumanggakaken. -----menawi sampun paripurna atur pambiwara salajengipun----Matur nuwun dhumateng Bapa . Ingkang sampun paring gegambaran kadospundi gesang wonten ing wekdal penjajahan. Boten namung crita, nanging Bapa . Punika mujudaken priyantun ingkang dados seksi sejarah perjuangan Indonesia. Mugi-mugi semangatipun saged dados patuladhan tumrapipun para mudha saengga handadosaken Indonesia Gemah ripah loh jinawi, tata titi tentrem karta raharja, Amin. Para rawuh ingkang satuhu kinormatan, Adicara ingkang nomer enem inggih punika : Donga syukur kalajengaken Potong Tumpeng Para rawuh sedaya, raos syukur kita dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumados, ngantos sapunika kaparingan bregas waras boten kirang satunggal punapa, gesang wonten ing jaman kamardikan, kamardikan ingkang dipun perjuangaken dening para pinisepuh leluhur kita sedaya. Sumangga kita sesarengan handedonga sarta ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad Raya. Donga syukur badhe kasarira dening Bapa .. dhumateng Bapa . Kula aturaken. -----menawi sampun paripurna atur pambiwara salajengipun----Matur nuwun dhumateng Bapa . Mugi-mugi sedaya panyuwun kita tansah dipun ijabahi dening Gusti Ingkang Murbeng Dumados, amin. Salajengipun sumangga dhumateng Bapa ketua Panitia kula aturi Potong Tumpeng lajeng kaaturaken dhumateng Bapa ketua RT. Dhumateng Bapa Ketua Panitia kula sumanggakaken. -----menawi sampun paripurna atur pambiwara salajengipun----Adicara Donga syukur kalajengaken Potong Tumpeng sampun purna, sumangga kita lajengaken adicara salajengipun.

66

Kirtya Basa IX

Adicara ingkang nomer pitu inggih punika : Kembul bojana Dhumateng sedherek karang taruna ingkang kadhapuk sinoman kula aturi sumadya cecawis ingkang perlu kacawisaken. Wekdal saha papan kula sumanggakaken -----menawi sampun paripurna atur pambiwara salajengipun----Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, dhaharan saha unjukan sampun sumadya. Sumangga kula aturi hangrahapi, bokbilih wonten ingkang kirang mranani kula hamakili panitia nyuwun agunging pangapunten. Dhumateng petugas sound system kula nyuwun lelagon ingkang sekeca kagem hangiringi kembul bojana. Nuwun. -----menawi sampun paripurna atur pambiwara salajengipun----Kula kinten sedaya sampun samapta lenggah kanthi sekeca sumangga kita lajengaken adicara salajengipun. Adicara ingkang nomer wolu inggih punika : Pengumuman asil lomba sarta ngaturaken bebungah Adicara punika ingkang sampun dipun tengga dening adhik-adhik ingkang ndherek lomba, boten kesupen bapak saha ibu ingkang ndherek angramekaken pengetan dinten kamardikan punika kanthi maneka warna lomba. Mila sumangga dhumateng sedherek ketua karang taruna kula sumanggakaken. -----menawi sampun paripurna atur pambiwara salajengipun----Matur nuwun dhumateng sedaya ingkang hangayahi karya lomba sarta bapak, Ibu saha adhik-adhik ingkang ndherek lomba ingkang adamel rancaking pengetan dinten kamardikan punika. Adicara ingkang panglipur

nomer

sanga

inggih punika

:

Pasugatan

Dhumateng Bapa . Ingkang kadhapuk seksi Hiburan kula sumanggakaken. -----menawi sampun paripurna atur pambiwara salajengipun----Adicara ingkang nomer sedasa inggih punika : Panutup Para rawuh sedaya, reroncening adicara ing dalu punika sedaya sampun kaleksanan kanthi lancar, kula minangka pranata adicara hangaturaken sugeng kondur sarta hambokbilih wonten tetembungan ingkang boten mranani ing penggalih, nyuwun agunging samodra sih pangaksami. Nuwun. Kirtya Basa IX

67

Bausastra dasih pangembating praja

: asih, tresna : kang nduweni jabatan, pemimpin, pamarentah reroncening : rantaman, tatanan nir ing sambekala : tanpa alangan, tanpa rubeda purwa : wiwitan madya : tengah-tengah dipunpandhegani : dipimpin gemah ripah loh jinawi : subur makmur tata titi tentrem karta raharja : ayem tentrem

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki : 1) Apa bae tetembungan liya kanggo tembung pranatacara iku? 2) Apa kang diarani pranatacara iku? 3) Apa bae kang kudu digatekake pranatacara ngenani olah swara? 4) Pranatacara kudu bisa olah basa lan sastra. Apa kang dikarepake olah basa lan sastra iku? 5) Sebutna wujude olah raga tumrape pranatacara! 6) Wektu nindakake pakaryan, ing adicara iku ana telung bab kang wigati yaiku purwaka, isi, lan wasana. Apa kang diaturake pranatacara ana ing purwaka (pambuka)? 7) Apa kang diaturake pranatacara ana ing perangan wasana? 8) Ana ing tuladha pranatacara dhuwur iku, pranatacara ing adicara apa? Gladhen: Wacanen maneh tuladha teks pranatacara Pengetan Dinten Kamardikan Republik Indonesia. Katilik saka strukture, teks pranatacara kaperang dadi 3, yaiku: purwaka, isi, panutup(wasana). Tintingana maneh apa kang diandharakake ana ing perangan mau kanthi ngisi tabel ing ngisor iki!

No

Perangan Purwaka

1

68

Kang Diandharake . . ....................................................................

Kirtya Basa IX

Isi

. . .................................................................... ....................................................................

2

3

Wasana

. . ............................................................................

Tugas 3 : Nintingi Ragam Basa Pidhato Resmi Lan Ora Resmi Yen kita wis maca katrangan ngenani pidhato ing dhuwur, ing kana wis diandharake menawa pidhato iku ana kang kagolong pidhato resmi lan ora resmi. Pidhato resmi iku katindakake mawa teks lan ora oleh uwal saka teks kang wis disamaptakake. Swasana ing kono swasana resmi, isine wis tartamtu lan adhedhasar wewaton kang gumathok. Basa kang digunakake uga migunakake basa kang baku, dene pidhato kang ora resmi ora ngugemi tatanan kang kaya ing pidhato resmi. Gladhen : Ing gladhen iki bocah-bocah kudu bisa mbedakake cirine basa pidhato resmi lan ora resmi. Tindakna pakaryan iki: 1. Goleka tuladha teks pidhato resmi lan ora resmi ! 2. Jingglengana basa kang digunakake ing teks pidhato werna loro mau! 3. Apa bedane antarane teks pidhato resmi lan teks pidhato ora resmi ? 4. Kanggo nggampangake isenana tabel ing ngisor iki! Bedane Pidhato Resmi Karo Pidhato Ora Resmi No 1

2 Kirtya Basa IX

Pidhato Resmi

Pidhato Ora Resmi

..................................... ..................................... .....................................

..................................... ..................................... .....................................

..................................... .....................................

..................................... ..................................... 69

.....................................

.....................................

3

..................................... ..................................... .....................................

..................................... ..................................... .....................................

4

..................................... ..................................... .....................................

..................................... ..................................... .....................................

5

..................................... ..................................... .....................................

..................................... ..................................... .....................................

Tugas 4 : Nintingi Basa Teks Pranatacara Ana ing adicara-adicara, pranatacara tansah nggunakake basa kang endah, ora kaya basa padinan kang kita gunakake. Kaya kang wis diandharake kelas VIII wingi ana ing bab basa rinengga. Saiki ing pasinaon ngenani pranatacara iki akeh digunakake basa rinengga kang tujuane kanggo nambahi kaendahan, sengsem, lan sakrale adicara. Gladhen : Tindakna prentah ing ngisor iki: 1) Wacanen maneh tuladha teks pidhato lan teks pranatacara ing dhuwur! 2) Bedakna basa kang digunakake antarane basa kang ana ing teks pidhato karo kang ana ing teks pranatacara! 3) Apa ciri-ciri khusus kang mbedakake antarane pidhato karo pranatacara? Wangsulanmu isekna ing tabel ngisor iki. 4) Tugasmu aturna marang Bapak/ Ibu Gurumu! Bedane Teks Pidhato lan Teks Pranatacara Teks Pidhato ..................................... ..................................... ..................................... ..................................... ..................................... ..................................... 70

Teks Pranatacara ........................................ ........................................ ........................................ ........................................ ........................................ ........................................ Kirtya Basa IX

Kegiatan 2: Mangun Teks Pidhato Kanthi Klompok Pasinaon iki katindakake kanthi klompok, mula kelas kaperang dadi klompok-klompok cilik kanthi anggota 4-5 siswa. Asile dhiskusi klompok bisa dipresentasekake luwih dhisik ana ngarep klas utawa dikumpulake langsung marang Bapak/ Ibu Gurumu. Tugas 1 : Nintingi Isi Teks Pidhato Semaken teks pidhato ing ngisor iki!

PIDHATO NGEMBANGAKE KEWIRAUSAHAAN Nuwun Assalamualaikum wr.wb Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu guru ingkang satuhu kula bekteni, mitra kula kakung punapa dene estri ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sadaya, saengga ing wekdhal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa. Wonten ing kalodhangan punika kula badhe ngaturaken bab upaya ngembangaken kewirausahaan. Saderenge matur kathah, kita kedah magertosi punapa ingkang kawastanan wirausaha. Wirausaha inggih punika daya kangge madeg (Ind: kemampuan untuk mandiri), mardika lair batin, sumber ningkataken kapribaden, satunggaling proses tiyang pados kalodhangan usaha, mujudaken sifat mental saha jiwa ingkang tansah aktif, kedah saged nglampahaken, mumpuni, mangertosi saha gadhah pengalaman kangge njurung kreativitas. Boten kedah muluk-muluk kados pangertosan kala wau, jer kita taksih SMP. Kula kinten kita cekap mangertosi lan saget nyinau kados pundi ta kita saged ningali kalodhangan punapa ingkang saged dipunrembakakaken dados usaha ingkang saged mbiyantu nyekapi kabetahan kulawarga. Kathah sanget ing sakiwa tengen kita ingkang sajatosipun saged ngasilaken, nanging punika wau kantun kaprigelan saha ketrampilan kita ngolah dados barang punapa dene jasa ingkang saged ngasilaken arta. Upaminipun kemawon sedherek kita ingkang trampil ndadosaken Kirtya Basa IX

71

kain perca (pipihan) dados barang ingkang mumpangati, kados tas, rerenggan, keset, timpal, lan sapanunggalane. Wonten malih ingkang saged ternak peksi import love bird ingkang sapunika reginipun sae sanget. Kula piyambak gadhah sedherek kapernah paklik ingkang sajatosipun panjenenganipun kepingin dados pegawai negeri. Amargi dereng rejekinipun, ngantos sapunika taksih dereng dipuntampi dados pegawai negeri, kamangka piyambakipun sampun krama lan sampun kagungan putra. Sapunika sampun lumayan sukses nyekapi kabutuhan rumah tangganipun saking usaha ternak lele, malah-malah asilipun langkung kathah tinimbang gaji pokok pegawai negeri golongan III. Wiwitanipun usaha inggih namung nyobi-nyobi, krana pekaranganipun wiyar panjenenganipun nyobi ternak lele. Dhasar mara sepuhipun pegawai dinas peternakan, dados saged ngangsu kawruh bab ternak lele. Sapunika pekarangan ingkang wiyar wau owah dados blumbang-blumbang ingkang isinipun ulam lele, wiwit saking lele babon, anakan, ngantos lele siap konsumsi. Saben diten wonten kemawon tiyang rawuh wonten dalemipun saperlu pados bibit lele punapa dene mundhut lele ingkang dipunkonsumsi. Asilipun ternak punika sampun saged nyekapi kabetahan kulawarganipun, malah kepara langkung-langkung. Punika wau namung satunggaling tuladha, kita kedah saged pados kalodhangan usaha, mujudaken sipat mental saha jiwa ingkang tansah aktif, kedah saged nglampahaken, mumpuni, mangertosi saha gadhah pengalaman kangge njurung kreativitas supados punapa ingkang kita idham-idhamaken saged kaleksanan. Kajawi usaha punika saged mbiyantu saha nyekapi kabutuhan kulawarga kita ugi saged mbiyantu pamarintah ngiragi pengangguran saha ningkataken kesejahteraan masyarakat. Mugi-mugi kita sedaya sageda mujudaken, ampun ngantos kita malah nambah angka pengangguran wonten ing Indonesia. Kita kedah saged mangertosi, mumpuni, pados kalodhangan usaha sarta kedah saged nglampahaken, supados kita saged dados patuladhan, boten gumantung dhumateng tiyang sanes, boten perlu keraya-raya nyuwun utawi pados pandamelan ingkang wusananipun menawi boten pikantuk, dados nambahi pengangguran wonten ing negari kita Indonesia punika. Kula kinten cekap semanten atur kula, mugi-mugi punapa ingkang kula aturaken punika samangke saged mumpangati

72

Kirtya Basa IX

dhumateng kita sedaya, amin. Wusana bokbilih wonten lepatipun anggen kula matur, kula nyuwun samodra pangaksami. Nuwun. Wassalamualaikum wrwb. Bausastra satuhu kinormatan satuhu kula bekteni mitra wilujeng kalodhangan kawastanan ngrembaka ngangsu kawruh keraya-raya

: banget diormati : banget anggonku mbekteni : kanca : slamet : wektu kang longgar (ind: kesempatan) : diarani : dadi akeh (ind:berkembang) : golek ngelmu : kangelan

Gladhen: Kanthi mangun klompok kang anggotane 4-5 siswa, wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki! 1) Pidhato ing wacan kasebut iku ngenani apa? 2) Apa kang diarani wirausaha iku? 3) Miturut pidhato iku, kita sing isih SMP iki apa sing kudu ditindakake? 4) Sapa kang dadi tuladha pamicara, sing usahane ternak lele? 5) Apa sing dadi tuladha iku mau pancen kepengine dadi pengusaha lele? 6) Kepriye wiwitane dadi pengusaha lele? 7) Saliyane bisa kanggo nambah apadene kanggo nyukupi kabutuhan kulawarga, apa mumpangate kanggo negara? 8) Apa pangarep-arepe sing pidhato marang kita kabeh? 9) Sadurunge salam panutup, apa kang diaturake? 10) Yen wis kokwaca wutuh wacan sesorah ing dhuwur, sing bisa kokjupuk dadi patuladhan? Tugas 2: Nulis Struktur Teks Pidhato Urut-urutane teks pidhato wis tau diwedarake ana ing ngarep. Ing sajroning teks pidhato iku kang wigati urutane, yaiku: salam pambuka, purwaka, isi/wigatining pidhato/surasane, pangarep-arep, panutup, lan salam panutup.

Kirtya Basa IX

73

Gladhen: Tindakna pakaryan iki: (1) Teks pidhato kanthi irah-irahan (judhul) Pidhato Ngembangake Kewirausahaan wacanen maneh kang setiti. (2) Pilahen miturut strukture kanthi ngisi tabel ing ngisor iki: No 1

Perangan Salam Pambuka

Ukarane .................................................................... ....

Purwaka

....................................................................

3

Isi/ surasa

....................................................................

4

Pangarep-arep

....................................................................

5

Panutup

....................................................................

Salam Panutup

....................................................................

2

6

(3) Wacanen garapanmu ana ngarep klompok liyane supaya oleh komentar lan panyaruwe. (4) Yen garapan klompokmu wis rampung didandani kumpulna marang Bapak/ Ibu Gurumu.

Kegiatan 3 : Mangun Teks Pidhato Kanthi Mandhiri Kegiatan mandhiri kang katindakake siswa, yaiku gawe cengkorongan teks pidhato, nyusun teks pidhato, lan nindakake pidhato.

74

Kirtya Basa IX

Tugas 1: Nulis Cengkorongane Teks Pidhato Gawe teks pidhato menawa langsung ditulis tanpa ana ngengrengan arupa cengkorongan, mesthi ana wae bab-bab kang kliwatan utawa ora katulis kamangka iku bab kang wigati. Mulane menawa arep nulis teks pidhato kudu cengkorongane digawe dhisik. Gladhen : (1) Gawea cengkorongane pidhato ngenani kegiatan kang ana ing sekolah, upamane: Persami, mengeti Hari Pendidikan Nasional, mengeti Hari Kartini, Idul Adha, nyengkuyung kegiatan Adiwiyata lan sapanungalane! (2) Carane ngupaya isi, kanthi nggolek informasi marang Bapak/ Ibu Guru, karyawan sekolah apadene kanthi cara browsing internet ngenani apa kang bakal kokandharake ana ing pidhato. Judhul Pidhato : ....................................................

No

Perangan

Ukarane

1

Salam Pambuka

2

Purwaka

3

Isi/ surasa

4

Pangarep-arep

5

Panutup

6

Salam Panutup

Kirtya Basa IX

75

Tugas 2 : Ngembangake Cengkorongan Dadi Teks Pidhato Yen wis digawe cengkorongane kari gampang ngembangake adhedhasar cengkorongan mau. Kanthi mangkono, samubarang kang kudu kawedhar ora bakal kliwatan. Ana ing pasinaon iki ayo padha sinau medharake cengkorongan kang wis kokgawe ana ing tugas sadurunge iki. Aja lali nalika njangkepi wedharan mau tetap nggolek informasi saka Bapak/ Ibu Guru, karyawan sekolah apadene kanthi cara browsing internet ngenani apa kang bakal kokandharake ana ing pidhato. Gladhen : Cengkorongan sing wis kokgawe ana ing gladhen sadurunge iki kembangna dadi teks pidhato jangkep ! Tugas 3 : Nindakake Pidhato Sinau pidhato ora mung tekan nulis teks pidhato wae, nanging teks sing wis kasil kogawe iku kudu bisa kotampilake. Sing perlu digatekake menawa kita nindakake pidhato, yaiku: a. Materi pidhato (bocah-bocah wis duwe teks pidhato); b. Mental (kudu percaya diri); c. Busana (kudu migunakake busana sing trep karo swasana); d. Solah bawa (ora pareng nindakake pakaryan sing ora samestine, tuladhane, kukur-kukur merga kurang nguwasani materine, lsp); e. Kudu migatekake para rawuh, ora mung ndeloki teks terus; f. Ngerti tatakrama lan subasitane wong pidhato. Gladhen : Wacanen teks pidhato sing wis kokgawe ing ngarep kelas! Wektu maca kudu digatekake : (1) Tatakrama, busanane, tindak tanduke lan sapanunggalane. (2) Diwaca kayadene wong pidhato temenan. (3) Gatekna kanca-kancamu, aja nyawang teks terus. (4) Wacanen kanthi banter, jelas supaya bisa dingerteni isine sing kokandhakake.

