Saben nulis cerita pengalaman kudu ono purwakane inti cerita lan

Academia.edu no longer supports Internet Explorer.

To browse Academia.edu and the wider internet faster and more securely, please take a few seconds to upgrade your browser.

No Text Content!

Bahasa Jawa |ibuguruupik 1 Bahasa Jawa |ibuguruupik 2 1. GEGURITAN Disajikan teks geguritan bertema budi pekerti, siswa dapat mengartikan kata-kata sulit dalam teks geguritan Geguritan berasal dari Tengah, dengan kata dasar gurit, yang berarti “tatahan” atau dalam bahasa Indonesia “coretan”, geguritan merupakan bentuk puisi yang berkembang di kalangan penutur bahasa Jawa dan Bali. Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tema Pendidikan Guruku Oborku Kadya ron garing Kumleyang kabur kanginan Ing jagat peteng lelimengan. Krasa luwih abot Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep Mlakuku ora mantep. Kagubet ribet lan ruwet Adoh saka cahyamu Pedhut ing sakindering pandulu Panjenengan. Guruku, sihku, oborku Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati. Sekolahanku Sekolahanku… Panggonan anggonku golek ilmu Sekolahanku… Diwulang dening Bapak-ibu Guru Sekolahanku… Sinau, maca buku Ing Panggonan iki Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti Ing panggonan iki Aku diajari marang kanca aja srei Diparingi PR kanggo gladhen Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan Aku percaya… Sanajan abot kudu dilakoni Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi kareben ngesuk dadi wong kang aji miguna tumprap bangsa lan nagari Sumber https://kumparan.com/berita-terkini/3-contoh-geguritan-bahasa-jawa-tema-pendidikan-dalam-sastra-jawa1xTIdco6t1T 2. AKSARA JAWA Disajikan kalimat berhuruf jawa dengan menggunakan sandhangan swara, siswa dapat mengganti ke dalam huruf latin dengan benar Bahasa Jawa |ibuguruupik 3 3. CERITA RAKYAT Disajikan penggalan cerita rakyat, siswa dapat menjelaskan pokok isi penggalan cerita tersebut Contoh penggalan cerita rakyat “Keong Mas” Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan. Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Isi pokok pengggalan = Isi cerita Sumber https://duniapendidikan.co.id/cerita-rakyat-jawa-tengah/ 4. TEMBANG GAMBUH Disajikan gatra (larik) tembang gambuh, siswa dapat menyebutkan guru wilangan dan guru lagu gatra tersebut Paugeran tembang macapat gambuh ada tiga yaitu paugeran guru gatra, guru lagu dan guru wilangan. a. Gatra Tembang Gambuh Tembang macapat gambuh memiliki 5 guru gatra atau baris. Dengan demikian, setiap bait dari tembung gambuh terdiri atas lima baris lirik yang saling berhubungan. b. Guru Lagu Tembang Gambuh Setiap tembang macapat selalu memiliki guru lagu yang berbeda satu sama lain. Guru lagu gambuh yaitu u, u, i, u, o. Artinya pada akhir lirik gambuh (lagu gambuh) setiap barisnya (gatra) diakhiri oleh huruf vokal yang ada lima tersebut. c. Guru Wilangan Tembang Gambuh Paugeran tembang macapat gambuh selanjutnya yaitu guru wilangan. Guru wilangan adalah gatra atau baris dalam bait tembang yang memiliki jumlah suku kata tertentu. Guru wilangan tembung gambuh yaitu 7, 10, 12, 8, 8. Dengan demikian, gatra pertama jumlah suku katanya 7, kedua 10, ketiga 12, keempat 8, kelima 8. Contoh: Sekar gambuh ping catur Kang cinatur polah kang kalantur Tanpa tutur katula-tula katali Kadaluwarsa kapatu Kapatuh pan dadi awon Guru Wilangan lan Guru Lagu = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o Artinya: Ini sekar gambuh keempat Berbicara mengenai tingkah laku melewati batas. Jjika tanpa