76

Kirtya Basa IX

Gatekna kancamu anggone pidhato, bijinen kanthi ancer-ancer ing ngisor iki: Ketrampilan Pidhato Siap Orane

Kejelasan

Isi

Volume Swara

Solah Bawa

Skor 4

3

2

1

Nuduhake wis siap tenan anggone pidhato lan wis akeh anggone latihan Siswa pidhato kanthi jelas, ora ana kesalahan pangucap

Katon wis cukup siap pidhato nanging isih perlu latihan sithik maneh Siswa pidhato kanthi jelas, nanging isih ana kesalahan pangucap siji utawa rong tembung

Katon cukup siap pidhato nanging isih perlu latihan rada akeh Siswa pidhato kanthi jelas, nanging isih ana kesalahan pangucap luwih saka rong tembung.

Katon ora siap pidhato

Siswa katon mangerteni kanthi gamblang banget ngenani topik pidhato kang diayahi

Siswa katon mangerteni kanthi gamblang ngenani topik pidhato kang diayahi

Siswa anggone pidhato cukup banter bisa dirungokake kanthi jelas dening para rawuh.

Siswa anggone pidhato cukup banter bisa dirungokake kanthi jelas dening 90% para rawuh.

Siswa katon mangerteni kanthi gamblang saperangan ngenani topik pidhato kang diayahi Siswa anggone pidhato cukup banter bisa dirungokake kanthi jelas dening 80% para rawuh.

Ngadeg jejeg, percaya diri ora ngejer, migatekake lan nyawang para rawuh

Ngadeg jejeg, migatekake lan nyawang para rawuh

Kadhang kala ngadeg jejeg, migatekake lan nyawang para rawuh

Siswa pidhato kanthi ora jelas utawa ora dingerteni lan akeh tetembungan kang salah pangucape. Siswa katon ora mangerteni kanthi gamblang ngenani topik pidhato kang diayahi Siswa anggone pidhato kurang banter saengga ora bisa dirungokake kanthi jelas dening para rawuh. Katon ora jenjem lan ora nggatekake para rawuh

Siswa kang nindakake pidhato : . Kelas/ nomer absen : . Ketrampilan Pidhato Siap Orane Kejelasan Isi Volume Swara Solah Bawa

Kirtya Basa IX

Skor 4

3

2

1

77

Carane ngetung biji: Kancamu sing pidhato wenehana skor kanthi nggunakake table ing dhuwur. Gunggungen (dijumlah) skor mau banjur dipara skor maksimal (4 x 5 = 20) banjur dipingake 100. Tuladha : kancamu oleh skor 18 Bijine : 18/20 x 100 = 90 Pepeling 1. Pidhato/ Medharsabda yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Urut-urutane pidhato: Salam Pambuka, Purwaka, Isi/wigatining pidhato / surasane, Pangarep-arep, Panutup, Salam panutup. 2. Pambyawara kena uga diarani pranatacara yaiku salah sawijining pakaryan kang ana gegayutane karo pasamuan utawa adicara ana ing madyaning bebrayan Jawa, kayata: temanten, tedhak siti, mitoni, lan sapanunggalane 3. Menawa nindakake pidhato utawa kadhapuk dadi pranatacara/ pambyawara aja lali karo paugerane ngenani tatakrama, subasita, tindak tanduke supaya ora nguciwani.

78

Kirtya Basa IX

Uji Kompetensi Wulangan 3

A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulan sing bener!

kanthi milih

1. Perangane pidhato kang ngandharake pangucap syukur lan panuwun marang Gusti Kang Maha Agung, diarani .... a. Salam Pambuka b. Purwaka c. Isi d. Pangarep-arep 2. Mugi-mugi samangke sageda lulus kanthi biji ingkang sae sarta sageda katampi wonten sekolah ingkang dipunkajengaken. Ukara iku ana ing perangan pidhato pepisahan sekolah, mapan ana ing perangan . a. Panutup b. Pangarep-arep c. Wigatining pidhato d. Purwaka 3. Pidhato kang kudu ditindakake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut, diarani pidhato . a. resmi b. ora resmi c. setengah resmi d. guyonan 4. Bokmenawi atur kula wonten cicir cewet kuciwanipun, kula nyuwun agunging pangaksama. Wijang wijiling wicara panjenenganipun Rama Sudira kang pindha pinandhita paring sesuluh seserepan dhumateng risang temanten kekalih. Gumarenggeng ambrengengeng kadya sasra bremana ingkang mider hangupeng puspita, hanenggih punika rata kencana ingkang tinitihan dening putra calon penganten kakung ingkang sampun manjing gapuraning plataran.

Kirtya Basa IX

79

Pethikan ing dhuwur iku pethikan pangandikane wong kang lagi ngayahi . a. pranatacara b. pidhato c. ceramah agama d. pahargyan 5. Basa kang digunakake dening pranatacara/pambyawara ana ing adicara penganten asring nggunakake basa kang arang digawe ana ing bebrayan. Basa mau kepenak dirungokake sarta endah, basa kang kaya mangkono mau diarani basa . a. basa krama inggil b. basa ngoko alus c. basa mataraman d. basa rinengga 6. Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah temanten. Tembung jumeneng ana ing ukara iku nduweni teges . a. sumadya b. lungguh c. ngadeg d. mlaku 7. Binarung swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng, kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman. Tembung gangsa ana ing ukara iku nduweni teges . a. panganan b. manuk c. gamelan d. jago kluruk 8. Wasana namung samanten atur kula minangka sesulih rencangrencang kelas IX sedaya, mbok bilih wonten galap-gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksami. Nuwun Ukara ing dhuwur iku pethikan saka pidhato kang kagolong ana ing perangan . 80

Kirtya Basa IX

a. salam pambuka b. purwaka c. pangarep-arep d. Panutup 9. Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangan . a. salam pambuka b. purwaka c. pangarep-arep d. Panutup 10. Ing ngisor iki mujudake perangane purwaka ana ing pakaryane pranatacara/pambyawara, kejaba . a. Ngaturake reroncening adicara b. Asung pakurmatan marang para tamu. c. Njaluk pangapura tumrap sakabehing kekurangan sarta kaluputan anggone nindakake jejibahan. d. Muji syukur marang ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi. B. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana sing patitis! 1. Apa sing kokngerteni ngenani pidhato? 2. Apa sing kokngerteni ngenani pranatacara? 3. Apa bedane antarane pidhato karo pranatacara? 4. Ukara punggelan saka ngendikane pranatacara ing ngisor iki owahana dadi basa padinan kang kokanggo! Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang Puspawarna, ana ganda hangambar arum katiyubing samirana. 5.Tulisen nganggo aksara Jawa kanthi migatekake tata tulis aksara Jawa! Awrat sejatosipun kula pepisahan nilaraken pawiyatan punika, nilaraken adhik-adhik kelas kula ingkang sampun kula anggep kados dene sadherek piyambak. Nanging kados pundi malih, jer kula panjenegan sadaya namung titah sawantah mboten kuwawi nyelaki pepesthening Gusti Ingkang Maha Kuwaos

Kirtya Basa IX

81

LATIHAN ULANGAN AKHIR SEMESTER GANJIL

Wacanen kanthi permati! Assalaamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak/ Ibu Guru ingkang kula hurmati, Bapak/ Ibu wali murid kelas sanga, sarta para kanca siswasiswi kelas sanga ingkang sanget kula tresnani. Puji syukur mangga sareng-sareng kita unjukaken dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kathah sanget kenikmatan saengga wonten ing siang punika kita saget makempal ngrawuhi adicara pepisahan siswa-siswi kelas sanga. Bapak / Ibu sarta para rawuh ingkang sanget kula hurmati, kula minangka wakil saking siswa kelas sanga, ingkang sepisan keparenga angaturaken agunging panuwun dhumateng para Bapak dhalah Ibu Guru ingkang sampun ndhidhik lan nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas pitu ngantos sapunika sampun lulus kelas sanga. Kathah sanget ilmu pengetahuan lan ketrampilan ingkang sampun kula tampi. Mugi-mugi sedaya amal kesaenan Bapak lan Ibu dipun cathet dening Gusti Ingkang Maha Kuwaos lan pinaringan ganjaran ingkang setimpal. Kaping kalihipun, kula sadhar bilih sadangunipun kula sakanca ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki, kathah sanget nindakaken khilaf tuwin salah. Wongsal-wangsul kula sakanca adamel gela penggalihipun Bapak lan Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan punika kula sakanca nyuwun agunging samodra pangaksami. Kaping tiga, sasampunipun kula sakanca lulus saking pawiyatan mriki, tamtu kemawon kedah nglajengaken sekolah malih. Pramila saking punika, kula sakanca nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi kula sakanca saget pikantuk sekolah ingkang cocok kangge nggayuh idhamidhaman ingkang dereng paja-paja kasembadan. Bapak / Ibu Guru sarta para rawuh ingkang kinurmatan, sanadyan dinten punika kula sakanca sampun kawisuda lulus saking pawiyatan mriki, nanging kula sakanca tetepa dipun dhaku dados putra-putri, siswa-siswi Bapak lan Ibu Guru sedaya. Kula sakanca badhe tansah tuhu bekti, lan tansah kapang dhumateng usap asih astanipun Bapak lan Ibu Guru. Wusana cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten kirang trapsila anggen kula matur nyuwun sih agunging samodra pangaksami. Wassalaamu alaikum warahmatullahi wabarakatuh. 82

Kirtya Basa IX

A. Pilihen wangsulan kang bener! 1. Pidhato ing dhuwur ditindakake ing adicara .... a. Pepisahan sekolah b. Pameran kesenian c. Ceramah agama d. Sambutan upacara 2. Pidhato kang kudu ditindakake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut, diarani pidhato . a. resmi b. ora resmi c. setengah resmi d. guyonan 3. Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangan . a. salam pambuka b. purwaka c. pangarep-arep d. panutup 4.

Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak / Ibu Guru ingkang kula hurmati, Bapak / Ibu wali murid kelas sanga, sarta para kanca siswa-siswi kelas sanga ingkang sanget kula tresnani. Puji syukur mangga sareng-sareng kita unjukaken dhumateng ngarsa Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kathah sanget kenikmatan saengga wonten ing siang punika kita saget makempal ngrawuhi adicara pepisahan siswa-siswi kelas sanga. Pethikan teks pidhato ing dhuwur kalebu perangan ..... a. Adangiah b. Purwabasa c. Surasa basa d. Wasana basa

5. Isi teks pidhato ing dhuwur dumadi saka patang perangan (bab). Perangan kapisan sing daturake yaiku .... a. Matur agunging panuwun marang Bapak lan Ibu Guru. b. Nyuwun aksama tumrap kabeh kesalahan selawase dadi siswa. c. Nyuwun idi pangestu kanggo nerusake sekolah. Kirtya Basa IX

83

d. Nyuwun supaya tetep didhaku dadi siswane Bapak/Ibu Guru. 6. Dene isi teks perangan katelu yaiku .... a. Matur agunging panuwun marang Bapak lan Ibu Guru. b. Nyuwun aksama tumrap kabeh kesalahan selawase dadi siswa. c. Nyuwun idi pangestu kanggo nerusake sekolah. d. Nyuwun supaya tetep didhaku dadi siswane Bapak/Ibu Guru. 7. Wasana cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten kirang trapsila anggen kula matur yuwun sih agunging pangaksami. Perangan pidhato kaya kasebut kalebu.... a. Surasa basa b. Wasana basa c. Purwa basa d. Pangarep-arep 8. Kula angaturaken agunging panuwun dhumateng para Bapak dhalah Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas pitu ngantos sapunika sampun lulus kelas sanga. Tembung nggulawenthah ing ukara dhuwur tegese .... a. Ngayomi lan ngayemi b. Ndhaku lan ngadhopsi c. Nuturi, nyeneni lan ngandhani d. Ndhidhik, mbimbing, lan ngopeni 9. Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangan . a. salam pambuka b. purwaka c. pangarep-arep d. Panutup 10. Pawongan kang kajibah ngandharake wigatiting pahargyan minangka wakiling sohibul hajad diarani .... a. Pranatacara b. Pamedhar sabda c. Paniti swara d. Paminta sraya

84

Kirtya Basa IX

11. Dene pawongan kang pawiwahan diarani .... a. Panatacara b. Pamedhar sabda c. Paniti swara d. Paminta sraya

kajibah

ngatur

lumakuning

adicara

12. Kethoprak lan ludruk iku diarani kesenian tradhisional, amarga.... a. Mung urip ing jaman sadurunge Indonesia merdika b. Mung bisa nggelarake crita panguripane bangsawan kraton. c. Digelar kanthi migunakake alat musik tradhisional, busana tradhisional, diiringi kanthi tetembangan, lan nggelar crita jaman kawuri. d. Digelar migunakake musik modern, busana modern lan nggelar crita modern. 13. Kethoprak urip ngrembaka lan ngalami jaman kencana rukmi watara tahun 1950 an ing daerah.... a. Banyuwangi b. Surabaya c. Probolinggo d. Ngayogyakarta 14. Ludruk mujudake kesenian tradhisional asal saka .... a. Jawa Tengah b. Ngayogyakarta c. Jawa Barat d. Jawa Timur 15. Bedane ludruk lan kethoprak manggon ing .... a. Tari Rema lan tabuhan gamelan teknik Jawa Timuran. b. Kethoprak diawali tari gambyong, ludruk diawali tari gandrung. c. Kethoprak migunakake iringan jula-juli. d. Ludruk ora dibukani tari remo. 16. Basa kang digunakake dening pambyawara/pranatacara ana ing adicara penganten asring nggunakake basa kang arang digawe ana ing bebrayan. Basa mau kepenak dirungokake sarta endah, basa kang kaya mangkono mau diarani basa . a. basa krama inggil Kirtya Basa IX

85

b. basa ngoko alus c. basa mataraman d. basa rinengga Kanggo mangsuli soal nomer 17 - 24 gatekna pethikan naskah kethoprak ing ngisor iki! Tribuwana : Paman Patih Harya Tadhah, saklengseripun kakang TD Jayanegara, kula ingkang gumantos, nanging Mojopahit boten saya tentrem, malah saya kathah rubeda ngreribetisaya-saya paman Patih Harya Tadhah minta lengser, menapa menika boten saya damel ringkihing Mojopahit? Patih H : Gusti Prabu Putri, kula sampun ringkih lan sepuh, Tadhah sampun wancinipun Mojopahit ndhudhah para mudha taruna manggala praja njejegaken saka guru, ngandelaken bebeteng murih saged tentrem nagari Mojopahit tumuju ing kajayan. Tribuwana : Langkung prayogi mekaten, nanging paman, TD pembrontakan Sadeng lan Keta dereng sirep. Taksih mbetahaken kawigatosan supados enggal rampung, para mudha dereng wancinipun mikul jejibahan awrat. Patih H : Gusti Prabu Putri, mila kula lengser awit kula Tadhah sampun nggadhahi wawasan sinten ingkang gumantos, lan kula pitados piyambakipun saged damel tentreming Mojopahit. Tribuwana : Sinten Paman? TD Patih H : Gajah Mada Tadhah Ra Banyak : Kepareng munjuk atur Gusti Prabu, Gajah Mada menika tiyang ingkang boten cetha trahipun, kathah nayaka wredha ingkang pantes nglenggahi pangkat mahapatih. Menawi Gajah Mada ingkang pinilih, temtunipun badhe kathah manggala praja ingkang boten nggape dhateng prentahipun Mada awit kuciwa manahipun lan rumaos dipunasoraken, jalaran dipunprentah lare wingi sonten ingkang dereng ical pupuk lempuyangipun. Ra Kembar : Gusti Prabu., Kejawi menika, kawicaksananipun Gusti Patih Harya Tadhah amung mikolehaken kamulyaning kaluwarga. Gajah Mada sampun dangu caket lan Gusti Patih Harya Tadhah, sampun kekeset wonten sukunipun pramila boten mokal menawi Gusti Harya Tadah njagokaken Gajah 86

Kirtya Basa IX

Patih Tadhah

H

:

Ra Banyak Patih H Tadhah

: :

Ra Kembar Tribuwana TD

: :

Gajah Mada Tribuwana TD Gajah Mada

: : :

Mada. Kowe aja grusa-grusu kesusu ndakwa kang ora prayoga. Kabeh wis tak petung nganggo dhasar kang waton. Dhasaripun menapa? Kowe kelingan kraman Kuti? Sapa kang bisa nyirep? Sapa sing bisa nylametake Gusti Prabu Jayanegara, ing bedander? Sapa? Gajah Mada.! ya mung Gajah Mada sing bisa nyirep kraman lan nylametake Gusti Prabu Jayanegara tanpa netesake getihing prajurit. Aku ngerti yen Gajah Mada kuwi isih cendhek drajate, ning aku percaya menawa Mada sawijining prajurit sing ora amung ngendelake okol lan atosing raga nanging prajurit kang kebak petung kang gumathok Gusti Patih Harya Tadhah. Cukup.Mojopahit ora mbutuhake bantahing nara praja kanggo mbenerake panemune dhewe-dhewe. Ingsun bisa nimbang bener lan luput. Lan ingsun wus mangerteni sapa kang duwe labuh marang praja. Gajah Mada.! Wonten dhawuh Gusti Prabu Putri? Piye kasaguhanmu menawa sira gumanti paman Patih H Tadhah? Gusti Prabu, kula ..

17. Patih Harya Tadhah ngajokake surat undur dhiri minangka patih amarga .... a. Amarga Patih Harya Tadhah kalah perang lumawan Gajah Mada. b. Amarga Patih Harya Tadhah rumangsa wis ringkih lan sepuh kanggo tetep nglungguhi patih ing Mojopahit. c. Amarga Patih Harya Tadhah ora disenengi dening Prabu Tribuwana Tungga Dewi. d. Amarga Patih Harya Tadhah memungsuhan kalawan Ra Banyak lan Ra Kembar. 18. Kang dening Patih Harya Tadhah digadhang gumanti nglungguhi patih ing Mojopahit .... a. Ra Banyak b. Ra Kembar c. Gajah Mada d. Adityawarman

Kirtya Basa IX

87

19. Patih Harya Tadhah ngajokake Gajah Mada Minangka gantine dadi Patih Mojopahit .... a. Amarga Gajah Mada minangka Prajurit kang ora mung ngajokake okol, nanging kebak petung saben ngrampungi masalah. b. Amarga Gajah Mada isih keluwargane Patih Harya Tadhah. c. Amarga Gajah Mada bisa ngalahake Ra Banyak lan Ra Kembar. d. Amarga Gajah Mada salah sijine punggawa nagari Mojopahit. 20. Sing banjur ora setuju yen Gajah Mada diangkat nglungguhi patih Mojopahit .... a. Ra Banyak lan Ra Kembar b. Adityawarman c. Patih Harya Tadhah. d. Prabu Putri Tribuwana Tungga Dewi 21. Sing wekasane diangkat dadi patih Mojopahit dening Prabu Putri Tribuwana Tungga Dewi .... a. Adityawarman b. Gajah Mada c. Ra Banyak d. Ra Kembar 23. Komplikasi kang muncul ing pethikan naskah dhuwur yaiku.... a. Ra Banyak lan Ra Kembar ora setuju manawa Gajah Mada katetepake minangka Patih ing Mojopahit. b. Patih Harya Tadhah wis sepuh lan ora kuwat nglungguhi Patih ing Mojopahit. c. Prabu Tribuwana Tungga Dewi ora kersa misudha Gajah Mada Dadi patih ing Mojopahit d. Gajah Mada ora setuju yen Ra Banyak disengkakake dadi patih ing Mojopahit. 24. Paraga utama ing pethikan naskah kethoprak kasebut yaiku .... a. Ra Banyak lan Ra Kembar b. Adityawarman c. Patih Harya Tadhah. d. Prabu Putri Tribuwana Tungga Dewi

88

Kirtya Basa IX

25. Ing ngisor iki nggambarake kapribadene Gajah Mada, kajaba ..... a. Tanggung jawab marang jejibahan kang disandhang. b. Mikolehake marang dhiri lan kulawargane. c. Ora amung ngendelake okol lan atosing raga nanging prajurit kang kebak petung kang gumathok. d. Nengenake kepentinganing bangsa lan nagara tinimbang kepentingan dhiri pribadi. 26. Uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna. rekayasa dasanamane .... a. usaha b. budidaya c. milihi d. milahi 27. Basa ngoko alus ing ngisor iki kang panulise bener yaiku .... a. Mas Nanang diutus Pak Broto nyaosake undangan menyang daleme H. Misbah. b. Menawi Panjenengan badhe tindak, mangke kula pamitaken Ibu. c. Yen kowe arep dhahar segane ing wakul. d. Mau esuk Eyang wis dakparingi dhahar kacang ijo! 28. Ngendikanipun Bapak, Budhe Marni badhe rawuh mriki. Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa ngoko andhap .... a. Sanjangipun Bapak Budhe Marni ajeng dugi mriki. b. Ngendikane Bapak, Budhe Marni arep rawuh kene. c. Jarene Bapak Budhe Marni arep teka kene. d. Jarene Bapak Budhe marni arep sowan kene. 29. Kabeh pepalang bakal disingkirake. Kahanan kaya ing dhuwur ditembungake kanthi paribasan .... a. Jer basuki mawa bea b. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung c. Becik ketitik, ala ketara d. Gemi, nastiti lan ngati-ati iku laku utama.

30. Fadhila saiki kelas 9. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa....

Kirtya Basa IX

89

a. ?pdilsaikikels\ ;9. b. ?pdilsaikikels\ ;9. c. ?p+dilsaikikels\ ;9. d. ?p+dilsaikikels\ :9. B. Wangsulana sing patitis! 1. Apa kang diarani drama tradhisional? Apa tuladhane? 2. Apa bedane pidhato karo pranatacara? 3. Teks pidhato nduweni struktur, kepriye wujude? 4. Apa bedane basa ngoko alus karo basa krama alus? Kepriye tuladhane? 5. Teks ing ngisor iki salinen menyang aksara Latin!

?wusKlum]h k= pd fia=gepBej aiku [ynLgi ke[pn kHu

ri[pP.

[f[nk=fia=

gepCilkaiku

mnw

pdlgi nnD=s_srauri[pP. stuau[nbe jci lkaikutuwuh s k [wohai=p=g[w[n[d[w[d[w.

90

Kirtya Basa IX

WULANGAN 4 GOTONG ROYONG Kompetensi Dasar Indikator 1.1 Menghargai dan mensyukuri 1.1.1 Berdoa sebelum memulai keberadaan bahasa daerah dan sesudah kegiatan sebagai anugerah Tuhan Yang belajar bahasa daerah. Maha Esa untuk meningkatan 1.1.2 Menggunakan bahasa pengetahuan dan keterampilan daerah dalam berbahasa daerah, serta untuk berkomunikasi dengan melestarikan dan mengembangtata krama. kan budaya daerah untuk didayagunakan sebagai upaya pembinaan dan pengembangan kebudayaan Nasional 1.2 Menghargai dan mensyukuri 1.1.3 Menggunakan bahasa keberadaan bahasa daerah Daerah sebagai sarana sebagai anugerah Tuhan yang memahami informasi Maha Esa sebagai sarana lisan. memahami informasi lisan dan tulis. 1.3 Menghargai dan mensyukuri 1.3.1 Menggunakan bahasa keberadaan bahasa daerah daerah sebagai sarana sebagai anugerah Tuhan yang menyajikan informasi lisan Maha Esa sebagai sarana dan tulis sesuai dengan menyajikan informasi lisan dan tata krama. tulis 2.1 Memiliki perilaku peduli, cinta 2.1.1 Apresiatif terhadap karya tanah air, dan semangat sastra dan budaya daerah kebangsaan atas karya budaya yang penuh makna 2.2 Memiliki perilaku percaya diri 2.2.1 Menghormati pendapat dan tanggungjawab atas karya dan tanggapan orang lain budaya masyarakat daerah yang pebuh makna 2.4 Memiliki perilaku jujur dan 2.4.1 Menggunakan bahasa percaya diri dalam pengungkapan Daerah sebagai sarana kembali peristiwa hidup diri memahami informasi lisan sendiri dan orang lain. 3.4 Memahami struktur teks, unsur 3.4.1 Menjelaskan struktur teks kebahasaan, dan pesan moral drama modern dari teks drama modern. 3.4.2 Mengidentifikasi unsur kebahasaan dalam teks drama modern Kirtya Basa IX

91

4.4

Melakukan kegiatan bermain peran drama modern.

3.4.3 Mengidentifikasi karakter masing-masing tokoh dalam drama modern. 3.4.4 Menjelaskan pesan moral teks drama modern. 4.4.1 Menulis skenario drama modern 4.4.2. Bermain peran drama modern. 4.4.3 Memberikan tanggapan permainan temannya

Mbabar Wawasan Gambar ing ngisor iki setitekna!

gambar 4.1

gambar 4.2

Gambar 4.3

gambar 4.4

Gambar ing dhuwur kuwi tuladhane pagelaran drama modern. Yen disetitekake gambar pagelaran drama kuwi beda, paragane lan critane. Bedane katitik saka panggung/papan pentase, barang-barang sing ana ing panggung/property, lampu/sunar ing panggung, klambi utawa panganggo sing dienggo paraga. Sanajan mangkono gambar ing dhuwur tetep mujudake pagelaran drama modern.

92

Kirtya Basa IX

Ing wulangan 4 iki, temane gotong royong. Gotong royong mujudake nilai budi pekerti sing bisa ndadekake reruwet apa bae sing diadhepi dadi luwih gampang diudhari amarga saben wong kanthi lega lila bebarengan tulung-tinulung ing babagan apa bae. Semono uga yen ana penggaweyan apa bae yen dikerjakake kanthi gotong royong luwih krasa entheng. Pagelaran drama kaya gambar ing dhuwur uga mbutuhake gotong royong ing antarane sapa bae sing ana gegayutan karo pagelaran kasebut. Saliyane kuwi uga kudu ana rasa tanggungjawab salaras karo tugase dhewe-dhewe, supaya pagelaran mau bisa sukses. Kegiatankegiatan ing wulangan iki, diajab bisa nggladhi lan nuwuhake rasa gotong royong lan tanggung jawab anggone ngayahi tugase klompok lan tugase dhewe-dhewe (mandhiri). Sing bakal disinaoni ngenani drama Jawa modern, yaiku (1) ngidhentifikasi struktur teks drama, nintingi ragam basa ing drama modern, paraga/tokoh, lan pesan moral drama; (2) piye carane nulis teks lan skenario drama; (3) main drama lan menehi tanggapan nalika kancane main drama. Ananging sadurunge kuwi, wangsulana pitakon ing ngisor iki! 1. Apa tau ndeleng pementasan drama? 2. Yen tau ndeleng pementasan drama, apa lakone? 3. Ana ing adicara apa pementasan drama mau digelar? 4. Apa tau melu pementasan drama? 5. Yen tau melu, dadi apa ing pementasan mau? 6. Ana ngendi pementasan drama sing tau kokeloki? Kegiatan 1: Wangun Teks Drama Modern Drama yaiku crita panguripan sing dipindhah lan diwujudake ana ing panggung, kanthi kreativitase panulis teks/naskah, disengkuyung karo paraga-paraga liyane, rupa pacelathon/dhialog, lan tingkah laku. Ing saben pementasan drama perangan kang paling penting lan luwih dhisik kudu ana, yaiku teks drama lan piye carane nulis teks drama. Teks drama modern menawa ditintingi bisa kaperang dadi loro, yaiku (1) blegere teks dumadi saka struktur teks, unsur basa, lan nilai moral/budi pekerti, relevansi nilai budi pekerti, lan (2) carane nulis teks drama prasaja (sederhana). Teks drama bisa diarani drama wutuh yen dipentasake, mula ing wulangan iki uga bakal kaandharake sapa bae sing nyengkuyung pementasan drama lan piye carane main drama.

Kirtya Basa IX

93

1. Bleger/ wujud teks drama bisa dideleng saka perangan wewangunan utawa struktur sing bisa mangun wacan lan perangan basa kang dumadi saka panganggone tembung, lan ukara. a. Struktur teks drama/naskah drama dumadi saka dhialog, tema, tokoh, plot. 1) Dhialog : pacelathon kang kudu diucapake para paraga, anggone ngucapake kanthi penghayatan slaras karo tokoh sing diperanake. 2) Tema : inti crita sing digunakake nemtokake lakune crita lan tujuane. 3) Tokoh : paraga sing dadi lakon ing drama, lakune slaras karo karakter/watak sing ana ing crita drama. Kanggo nguripake tokoh ing lakon drama lumrahe wis ginambarake kanthi lengkap, watak, kapribadene lan ciri ciri fisike. 4) Plot : alur utawa rerangken sing ngrakit crita ing teks/naskah drama, nanging uga ing saben adegan, ditemokake plot. Plot dumadi saka: a) Eksposisi : perangan paparan sing nepungake tokoh, menehi katrangan ngenani, papan panggonan, wektu lan swasana/situasi, uga paparan ngenani rengrengan crita sing arep dipentasake. Lumrahe rupa sinopsis crita, sing ngandharake paparan mau arane narator. b) Komplikasi : konflik/masalah awal sing ndadekake crita wiwit lumaku, ana tantangan lan gayeng ing saben-saben adegan. c) Klimak : konflik-konflik ing adegan-adegan muleg dadi konflik puncak utawa klimak. d) Anti klimak: klimak ing saben adegan nyawiji lan wiwit nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet e) Ending/resolusi : kawusanane crita. b. Unsur basa: Unsur basa sing diandharake lan ditintingi diwatesi ana ing wujud rakitane teks, yaiku teks dhialog lan gancaran. Teks dhialog minangka teks sing bakal dilisanake para paraga, salaras karo panulisane ukara langsung/ lisan lan salaras uga karo trap-trapane basa. Teks gancaran bisa manggon ing awal arane prolog, ing akhir diarani epilog sing diwacakake dening narator/ dhalang, uga bisa wujud andharan sing ana sesambungane karo panggung lan apa bae sing sing kudu diparagakake paraga.

94

Kirtya Basa IX

c. Relevansi nilai budi pekerti kang nggathukake, nyambungake, lan nyocogake nilai budi pekerti karo panguripan ing jaman saiki. 2. Nulis teks drama Lakone teks drama sumbere saka lelakon ing kasunyatan uripe manungsa, nanging bisa saka lelakon sing wis rupa crita (cerkak, novel) utawa saka liya-liyane. Ing ngisor iki carane nulis teks drama prasaja: a. Milih tema sing bisa dadi inspirasi, tema sing dipilih sing dianggep paling dramatik/ ana konflik (pertentangan). b. Saka tema, nemtokake plot. c. Nemtokake tokoh lan penokohan (sifat, watak, perilaku, ciri fisik, lsp.). d. Nulis crita jangkep. 3. Main Drama Dhasar-dhasar main drama. Paraga/pemeran bisa maragakake lan nguripake tokoh sing ana ing teks drama kudu paham lan nguwasani dhasar-dhasare main drama. Dhasar-dhasar main drama sing paling penting kudu dikuwasani, yaiku: a. Interpretasi : paraga/pemeran kudu bisa nginterprestasekake teks/ naskah drama salaras karo tokoh sing diparagakake. b. Ekspresi : sesambungan karo owah-owahan praen/wajah sing bisa nggambarake lan nguripake tokoh ing drama. c. Olah tubuh : obahing awak wiwit saka pucuk rambut ngantos pucuk sikil sing bisa nuwuhake greget lan nguripake tokoh ing drama. d. Olah swara : kajelasan, katepatan vokal, artikulasi, dan intonasi. Tugas 1: Nyemak Teks Drama Teks drama sing digunakake kanggo materi ing kegiatan 1 iki kanthi irah-irahan Bali Sekolah kang jangkepe dumadi saka 6 adegan. Ananging kanggo keperluan ing kegiatan 1 dipethik saperangan adegan. Adegan 1 Badri mlaku alon-alon kanthi nglamun ing trotoar. Koran saktumpuk digendhong ing pundhake durung ana sing payu. Dina iku ora kaya padatan, panase nylomot bunbunan nganti gosong. Raine rada gosong, gulune asat, ngelak lan luwe. Swarane kendharaan ing prapatan pasar Manukan iku gemrubug nambahi ati susah. Eksposisi 1. Badri: (sinambi mripate nyawang langit biru kang panas) Saupama wong tuwaku sugih, aku numpak Honda kang kinyis-kinyis Kirtya Basa IX

95

2. Sudra:

3. Badri : 4. Sudra: 5. Badri : 6. Sudra:

7. Badri :

8. Sudra:

9. Badri :

96

utawa montor gedhe sing kinclong-kinclong, ora bakal aku dodolan koran kaya ngene iki. Wiwit bar subuh mau sikilku wis mecaki dalan-dalan ing kutha Surabaya, ngalor, ngulon banjur ngidul nganti tekan prapatan kene. Rasane dlamakanku perih, dhengkulku keju kabeh. Nganti yahapa suwene lehku dodolan ki mengko, Dra? (Mlaku inik-inik saka buri arep ngagetake Badri kang isih nglamun banjur nggepuk pundhake) Weh, mikir apa ta, Dri kowe kuwi? Ora apik lo wong mlaku karo nglamun kuwi. Bisa njalari cilaka. Jambret!!! Kaaaaaget aku, le! Huaahaha.!!!! HehAja kok baleni maneh yo!! Gawe kaget wae. Heh, iki mau kowe teka ngendi? Apa wis mangan esuk ki mau? Aku?...Durung, Dri. Aku mau wis mlaku mubeng-mubeng wiwit saka terminal, ngalor Tandhes, terus ngidul nganti tekan kene. Setorane koran durung cukup nggo tuku mangan. Aku ora wani tuku sarapan dhisik, jane no wetengku iki ya wis luwe banget, nanging ya kudu takempet, lha arep piye maneh? komplikasi 1 Apa maneh aku, koranku wae durung ana sing payu. Kapan ya awake dhewe bisa mangan, nek sawayah-wayah luwe kari mangan, apa maneh bisa cukup dhuwit kanggo mampir neng dhepot Rumadi, utawa dhepot liyane sing uenak-enak panganane? Iya, mampir thok. Ora tuku!! Udelmu kuwi Dri mangan neng Rumadi. Kowe ki ora usah mikir sing ndhakik-ndhakik! Wis begja awake dhewe ki bisa mangan pisan sedina, apa maneh arep mangan neng dhepot, ya awake dhewe iki bisane mangan sing enak-enak sawise awake dhewe dadi wong sugih. Kerja dhisik sampek dhuwite nglumpuk. Nanging kepiye ya carane supaya awake dhewe iki bisa mangan enak-enak saben dina? Apa maneh dadi wong sugih kaya bocah- bocah liyane sing anake pegawai negri lan pejabat? Kaya Cina-Cina kuwi? Apa selawase awake dhewe iki arep dadi bakul koran? Iya ya, saupama wong tuwaku iku sugih, aku mesthine ora dadi kere kaya ngene, aku bisa nerusake sekolahku sampek SMA banjur kuliah sing pinter, ben kepenginanku dadi guru bisa kaleksanan. Halah, embuh!!! Dra, apa wong tuwamu wis oleh kartu BLT? Iki lo, Kirtya Basa IX

10. Sudra:

11. Badri:

12. Sudra:

13. Badri:

14. Sudra:

15. Badri:

16. Sudra:

17. Badri: 18. Sudra:

Dra.., britane neng Jawa Pos dina iki pamerintah arep ngedum kartu BLT. Wiiiss.rak usah ngayawara!! Ya mesthine durung ta, Dri. Hla britane wae lagi metu dina wingi, paling dhilut engkas ya ndang oleh. Apa wong tuwamu taun kepungkur ya oleh BLT? Ya mesthi no, Dra wong tuwaku oleh BLT, kudune pancen ngono! Lamun ta taun iki ora oleh BLT, wong tuwaku sangsaya dadi mundhak kerene, hla wong taun kepungkur senajan oleh BLT, wong tuwaku wae isih kere. Apa maneh saiki? Ya panggah dadi kere. Urip iki aja mbokgetuni ta, Dri! Kudune koklakoni kanthi ikhlas, sapa ngerti ing liya dina awake dhewe mengko oleh rejeki saka sing Maha Kuwasa lan bisa urip mulya kaya sing kokidham-idhamake, Dri, bener rak? Amin. Ya, muga-muga wae, Dra. Aku ya ora kesel jane lehku ndonga lan usaha kanggo ngowahi nasibku. Nanging Gusti Allah pancen durung maringi wektu sing pas kanggo awake dhewe. Wis ta, Dri, saiki awake dhewe kudu nyambut gawe sing sregep supaya kabeh apa kang dikarepake awake dhewe bisa kagayuh, luwih apik yen bisa kedadean luwih cepet. AminTapi aku saiki sik pengin leren, Dra. Ya karo mbayangake urip kepenak ki piye to jan-jane ngono, apa kaya bayanganku mau sing sadurunge kowe mau mrene? Wis kowe ngaliha wae utawa yen kowe pengin melu leren, ya lungguha kene tapi aja ngganggu aku maneh lho ya..!! Iyaya! Sakarepmu!!, Heh tapi aja kesuwen lekmu leren lo, amerga awake dhewe wis dipasrahi koran karo Ko Mehong, dina iki kudu setor akeh, Dri. Iya Dra, aku ngerti. Yo wis mari ngene takngadeg banjur ider koran maneh. YaYa ngono ta, dadi bocah ki sing greget.