nasehat maka semakin tak terkendali. Akhirnya terlanjur menjadi kebiasaan. Kebiasaan yang mengakibatkan keburukan. Sumber: https://lenteramata.com/tembang-gambuh/ Bahasa Jawa |ibuguruupik 4 5. BAGIAN-BAGIAN (PERANGANE) PIDATO Disajikan penggalan teks pidato, siswa dapat menyebutkan bagian-bagian (perangane) pidato Susunan Sesorah / Perangane Sesorah Salam Pambuka (Salam Pembuka) Salam pambuka berisi kalimat sapaan untuk mengawali pidato. Salam pambuka duweni isi ngucapake salam marang para tamu kawiwitan. Kayata: Kula Nuwun Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh Purwaka Basa (Pembuka) Purwaka Basa utawa Pambuka (Pembuka) isine ngaturake salam marang para rawuh tamu minangka tandha sapa aruh lan pakormatan uga syukur marang gusti . Dalam pembuka, berisi rasa ucapan Terimakasih kepada para hadirin yang datang pada sebuah acara untuk menyampaikan penghormatan dan Syukur terhadap Tuhan Yang Maha Es. Kayata Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SD Negeri 1 Kaligondang Sembada ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten ing pawiyatan kita menika. Surasa Basa ( Isi Pidato ) Surasa Basa adalah inti dari Pidato yang menjelaskan tema yang akan dibahas atau disampaikan kepada para tamu atau hadirin. Dalam Bhasa jawa Surasa basa yaiku udharaning bab kang diwedherekake marang pamirsa Kayata Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg. Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika: 1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia 2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia 3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia Bahasa Jawa |ibuguruupik 5 Dudutan ( Kesimpulan ) Dudutan adalah kesimpulan dari pembahasan pidato yang disampaikan. Dalam bahasa Jawa Dudutan niku kesimpulan saking surasa basa kang di ringkes. Kayata Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Pangarep Ngarep (Harapan) Pangarep Ngarep adalah harapan yang disampaikan dalam pidato. Pangarep ngarep yaiku pengarepan kang disampekake kanggo pamirsa. Kayata: Kita minangka siswa nggadahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau. Minangka pemuda kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi pambangunanipun bangsa. Wasana Basa ( Penutup ) Wasana Basa atau Penutup adalah Kalimat yang disampaikan untuk menutup pidato yang berisi kalimat penutup dan permintaan maaf dan salam penutup. Panutup yaiku atur panuwun lan yuwun pangepunten yen gadah luput marang pemirsa. Kayata Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun agunging pangaksami. Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh Sumber https://www.sdn1kaligondang.sch.id/2021/07/membuat-sesorahan-atau-pidato-dalam.html 6. PIDATO Disajikan penggalan teks pidato, siswa dapat menyebutkan arti kata dicetak miring dalam teks pidato Contoh Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Arti kata jumeneng = …. Sumber https://www.sdn1kaligondang.sch.id/2021/07/membuat-sesorahan-atau-pidato-dalam.html Bahasa Jawa |ibuguruupik 6 7. CERITA “KARNA MADEG SENOPATI” Disajikan penggalan cerita "Karna Madeg Senopati", siswa dapat mengartikan kata-kata sulit dalam penggalan cerita Sumber: https://sumberbelajar.seamolec.org/Media/Dokumen/5d8d8b65a2f384366795ced3/af03d4743325c03767c232 24001be675.pdf Bahasa Jawa |ibuguruupik 7 8. TEKS DESKRIPTIF TENTANG PERISTIWA ALAM Disajikan penggalan teks deskriptif tentang peristiwa alam, siswa dapat menjelaskan isi dari teks deskriptif Contoh teks deskriptif tentang peristiwa alam: Mongso Rendeng Saiki