Adegan 2 Ing pinggir dalan, sawatara ana wong lanang tuwa liwat ing ngarepane bocah loro mau. Wong tuwa iku pasuryane pucet kaya-kaya wektu iku dheweke lagi nandhang lara. Badri lan Sudra nyawang kamitenggengen. Dumadakan wong lanang tuwa mau tiba njungkel sinambi nyekel

Kirtya Basa IX

97

dhadhane. Wasana tanpa dikomandhoni, Badri lan Sudra banjur nulungi wong tuwa iku. 19. Badri : Eeeee..ee. Wadhuh! Geneya to wong tuwa iki? Dradra tulungana aku, Dra! Abot banget awake! 20. Sudra: Ora usah kakehan omong, Dri. Wong tuwa iki gek ayo dijunjung neng ngemper toko kono. (Badri lan Sudra ngangkat kanthi kleweran wong tuwa mau menyang emperan tokone Cina sing dodolan koran) Komplikasi 2 21. Badri : Mbah Lanang iki mesthi bae duwe lara jantung, Dra! 22. Sudra: Ayo Dri ndang dilumahne! Banjur takwenehane bantuan napas kaya neng tipi-tipi kae. Dhadhane takangkat-angkate. (Ora watara suwe wong lanang tuwa mau banjur bisa ambegan lan bisa sadhar) 23. Mehong:HaiiiyaaAda apa dengan ni olang? (Singkek Mehong krungu swarane bocah loro iki neng ngemperane toko, banjur metu nanging ora ngrewes marang apa kang dilakoni bocah loro iku marang wong tuwa. Banjur dheweke mlebu maneh neng toko. 24. Badri : Mbahmbah, wungu mbah mangga diunjuk Mbah. Mangga Mbah, dipuntelasken! (Wong tuwa sing jenenge Surantani) mau ngombe banyu. Banjur, ora let suwi wong tuwa iku tangi) 25. Mbah Sura: Matur nuwun, Nak. Kowe kabeh bocah bagus kang becik atimu. Matur nuwun, aku wis ditulungi. 26. Badri : Njenengan asmane sinten Mbah? Dalemipun pundi? 27. Mbah Sura: Omahku kulon prapatan kono lo, nak. 28. Badri : Menika kala wau njenengan badhe tindak pundi lo Mbah, teng napa kok piyambakan mawon? Durung mari leh ngomong, Singkek Mehong metu banjur duwe niat kanggo nagih setoran dhuwit koran marang bocah loro iku. 29. Mehong : Heh Kalian berdua dari tadi ngapain aja disitu? Dhasar kere kerjanya nyantai. Kalian bawa orang tuwa kesini, ngapain? Mana setoran buat hari ini?!!! (Banjur wong tuwa iku digawa ngalih karo setengah dibopong kerayaraya. Wasana cinane menthelengi sampek tekan adoh, banjur lungguh neng emperan ruko sing ditutup)

98

Kirtya Basa IX

30. Badri : Mbah, ngapunten kalawau didukani majikan Cina, njenengan nggih ndherek didukani. Tapi sakniki pun aman kok Mbah, pun tebih kok kalih tokone wau. 31. Sudra: Lha.Mbah njenengan badhe teng pundi? Kok piyambakan ngantos-ngantos tiba mboten kraos. 32. Mbah Sura : Iki mau ke aku arep menyang apotik As-Syifa kono lo Le, arep tuku obat. Wis rada sauntara aku lara jantung. 33. Sudra: Menawi ngaten Mbah, panjenengan menawi tindakan kedah wonten ingkang ngancani, supados aman, mboten wonten kedadosan ingkang mbebayani kados kalawau. 34. Mbah Sura : Iya Le, pancen bener sing mbokkandhakake. Iki mau bojoku lagi masak, anakku padha wis kerja dhewe-dhewe lan putuku ya padha sekolah. Karepku ngono wae supaya ora ngrepoti sapa-sapa. Lhajebul kok malah ngrepoti kowe kabeh. Sepurane ya Le, Mbahe ki! Matur nuwun saka pitulunganmu, aku durung bisa mbales kebecikanmu, muga-muga Gusti Allah ingkang mbales ya Le? 35. Badri lan Sudra: Inggih Mbah, dhawah sami-sami. 36. Mbah Sura : Iki mau wis suwe nek anggone awake dhewe omongomongan. Kok nganti kelalen durung kenalan. Jenengmu sapa Le? Omahmu ngendi? 37. Badri : Nami kula Badri, Mbah. Griya kula Taman. 38. Sudra: Nami kula Sudra. Griya kula Kedungwaru. Mbah, kados pundi menawi njenengan kula dherekaken kondur? 39. Mbah Sura : Apa kira-kira ora ngrepoti kowe kabeh ta Le? Hla kuwi mau mari dibengoki daganganmu akeh sing durung payu ngono lo?, Wis ora usah wae aku ora mentala nyawang bocah cilik kaya kowe-kowe iki dikon dodol koran. 40. Badri : Mboten napa-napa kok Mbah, mboten saben dinten mawon kok! Dra, kowe ndang golekka becak! 41. Mbah Sura : Yen ngono, aku njaluk tulung pisan, tukokna obat nang apotik As-Syifa kono ya! Iki lo dhuwite lan resepe. 42. Sudra: Aku bae sing nukokne obat lan golek becak, Dri. Kowe neng kene bae tunggunen Mbah Kung iki ya! 43. Badri : Ya, Dra! Nek bisa sing cepet ya! Mesakne Mbahe iki ngko nek kesuwen selak kepanasen neng kene. 44. Sudra :YaSik takbudhal neng apotek, Dri!!!

Kirtya Basa IX

99

Adegan 6 Sawatara ing liya crita, ing omahe Sudra. Mbokke isih turu ngeloni adhine sing sik bayi umur rong taun. (Kanthi ati kang was-was Sudra nggugah simbokne). 109. Sudra : Mbok piye yen saupama aku dipek wong banjur disekolahake, sampeyan ngidini aku apa ora? Klimak 2 110. Sulastri : Ya.Allah Le, lekowe kok duwe pikiran kepingin bali sekolah ki piye? Trus sapa sing golek dhuwit kanggo nyukupi kebutuhane aku lan adhimu sing sik bayi iki? Apa kowe ra nyebut, mbokke ki wis angel-angel ngetokne kowe, nggedhekne nganti saiki. Saiki trima melu wong liya, ninggal mbokmu sing kere iki. Wis, pokoke mboke ora bakal sudi yen ta kowe bali sekolah, kowe kudu narima ing pandum marang apa kang wis diwenehake dening Gusti Allah. Le!!!!!!! (Karo nangis ora ikhlas ngeculne anak lanange) Anti Klimak 110. Sudra : (Ora bisa ngomong apa-apa mung meneng lan ndhingkluk, narima ing pandum kaya apa sing dikandhakake simboke. Banjur ngalih budhal menyang toko koran kanggo dodolan koran maneh) Pungkasane perjuwangane bocah loro iku mung bisa dirasakake seneng lan bungah dening salah sijine bocah thok, ora liya si Badri. Badri banjur sekolah, lha yen pas wayahe libur sekolah utawa dina minggu Badri mulih nang omah wong tuwane sing asli. Uga ora lali nyambangi kancane sing isih dadi loper koran ing dalanan Ending. Bausastra keju inik-inik dhilut kere idham-idhaman emperan

: kesel, pegel, linu : alon-alon : sedhela : mlarat, miskin : kekarepan, cita-cita, gegayuhan : teras

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! 1) Sapa kang nglamun amarga korane durung payu? 2) Lelamunan buyar amarga apa? 3) Apa kepenginane bocah loro kanggo urip saben dinane? 4) Sapa juragane bocah loro mau? Kepriye watake? 5) Sapa sing ditulungi dening bocah loro mau? 100

Kirtya Basa IX

6) 7) 8) 9) 10)

Pawongan mau semaput amarga apa? Apa piwalese wong tuwa mau tumrap bocah loro mau? Kena apa Sudra ora sida sekolah? Kepriye nasibe Badri? Piwulang apa kang bisa kapethik saka lakon drama mau?

Tugas 2: Nintingi Struktur Teks Drama Sawise nyemak pethikan teks drama ing dhuwur, menawa ditintingi manut bleger/ strukture wujude kaya mangkene: a. Dhialog, yaiku teks sing isine omong-omongane Badri, Sudra, Mbah Surantani, lan Abah Mehong. b. Tema, saka pethikan teks drama ing dhuwur bisa didudut manawa temane masalah sosial. c. Tokoh, tokoh ing pethikan teks drama ing dhuwur Badri, Sudra, Mbah Surantani, lan Abah Mehong. d. Plot 1) Eksposisi utawa tetepungan, dikenalake lumantar: Prolog lan adegan 1, tokoh : Badri, Sudra, latar waktu (dina iki), panggonan lan kahanan (prapatan pasar Manukan, panas). adegan 2 : tokoh Mbah Surantani, Abah Mehong, latar waktu (awan), panggonan lan kahanan ( emper toko, panas) 2) Komplikasi, ing kono titikane wiwit ana prakara, prakara koran durung payu, karakit jangkep ana ana ing dhialog nomer 6, luwe, setor asile koran, dhialog nomer 7 nganti 12. Nulungi Mbah Surantani, diseneni Abah Mehong, dhialog 17 nganti 43. Lan ing adegan-adegan sateruse. 3) Klimaks, prakara dadi tambah ngambra-wara lan mucuk nyedhak marang kahanan kang kebak reruwet. Badri lan Sudra sawise nulungi Mbah Surantani, minangka piwalese Badri karo Sudra arep disekolahake. 4) Anti klimak, klimak wis wiwit nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet Badri lan Sudra ijin wong tuwane dhewe-dhewe. Badri diijini melu Mbah Surantani, Sudra ora diijini wong tuwane. 5) Ending/resolusi, kawusanane klimaks wudhar, Badri bisa nerusake sekolah, nanging Sudra ora sida nerusake sekolah.

Kirtya Basa IX

101

Pepeling Stuktur Teks Drama Eksposisi, pengenalan utawa tetepungan, tetepungan karo Gladhen: tokoh/paraga, latar/setting, prakara/prastawa, sing ana sajerone teks drama. Kompikasi, tegese wis ana perkara sing bakal dadi underan/pokok lan ndadekake aluring crita. Klimak, prakara wis tambah ngambra-ambra lan ruwet. Ending/resolusi, prakara wis nemokake dalane kanggo ngrampungi.

Gladhen: Sawise nyemak teks drama ing dhuwur, wis ana pamerangan struktur teks drama. Coba, perangan-perangan mau dheskripsekna lan lebokna ana tabel ngisor iki!

No. 1. 2. 3.

4

5

102

Struktur Teks Drama Tema Paraga lan Watake: 1) Utama 2) Tambahan Latar/ Setting: (1)Panggonan (2)Kahanan (3)Wektu Alur/ Plot : (1)Eksposisi (2)Kompikasi (3)Klimak (4)Ending/resolusi Amanat/ Pesan Moral

Dheskripsi ................................................. ................................................. ................................................. ................................................. ................................................. ................................................. ................................................. ................................................. ................................................ ................................................ ................................................. ................................................. ................................................ ................................................ ................................................ ................................................. ................................................. .................................................

Kirtya Basa IX

Tugas 3 : Nyemak Unsur Basa Teks Drama Andharan ing ngisor iki semaken! a. Ciri Basane Teks Drama Cirine teks drama sing baku mesthi rupa dhialog, sing rupa gancaran lumrahe rupa katrangan-katrangan sing ngenalake tokoh sasipat lan watake, situasi, swasana sing arep digambarake ing teks drama. Tuladhane: Teks dhialog: Sudra: Iyaya! Sak karepmu!!, Heh tapi aja kesuwen lehmu leren lo, amerga awake dhewe wis dipasrahi koran karo Ko Mehong, dina iki kudu setor akeh, Dri. Badri: Iya Dra, aku ngerti. Yo wis mari ngene tak ngadegk banjur ider koran maneh. Teks Gancaran: Pungkasane perjuangane bocah loro iku mung bisa dirasakake seneng lan bungah marang salah siji bocah thok, ora liya yaiku Badri. Banjur Sekolah, lha yen pas wayahe libur sekolah utawa dina minggu Badri mulih nang omah wong tuane sing asli, uga ora lali nyambangi kancane sing isih dadi loper koran ing dalanan ending. b. Unggah-ungguh basa Unggah-ungguh basa manut trap-trapane tembung kang digunakake ing ukara, ana rong perangan gedhe yaiku ukara nganggo tembung krama lan tembung ngoko. Krama ana loro yaiku krama alus lan krama lugu, semono uga ngoko uga ana loro yaiku ngoko alus lan ngoko lugu. Tuladhane: Sudra : Ora usah kakehan omong Dri. Wong tuwa iki gek ayo dijunjung neng ngemper toko kono. (Badri lan Sudra ngangkat kanthi kleweran wong tuwa mau menyang emperan tokone cina sing dodolan koran) ngoko lugu. Bu Surantani :(sinambi nyerbeti piring, Bu Dira omong dhewe). Mbah Kung, yahmene kok durung kondur iki parane tindak ngendi wae ta? Apa kira-kira mampir pasar, apa mampir neng ngendi ya? Biasane ora suwe kaya ngene lek mung mundhut obat bae.

ngoko alus. Sudra

:Nami kula Sudra. Griya kula Kedungwaru. Mbah, kados pundi menawi njenengan kula dherekaken kondur? krama alus.

Kirtya Basa IX

103

Pepeling 1. Unsur basane teks drama ing wulangan sing diandharake dideleng saka jenis rakitane teks, yaiku teks dhialog dan teks gancaran. 2. Unsur basa teks drama dideleng saka trap-trapan panggone basa manut unggah-ungguh. Gladhen: Menawa dijingglengi teks drama kasebut nggunakake basa ngoko lan basa krama. Bab kuwi lumrah karana drama iku mujudake kaca benggalane kahanan ing masyarakat. Kanggo nambah kawasisanmu, coba jangkepana tabel ing ngisor iki! No. 1.

104

Ragam Basa Ngoko Lugu

Dheskripsi Ya, Dra! Nek bisa sing cepet ya! Mesakne Mbahe iki ngko nek kesuwen selak kepanasen neng kene. Tuladha liyane: (1) ................................................... (2) ................................................... (3) ...................................................

2.

Ngoko Alus

Mbah Kung, yahmene kok durung kondur iki parane tindak ngendi wae ta? Tuladha liyane: (1)....................................................... (2) ...................................................... (3) ......................................................

3.

Krama Lugu

Nami kula Badri, Mbah. Griya kula Taman. Tuladha liyane: (1) ....................................................... (2) ....................................................... (3) .......................................................

4

Krama Alus

Nami kula Sudra. Griya kula Kedungwaru. Mbah, kados pundi menawi njenengan kula dherekaken kondur? Tuladha liyane: (1) ........................................................ (2) ....................................................... (3) ........................................................ Kirtya Basa IX

Tugas 4: Nintingi Nilai Moral lan Relevansi Nilai Moral Teks Drama Saben karya sastra nduweni nilai moral kang kawedhar. Andharan ing ngisor iki semaken! a. Nilai budi pekerti/pesan moral Saben asil karya sastra ditulis, diwaca utawa dipentasake kaya drama tujuan utamane kanggo panglipur. Panglipur ati sing kebak nilai budi pekerti bisa dadi patuladhan. Nilai budi pekerti utawa pesan moral bisa dijupuk saka isine teks drama kanthi njinglengi watak lan perilakune paraga ing teks drama. Tuladhane: 1) Tokoh Badri lan Sudra, watak seneng tetulung marang wong liyan, sopan, mandiri, gelem rekasa, semangat dhuwur. 2) Abah Mehong: kasar, mung mikir kepentingan dhewe, lan sapanunggalane. b. Relevansi isi crita karo kahanan jaman saiki. Kadadean kaya ing teks drama ing dhuwur mung salah siji saka maewu-ewu kedadeaan ing panguripan. Tokoh-tokoh ing teks drama dhuwur uga makili saperangan saka paraga-paraga nyata ing panguripan. Paraga Badri, Sudra, Mbah Surantani kang nduweni sifat seneng tetulung, mandiri, gelem tetulung, sopan pantes dituladha.

Pepeling 1. Tujuan panulisan lan pamacan pinangka panglipur kang bisa dijupuk nilai budi pekerti, pesan moral lan hikmahe. 2. Fungsine wacan crita wayang saliyane kanggo panglipur uga marisake nilai budi pekerti, norma-norma, budaya dan adat istiadat.

Gladhen: Sawise nyemak lan nyianaoni teks drama Bali Sekolah bocah-bocah mesthi nemokake piwulang moral utawa budi pekerti kang kena kanggo patuladhan. (1) Coba, dheskripsekna piwulang moral utawa budi pekerti dadi saparagrap kang kurang luwih dumadi saka 10 ukara. Kirtya Basa IX

105

(2) Garapanmu mau kejaba katulis nganggo aksara Latin, salinen menyang aksara Jawa. (3) Wacanen garapanmu ana ngarepe kanca-kancamu.