sasine wes pebruari, saben dino di grujuk udan. Akeh panggon seng kebanjiran,amargo sakwetoro udane deres babar pisan. Saben kali banyune muntah nang sawah lan perkampunagn warga amargo kaline ono sampah seng numpuk. Sopo maneh yen dudu ulahne manungsone dewe,yen nibakno resek sak enake. Mongso rending iki kegolong seng meh sabendinio di udani malah gludug lan petir kegolong seng ganas. durung maneh angin seng banter iso di arani badai,seng nggarakno wit-witan icul soko panggonane mancep. Ayo rek iki cucane pancene ndak iso dadi konco, akeh bencana tanah longsor lan banjir mrono mrono panggon. seng podo ngati-ati njogo diri lan sanak kadang. Elingo banjir iku dudu soko udan wae, amargo soko sampah seng nang kali mau mbunteti iline banyu kali. Ojo lali rek ngguak sampah nang panggon seng bener. Sumber: https://brainly.co.id/tugas/2018249 9. AKSARA JAWA Disajikan kata berhuruf jawa, siswa dapat mengubah kata tersebut ke dalam huruf latin Bahasa Jawa |ibuguruupik 8 Sumber https://gurune.net/nulis-aksara-jawa/ 10. AKSARA JAWA Disajikan kalimat berhuruf jawa, siswa dapat mengubah kalimat tersebut ke dalam huruf latin (Sama dengan kisi-kisi nomor 11) Bahasa Jawa |ibuguruupik 9 CONTOH TEKS DESKRIPSI TENTANG PERISTIWA BUDAYA Sekaten Sekaten inggih menika upacara pengetan Maulid Nabi ingkang kaleksanan pitung dinten, awit surya kaping 5 wulan Mulud ngantos dumugi 12 Mulud. Prosesi ingkang sepisanan inggih menika mboyong 2 gamelan pusaka saking kraton dhateng Masjid Agung Solo. Kekalih gamelan kalawau nggadhahi asma piyambakpiyambak. Ingkang sepisan inggih menika gamelan Kyai Guntur Madu, ingkang dipunpanggenaken wonten sisih kidul Masjid Agung Solo. Dene ingkang satunggalipun, inggih menika gamelan Kyai Guntur Sari ingkang dipunpanggenaken wonten sisih ler. Gamelan menika dipuntabuh gantosan awit enjang ngantos dumugi tengah dalu. Para abdi dalem ingkang putri sami ndhahar kinang ingkang dipunwadhahi conthong. Jajanan khas Sekaten inggih menika cabuk rambak, wedang rondhe, ndhog asin, lan sekul liwet. Sasampunipun pengetan Sekaten kaleksanan pitung dinten, ing surya kaping 12 Mulud dipunwontenaken adicara Grebeg Mulud. Wonten mrika wonten upacara slametan lan arak-arakan gunungan saking kraton dumugi Masjid Agung. Gunungan menika karonce dening kacang-kacangan, woh-wohan, sayuran, lan sanessanesipun. Nalikanipun gunungan sampun dumugi Masjid Agung, gunungan menika dados rebutan sedaya masyarakat ingkang mirsani adicara menika. Pangajabipun mugi angsal berkah lan rejeki ingkang lancar. Adicara Sekatenan menika dipunpungkasi mangsulaken gamelan pusaka dhateng Kraton Sekaten iku upacara pengetan apa? Sumber: http://kumpulanceritaberbahasajawa.blogspot.com/2018/04/contoh-teks-deskriptif-peristiwa-budaya.html 11. TEKS DESKRIPSI TENTANG PERISTIWA BUDAYA Disajikan teks deskripsi tentang peristiwa budaya, siswa dapat menjawab pertanyaan bacaan tentang siapa, apa, dimana, kapan. 12. TEKS DESKRIPSI TENTANG PERISTIWA BUDAYA Disajikan teks deskripsi tentang peristiwa budaya, siswa dapat mengartikan kata-kata sulit yang terdapat dalam teks tersebut Tembung “mangsulaken” nduweni teges … 13. TEKS DESKRIPSI TENTANG PERISTIWA BUDAYA Disajikan teks deskripsi tentang peristiwa budaya, siswa dapat menentukan pernyataan yang sesuai dengan salah satu paragraf Pernyataan kang trep kanggo paragarf 2 yaitu: …. 