Kegiatan 2 : Mangun Teks Drama Bebarengan Semaken teks drama ing ngisor iki! RUDI LAN PS3

Ing bug sacedhake prapatan, katon nom-noman kang lagi padha cangkrukan. 1. 2. 3. 4. 5.

6.

7.

8.

Tomo : Cangkrukan sore-sore ngene iki enak banget ya? (sambi molet) Hasan : Iya Tom, bener. Aku ya seneng banget, bisa ngerti wong sliwar-sliwer. Salim : Padha Aku iya. Amerga aku ora perlu nunggu toko ing omah. (ngadeg) Hasan : (ngethak Salim) Pancen anak duraka kowe iku Lim Lim, dikongkon mbokmu jaga toko kok malah dolan. Salim : (ngendha saka kethakane Hasan) Heh San, awakmu iki kok ngethak-ngethak wong sakenake dhewe wae? Kok kira aku iki anakmu ngono ta? (rada nesu) Hasan : Ya ora ngono Lim Mung aku iki ora tega karo ibumu, wis randha duwe anak siji wae kok angel menawa dikongkon rewang-rewang (sinambi ngelus dhadha). Apa awakmu ora mesakake mbokmu? Salim : Ya jelas ngesakake ta, San. Tapi aku cah enom kan ya pengin dolan barang. Mosok are neng omah terus Boring man boring! (karo tangane melu obah-obah, ekspresif) Hasan : Perasaanku wiwit biyen gaweanmu mung dolan thok. (karo nglirik, nyindir salim)

Salim mangkel atine krungu kocape Hasan kang kaya mengkono iku. Salim lan Hasan banjur thuthuk-thuthukan. Tomo sing awit mau ndeleng wong liwat sliwar-sliwer, nyoba misah kekarone. 9.

Tomo : Wis wis (misah kekarone). Gawe apa ta gelut-gelutan. Awake dhewe iki kekancan, ora patut engkel-engkelan kaya ngene iki. Wis saiki ayo padha salaman! Salim lan Hasan banjur salaman. Tapi Salim isih krasa mangkel sethithik.

106

Kirtya Basa IX

10. 11. 12. 13. 14. 15. 16. 17. 18. 19.

20. 21. 22. 23. 24.

25. 26. 27.

28. 29. 30.

Tomo : Coba delengen iku (nglirik marang Rudi). Sajake kancane dhewe iki wiwit mau kok meneng wae. Salim : (mbisiki Hasan lan Tomo) Rudi ayo digetak wae yuk! Hasan lan Tomo banjur manthuk bareng. Hasan : Siji loro telu Salim, Hasan lan Tomo (bebarengan) : Hoe awit mau kok nglamun wae? Hasan : Ana apa ta Rud? Rudi : (mung mesem) Tomo : Wis ta Rud crita wae menawa ana masalah! Awake dhewe kan kanca. Salim : Iya Rud, bener iku apa jarene Tomo. Apa awakmu mangkel karo awake dhewe jalaran ngajak awakmu dolan. Rudi : Ora kok ora (karo ngobahne tangan). Tomo : Sepurane ya Rudi.... Awake dhewe ing kene mung pengin supaya kowe bisa ngerti njaba, ora mung ing ngomah, sinau terus. (melas, ngerasa salah) Rudi : Ora kok ora aku mung gumun wae nonton wong sliwarsliwer. Tomo, Hasan lan Salim : Ha ha (ngguyu cekakakan bebarengan) Rudi : (bingung) Lha nyapa padha ngguyu? Aneh ta? Salim : (karo ngempet ngguyu) Makane ta Rud, dadi wong aja mung sinau wae. Rudi : (mesem) Iya iya mula saiki aku pengin kaya awakmu kabeh. Bisa dolanan, bisa cangkrukan ah (unjal ambegan jero) Hasan : Waduh gawat iki ! (nuthuk sirahe) Lim, awakmu iki warahwarah sing ora-ora wae Salim : Warah-warah apa ta? Aku ora mudheng Hasan : Lha iku mau Marahi Rudi sing ora-ora. Masak Rudi kokwarahi dolanan. Akhire Rudi ora bisa sinau. Lha terus mengko menawa awake dhewe ujian, terus awake dhewe ora bisa, sapa sing marahi menawa Rudi ora sinau? Salim : (mikir) Oya.. ya San. Menawa ngono sapa sing arep marahi awake dhewe? Tomo : Wis kumat, geger maneh geger maneh Rudi iku bocah pinter, mesthi wae mengko dheweke bisa ngatur wektune. Hasan : O ya ya.., bener. Kok goblok temen ta, aku iki?

Kirtya Basa IX

107

31. 32. 33. 34. 35. 36. 37. 38. 39. 40. 41. 42. 43. 44. 45. 46. 47. 48. 49. 50. 51.

52. 53.

Tomo : Wis wis. saiki enake awake dhewe dolanan apa? Mosok arep ing kene terus? Rudi : Nekeran utawa layangan ngono lho Aku pengin. Hasan : Wis ora usum iku, Rud. Saiki wis jaman moderen. Dolanane uga barang-barang moderen. Rudi : Lha terus dolanan apa? Tomo : Hhmm apa ya? (karo mikir) Hasan : Main PS wae yuk! Salim : PS-e mbahmu apa? PS kuwi mbayar. Saiki ayo golek dolanan sing asyik tur gratis. Rudi : Apa ya ? (mikir kabeh) Tomo : Eeh, cah cah delengen kae! (nuding-nuding) Rudi : Saka kadohan kok kaya pawakane Antok ya? Bareng wis cedhak, jebul bener-bener Antok. Antok : Hallo pren pren (nyalami siji-siji) Tomo : Njanur gunung, Tok! Melu dolan mrene. Antok : He iya. Aku kan wingi lagi wae ditukokake PS3 anyar dening bapakku. Salim : (nyrobot omongan) Wah asyik kuwi. Iki mau lagi wae ngomong-ngomong babagan PS. Antok : Ya jelas asyik lah lha wong PS3 iku kan regane larang. Dadi ya wajar menawa gambare bisa kaya urip tenan. Hasan : Wah keren Ayo dolan menyang omahmu, yuk Tok Antok : Lha ya makane kuwi aku mrene. Aku pengin ngajak kanca-kanca dolanan PS anyar ing omahku. Rudi : Wis gak usah suwe-suwe Ayo budhal saiki! Padha mlaku, lagi oleh rong jangkah Antok muring-muring. Antok : Heh enake Sapa sing arep ngajak kowe, Rud? Rudi ndhingkluk, isin tur lara ati. Tomo : Lha kok ngono ta, Tok? Rudi kan ya kancane dhewe? Antok :Heh.. iya, tapi bocah kaya Rudi ora pantes disilihi PS3. Salahe dhewe ulangan ora gelem muruki. Menawa pengin ya ben tuku dhewe, paling ya ora kuwat.. ha ha Hasan : Dhendham iki critane? Wis ta Tok, lalekne wae! Antok : Ha lali? Bocah kaya Rudi iku pancen ora pantes diajak dolan. Rud saiki awakmu mulih wae ya! Sinau sing sregep mengko menawa ujian aku warahi ya! Sakbare kuwi mengko awakmu oleh main PS ku. Haha (Antok ngguyu pongah).

Rudi mung meneng wae, atine mangkel banget. Kanca-kancane uga melu meneng, ora bisa nulungi apa-apa. 108

Kirtya Basa IX

54. 55. 56. 57.

Salim Antok Tomo Antok

: : : :

Terus saiki sida main PS ora? Ya sida Wis saiki ayo budhal budhal! Dhadha, Rudi! Wis aku ora usah melu wae Sakkarepmu

Antok, Hasan, lan Salim banjur padha ngalih. Ninggal Tomo lan Rudi. 58. 59.

Tomo : Wis Rud, gak apa-apa. Saiki awake dhewe ayo padha mulih. Rudi : Iya bener (Rudi lan Tomo banjur padha mulih)

Adegan 2

Bapake Rudi lagi maca koran ing ruang tamu. Ibune Rudi nyedhak kanthi nggawa wedang lan gedhang goreng. 58.

Ibu

59. 60.

Bapak Ibu

61.

Bapak

62. 63.

Ibu Bapak

64. 65.

ibu Bapak

66.

Ibu

67.

Bapak

68.

Ibu

: Leren ndhisik macane, pak! Wedange diombe dhisik! (karo ndhekek wedang ing meja) : Kebeneran buk, aku ya wis ngelak(nyruput wedang) : Ana berita apa ta, pak? kok sajake serius temen olehe maca koran. : Biasa buk, kaya biasane. Isine koran ndina-ndina iya perkara kriminal. Nek ora perkosaan, rampokan, ya maling ketangkep. : Alhamdulilah ya pak, anake dhewe Rudi ora neka-neka. : Iya buk, bener Rudi bocahe pinter tur sregep sinau. Ya muga-muga wae suk gegayuhane bakal kaleksanan (unjal ambegan jero). : Amien (mesem) : Ngomong-ngomong Rudi, saiki bocahe ning ngendi? Aku kok ora tumon (karo clingukan). : Lagi dolan pak. Dhek mau ngomonge pengin dolan karo Tomo. Jarene bosen pak, menawa kudu sinau terus. : Dolan ya dolan buk, nanging aku khawatir menawa Rudi kena pengaruh sing ala. : Ya dongakne wae ta, pak! Muga-muga Rudi ora kena apaapa. Wajar kok cah enom menawa pengin dolan, tinimbang mengko dheweke ora bisa sosialisasi.

Ujug-ujug rudi teka karo nesu-nesu 69. 70. 71.

Rudi : Assalamualaikum. (karo nguncalne tas ing kursi) Bapak & Ibu: Walaikumsalam. (bingung) Ibu : Ana apa ta, Rud? Teka kok muring-muring? (nyedhaki Rudi)

Kirtya Basa IX

109

72.

Rudi

73. 74.

Bapak Rudi

75.

Bapak

76.

Ibu

77. 78.

Rudi Bapak

79.

Rudi

80. 81. 82.

Bapak Rudi Bapak

83.

Ibu

84.

Bapak

85.

Rudi

86.

Ibu

87.

Bapak

110

: Mboten napa-napa buk Kula namung mangkel mawon kalian Antok. : Wis ta Rud, cerita wae ora usah sungkan-sungkan. : (unjal ambegan) Kula nembe mawon dipunawon-awonaken kalian Antok, Pak. Terose kula niki anak mama, boten gaul, gaweane mung sinau thok. Lha nek diawon-awonaken kados mekaten kula lak nggih lara ati ta, pak. : Oalah Rud Rud, ngono wae kok nganti muring-muring, sing penting kan berprestasi ta? Lha nek kaya mengkono kudune awakmu malah bangga! : Bener Rud, apa kandhane bapakmu iku. Kudune awakmu malah bangga, coba delengen pialamu sapirang-pirang kae. : Dadosipun bapak kalian ibu bangga kalian kula? : Ya jelas ta, Rud. Sapa ta sing ora bangga duwe anak pinter lan sregep. : Pak, Rudi kan mboten natos nyuwun neka-neka dhateng bapak lan ibu, tapi wekdal niki Rudi kepengin nyuwun he he (sungkan arep ngomong). : Arep nyuwun apa? Mumpung bapak isih ana ing omah. : (mesam-mesem) Kula ajeng nyuwun PS3 pak. : Rud, menawa njalukmu PS3 bapak ora gelem nukokake, PS3 iku larang regane. Saliyane kuwi, menawa awakmu bapak tukokake PS3 mengko malah ngganggu sinaumu. Apa maneh sedhela maneh awakmu bakal ujian. : Bener iku Rud, saiki awakmu konsentrasi ujian wae. Supaya mengko awakmu bisa lulus kanthi biji kang apik, syukursyukur dhuwur dhewe sasekolahan. : Menawa awakmu bener-bener bisa dadi lulusan sing dhuwur dhewe sasekolahan, bapak janji bakal nukokake hadiah. Sasenengmu arep nyuwun apa? Sing penting aja PS3 bapak ora seneng. : Mboten-mboten pokoke Rudi tetep pengin PS3, Pak (wiwit muring-muring). : Rud, njaluk barang iku sing ana paedahe ngono lho, mengko lak mesthi ditukokake bapakmu. : Menawa awakmu iki njaluke buku, komputer utawa laptop, ngono ya bakal bapak tukokake. Apa wae sing ana gegayutane karo pendhidhikan bakal bapak tukokake, (meneng sedhela, banjur diterusake), nanging menawa sing kokjaluk iku dolanan, tur regane larang ya bapak ora gelem. Kirtya Basa IX

88.

89. 90. 91. 92.

Rudi

: Pokoke kula pengin PS3. Rudi bosen pak, sinau terus (ngalih, mlayu menyang kamar, banjur keprungu suara lawang dibanting). Bapak : Kena apa ya buk, Rudi kok dadi kaya ngono? Ibu : Aku ya ora ngerti pak wong biasane ya ora tau njaluk barang sing neka-neka. Bapak : Oya buk, iki wis jam setengah lima. Bapak ana perlu ing omahe kang Parmin (pamit ibu, karsa banjur ngalih). Ibu : Ati-ati, pak! (mlebu omah, nututi Rudi ing kamar)

Adegan 3

Rudi isih katon ngresula. Mulane, mulih sekolah dheweke ora langsung mulih, nanging isih leyeh-leyeh ing sacedhake wit gedhe. Banjur ana salah sawijining kancane sing lagi teka.

93. 94. 95. 96. 97. 98. 99. 100. 101. 102. 103. 104. 105. 106. 107. 108.

Yoyok : Lho Rud, nyapo kok isih meneng wae ing kene? Rudi : Ora nyapapa Yok. Aku mung kesel wae, pengin leren (njajal ngguyu, nanging nguyune katon kepeksa). Yoyok : Halah ngaku wae ta Rud! Saka ngguyumu iku wae lho wis katon. Rudi : Iya Yok, pinter. Aku pancen lagi mangkel karo bapakku. Yoyok : Lha mangkel kena apa? Rudi : (unjal ambegan jero). Bapakku ora gelem nukokake aku PS3. Kamangka aku pengin banget. Jarene mengko bakal ganggu olehku sinau. Yoyok : Ha Ha (ngguyu pongah). Rudi : Kok awakmu guyu ta Yok? Yoyok: Ya iya ta Rud. Mosok gara-gara perkara sepele kaya ngono wae, awakmu susah. Ora ditukokake PS3 ya tuku dhewe. Gampang ta? Rudi : Lha terus entuke dhuwit saka ngendi? Regane PS3 kan larang? Yoyok: Wis, gak usah dipikir, mengko takwarahi carane golek dhuwit cepet. Saiki ayo padha melu aku (ngadeg). Rudi : Ing ngendi? Yoyok : Tak, kenalake wong sing bakal marahi awakmu golek dhuwit cepet. Ayo! (Rudi banjur ngadeg, sak banjure mlaku, lagi rong jangkah Rudi kepethuk Tomo). Tomo : Hai Rud, arep menyang endi? Rudi : (mandheg) Melu Yoyok Tomo : (nggered Rudi). Rud, awakmu wis kenal Yoyok apa durung? Sing ati-ati wae. Krungu-krungu dheweke iku bocah sing ora bener.

Kirtya Basa IX

111

109. Rudi

: Halah iku kan mung gosip Tom. Buktine dheweke ya apik karo aku. 110. Tomo : Ya wis menawa awakmu angel dikandhani, aku mulih dhisik, wis ditunggu ibuku. (Tomo ngalih) 111. Yoyok : Rud, sida apa ora? Menawa ora taktinggal ya! (karo jumangkah ngalih) 112. Rudi : Iya ya enteni (nyusul Yoyok ngalih). Adegan 4

Rudi lan Yoyok nunggu wong kang bakal dikenalake Yoyok ing warung. Rudi katon goreh atine.

113. 114. 115. 116. 117. 118. 119. 120. 121. 122. 123. 124. 125. 126. 127. 128. 129. 130. 131. 132. 133. 134.

112

Rudi : Yok endi ta wonge? (clingukan) Yoyok: Sabar ta Rud, sedhela maneh lagi teka. Mau wis tak sms kok. Tukang Warung : Ngenteni sapa ta, Yok? Yoyok: Ngenteni Mas Harto, Pak. Tukang Warung: Mau wonge ya lagi bar saka kene kok. (ngelungne es pesenane Yoyok) Yoyok: Rud, kowe ora tuku ngombe pisan ta? Mengko tak bayarane. Rudi : Ora usah, Yok. Aku ora ngelak kok. Tukang Warung: Nyesel lho mengko menawa ora njajal ese Pak Sabar dijamin enak. Rudi : Nggih pun, Pak. Es campur setunggal. Yoyok: Lha kae mas Harto, Rud! (karo nudingi). Harto : (nyalami Rudi lan Yoyok) Iki ta bocah sing arep kokkenalake aku? Yoyok: Iya mas. Jenenge Rudi. Harto : Lha terus iki piye? Arep kokjak bisnis pisan ta? Yoyok: Nggih mas. Insya Allah. (Rudi lan Yoyok banjur diajak minggir karo mas Harto, rada ngadoh saka warung). Harto : Yok, critakna apa gaweane awake dhewe, (Yoyok nuduhake kunci sing dicekel). Rudi : Maksude apa Yok? Aku ora mudheng (kukur-kukur sirahe sing ora gatel). Yoyok: (mbisiki Rudi) Gaweanku nyolong motor. Rudi : Apa Nyolong motor? (rada njerit, kaget). Yoyok: Sssst aja banter-banter. Mengko mundhak krungu wong akeh. Bisa gawat. Rudi : Edan Aku emoh aku ora melu. Yoyok: Rud, awakmu apa wis lali menawa pengin PS3? Iki cara golek dhuwit paling gampang Rud Rudi : Iya Tapi aku wedi ketangkep polisi. Uga wedi menawa dosa marang Gusti Allah. Kirtya Basa IX

135. 136. 137. 138. 139. 140. 141. 142. 143. 144.

Yoyok: Gak perlu wedi, Rud. Buktine aku bola-bali nyolong motor aman-aman wae. Ora nate ketangkep polisi. (Rudi katon bimbang) Harto : Ora usah dipikir jero-jero. Saiki putusna, kowe sida melu apa ora? Ora melu kanggoku ya ora masalah. (sedhakep). Yoyok: Wis ta Rud, melu wae. Menawa awakmu wedi, ya melu pisan wae. Mengko lak wis cukup digawe tuku PS3. Rudi : Lha terus mengko motore didol ing ngendi? Harto : Ha Ha Goblok! (ngethak Rudi) Ya jelas wis ana penampunge ta Rud. Aku iki bosmu sing bakal dadi penampunge. Takjamin, barange taktuku kanthi rega dhuwur. Yoyok: Piye Rud? Sida melu apa ora? Rudi : Ya wis, aku melu. Nanging mung pisan iki wae. Harto : Iya ora apa-apa.Selamat bergabung ya! Muga-muga sukses oleh akeh. (nyalami karo ngguyu). Wis saiki bubar dhisik. Yoyok: Mas Aku takwiwit beraksi mulai sesuk ya? Harto : Ya, sasenengmu (Harto ngalih, Yoyok lan Rudi uga melu ngalih).

Adegan 5

Ing sacedhake wadhuk, ana rong pawongan kang lagi padha arep mancing. 145. 146. 147. 148. 149.

Salam : (teka ing wadhuk luwih ndisik) Uweh Sajake motormu anyar Min? Karmin : (mesam-mesem) Iya, nanging kredit kok kang. Salam : Gak masalah kredit apa ora, sing penting kan duwe motor anyar. Motormu dhekeken kono wae lho! Ben ora panasen. Karmin : Iya wis oleh pira anggonmu mancing Kang? (lungguh nyedhak Salam) Salam : Durung oleh apa-apa. Anggonku mancing iya lagi kok.

Rudi lan Yoyok banjur njudul ndhepis-ndhepis. 150. 151. 152. 153. 154.

Yoyok : Rud, delengen kae ana motor anyar ing ngisor wit! (nudingi motor). Rudi : Iya Aku ngerti. Yoyok : Sajake ora dikunci. Ayo dicedhaki wae (Rudi ngetutne Yoyok, mlaku alon-alon karo clingukan). Yoyok : (sawise cedhak karo motor) Rud, endi kuncine? Rudi : (ngelungne kunci marang Yoyok) Nyo,...

Ing sisih liya Karmin kang lagi mancing, krasa ora kepenak atine. 155.

Karmin : Kang rasane atiku kok ora kepenak ya kang (resah).

Kirtya Basa IX

113

156. 157. 158. 159.

Salam : Paling ya mung perasaanmu thok, Min. Karmin : (nginguk motore kang didhekek ing ngisor wit) Kang motorku ilang kang Salam : (clingukan) Lha kae motormu digawa maling. Karmin & Salam: Maling Maling

Rudi lan Yoyok bingung amerga sing duwe motor wis ngerti menawa motore dicolong dheweke. 160. 161. 162. 163. 164.

Rudi : Yok piye iki? Aku wedi Yoyok : Wis ta Rud, menenga angel iki lho startere (karo njajal nyetater motor). Karmin & Salam : Maling Maling (karo mlayu nggodhag Rudi lan Yoyok, wong-wong kampung uga padha melu nggodhag) Rudi : Yok, piye iki? Yoyok : Ayo mlayu motore ditinggal.

Rudi lan Yoyok nyoba mlayu, nanging tetep ketangkep dening wong kampung. Digebuki. 165. 166. 167. 168. 169.

Wong Kampung 1 : Arep mlayu menyang ngendi maneh kowe maling cilik? Wong Kampung 2 : Wis ora sah suwen-suwen ayo dibakar wae! Rudi Lan Yoyok: Ampun pak ampun Wong Kampung: Bakar Bakar (bareng). Rudi : Ibuk Tulung aku Buk (njerit)

Adegan 6

Rudi turu ing amben, nglindur njerit-njerit njaluk tulung ibune. Ibune kang lagi saka pawon, kanthi gupuh cepet-cepet nggugah Rudi. 170. 171. 172. 173.

114

Ibu : Le tangi le! (karo ngoyak-ngoyak rudi) Rudi : Ibu (njerit, kanthi ngos-ngosan) kula ajeng dibakar tiyang buk. Ibu : Dibakar apa ta le? Wong awit mau awakmu turu wae ngono lho. Rudi : Dadi aku mau mung nglindur, Buk? (bungah) Alhamdulilah. (ngrangkul ibune)

Kirtya Basa IX

Bausastra sliwar-sliwer duraka boring nggodhag muruki

: mloka-mlaku : durhaka, cidra : basa inggris, bosen, waleh : nguber, diuber : marahi, ngajari, mulangi

Tugas 1 : Njingglengi Teks Drama Tindakna pakaryan iki: 1. Nggawea klompok dhiskusi ora luwih saka bocah 6 minangka anggotane. 2. Kewajiban minangka anggota klompok kudu dilakoni kanthi tanggung jawab lan kerjasama sing temen. 3. Salah siji anggota klompok, kudu ana sing dadi ketua klompok. 4. Kewajibane ketua klompok kudu tanggung jawab marang kabeh sing dadi tugase klompok kanthi gotong royong bebarengan karo anggota liyane. 5. Teks drama Rudi lan PS3 ing dhuwur coba dijingglengi bebarengan saklompokmu. 6. Pitakon ing ngisor iki wangsulana salaras karo asile anggonmu dhiskusi. a. Jlentrehna struktur teks drama Rudi lan PS3 kanthi bukti 1) Dhialog: ............................................................................... 2) Tema : .............................................................................. 3) Tokoh : .............................................................................. 4) Plot : ............................................................................... b. Jlentrehna plot saka crita Rudi lan PS3 ing dhuwur kanthi bukti dhialog/gancaran sing nyengkuyung pranyatanmu! 1) Orientasi : ............................................................................................... ............................................................................................... ............................................................................................... ............ 2) Komplikasi : ............................................................................................... ............................................................................................... Kirtya Basa IX

115

............................................................................................... ............ 3) Klimak : ............................................................................................... ............................................................................................... ............................................................................................... 4) Anti klimak : ............................................................................................... ............................................................................................... ............................................................................................... 5) Reorientasi : ............................................................................................... ............................................................................................... ............................................................................................... 6) Koda/penutup : ............................................................................................... ............................................................................................... ............................................................................................... c. Jlentrehna unsur basane lan wenehana bukti saka crita Rudi lan PS3 ngenani: 1) Cirine basa teks drama: ............................................................................................... ............................................................................................... ............................................................................................... 2) Nilai budi pekerti/pesan moral: ............................................................................................... ............................................................................................... ............................................................................................... 3) Relevansi isi crita karo kahanan jaman saiki: ............................................................................................... ............................................................................................... ............................................................................................... Tugas 2: Maragake Teks Drama Tindakna pakaryan iki: 1. Jingglengana maneh teks Drama Rudi lan PS3! 2. Dhiskusekna bebarengan karo klompokmu kanggo mbagi tugas maragakake teks drama Rudi lan PS3! 3. Klompok uga bisa milih teks drama liya kanggo diparagakake, nanging sadurunge teks drama kudu dituduhake guru.

116

Kirtya Basa IX

4. Nalika salah siji klompok maragakake teks drama, klompok liyane nyemak pamaragan mau, banjur lembar pengamatan ing ngisor iki centhangen. Jeneng Siswa

Olah Vokal 1

2

3

4

Interpretasi Teks 1 2 3 4

Olah Tubuh 1

2

3

4

Ekspresi 1

2

3

Jumlah 4

Kegiatan 3 : Mangun Teks Drama kanthi Mandhiri Kegiatan manun teks drama kanthi mandhiri dilakoni kanthi latihan nulis teks drama lan menehi komentar teks drama karangane kancane. Tugas 1: Latihan Nulis Teks Drama Adhedhasar pasinaonmu babagan struktur teks drama, bocahbocah bisa latihan nulis teks drama. Kanggo mujudake , coba tindakna pakaryan iki: 1. Goleka inspirasi saka ngendi bae bebas, bisa saka kasunyatan, pengalaman pribadi, crita cekak, novel lan liya-liyane, kanthi tema gotong royong, sing penting kudu nggawe dhewe. 2. Asil tulisan teks drama dikumpulake rupa file lan print out. 3. Dawane teks drama karanganmu + 3-5 kaca. 4. Print out diedhit bebarengan, ijol-ijolana karo kancamu. 5. File diedhit, banjur dicithak, didadekake buku kanggo portofolio, uga diserahake perpustakaan sekolah. Tugas 2 : Ngapresiasi Teks Drama Karangane Kancane Kanthi tugas 1 bocah-bocah wis nuduhake yen pranyata nduweni kompetensi ngarang teks drama. Kanggo mangerteni kuwalitas teks drama karanganmu, tindakna pakaryan iki: (1) Ijolna teks drama karanganmu karo karangane kancamu. (2) Apresiasinen miturut struktur intrinsike teks drama kasebut kanthi nggunakake basa Jawa kang becik. (3) Yen wis rampung, garapanmu aturna Bapak/ Ibu Gurumu. Kirtya Basa IX

117

UJI KOMPETENSI WULANGAN 4

I. Pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis, kanthi milih siji wangsulan kang paling bener! Rudi turu ing amben, nglindur njerit-njerit njaluk tulung ibune. ibune kang lagi saka pawon, kanthi gupuh cepet-cepet nggugah Rudi. Ibu : Le tangi le! (karo ngoyak-ngoyak rudi) Rudi : Ibu (njerit, kanthi ngos-ngosan) kula ajeng dibakar tiyang buk. Ibu : Dibakar apa ta le? wong awit mau awakmu turu wae ngono lho. Rudi : Dadi aku mau mung nglindur buk? (bungah) Alhamdulilah. (ngrangkul ibune) 1.Pethikan teks drama ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu peranganane.... a. eksposisi b. klimaks c. komplikasi d. ending Badri mlaku alon-alon kanthi ngelamun ing trotoar. Koran saktumpuk digendhong ing pundhake durung ana sing payu. Dina iku ora kaya padatan, panase nylomot bunbunan nganti gosong. Raine rada gosong, gulune asat, ngelak lan luwe. Swara kendharaan ing prapatan pasar Manukan iku gemrubug nambahi ati susah. 2.Paragraf ing dhuwur miturut struktur teks klebu perangane.... a. eksposisi b. klimaks c. komplikasi d. ending

118

Kirtya Basa IX

Sudra: Menawi ngaten Mbah, panjenengan menawi tindakan kedah wonten ingkang ngancani, supados aman, mboten wonten kedadosan ingkang mbebayani kados kalawau. Mbah Surantani: Iya Le, pancen bener sing mbokkandhakake. Iki mau bojoku lagi masak, anakku padha wis kerja dhewe-dhewe lan putuku ya padha sekolah. Karepku ngono wae supaya ora ngrepoti sapa-sapa. Lhajebul kok malah ngrepoti kowe kabeh. Sepurane ya Le Mbahe ki? Matur nuwun saka pitulunganmu, aku ora durung bisa mbales kebecikanmu, Muga-muga Gusti Allah ingkang mbales ya, Le? 3. Pethikan teks drama rupa dhialoge Sudra ing dhuwur migunakake basa.... a. ngoko lugu b. krama lugu c. ngoko alus d. krama alus 4. Pethikan teks drama rupa dhialoge Mbah Surantani ing dhuwur migunakake basa.... a. ngoko lugu b. krama lugu c. ngoko alus d. krama alus 5.Perangan ing teks drama njlentrehake ngenani .... a. latar b. tema c. plot d. alur

lumrahe

wujud

teks

gancaran

6.Obah mosike praen nalika meragake teks drama diarani . a. interpretasi b. ekspresi c. olah tubuh d. olah vocal

Kirtya Basa IX

119

7.Sing kudu dilakoni nalika nulis teks drama sawise nemtokake tema yaiku : a. golek inspirasi b. nemtokake plot c. nemtokake tokoh d. nulis teks drama 8.Ing teks drama Bali Sekolah utamane yaiku.... a. Badri b. Sudra c. Ibu d. Mbah Surantani

ing dhuwur, sing dadi paraga

9.Ing teks drama Bali Sekolah ing dhuwur, nilai moral sing bisa dijupuk saka tokoh Mbah Surantani yaiku . a. sabar narima b. sopan santun c. seneng tetulung d. gemi nastiti 10.Tokoh ing teks drama Rudi lan PS3 nilai moral sing bisa aja nganti diconto amarga tumindake yaiku .... a.Rudi lan Harto b.Harto lan Yoyok c.Yoyok lan Salim d.Salim lan Rudi II. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi patitis! 1. Jelasna apa sing kudu dilatih kanggo pawongan sing bakal main drama! 2. Jelasna apa bae sing bisa dijlentrehake ing teks wujud gancaran, ing teks drama! 3. Sebutna lan jlentrehna perangane plot ing teks drama! 4. Jingglengana teks drama Rudi lan PS3 sebutna tokoh-tokohe! Terangna watake! 5. Nilai moral apa sing bisa kojupuk saka teks drama Rudi lan PS3 apa isih relevan ing jaman saiki? Jelasna!

120

Kirtya Basa IX

WULANGAN 5 PARIWISATA

Kompetensi Dasar 1.1 Menghargai dan mensyukuri keberada an bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan Yang Maha Esa untuk meningkatan pengeta-huan dan keterampilan berbahasa daerah, serta untuk melestarikan dan mengembangkan budaya daerah untuk didayagunakan sebagai upaya pembinaan dan pengembangan kebudayaan Nasional. 1.2 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis.

Indikator 1.1.1 Berdoa sebelum memulai dan sesudah kegiatan belajar bahasa Daerah

1.3 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana menyajikan informasi lisan dan tulis. 2.1 Memilikiperilaku jujur dalam menceritakan ssudut pandang moral yang eksplisit.

1.3.1 Menggunakan bahasa Daerah sesuai dengan tata krama.

3.5

3.5.1 Mengidentifikasi struktur teks laporan kegiatan. 3.5.2 Mengidentifikasi unsur kebahasaan teks laporan kegiatan. 3.5.3 Menjelaskan kaidah menulis teks laporan kegiatan

Memahami struktur teks, kaidah, dan unsur kebahasaan dalam menulis laporan kegiatan

4.5 Menulis laporan kegiatan sesuai kaidah. Kirtya Basa IX

1.2.1 Menggunakan bahasa Daerah sebagai sarana memahami informasi lisan.

2.1.1 Jujur dalam sesuatu

4.5.1

menceritakan

Menulis rumusan penulisan laporan

tujuan 121

4.5.2 Menulis kerangka laporan. 4.5.3 Mengembangkan kerangka laporan menjadi laporan lengkap. 4.5.4 Membaca nyaring teks laporan kegiatan. 4.5.5 Menyalin paragraf laporan kegiatan dengan aksara Jawa/

carakan Madhurâ

Mbabar Wawasan 1. Nyemak Teks Ing ngisor iki ana teks lelagon kreasi anyar. Coba setitekna, sabanjure tembangna bebarengan!

Yo kanca nyang gisik gembira Alerap-lerap banyune segara Angliyak numpak prau layar Ing dina Minggu keh pariwisata Alon praune wis nengah Pyak pyuk pyak banyu binelah Ora jemu-jemu karo mesem ngguyu Ngilangake rasa lungkrah lesu Adhik njawil mas Jebul wis sore Witing kelapa katon ngawe-awe Prayogane becik bali wae Dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe

Lelagon kasebut isine nggambarake kegiatan pariwisata. Dinane iki pamarentah Provinsi Jawa Timur lagi ngrengseng ngrembakakake bidhang pariwisata, apamaneh kanthi MEA (Masyarakat Ekonomi Asean). Lumantar MEA kejaba ngrembakakake bidhang ekonomi, bidhang-bidhang liyane uga ora luput dadi kawigaten. 122

Kirtya Basa IX

Bausastra gisik gembira alerap-lerap angliyak keh pyak pyuk binelah jemu lungkrah lesu jebul prayogane becik

: pesisir : seneng : kahanane banyu sing lerap-lerap : gliyak-gliyak, alon-alon : akeh : nggambarake swarane banyu : di belah : waleh, bosen : kesel : loyo : pranyata, tibane : apike : apik

2. Mangerteni isine teks. Sawise nembangake lelagon ing dhuwur, wangsulana pitakon-pitakon iki! 1) Apa irah-irahan lelagon kreasi anyar ing dhuwur? 2) Kapan wong-wong padha pariwisata? 3) Menyang ngendi anggone padha pariwisata? 4) Tembunge liya pariwisata kuwi apa? 5) Kepriye lakune prau? 6) Kepriye kahanane banyu segara? 7) Prayogane becik bali bae. Kena apa? 8) Para siswa apa wis tau nindakake pariwisata utawa rekreasi? 9) Kepriye panemumu sawise nindakake pariwisata? 10) Pengalaman wigati apa sing kojupuk sawise melu rekreasi utawa pariwisata? Kegiatan 1: Wangun Teks Laporan Kegiatan Laporan kegiatan yaiku laporan kang disusun sawise kegiatan wis rampung dileksanakake. Laporan kegiatan bisa disusun dhewe-dhewe utawa klompok manut kabutuhan. Tujuwan panulisa laporan kegiatan minangka bukti yen kegiatan wis temen-temen dileksanakake. Kajaba kuwi uga kanggo pertanggungjawaban marang pawongan utawa lembaga sing menehi tugas kegiatan. Panulise laporan kegiatan kudu runtut, gampang dimangerteni sapa wae. Kirtya Basa IX

123

Tugas 1: Nyemak Teks Laporan Kegiatan Bocah-bocah kelas 9 wis ngancik semester 2 utawa semester genep, wektu sing dianti-anti dening para siswa. Sekolah duwe program rutin nganakake kegiatan rekreasi utawa pariwisata kanggo para siswa kelas 9 ing saben semester genep. a. Tuladha teks laporan kegiatan, wacanen sing premati! LAPORAN KEGIATAN PARIWISATA MENYANG YOGYAKARTA 1. Pambuka 1.1 Lelandhesane Pamedharan SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata. Karya wisata mung mligi kanggo para siswa kelas para siswa kelas 9. Miturut dhawuhe Bapak Kepala Sekolah, para siswa ora mung sinau neng njero kelas wae. Kanggo nambahi jembare wawasan tumrap bab-bab sing wis disinaoni ing kelas para siswa perlu sinau ing laboratorium alam. Laboratorium alam sajining panggonan kang cocog kanggo mbuktekake apa-apa sing wis tau disinaoni dening para siswa. Kanthi mangkono para siswa ora mung ngangen-angen wae, nanging weruh lan ngerti tuladha sing nyata. Lelandhesan kasebut sekolah ngajak marang para siswa karya wisata menyang Yogyakarta. 1.2 Tujuan Kegiatan karya wisata menyang Yogyakarta nduweni tujuwan supaya: a. Ngembangake wawasan babagan pariwisata ing Indonesia, mligine ing DIY. b. Ngidhentifikasi papan-papan tinggalan sejarah. c. Ngidhentifikasi papan-papan wisata sing duwe nilai budaya kang dhuwur. 2. Isi 2.1 Jeneng Kegiatan Kegiatan taunan iki diwenehi jeneng Karya Wisata Siswa SMP Tunas Bhakti menyang Yogyakarta.