14. TEKS DESKRIPSI TENTANG PERISTIWA BUDAYA Disajikan teks deskripsi tentang peristiwa budaya, siswa dapat menjelaskan pokok isi cerita Isi pokok paragraf 1 yaitu … . Bahasa Jawa |ibuguruupik 10 TEKS CERITA WAYANG "GATUT KACA GUGUR" GUGURE GATOTKACA Srengenge wis angslup. Lan manut aturan, perang kudu leren. Ning ora ngerti ngapa, Korawa nglanggar aturan lan ngutus Adipati Karna menyang perkemahan Pandawa. Adipati Karna nerobos lan ngrusak pasukan Pandawa. Sri Kresna banjur ngangkon Gatotkaca maju nglawan Adipati Karna. Gatotkaca gelem nglakokake printahe raja Dwarawati kuwi. Gatotkaca ngetokna kabeh ilmune. Dheweke mabur banjur mudhun nyamber mungsuhe. Sepisan nyamber, puluhan prajurit Hastina klenger tanpa daya. Adipati Karna dadi mindher ngadhepi Gatotkaca sing kebal saka landhepe senjata. Prabu Duryudana kawatir karo nasib pasukane nek Gatotkaca terus mengamuk. Duryudana ngongkon Adipati Karna supaya nggunakne senjata pamungkase, Kunta Wijayandanu. Karna nolak marga senjata andalane kuwi arep digunakne kanggo ngadhepi Arjuna. Duryudana meksa. Sidane Adipati Karna nggunakne Kunta Wijayandanu. Gatotkaca sing ngerti kaunggulane senjata kuwi, mabur sadhuwur-dhuwure. Senjata Kunta Wijayandanu sing dilesatke Adipati Karna ora tekan Gatotkaca sing mabur neng dhuwur angkasa. Ing angkasa, arwah Kalabendana, pak-like Gatotkaca muncul. Arwah Kalabendana nyamber Kunta Wijayandanu lan neruske lesate. Kunta Wijayandanu banjur nusuk pusere Gatotkaca, yaiku panggon warangka senjata Kunta Wijayandanu sing nyawiji karo awake Gatotkaca wektu bayi. Awake Gatotkaca ameh nibani keretane Adipati Karna. Adipati Karna sing ngerti tibane, banjur cepet-cepet mlompat ngadoh saka keretane. Kereta Adipati Karna hancur lebur. Semono uga kusir lan jaranjarane. Gugure Gatotkaca dadi kabar bungah kanggo kubu Korawa. Sawalike, kesedhihan nglimputi Pandawa. Werkudara ora kuat nyangga awake amarga ndeleng Gatotkaca gugur. Ibune, Dewi Arimbi uga ora kuwat nahan emosi. Dewi Arimbi nyemplungke awake ing mawa sing mengangah. Wis dadi tekade, yen anake mati ndhisiki, dheweke arep nglayu ngobong awak. Sumber: https://www.ambarisna.com/2020/11/cerita-wayang-gatotkaca-gugur.html 15. TEKS CERITA WAYANG "GATUT KACA GUGUR" Disajikan penggalan teks cerita wayang "Gatut Kaca Gugur", siswa dapat menjawab pertanyaan sesuai isi cerita 16. TEKS CERITA WAYANG "GATUT KACA GUGUR” Disajikan penggalan teks cerita wayang "Gatut Kaca Gugur", siswa dapat menentukan kalimat pertanyaan yang sesuai teks 17. TEKS CERITA WAYANG Disajikan petikan cerita wayang, siswa dapat menentukan arti kata yang terdapat dalam cerita Bahasa Jawa |ibuguruupik 11 TEKS CERITA TENTANG PENGALAMAN Dolan Bareng Keluarga Ing Wayah Preinan Nalika prei sekolah wingi, aku mung nonton TV neng umahku. Suwe-suwe aku krasa bosen. Untung tanggal 28 Desember 2019, esuk-esuk banget bulikku teka ing umahku ing Semarang. Bulik teka sekalian Aku diajak dolan menyang Pelabuhan. Aku mangkat kira-kira jam telu sore. Bareng-bareng aku dolanan ing pelabuhan rencanane nganti jam lima sore. Nalika mlaku-mlaku nonton kahanan lan eloke pemandangan laut, aku kesasar lan muter-muter. Aku bingung nggoleki sedulur-seludurku kabeh. Amarga kedadean kuwi, aku lan keluarga lagi tekan omah jam enem punjul, kira-kira jam 18.45 nalika langit wes malih dadi peteng. Tekan omah, aku lan sedulur-sedulurku langsung makan malam amarga weteng iku wes krasa ngelih banget. Dina esuke, bulikku arep kondur menyang Purbalingga. Aku diajak melu bali menyang Purbalingga. Cetho wae aku seneng banget, iso dolan kumpul karo sedulur-sedulurku ing Purbalingga. Ing Purbalingga, aku nginep ing daleme bulikku mung sedina sewengi. Dina sesuke, aku ganti dolan lan nginep ing dalemipun