124

Kirtya Basa IX

2.2 Wektu Kegiatan Kegiatan karya wisata dianakake: Dina lan tanggal : Jumat Minggu, 20 - 22Maret 2015 Papan tujuwan : Kraton Jogya, Malioboro, Pasar Beringharjo, Museum Jogya Kembali, Candi Borobudur. Peserta : 122 siswa lan 12 pembina 2.3 Klompok Anggota saben klompok bocah 5, dene klompok 15 sing nyusun laporan iki, yaiku: 1) Prambudi Mulyo 2) Sumitro 3) Dina Rahayu 4) Marinta Putri 5) Dewi Mulya Sari 2.4 Dheskripsi Ringkes Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara. Ora aneh, jalaran Yogyakarta pancen bener-bener panggonan sing nyenengake. Yogyakarta kondhang nduweni peninggalan sejarah lan kabudayan. Yogyakarta uga duwe jajanan khas. 1) Kraton Ngayogyakarto Hadiningrat, yaiku papan punjere panguwasa lan pusat kanggo memetri kabudayan Jawa. Ing lingkungan kraton bisa diweruhi kepriye tata cara adat Jawa ditindakake 2) Malioboro minangka panggonan kuliner lan nongkronge para kawula mudha mamerake kabisane ing babagan musik lan nyanyi. 3) Pasar Beringharjo, minangka pasar tradhisional sing tetep diuriuri. Ing pasar iki didhasarake maneka warna bathik khas Jogya lan sawernane panganan khas Jogya. 4) Museum Jogya Kembali mamerake crita sejarah wujud dhiorama. 5) Candi Borobudur, yaiku candi tinggalan jaman Mataram Kuna minangka candi paling gedhe. Kondhang minangka 7 keajaiban donya kang dibangun ing jaman Wangsa Sanjaya. Candi Borobudur wujude stupa-stupa, jelas yen candi Borobudur ing biyene kanggo pusat ibadah umat Budha.

Kirtya Basa IX

125

3. Panutup Kegiatan karya wisata wis kaleksanan kanthi becik. Sawise melu karya wisata akeh bab sing bisa disinaoni kanthi langsung. Kita para siswa nduweni wawasan kang tambah jembar, ora mung weruh liwat televisi utawa liwat internet wae, nanging weruh sing sanyatane. Ing pangajab kegiatan karya wisata tetep dileksanakake ing taun candhake kanthi bisa luwih apik. Bausastra mligi : khusus jembar : amba wawasan : kawruh, pengetahuan tumrap : kanggo lelandhesan : kanthi dhasar memetri : nguri-uri

b.

Kanggo mangerteni isine wacan, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1) Apa jenenge kegiatan ing teks dhuwur iku? 2) Sapa sing nganakake kegiatan karya wisata? 3) Kapan karya wisata dileksanakake? 4) Menyang ngendi wae karya wisata kasebut? 5) Apa lelandhesan dianakake karya wisata? 6) Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara. Apa tegese tembung wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara? 7) Apa tujuwan dianakake karya wisata menyang Yogyakarta? 8) Yogyakarta minangka jujugan para wisatawan. Apa sing dadi unggulan pariwisata ing Yogyakarta? 9) Apa pangajabe panulis kanggo kegiatan karya wisata sabanjure? 10) Critakna kanthi ringkes kang dadi isine teks ing dhuwur!

Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Laporan Kegiatan Wacanen sepisan maneh teks laporan kegiatan Laporan Kegiatan Karya Wisata menyang Yogyakarta. Sawise maca teks laporan kegiatan kasebut ing dhuwur coba delengen bagean-bagean kang ana ing teks, yaiku: (1) Pambuka, (2) Isi, lan (3) Panutup. Delengen bagan iki: 126

Kirtya Basa IX

Struktur Teks Laporan Kegiatan

Pambuka

Isi

Panutup

Kanggo mangerteni struktur teks laporan kegiatan wacanen maneh teks Laporan Kegiatan Karya Wisata menyang Yogyakarta. Sabanjure bebarengan karo kanca-kanca klompokmu pilahen manut strukture: Gladhen: Struktur Teks Pambuka

Bagean Teks

.................................................................................... .................................................................................... Isi .................................................................................... ................................................................................... .................................................................................... Panutup ................................................................................... ...................................................................................

Pepeling: Pepeling: Struktur teks laporan kegiatan kedadean saka: 1. Pambuka Bagean pambuka minangka perangan utawa bagean teks sing nerangake lelandhesan (latar belakang) lan tujuan dianakake kegiatan. Yen ana lelandhesan aturan sing dienggo, lelandhesan kasebut kudu ditulis. 2. Isi Bagean utawa perangan isi teks mujudake wosing teks. Kirtya Basa IX

127

3. 3. Panutup Bagean utawa perangan panutupe teks mujudake simpulan laporan. Ing bagean panutup bisa ditambahi panyaruwe utawa saran tumrap lumakune kegiatan, ing pangangkah kegiatan sing dianakake ing wektu candhake lumaku luwih apik.

Tugas 3: Nyemak Unsur Basane Teks Laporan Kegiatan Kaya teks-teks lumrahe, teks laporan kegiatan uga dumadi saka maneka warna jinis ukara. Tuladhane, kaya ta: ukara carita, ukara sambawa, ukata tanduk, ukara tanggap, ukara lamba, lan ukaran camboran. a. Ukara Carita Ing ngisor iki ana tuladha ukara kang kapethik saka teks Laporan Kegiatan Karya Wisata menyang Yogyakarta, semaken sing titi! 1) SMP Tunas Bhakti saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata. 2) Yogyakarta kondhang minangka jujugan wisata tumrap wisatawan dhomestik lan wisatawan manca negara. Tuladha ukara 1 lan ukara nomer 2 ing dhuwur yen dideleng saka isine cetha banget manawa nerangake, nggambarake, nyritakake sawenehe bab. Ukara nomer 1 nyritakake yen SMP Tunas Bhakti ajeg nganakake rekreasi utawa karya wisata, dene ukara nomer 2 nyritakake kahanan kutha Yogyakarta sing dadi jujugane para wisatawan. Gladhen: Golekana tuladhane ukara carita ing teks Laporan Kegiatan Karya Wisata menyang Yogyakarta! 1) ................................................................................................... 2) ................................................................................................... 3) ................................................................................................... 4) ................................................................................................... 5) ................................................................................................... b. Ukara Lamba Ukara lamba yaiku ukara sing kedadean saka sagatra (klausa). Ukarane mung dumadi saka jejer lan wasesa sarta bisa ditambah lesan lan katrangan.

128

Kirtya Basa IX

Tuladha: Para siswa kelas 9 nulis laporan kegiatan. Para siswa kelas 9 = jejer Nulis = wasesa Laporan kegiatan = lesan c. Ukara Camboran Ukara camboran kaperang dadi 2, yaiku ukara camboran sajajar lan ukara camboran susun. 1) Ukara camboran sajajar Ukara camboran sajajar yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra utawa luwih. Gatra-gatra kasebut digabung utawa digandheng dadi siji nganggo tembung panggandheng. Gatra kang ana ing ukara camboran sajajar wujud gatra inti kabeh. Tembung panggandheng, tuladhane lan, karo, nanging, dene, lan sapanunggalane. Tuladha: (1) Bani mangan bakso lan Doni mangan soto. (2) Sumantri awake kuru, nanging gunawan awake lemu. 2. Ukara camboran susun kang dumadi saka rong gatra utawa luwih. Ukara camboran susun yaiku ukara kang kedadean saka rong gatra utawa luwih. Salah sijine gatra minangka gatra inti uga diarani ukara baku (induk kalimat), gatra sijine minangka gatra pang (cabang) kang uga diarani ukara tambahan (anak kalimat). Tuladha: 1) Rina ora melu dolan menyang omahe Gina// jalaran lara. Rina ora melu dolan menyang omahe Gina, sing diarani gatra inti. Jalaran lara, sing diarani klausa pang. 2) Nalika mulih sekolah // Dwiki mampir toko buku. Nalika mulih sekolah sing diarani klausa pang. Dwiki mampir toko buku, sing diarani klausa inti. Gladhen: 1. Gawea tuladha ukara lamba 5, kanthi tema pariwisata! 2. Gawea tuladha ukara camboran sajajar 5, kanthi tema pariwisata! 3. Gawea tuladha ukara camboran susun 5, kanthi tema pariwisata! Kirtya Basa IX

129

ng:

Tugas 4: Paugeran Nulis Teks Laporan Kegiatan Ing pasinaon iki bakal diandharake bab paugeran nulis teks laporan kegiatan. Ana bab-bab sing kudu digatekake sajroning nulis laporan kegiatan, ing antarane, yaiku: (1) Nulis laporan kegiatan kudu migatekake struktur teks. (2) Nulis laporan kegiatan kudu runtut kareben gampang dimangerteni kanthi migunakake tata basa sing bener. Supaya runtut mula gunakna pitakonan kang nganggo unsur 5W lan 1H.

Pepeling: Unsur 5W lan 1H ing teks laporan kegiatan: 1. What, tegese apa. Tembung apa gunane kanggo nakokake barang. 2. Who, tegese sapa. Tembung sapa gunane kanggo nakokake wong. 3. Why, tegese geneya. Tembung geneya, kadhang uga dianggo tembung kena apa, nyangapa gunane kanggo nakokake alasan. 4. When, tegese kapan. Tembung kapan gunane kanggo nakokake wayah utawa wektu. 5. Where, tegese ing endi. Tembung ing endi gunane kanggo nakokake papan panggonan. 6. How, tegese kepriye. Tembung kepriye gunane kanggo nakokake cara.

Gladhen: Golekana unsur 5 W lan 1H ing teks Laporan Kegiatan Karya Wisata menyang Yogyakarta! Andharanmu lebokna ana tabel ngisor iki: No. 1.

What

2.

Who

................................................................... ................................................................... ....................................................................

3.

When

................................................................... ................................................................... ....................................................................

130

Unsur Teks

Dheskripsi Ukarane ................................................................... ................................................................... ....................................................................

Kirtya Basa IX

4.

Where

................................................................... ................................................................... ....................................................................

5.

Why

................................................................... ................................................................... ....................................................................

6.

How

................................................................... ................................................................... ....................................................................

Kegiatan 2: Nulis Teks Laporan Kegiatan Sajroning Klompok Ing pasinaon iki para siswa bakal sinau bebarengan sajroning klompok. Coba tindakna pituduh ngisor iki: (1) Nglumpuka manut klompok sing wis ana, saben klompok anggotane 45 siswa. (2) Wacanen teks laporan kegiatan sing sumadiya. (3) Gatekna struktur teks lan unsur basa sing ana ing teks. LAPORAN KEGIATAN STUDI WISATA MENYANG WISATA BAHARI LAMONGAN 1. Pambuka 1.1 Lelandhesane Pamedharan Miturut pasetujon antarane wali murid lan pehak sekolah, siswa SMP Nusa Indah sawise ngancik kelas 9 rekreasi, mula SMP Nusa Indah saben taun ajeg nganakake karya wisata. Karya wisata mung mligi kanggo para siswa kelas 9. Miturut dhawuhe Bapak Kepala Sekolah karya wisata kuwi gedhe banget mupangate kanggo para siswa. Para siswa ora mung sinau babagan teori wae. Kanggo nambahi kawruh tumrap bab-bab sing wis disinaoni, para siswa dijak sinau tuladha sanyatane. Pasinaon ing sanjabaning kelas cocog banget yen dikemas ing kegiatan karya wisata utawa studi wisata. Bab kasebut cocog kanggo mbuktekake apa-apa sing wis tau disinaoni dening para siswa. Kirtya Basa IX

131

Lelandhesan bab kasebut sekolah ngajak marang para siswa studi wisata menyang WBL (Wisata Bahari Lamongan) 1.2 Tujuan Kegiatan karya wisata menyang WBL nduweni tujuan supaya para siswa: a. Ngembangake wawasan babagan pariwisata ing Jawa Timur, mligine ing Kabupaten Lamongan. b. Ngidhentifikasi obyek wisata ing sakiwa tengene WBL. c. Ngidhentifikasi wisata alam sing ana gegayutane karo kedadean alam. 2. Inti 2.1 Jeneng Kegiatan Kegiatan taunan iki diwenehi jeneng Wisata Bahari Lamongan 2.2 Wektu Kegiatan Kegiatan karya wisata dianakake: Dina lan tanggal : Minggu, Papan tujuwan : Wisata Bahari Lamongan lan Guwa Maharani. Peserta : siswa cacah 64, pembina 8 2.3 Klompok Kabeh kedadean saka 16 klompok, anggota saben klompok bocah 4, dene klompok sing nyusun laporan iki, yaiku: 1) Siti Maesaroh 2) Tantri Kumala 3) Dyah Sawitri 4) Kanthi Rahayu 2.4 Dheskripsi Ringkes Jawa Timur duwe potensi wisata kang perlu dikembangake. Obyek wisata sing dadi jujugan wisatawan dhomestik ing antarane yaiku Wisata Bahari Lamongan. 1) Wisata Bahari Lamongan ( WBL) Wisata Bahari Lamongan (WBL) sering diarani Jatim Park 2. WBL narik kawigaten para pengunjung, jalaran ing WBL akeh banget arena dolanan (bermain). Manggon ing jalur pantura antarane Surabaya-Tuban, mula gampang banget yen arep tumuju menyang WBL. Sadurunge ana WBL obyek wisata kono luwih dikenal jeneng pantai Tanjung Kodhok. WBL minangka pengembangan obyek wisata Pantai Tanjung Kodhok. 132

Kirtya Basa IX

2) Guwa Maharani Guwa Maharani manggone ing sacedhake WBL, klebu obyek wisata kang misuwur ing kabupaten Lamongan. Guwa Maharani nduweni kaendahan kang unik manawa kabandhingake karo guwa liyane. Guwa Maharani nduweni stalagtit lan stalagmit sing mancarake cahya werna-werna. Stalagtit lan stalagmit ing guwa Maharani manut sing jaga guwa isih terus tuwuh dadi tambah gedhe. Kabeh mau klebu proses alamiah minangka paringane Gusti Allah. 3. Panutup Kegiatan karya wisata wis kaleksanan kanthi becik. Sawise melu karya wisata akeh bab sing bisa disinaoni kanthi langsung. Kita para siswa nduweni wawasan kang tambah jembar, ora mung weruh liwat televisi utawa liwat internet wae, nanging weruh dhewe langsung ing papan kang sabenere. Pungkasane tulisan iki panulis nduweni pangajab ing saben taun sekolah tetep nganakake kegiatan karya wisata lan asile bisa luwih apik. Bausastra ajeg mligi kawruh mupangate babagan lelandhesan misuwur

: mesthi, rutin : khusus : ilmu, pengetauan : guna, paedah : bab : dhasar : kondhang

Tugas 1: Ngrumusake Tujuan Laporan Kegiatan Ing kegiatan piwulangan iki para siswa bakal dijak nyinoani tata carane ngrumusake tujuan laporan kegiatan. Coba setitekna tuladha tujuan laporan kegiatan ngisor iki. Kegiatan karya wisata menyang WBL nduweni tujuan supaya para siswa: a. Ngembangake wawasan babagan pariwisata ing Jawa Timur, mligine ing Kabupaten Lamongan. b. Ngidhentifikasi obyek wisata ing sakiwa tengene WBL. c. Ngidhentifikasi wisata alam sing ana gegayutane karo kedadean alam.

Kirtya Basa IX

133

Setitekna struktur ukara ngisor iki: Para siswa/ ngidhentifikasi/ obyek wisata/ ing sakiwa tengene WBL. Ukara kasebut yen diudhal: para siswa = ngidhentifikasi = obyek wisata = ing sakiwa tengene WBL =

jejer wasesa lesan katrangan panggonan

Kanggo ngrumusake tujuan laporan kegiatan kudu migatekake struktur ukara lamba. Rumusan tujuan laporan kegiatan saora-orane kedadean saka jejer lan wasesa sarta bisa ditambahi lesan lan katrangan. Gladhen: Gawea rumusan tujuan laporan kegiatan kanthi tema pariwisata! No 1. 2. 3. 4. 5.

Ukara ............................................................................................... ............................................................................................... ............................................................................................... ............................................................................................... .............................................................................................. ............................................................................................... ............................................................................................... ............................................................................................... .............................................................................................. ...............................................................................................