Simbah/Eyang. Aku tekan daleme Eyang wayah esuk kira-kira jam 06.10. Aku banjur dolan menyang Kolam Renang Mulyani bareng Om lan keluargaku. Tapi Om ora melu njegur nglangi ing kolam. Mung aku wae seng njegur renang lan dolanan banyu. Oya, aku renang kira-kira jam 2 awan nganti jam 3. Sawise renang, aku krasa ngelih banget, mula aku banjur tuku Ayam Krispi sing rasanya enak lan nikmat banget dimaem sawise renang. Sawise maem, aku ora lali nindakake solat asar. Aku nginep ing daleme Eyang kurang luwih patang dina (4 hari). Jane yo wes rada suwe, tapi kok rasane cepet banget gantine dina. Tandane preinan sekolahku wes meh entek. Aku kudu enggal-enggal balik Semarang amarga sekolahku wes arep mlebu. Aku kudu enggalenggal siap-siap kanggo sekolah, nggolek ilmu kanggo masa depanku supaya cita-citaku iso terwujud utawa tercapai. Aku mulih menyang Semarang numpak travel. Aku seneng banget amarga Eyang kersa ngancani aku balik ing Semarang. Sumber : https://www.rifanfajrin.com/2020/01/contoh-cerita-pengalaman-liburan.html 18. TEKS CERITA TENTANG PENGALAMAN Disajikan penggalan teks cerita tentang pengalaman, siswa dapat menjawab pertanyaan bacaan tentang apa/mengapa 19. TEKS CERITA TENTANG PENGALAMAN Disajikan penggalan teks cerita tentang pengalaman, siswa dapat mengartikan kata-kata sulit yang ada dalam teks tersebut Bahasa Jawa |ibuguruupik 12 TEMBANG KINANTHI Tembang Kinanthi – Tembang macapat merupakan salah satu lagu daerah yang sangat populer dan jenis tembang yang bisa dibilang cukup populer pada kalangan masyarakat Suku Jawa. Lagu atau tembang Jawa cukup populer karena setiap lirik tembang macapat mengandung arti dan makna yang luhur. Dalam sistem pembagian tembang, tembang kinanthi termasuk jenis tembang alit atau tembang dolanan. Paungeran atau ciri ciri tembang macapat kinanthi adalah 8u-8i-8a-8i-8a-8i. Kinanthi merupakan gambaran fase yang dilalui seseorang ketika menginjak usia remaja. Pada usia tersebut fase ini kerap kali disebut sebagai masa pencarian jati diri. Jika ditinjau dari segi bahasa, arti tembang macapat kinanthi berasal dari kata dikanthi-kanthi yang berarti dibimbing, diarahkan, dituntun atau didampingi. Dalam tembang kinanti, memasuki usia remaja manusia digambarkan sedang giat-giatnya meraih cita-cita sehingga perlu arahan dari orang tua yang lebih paham. Sejatinya seorang anak yang baru tumbuh dan berkembang, memang memerlukan nasehat dari orang dewasa. Contoh Kabeh gudu nuntut ilmu Kanggo pedomane urip Nang doyo lan neng akhirat Dene ilmu dipahami Mula akeh keuntungan Lan ketentreman urip Artinya: Semua harus menuntut ilmu. Sebagai pedoman hidup Didunia dan di akhirat Jikalau ilmu tersebut dipahami Pasti akan banyak manfaat, Dan ketentraman hidup. Sumber: https://lenteramata.com/tembang-kinanthi/ 20. TEMBANG KINANTHI Disajikan tembang Kinanthi, siswa dapat mengartikan kata sulit yang terdapat dalam tembang 21. TEMBANG KINANTHI Disajikan tembang Kinanthi, siswa dapat menyebutkan pengarang dari tembang tersebut Bahasa Jawa |ibuguruupik 13 Pidhato Perpisahan Kelas Assalamualaikum wr wb, Sugeng siyang, saha Salam sejahtera katur dhateng kita sedaya Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Pengurus Komite SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali Murid kelas VI ingkang kinurmatan Bapak/Ibu tamu undhangan ingkang kinurmatan Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah, Gusti Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten Aula SD Negeri Bawen 04 kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa. Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa. Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama, tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten. Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken gegayuhan ingkang luhur. Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan wonten ing SD Negeri Bawen 04, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran SD Negeri Bawen 04. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha Wasis. Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun. Wassalamualaikum wr wb. Sumber: https://www.rifanfajrin.com/2016/02/contoh-pidato-perpisahan-kelas-6-dengan.html 22. PIDATO Disajikan teks pidato tentang perpisahan kelas VI, siswa dapat menyimpulkan isi pidato 23. PIDATO Disajikan teks pidato tentang perpisahan kelas VI, siswa dapat menganalisis bagian pidato tersebut (Bagian-bagian pidato ada pada kisi-kisi nomor 5) Bahasa Jawa |ibuguruupik 14 24. AKSARA JAWA Disajikan kalimat berhuruf jawa, siswa dapat menuliskan ke dalam bentuk latin 25. AKSARA JAWA Disajikan kalimat berhuruf jawa, siswa dapat memilih bentuk penulisanyang tepat dalam aksara jawa CERITA "KARNA MADEG SENOPATI" (Cerita ada pada kisi-kisi nomor 7) 1. KARNA Karna merupakan titisan dari batara surya dengan ibu dewi kunti Nalibrata sebelum dewi kunthi diperistri oleh Pandu. Sehingga adipati karna masih saudara dengan pandawa yaitu satu ibu tetapi beda bapak. Karna berarti telinga karena memang adipati karna dilahirkan dari telinga dewi kunti. Karena waktu itu Kunti masih gadis, dan untuk menutup rasa malu maka anak yang dilahirkan kemudian dihanyutkan di sungai gangga dan ditemukan oleh kusir istana Astina bernama Adirata dan diangkat menjadi anaknya. Karna mempunyai kesaktian yang sangat luar biasa sehingga diangkat menjadi kerabat Astina pura, dan derajatnya diangkat menjadi ksatria. Suatu ketika Karna dapat mengalahkan Raja di Ngawangga kemudian menjadi Raja di Ngawangga dengan gelar Adipati Karna atau Adipati Basusena tetapi masih dibawah kerajaan Astina. Karna memiliki istri bernama Dewi surtikanti dan memiliki tiga orang putra yaitu raden warsasena, raden warsakusuma, dan dewi karnawati. 2. DURYUDANA Duryudana adalah putra sulung dari Prabu Drestarastra, yang merupakan raja negara Astina dengan permaisuri yang bernama Dewi Gandari, putri Prabu Gandara dari negara Gandaradesa (Plasajenar/Pedalangan Jawa). Duryudana memiliki watak jujur, mudah terpengaruh karena dungunya dan menyenangi segala sesuatu yang serba enak dan bergelimang kemewahan. Sebagai pimpinan/orang yang tertua dari keluarga Kurawa yang memiliki darah Kuru, Duryudana disebut juga dengan nama Kurupati. Ia juga dikenal dengan nama Detaputra, Gendarisuta (anak Dewi Gendari), Jakawitana serta Suyudana. Duryudana sangat pandai dalam bermain gada, dan memiliki kesaktian kebal dari berbagai macam senjata berkat dari daya kesaktian Minyak Tala yang membasuh seluruh tubuhnya. Ia gugur dalam perang Bhatarayuda saat melawan Bima. Tubuhnya hancur lebur terkena hantaman senjata Gada Rujakpal. Bahasa Jawa |ibuguruupik 15 3. WERKUDARA Ketika muda Werkudara bernama Bratasena, anak dari Prabu Pandu dan dewi Kunti. Werkudara adalah titisan dari Batara Bayu sehingga dia bisa berlari dengan membawa suara angin. Nama lainnya adalah Bima, Bratasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jayalaga. Werkudara satria dari Jodhipati atau Tunggul Pamenang, memiliki tiga istri yaitu dewi Nagagini, Dewi Arimbi, dan Dewi Urangayu. Dengan dewi Nagagini memiliki putra Antareja, dengan