Tugas 2: Nulis Cengkorongan Teks Laporan Kegiatan Laporan kegiatan sing apik yaiku laporan kang isine ngandharake utawa nyritakake kanthi cetha, gamblang, lan gampang dingerteni dening sapa wae kang maca. Kanggo nulis laporan kegiatan sing apik kudu gawe cengkorongan luwih dhisik. Cengkorongan teks laporan kegiatan kaya ing ngisor iki: Irah-irahan .............................................................. 1. Pambuka 1.1 Lelandhesan Kegiatan ................................................................................................... ................................................................................................... 134

Kirtya Basa IX

1.2 Tujuan ................................................................................................... ................................................................................................... 2. Isi 2.1 Jeneng Kegiatan .......................................................................................... 2.2 Wektu Kegiatan ............................................................................................. 2.3 Dheskripsi Kegiatan ............................................................................................. ............................................................................................. 3. Panutup ......................................................................................... ......................................................................................... Gladhen: Gawea cengkorongane teks laporan kegiatan kang gegayutan karo kegiatan pariwisata apa kegiatan apa wae kang arek koktindakake! Tugas 3 : Nulis Teks Laporan Kegiatan Teks laporan kegiatan Laporan Kegiatan Studi Wisata menyang Wisata Bahari Lamongan wacanen maneh lan jingglengana bebarengan karo kancamu saklompok. Idhentifikasinen bagean-bagean teks. Sabanjure saben klompok nyobaa ngembangake cengkorongan kanthi lelandhesan tuladha teks sing ana. Cengkorongan sing wis kasusun banjur kembangna dadi teks laporan kegiatan. Tindakna kanthi tumemen, sing tliti, aja grusa-grusu kareben asile dadi apik. Gladhen: 1. Nglumpuka karo klompokmu. 2. Bebarengan kanca saklompok kembangna cengkorongan teks laporan kegiatan dadi teks laporan kegiatan kanthi becik. 3. Teks laporan kegiatan studi wisata menyang Wisata Bahari Lamongan tulisen maneh bebarengan kanca saklompok nganggo basamu dhewe. 4. Garapanmu tulisen sing runtut kanthi migatekake struktur ukara sing becik. 5. Aturna garapanmu marang Bapak/ Ibu Gurumu minangka tugas klompok!

Kirtya Basa IX

135

Kegiatan 3: Nulis Teks Laporan Kegiatan kanthi Mandhiri Ing pasinaon iki para siswa bakal ngetrapake nulis teks laporan kegiatan kanthi cara mandhiri. Tugas 1: Nulis Teks Laporan Kegiatan Nulis teks laporan kegiatan apa wae kejaba tugas klompok, uga mujudake tugas pribadi. Kanthi nulis teks laporan kegiatan kauntungake akeh banget, ing antarane (1) bocah-bocah nduweni cathetan kegiatan apa sing tau dilakoni, (2) bocah-bocah bisa nyritakake kanthi runtut kegiatan mau marang kancane, lan (3) ing liya wektu kanthi cathetan laporan kegiatan bisa dadi sumber kanggo nulis liyane, kaya ta: geguritan, tembang, cerkak, pawarta, lan sapanunggalane. a. Nyusun teks Laporan Kegiatan Nulis teks laporan kegiatan kudu katindakake adhedhasar asil sawise nindakake kegiatan. Ana bab-bab sing kudu digatekake sajrone nulis teks laporan kegiatan, yaiku: 1) Teks laporan kegiatan ditulis sawise nindakake kegiatan. 2) Gatekna struktur teks lan unsur basane, supaya sajroning nulis nduweni paugeran. 3) Olehe nulis ora kena nyimpang saka dhata sing wis direkam utawa ditulis nalika nindakake kegiatan. 4) Tulisen teks laporan kegiatan kanthi runtut miturut cengkorongan sing wis dirantam. Gladhen: Tulisen kanthi mandhiri teks laporan kegiatan lelandhesan pengalamanmu nalika nindakake kegiatan karya wisata utawa kegiatan liyane! Tugas 2: Maca Teks Laporan Kegiatan Maca nyaring utawa maca sero yaiku maca kanthi swara lan migatekake pelafalan, andhegan, lan intonasine. Tata cara utawa teknik maca nyaring teks laporan kegiatan kudu nggatekake: 1) Lafal 2) Andhegan/ jeda 3) Intonasi Gladhen: Teks laporan kegiatan sing kotulis wacanen ing sangarepe kanca-kancamu kanthi migatekake lafal, andhegan/jeda lan intonasine! 136

Kirtya Basa IX

Tugas 3: Nyalin Teks Laporan Kegiatan nganggo Aksara Jawa 1) Cuplikan teks laporan kegiatan kang nganggo aksara Jawa ngisor iki owahana dadi aksara Latin! ?k][tonz[yogk/tafini=z]t\yaikuppnPuvJe/[rp zuwslnPustK=[gomemeti]kbufynJw.ai=li=ku=znK][to nbisfiweruhaikep]i[yttcraftJwdtinFkH[k. 2) Cuplikan teks laporan kegiatan ngisor iki salinen nganggo aksara Jawa! Miturut dhawuhe Bapak Kepala Sekolah karya wisata kuwi gedhe banget mupangate kanggo para siswa. Para siswa ora mung sinau babagan teori wae. Kanggo nambahi kawruh tumrap bab-bab sing wis disinaoni, para siswa dijak sinau tuladha sanyatane.

s[j]oni= pete= an pepd=

Kirtya Basa IX

137

UJI KOMPETENSI WULANGAN 5

A. Pilihen wangsulan sing paling bener! 1. Laporan kegiatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiatan wis dileksanakake. Kajaba kuwi laporan kegiatan katulis kanggo .... a. dokumen pribadi para siswa b. dokumen kanggo sekolah c. pertanggungjawaban d. latihan nulis laporan 2. Struktur teks laporan kegiatan sing runtut yaiku .... a. pambuka, panutup, isi b. pambuka lan isi c. pambuka, isi, panutup d. isi, pambuka, panutup 3. Gatekna ukara iki: 1) Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 12 nganti 13 April 2015. 2) Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester ganjil. 3) Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar. 4) Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalan sejarah. Ukara sing trep kanggo bageyan pambuka ing laporan kegiatan yaiku ing ukara nomer .... a. 1,2 b. 3,4 c. 1,3 d. 2,4 4. Paugeran panulise teks laporan kegiatan ing antarane yaiku .... a. runtut manut strukture b. tulisane kudu bener c. nganggo basa sing endah d. dilampiri data lan foto

138

Kirtya Basa IX

5. Ukara sing nyritakake kahanan sawenehing bab marang wong liya diarani .... a. ukara lamba b. ukara camboran c. ukara carita d. ukara pakon 6. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane ukara lamba yaiku .... a. Budi tuku kaos, dene ali tuku tas. b. Para siswa ngrungokake pengumuman saka gurune. c. Lamongan hawane panas, nanging malang adhem. d. Rani ora melu piknik jalaran lara. 7. Ukara kang cocog kanggo bageyan panutup ing teks laporan kegiatan yaiku .... a. Borobudur manggon ing wewengkon kabupaten Magelang. b. Bocah-bocah sing melu studi wisata cacahe 135. c. Karya wisata wis kaleksanan kanthi lancar. d. Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 2 Maret 2015. 8. Sing kalebu tuladhane ukara camboran yaiku .... a. Sumarno budhal menyang daleme simbah. b. Amarga bukune keri dina nangis. c. Aku mampir toko buku gramedia. d. Murid-murid padha nglumpuk ing lapangan. 9. ?numPkP]au laya/., panulise aksara latin sing bener yaiku .... a. numpaka prau layar b. tumapak prau layar c. numpak prahu layar d. numpak prau layar

Kirtya Basa IX

139

10. pesisir Parangtritis, panulise aksara Jawa sing bener yaiku .... a. ?[psisirprpr=t]itis\, b. ?pesisi/pr=tritis\, c. ?pesisi/%r=t]itis\, d. ?pasisi]pr=t]itis\, B.Wangsulana sing patitis! 1. Nulisa rumusan tujuan ing teks laporan kegiatan 2 bae. 2. Gawea ukara carita 2 kanthi tema pariwisata! 3. Terangna kanthi cetha bedane ukara lamba lan ukara camboran, lan wenehana tuladhane! 4. Gawea cengkorongan panulise laporan kegiatan lelandhesan pengalaman anggomu karya wisata bebarengan kanca-kancamu! 5. Nulisa bagean pambuka teks laporan kegiatan kanthi tema pariwisata!

140

Kirtya Basa IX

LATIHAN ULANGAN SEMESTER GENAP I. Pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis, kanthi milih siji wangsulan kang paling bener! Ing omahe mbah kuntha kang wis bolong kabeh gedhege lan uga bocor gendhenge akeh bocah cilik sing padha cemruwit. Esuk iku bocah - bocah siap arep budhal ngamen. Eko lan Rudi : hahahaha ha ha Mbah Kuntha: Heh, iki apa tha? Kok padha rame wae awet mau takrungokake? Eko : Iki lho mbah! Ngguyu Ridho sing jarene pengin sekolah supaya bisa dadi dhokter. Apa ora guyu mbah? Hahaha. 22.Pethikan teks drama ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu peranganane.... a. Eksposisi b. Klimaks c. komplikasi d. ending Ing waktu awan kuwi sing wis panas Eko, Ridho lan kancakancane sing isih ngamen ing prapatan lampu merah padha drodosan kringete gulune krasa garing, mula iku arep tuku es kanggo nelesi gulune. Nanging ara adoh saka karo ana bocah kang pinggir dalan lan katone lagi bingung. 23.Paragraf ing ndhuwur miturut struktur teks kalebu perangane.... a. Eksposisi b. Klimaks c. komplikasi d. ending Mbah Kuntha: (Mbah Kuntha kang wis biasa ora tau dibasani karo bocah-bocah sing ana omahe, kejaba Ridho sing kulina basa karo wong sing luwih tuwa. Mbah Kuntha uga mung bisa mesem)

Kirtya Basa IX

141

Ridho

: Mboten mas! Inggih kula tetep dodolan koran ugi saderengipun bidhal menyang sekolah. Mengke wangsul sekolah kula tumut mas-mas ngamen. Supados saged bayar sekolah lan nyetor arta dhateng mbah Kuntha damel nedha.

24.Pethikan teks drama rupa dhialoge Ridho ing dhuwur migunakake basa.... a. ngoko lugu b. krama lugu c. ngoko alus d. krama alus 4. Pethikan teks drama rupa dialoge Mbah Kuntha ing dhuwur migunakake basa.... a. ngoko lugu b. krama lugu c. ngoko alus d. krama alus 5. Perangan ing teks drama njlentrehake ngenani .... a. latar b. tema c. plot d. alur

lumrahe

wujud

teks

gancaran

6. Obah mosike praen nalika maragake teks drama diarani . a. interpretasi b. ekspresi c. olah tubuh d. olah vocal 7. Sing kudu dilakoni nalika nulis teks drama sawise nemtokake tema.. a. golek inspirasi b. nemtokake plot c. nemtokake tokoh d. nulis teks drama

142

Kirtya Basa IX

8. Struktur teks drama sing ngrakit perkara/masalah rakitan crita drama wiwit awal nganti akhir diarani .... a. tema b. tokoh c. plot d. amanat 9. Teks sing ngandharake, nerangake, nggambarake sifat lan perilaku tokoh sing kudu diparagakake, latar/setting nalika kedadean lumaku ing teks drama wujude . a. gancaran b. dialog c. puisi d. geguritan 10. Sing dadi paraga utama kang nduweni watak lan perilaku apik diarani .... a. antagaonis b. figuran c. pembantu d. narator 11. Naskah sing dadi pedhoman ana ing pementasan drama diarani .... a. naskah drama b. skenario drama c. unsure drama d. teks drama 12. Struktur teks drama sing rupa nilai budi pekerti sing bisa dijupuk saka isine drama diarani .... a. Tema b. Tokoh c. alur d. amanat ?ri[do z[mn Hi= p]ptTn p]bn\,, yen ditulis latin sing

13.

bener. a. b. c. d. 14.

Rido ngamen ing prapatan Praban. Ridho ngamen ing prapatan Praban. Rida ngamen ing prapatan Praban Ridha ngamen ing prapatan Praban.

Skenario drama kudu digunakake kanggo pedhoman. Ukara mau yen ditulis nganggo aksara Jawa sing paling bener yaiku .

Kirtya Basa IX

143

a. ?[sKnri[ao d]m kudu figunkK[k k=[go pe[do

mn\, b. ?[sKnri[ao d]m kufu figunkK[k k=[go pe[do

mn\, c. ?se[knri[aod]mkufufigunkK[kk=[go pe[do

mn\, d. ?se[knri[aod]mkudu figunkK[k k=[gope[do

mn\,

15.

Laporan kegiatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiatan wis dileksanakake. Kajaba kuwi laporan kegiatan katulis kanggo .... a. dhokumen pribadi para siswa b. dhokumen kanggo sekolah c. pertanggungjawaban d. latihan nulis laporan

16. Struktur teks laporan kegiatan sing runtut yaiku .... a. pambuka, panutup, isi b. pambuka lan isi c. pambuka, isi, panutup d. isi, pambuka, panutup 17. 1)

Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 12 nganti 13 April 2015. 2) Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester ganjil. 3) Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar. 4) Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalan sejarah. Ukara sing trep kanggo bagean pambuka ing laporan kegiatan yaiku ing ukara nomer ....

144

Kirtya Basa IX

a. 1,2 b. 3,4 c. 1,3 d. 2,4 18. Paugeran panulise teks laporan kegiatan ing antarane yaiku .... a. runtut manut strukture b. tulisane kudu bener c. nganggo basa sing endah d. dilampiri dhata lan foto 19. Ukara sing nyritakake kahanan sawenehing bab marang wong liya diarani .... a. ukara lamba b. ukara camboran c. ukara carita d. ukara pakon 20. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane ukara lamba yaiku .... a. Budi tuku kaos, dene Ali tuku tas. b. Para siswa ngrungokake pengumuman saka gurune. c. Lamongan hawane panas, nanging Malang adhem. d. Rani ora melu piknik jalaran lara. 21. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane ukara camboran yaiku . a. Rani ora melu piknik menyang WBL. b. Rini karo Rina sida piknik menyang WBL. c. Rini tuku iwak asin kanggo oleh oleh. d. Rina ora tuku apa apa kanggo oleh oleh. 22. Ukara kang cocog kanggo bagean panutup ing teks laporan kegiatan yaiku .... a. Borobudur manggon ing wewengkon kabupaten Magelang. b. Bocah-bocah sing melu studi wisata cacahe 135. c. Karya wisata wis kaleksanan kanthi lancar. d. kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 2 Maret 2015.

23. Sing kalebu tuladhane ukara camboran yaiku .... a. Sumarno budhal menyang daleme simbah. Kirtya Basa IX

145

b. Amarga bukune keri Dina nangis. c. Aku mampir toko buku Gramedia. d. Murid-murid padha nglumpuk ing lapangan. 24.

?numPkP]au laya/., panulise aksara Latin sing bener yaiku. a. numpaka prau layar b. tumapak prau layar c. numpak prahu layar d. numpak prau layar

25.pesisir Parangtritis, panulise aksara Jawa sing bener yaiku ....

a. ?[psisirPrPr=t]itis\, b. ?pesisi/pr=tritis\, c. ?pesisi/%r=t]itis\, d. ?pasisi]pr=t]itis\, II. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi patitis! 1. Jelasna apa sing kudu dilatih kanggo pawongan sing bakal main drama! 2. Jelasna apa bae sing bisa dijlentrehake ing teks wujud gancaran, ing teks drama! 3. Sebutna lan jlentrehna perangane plot ing teks drama! 4. Jingglengana teks drama Rudi lan PS3 sebutna tokoh tokohe! Terangna watake! 5. Nilai moral apa sing bisa kojupuk saka teks drama Rudi lan PS3 apa isih relevan ing jaman saiki? Jelasna! 6. Nulisa rumusan tujuan ing teks laporan kegiatan 2 bae. 7. Gawea ukara carita 2 kanthi tema pariwisata!

146

Kirtya Basa IX

8. Terangna kanthi cetha bedane ukara lamba lan ukara camboran, lan wenehana tuladhane! 9. Gawea cengkorongan panulise laporan kegiatan lelandhesan pengalaman anggomu karya wisata bebarengan kanca-kancamu! 10. Nulisa bagean pambuka teks laporan kegiatan kanthi tema pariwisata!

Kirtya Basa IX

147

DAFTAR PUSTAKA Abikusna, 1996. Widya Basa. Surabaya: Ekspres Atmodjo, S. Prawira, 1996. Bausastra Jawa. Surabaya: Yayasan Djojo Bojo. Basuki, Widodo. 2004. Medhitasi Alang-Alang KumpulanGeguritan. Sidoarjo: Sanggar Zuhra Gupita Jatirahayu, Warih dan Margono Notopertomo. Pakartitama:Wayang Sebagai Sumber Pendidikan Budi Pekerti. Klaten: CV Sahabat. Tim. 1948. Karti Basa. Jakarta: Kementerian Pengadjaran Pendidikan dan Keboedajaan. Kementrian Pendidikan Nasional. 2011. Pedoman Umum Ejaan Bahasa Jawa Huruf Latin yang Disempurnakan. Yogyakarta: Balai Bahasa Mangunsuwito, S.A. 2002.Kamus Bahasa Jawa, Jawa-Indonesia. Bandung: CV. YramaWidya. Mardimin, Yohanes. 1987. Sekitar Tembang Macapat. Sala: Satya Watjana. Ngafenan, Mohammad. 1995. Paribasan, Bebasan, lan Saloka. Solo: CV Aneka. Nurgiyantoro, Burhan. 2000. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Padmosoekotjo, S, 1982. Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa. Surabaya: PT. Citra Jaya Murti. ______ 1953. Ngerengan Kasusastra DJawa. Jogjakarta: Hien Hoo Sing. Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra DJawa. Batavia:J.B. Wolter Prawirodihardjo, S. 1980. Burat Sari. Surabaya: CV Citra Jaya. PT. Pancaran Semangat Jaya. 1997. Kalawarti Minggon Basa Jawa Panjebar Semangat. Surabaya: PT. Percetakan Panyebar Semangat. Saryono, Djoko. 2011. Sosok Budaya Jawa:Rekonstruksi Normatif Idealistis. Malang: Aditya Media Publishing. Sasangka Sry Tjatur Wisnu. 2011. Bunyi-bunyi Distingtif Bahasa Jawa.Yogyakarta: Elmatera Publishing. ______ 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta :Yayasan Paramadina. ______ 2010. Unggah-Ungguh Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua. Sawali. 2005. Bahasa dan Sastra Indonesia untuk SMP/MTs Kelas VIII. Yogyakarta: PT Citra Parama Aji. Sudaryanto (ed). 1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Duta Wacana University Press. Sudaryanto & Pranowo (ed.). 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: badan Pekerja Kongres Bahasa Jawa. Sulchan. 1991. Serial Protokoler Contoh Praktis Pembawa Acara dan Pidato. Surabaya: Mekar. Suwardi. 1983. Warisan Geguritan Macapat. Jakarta: PN. Balai Pustaka. Warsito, S. Mardi. 1978. Kamus Jawa Kuna (Kawi) Indonesia. Ende Flores: Nusa Indah. 148

Kirtya Basa IX