dewi Arimbi memiliki putra Gatutkaca, dengan dewi Urangajyu memiliki putra Antasena. Werkudara memiliki senjata bernama kuku pancanaka, Gada rujakpolo, dan lambitamuka. Ajian yang dimiliki adalah Bandung Bandawasa. Werkudara tidak bisa berbicara dalam bahasa jawa krama kepada siapapun kecuali dengan Dewa Ruci. Sehingga dengan siapapun berbicaranya jawa ngoko. Werkudara memiliki watak kesatria, gemar menolong, cinta kasih kepada sesama saudara, berbakti kepada orang tua saudara dan juga guru, serta selalu menepati janji. 4. GATOTKACA Gatotkaca adalah kesatria dari Pringgandani, putra dari werkudara dengan dewi Arimbi. Nama lain dari Gatotkaca diantaranya Bambang Tutuka, Kacanegara, Senaputra, Bimasuta, Arimbiyatmaja, Krincing wesi.Gatotkaca seorang kesatriya yang sakti luar biasa ibarat berurat kawat tulang besi, bisa terbang tanpa sayap dan tidur di awan. Istrinya bernama Pregiwa dan memiliki seorang putra bernama Sasi Kirana. Gatotkaca sangat trampil dalam berperang memiliki aji narantaka, kotang antrakusuma yang membuat dia bisa terbang. Selain itu dia juga memiliki caping basunanda yang berfungsi menghindarkan dari panas dan hujan, dan juga terumpah pada kacerma yang fungsinya terbebas dari kualat ketika melewati tempat keramat. Ketika lahir tali pusar gatotkaca tidak bisa putus dengan senjata apapun. Yang bisa digunakan untuk memotong tali pusar gatotkaca adalah senjata kuntawijayandanu namun senjata tersebut direbut oleh Karna akhirnya yang digunakan hanya kerangka atau warangka dan anehnya warangka masuk di pusar gatutkaca menyatu dalam tubuhnya. 5. KRESNA Waktu mudanya Prabu Kresna memiliki nama Narayana, yang merupakan putra dari Prabu Basudewa, raja negara Mandura dengan permaisuri Dewi Mahendra/Maekah (Jawa). Selain memiliki ilmu tinggi dan dapat tiwikrama, Prabu Kresna juga mempunyai beberapa pusaka sakti, diantaranya; Senjata Cakra, Kembang Wijayakusuma, Terompet/Sangkala Pancajahnya, Kaca paesan, Aji Pameling dan juga Aji Kawrastawan. Bahasa Jawa |ibuguruupik 16 6. ARJUNA Arjuna terkenal karena ketampanan yang dimilikinya. Merupakan putra dari prabu Pandudewanata dengan dewi Kunti. Nama lain dari Arjuna adalah Janaka, Permadi, Dananjaya, Indratanaya, Palguna, Jahnawi, Kumbang ali-ali, Suparta, Margana, dan Pamade. Arjuna satriya dari Madukara yang memiliki sifat suka menolong terhadap sesama. Senjata yang dimilikinya diantaranya keris pulanggeni, panah pasopati, panah sarotama, keris kalanadah. Selain itu Arjuna juga memiliki aji panglimunan yang berkhasiat dapat menghilang atau malayabumi yang bisa melihat alam jin. Dan juga memiliki aji sepi angin sehingga dapat berlari seperti angin. Sumber: https://www.idevina.com/2020/08/sifatkarakter-tokoh-ing-crita-wayang.html 26. CERITA "KARNA MADEG SENOPATI" Disajikan sebuah gambar dari tokoh wayang Pandhawa "Karna Madeg Senopati", siswa dapat menuliskan tiga kalimat yang menggambarkan isi cerita. 27. CERITA "KARNA MADEG SENOPATI" Disajikan sebuah gambar dari tokoh wayang Pandhawa "Karna Madeg Senopati", siswa dapat menjelaskan tiga watak tokoh yang dimaksud 28. TEKS PENGALAMAN YANG MENGESANKAN Disajikan teks pengalaman yang mengesankan, siswa dapat menuliskan tiga kalimat penjelasan tentang isi teks 29. TEKS PEMBUKA PIDATO KELAS VI Siswa dapat membuat teks bagian pembuka pidato perpisahan kelas VI (Teks pidato ada pada kisi-kisi nomor 22) 30. AKSARA JAWA Disajikan kalimat berhuruf jawa, siswa dapat menuliskan ke dalam huruf latin Bahasa Jawa |ibuguruupik 17 Tetap Semangat Belajar yaaa … PASTI BISA!!!